Comstock Images/Stockbyte via Getty Images
Pamréntahan sing Ora Bakal Korupsi
Saiki akèh pemimpin sing korupsi lan ora isa dipercaya. Padahal sakjané wong-wong péngin nduwé pemimpin sing apik. Ana laporan sing dirilis taun 2023, wong-wong dikon njawab survéi soal sapa sing paling ora isa dipercaya. Hasilé, akèh sing njawab nèk sing paling ora isa dipercaya kuwi para pemimpin politik.a
Menurut Alkitab ana pamréntahan sing Pemimpiné kuwi bener-bener isa dipercaya, jujur, lan ora korupsi. Pamréntahan kuwi Kerajaané Gusti Allah lan Pemimpiné kuwi Yésus Kristus.—Yésaya 9:7.
Yésus terbukti seneng nggatèkké wong-wong. (Matius 9:35, 36) Dhèwèké kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah, lan sukmbèn dhèwèké bakal adil wektu mréntah lan nggawé keadaan dadi ayem.—Mazmur 72:12-14.
a 2023 Edelman Trust Barometer Global Report.