PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 112
  • Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ramalan ing Alkitab
  • Perang sing bakal ngendhegké kabèh perang
  • Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
    Topik Liyané
  • Perang Rusia lan Ukraina Wis Setaun
    Topik Liyané
  • Perang Ora Mung Ngentèkké Biaya Triliunan, Apa Manèh Dampak Liyané?
    Topik Liyané
  • Apa Bakal Ana Perang Donya Manèh?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 112
Gambar: Dhaérah sing kena dampak perang ing Timur Tengah. 1. Pengeboman ing Jalur Gaza. 2. Dhaérah Yerusalem sakwisé serangan rudal.

Kiri: Yasser Qudaih/Anadolu via Getty Images; kanan: RONALDO SCHEMIDT/AFP via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?

Dina Setu 13 April 2024, Iran nyerang Israel. Sekretaris-Jéndral Perserikatan Bangsa-Bangsa sing jenengé António Guterres ngomong, ”Saiki kabèh kudu ngupaya bèn keadaané isa luwih aman lan ayem. Terus ya aja mikirké kepentingané dhéwé.”

Ing sak donya ana akèh perang, lan perang ing Timur Tengah iki mung salah siji contoné.

”Saiki ana perang ing endi-endi. Kèt Perang Donya II, perang dadi tambah akèh, bahkan luwih akèh lan luwih kerep timbang sakdurungé. Sing kena dampak merga perang iki ana rong milyar wong.”—Déwan Keamanan Perserikatan Bangsa-Bangsa, 26 Januari 2023.

Wilayah-wilayah sing lagi perang kuwi Israel, Gaza, Suriah, Azerbaijan, Ukraina, Sudan, Etiopia, Niger, Myanmar, lan Haiti.a

Kapan perang ora bakal ana manèh? Apa ana pemimpin sing isa nggawé keadaané damai? Ana keterangan apa ing Alkitab soal kuwi?

Ramalan ing Alkitab

Ing Alkitab wis disebutké nèk ing ”akhir jaman” bakal ana akèh perang. (Matius 24:3) Perang-perang sing kelakon saiki bukti nèk ramalan ing Alkitab wis kelakon. Sedhéla manèh, perang ora bakal ana.

  • ”Kowé bakal krungu swara perang lan berita-berita soal perang. . . . Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.”—Matius 24:6, 7.

Nèk péngin ngerti ramalan Alkitab sing kelakon saiki, wacanen artikel ”Apa Waé Tandhané ’Akhir Jaman’?”

Perang sing bakal ngendhegké kabèh perang

Kapan perang-perang sing saiki lagi kelakon bakal berakhir? Menurut Alkitab, kuwi bakal kelakon pas Armagédon, yaiku ”perang . . . ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Wahyu 16:14, 16) Sakwisé perang Armagédon, Gusti Allah bakal nepati janjiné kanggo nggawé keadaan bumi damai nganti saklawasé.—Mazmur 37:10, 11, 29.

Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh soal perangé Gusti Allah, wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?”

a ACLED Conflict Index, ”Ranking violent conflict levels across the world,” Januari 2024

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim