PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 119
  • Apa Olimpiade Isa Bener-Bener Nggawé Wong-Wong Bersatu?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Olimpiade Isa Bener-Bener Nggawé Wong-Wong Bersatu?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa acarané isa nggawé bersatu?
  • Janji sing isa dipercaya
  • Menurut Alkitab, Apa Wong-Wong Isa Bersatu Merga Piala Dunia?
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Akèh Wong Saiki Ora Isa Rukun?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 119
Logo Olimpiade sing dikelilingi bendéra-bendéra saka akèh negara.

kovop58/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Olimpiade Isa Bener-Bener Nggawé Wong-Wong Bersatu?

Sing mèlu Olimpiade Musim Panas 2024 yaiku atlét-atlét saka 206 negara, lan sing nonton kira-kira ana limang milyar. Thomas Bach, présidèn Komite Olimpiade Internasional, ngomong, ”Tujuan saka acara iki yaiku bèn manungsa isa urip rukun lan bersatu, meskipun latar belakangé béda-béda. Mula, ayo ndhukung acara iki bèn donyané isa bersatu.”

Apa Olimpiade iki isa bener-bener nggawé donya bersatu?

Apa acarané isa nggawé bersatu?

Olimpiade taun iki dadi sorotan ora mung merga pertandingané, tapi merga masalah sing kelakon selama acara kuwi, misalé masalah politik, hak asasi, rasisme, agama, lan gender.

Kuduné Olimpiade iki dadi hiburan kanggo wong-wong. Tapi nyatané ora kaya ngono, merga ing acara kuwi diduduhké sikap lan pandhangané wong-wong karo kelompok utawa negara liya. Dadi, kuwi malah ora nggawé bersatu.

Ing Alkitab wis diramalké kaya apa sikapé wong-wong jaman saiki sing marakké dadi angèl bersatu. (2 Timotius 3:1-5) Nèk péngin ngerti apa waé ramalané, wacanen artikel ”Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?”

Janji sing isa dipercaya

Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn wong-wong ing donya bakal rukun lan bersatu. Mengko sing bakal mréntah bumi kuwi mung ”Kerajaané Gusti Allah”. (Lukas 4:43; Matius 6:10) Makané kabèh wong isa bersatu.

Yésus Kristus sing bakal dadi Raja Kerajaan kuwi bakal nggawé wong-wong ngrasa ayem. Ing Alkitab disebutké:

  • ”Wong sing bener bakal thukul kaya suket, lan uripé wong-wong kuwi bakal ayem.”—Mazmur 72:7.

  • ”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. . . . Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”—Mazmur 72:12, 14.

Saiki waé, wong-wong sing manut Yésus isa bersatu. Meskipun saka 239 negara, Seksi-Seksi Yéhuwah isa bersatu lan terus ngupaya dadi wong sing seneng rukun. Apa sing diupayakké Seksi-Seksi Yéhuwah, wacanen majalah Warta Penting sing judhulé ”Rasa Sengit Ora Bakal Ana Manèh”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim