PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 126
  • Apa Ana Siji Pamréntahan sing Stabil ing Bumi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Ana Siji Pamréntahan sing Stabil ing Bumi?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keterangan ing Alkitab soal Kerajaané Gusti Allah
  • Keterangan luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 126
Bumi didelok saka luar angkasa.

NASA Photo

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Ana Siji Pamréntahan sing Stabil ing Bumi?

Akèh pamréntahan ing sak donya saiki ora stabil merga ing negarané akèh masalah. Bahkan, ing negara-negara sing kétoké apik-apik waé, jebulé ing kono ya akèh masalahé, misalé, ana tokoh politik sing tingkah lakuné ora nggenah lan ngisin-isini, ana wong-wong sing senengané démo nganti rusuh, ana kelompok-kelompok sing senengané debat soal politik, utawa wektu pemilu hasilé ora akurat.

Tapi, ing Alkitab disebutké nèk ana siji pamréntahan sing stabil. Mungkin njenengan wis tau krungu soal pamréntahan iki, soalé pamréntahan iki wis tau disebutké Yésus ing dongané.

  • ”Mula, kowé kudu ndonga kaya ngéné: ’Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.’”—Matius 6:9, 10.

Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing stabil?

Keterangan ing Alkitab soal Kerajaané Gusti Allah

Mréntah saka swarga.

  • Yésus nyebut pamréntahan kuwi ”Kerajaan swarga”. (Matius 4:17; 5:3, 10, 19, 20) Mulané cocog nèk Yésus ngomong, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”—Yohanes 18:36.

Bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.

  • Ing Alkitab disebutké, ”Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh [pamréntahané manungsa]. Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé.”—Danièl 2:44.

Sing dadi Rajané yaiku Yésus Kristus lan pamréntahan kuwi bakal ana nganti saklawasé.

  • Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.”—Danièl 7:13, 14.

Bakal nggawé keadaan ing bumi dadi aman lan tentrem.

  • Ing Alkitab disebutké, ”Angger wong bakal urip kanthi tentrem, ngadhepi kebon anggur lan keboné [ara] dhéwé-dhéwé, sarta ora ana prekara sing diwedèni.”—Mikha 4:4, Kitab Suci Basa Jawi Padintenan.

Keterangan luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah

Wektu Yésus ing bumi, dhèwèké sibuk ”martakké kabar apik soal Kerajaan”. (Matius 9:35) Yésus ya kandha:

  • ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”—Matius 24:14.

Nah saiki, kabar apik soal Kerajaan kuwi wis diwartakké ing luwih saka 240 negara. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng ngundang njenengan kanggo sinau luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah lan soal carané bèn njenengan isa éntuk manfaat merga dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah.

Deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim