PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 157
  • Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Jawaban ing Alkitab
  • Apa buktiné nèk bencana alam saiki dudu hukuman saka Gusti Allah?
  • Apa bencana alam kuwi tandhané akhir jaman?
  • Piyé carané Gusti Allah mbantu wong-wong sing kena bencana alam?
  • Saran ing Alkitab bèn siap wektu ana bencana alam
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 157
Sak keluarga ndelok omahé hancur merga bencana alam

Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Jawaban ing Alkitab

Bencana alam kuwi dudu saka Gusti Allah. Malah, Dhèwèké mesakké lan péngin mènèhi penghiburan kanggo wong-wong sing kena bencana saiki. (2 Korintus 1:3) Terus, sukmbèn Gusti Allah ya bakal nyingkirké bencana liwat Kerajaané.

  • Apa buktiné nèk bencana alam saiki dudu hukuman saka Gusti Allah?

  • Apa bencana alam kuwi tandhané akhir jaman?

  • Piyé carané Gusti Allah mbantu wong-wong sing kena bencana alam?

  • Saran ing Alkitab bèn siap wektu ana bencana alam

  • Ayat-ayat Alkitab kanggo sing kena bencana alam

Apa buktiné nèk bencana alam saiki dudu hukuman saka Gusti Allah?

Mémang, mbiyèn Gusti Allah tau ngukum wong jahat nganggo bencana alam. Tapi, bencana alam sing ana saiki dudu hukuman saka Gusti Allah. Apa bédané?

  • Wong apik ya isa kena bencana alam. Tapi nèk Gusti Allah ngukum nganggo bencana alam, sing mati mung sing jahat thok. Contoné, wektu matèni wong-wong ing Sodom lan Gomora, Gusti Allah nylametké Lot lan anaké loro. (Purwaning Dumadi 19:29, 30) Gusti Allah isa ngerti isi atiné kabèh wong lan mung nyingkirké wong sing jahat.​—Purwaning Dumadi 18:23-​32; 1 Samuèl 16:7.

  • Bencana alam kuwi kelakoné tiba-tiba. Tapi nèk Gusti Allah arep ngukum nganggo bencana alam, Dhèwèké mesthi ngandhani sik. Dadi, wong-wong sing gelem manut préntahé isa slamet.​—Purwaning Dumadi 7:​1-5; Matius 24:38, 39.

  • Ana bencana alam sing kelakon gara-gara manungsa kuwi dhéwé. Kok isa? Manungsa wis ngrusak lingkungan, lan mbangun ing dhaérah sing kerep kena gempa bumi, banjir, lan bencana liyané. (Wahyu 11:18) Dadi, kuwi dudu salahé Gusti Allah.​—Wulang Bebasan 19:3.

Apa bencana alam kuwi tandhané akhir jaman?

Ya. Ing Alkitab wis diramalké nèk ing ”akhir jaman” bakal ana akèh bencana. (Matius 24:3; 2 Timotius 3:1) Contoné, Yésus ngomong, ”Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.” (Matius 24:7) Tapi sukmbèn Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah, termasuk bencana alam.​—Wahyu 21:​3, 4.

Piyé carané Gusti Allah mbantu wong-wong sing kena bencana alam?

  • Liwat Alkitab. Menurut Alkitab, Gusti Allah perduli lan ngrasa sedhih wektu awaké dhéwé susah. (Yésaya 63:9; 1 Pétrus 5:​6, 7) Dhèwèké ya janji nèk sukmbèn ora bakal ana bencana alam manèh.​—Wacanen ”Ayat-ayat Alkitab kanggo sing kena bencana alam”.

  • Liwat umaté. Umaté Gusti Allah berusaha niru Yésus. Ing Alkitab diramalké nèk Yésus bakal nguwatké wong sing ”lara ati” lan ”sedhih”. (Yésaya 61:​1, 2) Mulané, umaté Gusti Allah seneng nguwatké wong liya.​—Yohanes 13:15.

    Umaté Gusti Allah ya seneng ngekèki bantuan kemanusiaan kanggo sing kena bencana alam.​—Kisah 11:28-30; Galatia 6:​10.

Seksi-Seksi Yéhuwah ndandani omah ing Puerto Rico

Seksi-Seksi Yéhuwah ndandani omah sing bar kena badai ing Puerto Rico

Saran ing Alkitab bèn siap wektu ana bencana alam

Mémang, Alkitab kuwi dudu buku panduan soal bencana alam. Tapi, ing kono ana pathokan sing isa ditrapké. Contoné:

  • Kudu siap sik sakdurungé. Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya.” (Wulang Bebasan 22:3) Sakdurungé ana bencana, awaké dhéwé kudu nggawé rencana. Misalé, nyiapké tas darurat lan ngrembug karo keluarga kudu ngumpul ing endi nèk ana bencana.

  • Luwih ngutamakké nyawa ketimbang harta. Ing Alkitab disebutké, ”Awaké dhéwé ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan awaké dhéwé ya ora nggawa apa-apa wektu mati.” (1 Timotius 6:​7, 8) Pas bencana, awaké dhéwé kudu ikhlas ninggalké omah lan sing diduwèni bèn isa slamet. Nyawa kuwi luwih penting.​—Matius 6:​25.

Ayat-ayat Alkitab kanggo sing kena bencana alam

Purwaning Dumadi 18:25: ”Ora mungkin [Gusti Allah] matèni wong bener bareng karo wong jahat. . . . Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”

Artiné: Nèk ana wong apik sing mati merga bencana alam, kuwi dudu salahé Gusti Allah.

Mazmur 46:​1, 2: ”Gusti Allah kuwi kekuwatanku lan sing nglindhungi aku. Dhèwèké siap nulungi wektu aku susah. Aku ora bakal wedi senajan bumi goncang.”

Artiné: Gusti Allah mesthi isa nulungi wektu awaké dhéwé lagi susah.

Yésaya 63:9: ”Dhèwèké susah wektu wong-wong kuwi susah.”

Artiné: Gusti Allah sedhih nèk manungsa susah.

Yohanes 5:​28, 29: ”Bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal krungu swarané [Yésus] lan metu.”

Artiné: Yésus wis dikèki kuwasa karo Gusti Allah kanggo nguripké manèh wong sing wis mati.

1 Pétrus 5:​6, 7: ”Kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah sing kuwat. . . . Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”

Artiné: Wektu lagi susah, awaké dhéwé isa crita karo Gusti Allah merga Dhèwèké nggatèkké.

Wahyu 21:4: ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”

Artiné: Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah, termasuk bencana alam.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim