PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 113
  • Piyé Tingkah Lakuné Wong-Wong Saiki?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Tingkah Lakuné Wong-Wong Saiki?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kelakuané wong-wong saiki
  • Naséhat bèn isa dadi wong sing luwih apik
  • Apa Ana Tuntunan sing Isa Dipercaya?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Wong-Wong Ora Percaya Manèh karo Pemimpin Politik
    Topik Liyané
  • Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 113
Wong wédok ing bis ngekèki lungguhané kanggo lansia.

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Piyé Tingkah Lakuné Wong-Wong Saiki?

Saiki, kelakuané wong-wong padha ora nggenah. Misalé, pasièn sing nesu-nesu karo dokteré, pengunjung rèstoran sing sak pénaké dhéwé karo para pelayan, lan penumpang pesawat sing kasar karo pramugari. Bocah-bocah ya kurang ajar, misalé meréka ngancem, ngécé, lan malah nyerang guruné. Terus, ana pemimpin politik sing senengé nggawé masalah, tapi ya ana pemimpin politik sing berupaya bèn dhèwèké kétok apikan.

Ing Alkitab ana naséhat soal kudu piyé bèn isa dadi wong sing apikan. Terus ya ana keterangan kenapa wong-wong jaman saiki padha ora apikan.

Kelakuané wong-wong saiki

Akèh wong saiki tingkah lakuné ora nggenah, ora sopan, lan ora apikan.

  • Menurut survéi saka Gallup, wong-wong ing Amerika Serikat setuju nèk selama 22 taun iki sifat lan kelakuané wong-wong ing kono saya ora nggenah.

  • Terus, ana survéi liyané. Ana 32.000 wong saka 28 negara sing ditakoni, 65 persèné ngomong nèk kelakuané wong-wong saiki tambah ora nggenah.

Kelakuané wong-wong saiki wis diramalké ing Alkitab.

  • ”Kowé kudu ngerti nèk ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, . . . kejem, [lan] sengit karo apa sing apik.”—2 Timotius 3:1-3.

Keterangan luwih akèh soal ramalan iki dirembug ing artikel sing judhulé ”Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?”

Naséhat bèn isa dadi wong sing luwih apik

Meskipun saiki akèh wong sing kelakuané ora apik, tapi tetep ana wong-wong sing kelakuané apik merga meréka ngetrapké naséhat ing Alkitab. Soalé, naséhat ing Alkitab kuwi ”isa diendelké nganti saklawasé”. (Mazmur 111:8) Misalé:

  • Ayat: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”—Matius 7:12.

    Artiné: Nèk njenengan péngin wong liya apikan lan menghargai njenengan, njenengan ya kudu menghargai lan apikan sik karo wong liya.

  • Ayat: ”Saiki, sakwisé kowé nyingkirké kabèh sing ora bener, saben wong ing antaramu kudu ngomong jujur karo liyané.”—Éfésus 4:25.

    Artiné: Perbuatan lan omongané awaké dhéwé kudu jujur.

Nèk péngin ngerti keterangan liyané, wacanen:

  • Warta Penting sing judhulé ”Tuntunan kanggo Nentokké sing Bener lan sing Salah”.

  • Artikel sing judhulé ”Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim