PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 104
  • Wong-Wong Ora Percaya Manèh karo Pemimpin Politik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong-Wong Ora Percaya Manèh karo Pemimpin Politik
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Aja asal percaya
  • Pemimpin sing isa dipercaya
  • Sapa sing Isa Dipercaya?
    Topik Liyané
  • Pamréntahan sing Ora Bakal Korupsi
    Topik Liyané
  • Percaya karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 104
Pemimpin politik lagi pidato ing ngarepé wong akèh.

Mary_Ukraine/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Wong-Wong Ora Percaya Manèh karo Pemimpin Politik

Selama taun 2024, akèh negara bakal nganakké pemilihan umum. Tapi, akèh wong ora percaya karo pemimpin politik.

  • Menurut survéi, akèh wong Amerika sing ngomong nèk ”para pemimpin politik mung mikirké kepentingané dhéwé” daripada perduli karo masyarakat.a—Pusat Penelitian Pew, 19 September 2023.

Akèh cah enom ya ora percaya karo para pemimpin politik.

  • ”Cah-cah enom saiki sakjané péngin ngatasi akèh masalah. Tapi menurut survéi, meréka ora percaya nèk para pemimpin politik sanggup ngatasi kabèh masalah.”—The New York Times, 29 Januari 2024.

  • ”Menurut survéi, cah-cah enom luwih percaya karo YouTuber daripada karo para pemimpin politik.”—The Korea Times, 22 Januari 2024.

Apa ana pemimpin sing isa nggawé keadaané luwih apik? Sapa sing isa dipercaya?

Aja asal percaya

Awaké dhéwé mesthi ora asal-asalan percaya karo wong liya. Soalé menurut Alkitab, ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—Wulang Bebasan 14:15.

  • Bèn isa mbédakké keterangan sing bener lan sing salah, njenengan isa maca saran-saran ing artikel ”Aja Gampang Percaya karo Kabèh Informasi”.

Bahkan pemimpin sing jujur lan apik ora isa ngatasi kabèh masalah. Makané ing Alkitab ana naséhat:

  • ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké.”—Mazmur 146:3.

Pemimpin sing isa dipercaya

Menurut Alkitab, Gusti Allah wis milih pemimpin sing isa dipercaya lan isa ngatasi kabèh masalah. (Lukas 1:32, 33) Sing dipilih Gusti Allah kuwi Yésus Kristus. Dhèwèké dadi Raja Kerajaané Gusti Allah sing mréntah ing swarga.—Matius 6:10.

  • Bèn isa ngerti kenapa awaké dhéwé isa percaya karo Yésus lan piyé dhèwèké isa ngatasi kabèh masalah, wacanen artikel ”Sapa Raja Kratoné Allah?” lan ”Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?”

a Pusat Penelitian Pew, ”Wong Amerika Nduwé Pandhangan sing Èlèk soal Politik”, September 2023.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim