PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 121
  • Sapa sing Isa Dipercaya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sapa sing Isa Dipercaya?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sapa sing isa dipercaya?
  • Wong-Wong Ora Percaya Manèh karo Pemimpin Politik
    Topik Liyané
  • Yésus Bakal Nyingkirké Kemiskinan
    Topik Liyané
  • Percaya karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Yésus Bakal Ngendhegké Perang
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 121
Gambar: Wong-wong sing dianggep isa dipercaya: 1. Pemimpin politik sing lagi ngomong nganggo microphone. 2. Pendhéta sing lagi arep ndonga. 3. Ilmuwan sing lagi nggawa cathetan.

Kiwa: Olena Yefremkina/stock.adobe.com; center: lunamarina/stock.adobe.com; tengen: Rido/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Sapa sing Isa Dipercaya?

Akèh wong jaman saiki sing kecéwa karo wong-wong sing dianggep isa dipercaya. Meréka ora percaya manèh karo . . .

  • pemimpin politik sing péngin nggolèk untungé dhéwé timbang mikirké kesejahteraané rakyaté.

  • berita-berita merga informasi sing disampèkké ora lengkap lan ora sesuai karo faktané.

  • para ilmuwan sing nggawé penelitian tapi hasilé ora isa ngrampungi masalahé manungsa saiki.

  • para pemimpin agama sing mèlu-mèlu urusan politik lan ora mulangké sing bener soal Gusti Allah.

Aja langsung percaya karo wong liya utawa informasi sing ana. Ing Alkitab disebutké:

  • ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké.”​—Mazmur 146:3.

Sapa sing isa dipercaya?

 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sing isa dipercaya kuwi Yésus Kristus. Yésus kuwi ora mung wong apik sing mbiyèn tau urip ing bumi, tapi Yésus ya wis dipilih Gusti Allah kanggo dadi ”raja . . . lan pamréntahané bakal ana sakterusé”. (Lukas 1:32, 33) Yésus dadi Raja Kerajaané Gusti Allah sing saiki mréntah ing swarga.​—Matius 6:10.

  •  Kenapa Yésus isa dipercaya? Jawabané ana ing artikel ”Sapa Raja Kratoné Allah?” lan ”Apa sing Bakal Kelakon Wektu Kerajaané Gusti Allah Mréntah?”

Informasi saka endi sing isa dipercaya?

Ing Alkitab ana akèh informasi soal uripé Yésus lan informasi penting liyané. Informasi sing ana ing Alkitab iki isa dipercaya. Nèk péngin ngerti isiné Alkitab, njenengan isa ndaftar kanggo sinau Alkitab gratis. Mengko ana sing ngancani njenengan sinau Alkitab lan bahan sinauné bakal disedhiakké. Nèk sinau Alkitab, njenengan bakal ngerti sifat-sifaté Yésus lan njenengan ya bakal ngerti Yésus mbiyèn wis ngapa waé, saiki lagi ngapa, lan ing masa depan bakal ngapa.

Coba Sinau Alkitab

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim