PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwcl artikel 9
  • ”Aku Nduwé Akèh Pertanyaan”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Aku Nduwé Akèh Pertanyaan”
  • Kuwasané Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MBIYÈNÉ
  • CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU
  • MANFAAT SING TAK RASAKKÉ
  • Buktiné Nèk Gusti Allah Perduli karo Tunarungu
    Topik Liyané
  • Tetep Isa Mulang Senajan Tunarungu
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Kuwasané Alkitab
ijwcl artikel 9
Mario Antúnez omong-omongan karo sedulur telu nganggo Basa Isyarat Honduras.

KUWASANÉ ALKITAB

”Aku Nduwé Akèh Pertanyaan”

Pengalamané MARIO ANTÚNEZ

  • Lair Taun: 1976

  • Negara Asal: Honduras

  • Mbiyèn: Pendéta

Mario Antúnez sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah.

MBIYÈNÉ

Aku lair ing La Ceiba, Honduras. Aku anak ragil. Aku nduwé mbakyu papat. Aku siji-sijiné tunarungu ing keluargaku. Keluargaku miskin banget, lan manggon ing dhaérah sing akèh kejahatan. Wektu umurku patang taun, bapakku mati merga kecelakaan ing panggonan kerja. Sakwisé kuwi, uripku dadi tambah susah.

Ibuku ngupaya tenanan kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Ning, kadhang dhuwité ora cukup kanggo nukokké aku klambi. Dadi, nèk udan aku kerep katisen merga ora nduwé klambi sing anget.

Aku sinau Basa Isyarat Honduras. Dadi, aku isa bergaul karo tunarungu liyané. Ning, ibuku lan mbakyuku ora pati isa basa isyarat. Kadhang, ibuku lan mbakyuku nggawé dhéwé gerakan isyarat kanggo komunikasi karo aku. Ibuku sayang karo aku lan nglindhungi aku saka pergaulan sing èlèk. Senajan basa isyaraté ibuku terbatas, ning dhèwèké mbantu aku bèn ora mèlu-mèlu kebiasaan sing èlèk, kaya ngrokok lan seneng mabuk. Aku bersyukur merga ora mèlu-mèlu kebiasaan èlèk kaya ngono.

Wektu cilik, ibuku kerep ngejak aku ing Geréja Katolik. Ning, aku ora ngerti apa-apa merga ora ana sing nerjemahké ing basa isyarat kanggo aku. Kuwi nggawé aku bosen banget. Dadi, wektu aku umur sepuluh taun, aku ora gelem ing geréja manèh. Ning, sakjané aku isih péngin ngerti luwih akèh soal Gusti Allah.

Ing taun 1999, wektu umurku 23 taun, aku ketemu karo wong wédok saka Amerika Serikat. Dhèwèké kuwi anggota geréja evangelis. Dhèwèké mulang Alkitab lan ngajari aku Basa Isyarat Amerika (ASL). Aku seneng banget sinau Alkitab. Kuwi nggawé aku péngin dadi pendéta. Dadi, aku pindhah ing Puerto Rico bèn isa mèlu pelatihan kanggo wong Kristen tunarungu. Wektu aku bali ing La Ceiba ing taun 2002, aku lan kanca-kancaku mbentuk geréja khusus kanggo wong tunarungu. Terus, aku nikah karo salah siji kancaku sing jenengé Patricia.

Ing geréja, aku kotbah nggunakké Basa Isyarat Honduras. Aku nduduhké gambar-gambar cerita Alkitab lan mragakké cerita kuwi bèn wong tunarungu isa ngerti. Terus, aku ngunjungi tunarungu ing kutha-kutha cedhak kéné kanggo mènèhi penghiburan lan mbantu ngatasi masalahé. Aku ya dadi misionaris ing wilayah Amerika Serikat lan Zambia. Ning sakjané, aku mung ngerti sithik soal Alkitab. Dadi, aku mung mulangké apa sing tau tak sinaoni dhisik lan sing tak ngertèni saka gambar-gambar cerita Alkitab. Kuwi nggawé aku isih nduwé akèh pertanyaan.

Ana beberapa anggota geréja sing nyebarké fitnah soal aku. Wong-wong kuwi ngomong nèk aku kuwi selingkuh lan seneng mabuk. Aku kecéwa banget. Ora suwé sakwisé kuwi, aku lan Patricia metu saka geréja.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU

Seksi-Seksi Yéhuwah kerep nekani aku lan Patricia. Awalé, aku lan Patricia ora gelem ditekani. Ning sakwisé metu saka geréja, Patricia gelem sinau Alkitab karo suami istri Seksi Yéhuwah sing jenengé Thomas lan Liccy. Aku kagum merga Thomas lan Liccy isa basa isyarat, padahal dudu wong tunarungu. Kuwi nggawé aku gelem mèlu sinau.

Aku lan bojoku sinau Alkitab pirang-pirang sasi nggunakké vidéo ASL. Ning sakwisé kuwi, aku lan bojoku terpengaruh karo omongané kancaku sing ngomong nèk Seksi Yéhuwah kuwi mulangké ajarané manungsa. Kuwi nggawé aku lan bojoku dadi mandheg sinau Alkitab. Thomas ngupaya nduduhké bukti-bukti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah ora kaya ngono. Ning, aku tetep ora percaya.

Pirang-pirang sasi sakwisé, Patricia déprèsi berat. Dhèwèké ndonga njaluk bèn Seksi-Seksi Yéhuwah marani manèh. Ora suwé sakwisé kuwi, tanggaku sing ya Seksi Yéhuwah marani Patricia. Dhèwèké mbantu Patricia ngubungi Liccy. Terus, Liccy teka saben minggu kanggo nguwatké Patricia lan mbantu dhèwèké sinau Alkitab manèh. Liccy nduduhké nèk dhèwèké sahabat sejati. Ning, kuwi ora cukup kanggo nggawé aku percaya karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

Ing taun 2012, Seksi-Seksi Yéhuwah nduwé program nginjil khusus kanggo mbagèkké DVD Maukah Anda Mengetahui Kebenaran? ing Basa Isyarat Honduras. Aku lan bojoku diwènèhi Liccy DVD kuwi. Sakwisé nonton, aku nembé sadhar nèk apa sing tak wulangké mbiyèn kuwi ora sesuai karo Alkitab, contoné soal api neraka lan jiwa sing ora isa mati.

Minggu ngarepé, aku lunga ing Balé Ibadah Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo ketemu karo Thomas. Aku ngomong nèk aku kepéngin mulang wong tunarungu soal ajaran sing bener saka Alkitab. Ning, aku ora gelem dadi Seksi Yéhuwah. Aku gelemé nduwé geréja dhéwé khusus kanggo wong tunarungu. Thomas ngalem aku, ning bar kuwi dhèwèké mbukakké Éfésus 4:5. Ayat kuwi njelaské nèk jemaat kudu bersatu.

Thomas ya mènèhi aku DVD Saksi-Saksi Yehuwa—Beraksi dengan Iman, Bagian 1: Keluar dari Kegelapan ing basa ASL. Vidéo iki nyritakké wong-wong sing nliti Alkitab tenanan bèn isa ngerti wulangan sing bener soal ajaran dhasar Alkitab. Wektu nonton vidéoné, aku ngrasa nèk aku padha kaya wong-wong sing ana ing vidéo iki. Aku ya nggolèki apa sing bener. Vidéo iki nggawé aku yakin nèk Seksi Yéhuwah pancèn mulangké apa sing bener merga dhasaré saka Alkitab. Akhiré, aku sinau Alkitab manèh, lan ing taun 2014 aku lan bojoku dibaptis.

MANFAAT SING TAK RASAKKÉ

Aku kagum karo Seksi-Seksi Yéhuwah, merga wong-wong kuwi ngupaya niru Yéhuwah, Gusti Allah sing murni. Seksi Yéhuwah ora ngomong sing saru-saru lan ora seneng gelut. Seksi Yéhuwah kuwi rukun lan seneng nguwatké. Senajan asalé lan basané béda-béda, ning Seksi-Seksi Yéhuwah bersatu kanggo mulangké apa sing bener saka Alkitab.

Aku seneng banget wulangané Alkitab. Contoné, aku nembé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Penguasa sing pantes mréntah bumi. Yéhuwah sayang kabèh wong, termasuk wong tunarungu. Aku ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo aku, kuwi berharga banget. Aku ya sinau nèk bumi bakal digawé dadi firdaus sing indah. Mengko, awaké dhéwé ora bakal lara manèh lan bakal urip saklawasé ing bumi. Aku ora sabar ngentèni kuwi.

Mario Antúnez lan Patricia omong-omongan karo cah enom nganggo Basa Isyarat Honduras.

Aku lan Patricia seneng mulang wong tunarungu soal ajarané Alkitab. Saiki, aku lan bojoku mandhu beberapa wong kanggo sinau Alkitab. Wong-wong kuwi mbiyèné anggota geréjaku. Saiki, aku luwih ngerti wulangané Alkitab, merga Seksi-Seksi Yéhuwah mènèhi jawaban kanggo pertanyaan-pertanyaanku.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim