PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 156
  • Apa Kisahé Nuh lan Banjir Gedhé Kuwi Dongèng?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Kisahé Nuh lan Banjir Gedhé Kuwi Dongèng?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Dongèng apa ora?
  • Ngapa kok ana Banjir Gedhé?
  • Apa wong-wong ngerti nèk bakal ana Banjir Gedhé?
  • Kaya apa kapal sing digawé Nuh?
  • Sepira suwéné Nuh nggawé kapal?
  • Kapalé Nuh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Dhèwèké Mlaku Karo Gusti Allah
    Tirunen Imané
Delok Kabèh
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 156
Gajah, jerapah, singa, lan manuk mlebu ing kapal

Apa Kisahé Nuh lan Banjir Gedhé Kuwi Dongèng?

Jawaban ing Alkitab

Banjir Gedhé kuwi mémang bener-bener kelakon. Gusti Allah nggawé Banjir Gedhé kuwi kanggo nyingkirké wong-wong sing jahat. Dhèwèké ngongkon Nuh nggawé kapal bèn wong-wong sing apik lan kéwan-kéwan isa slamet. (Purwaning Dumadi 6:11-20) Awaké dhéwé isa yakin nèk Banjir Gedhé kuwi kelakon tenan, soalé kuwi dicathet ing Alkitab, sing ”asalé saka Gusti Allah”.—2 Timotius 3:16.

  • Dongèng apa ora?

  • Ngapa kok ana Banjir Gedhé?

  • Apa wong-wong ngerti nèk bakal ana Banjir Gedhé?

  • Kaya apa kapal sing digawé Nuh?

  • Sepira suwéné Nuh nggawé kapal?

  • Dongèng lan legénda soal banjir gedhé

Dongèng apa ora?

Kaya sing disebutké ing Alkitab, Nuh kuwi ana tenan lan Banjir Gedhé kuwi bener-bener kelakon, dudu dongèng.

  • Sing nulis Alkitab yakin nèk Nuh kuwi ana tenan. Misalé wektu Ézra lan Lukas nulis cathetan sejarah, meréka mesthi nliti sik bèn sing ditulis kuwi bener. Dadi wektu meréka nulis silsilahé bangsa Israèl termasuk silsilahé Nuh, kuwi mesthi bener. (1 Babad 1:4; Lukas 3:36) Terus ing Kitab Injil, Matius lan Lukas ya nulis omongané Yésus soal Nuh lan Banjir Gedhé.—Matius 24:37-39; Lukas 17:26, 27.

    Sakliyané kuwi, Nabi Yèhèzkièl lan Rasul Paulus ya nyebutké nèk Nuh kuwi wong sing bener lan nduwé iman. (Yèhèzkièl 14:14, 20; Ibrani 11:7) Nèk kisahé Nuh mung dongèng, ora masuk akal ta nèk meréka ngongkon wong-wong niru contoné Nuh? Dadi jelas nèk Nuh lan wong-wong sing dicathet ing Alkitab kuwi ana tenan lan awaké dhéwé isa niru contoné meréka.—Ibrani 12:1; Yakobus 5:17.

  • Ing Alkitab ana keterangan sing rinci soal Banjir Gedhé. Pas nyritakké soal Banjir Gedhé, ing Alkitab ora dimulai nganggo kata-kata ”Ing jaman mbiyèn”, kaya sing biasané ana ing dongèng-dongèng. Tapi ana keterangan taun, sasi, lan dinané. (Purwaning Dumadi 7:11; 8:4, 13, 14) Bahkan ya disebutké ukuran kapal sing digawé Nuh. (Purwaning Dumadi 6:15) Perincian sing dicathet ing Alkitab kuwi nduduhké nèk Banjir Gedhé kelakon tenan, dudu dongèng.

Ngapa kok ana Banjir Gedhé?

Menurut Alkitab, sakdurungé Banjir Gedhé, ”kejahatané manungsa akèh banget”. (Purwaning Dumadi 6:5) Terus ing Alkitab ya disebutké nèk ”kanggoné Gusti Allah sing bener, bumi wis rusak” merga wong-wongé jahat lan bejat.—Purwaning Dumadi 6:11; Yudas 6, 7.

Kaya sing disebutké ing Alkitab, kejahatané parah banget merga ana malaékat-malaékat sing mbrontak lan hubungan sèks karo wong-wong wédok ing bumi. Akhiré meréka nduwé keturunan sing disebut Nèfilim. Nèfilim nyebabké kejahatan dadi tambah akèh lan wong-wong wektu kuwi sengsara. (Purwaning Dumadi 6:1, 2, 4) Makané Gusti Allah nyingkirké wong-wong sing jahat bèn bumi mung dienggoni wong-wong sing apik.—Purwaning Dumadi 6:6, 7, 17.

Apa wong-wong ngerti nèk bakal ana Banjir Gedhé?

Ya. Soalé Gusti Allah wis ngandhani Nuh sing bakal kelakon. Dhèwèké ya ngongkon Nuh nggawé kapal bèn keluargané lan kéwan-kéwan isa slamet. (Purwaning Dumadi 6:13, 14; 7:1-4) Nuh ya ngandhani wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé tapi meréka ora percaya. (2 Pétrus 2:5) Kaya sing disebutké ing Alkitab, ”Wong-wong kuwi ora nggatèkké apa sing lagi kelakon nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyingkirké kabèh wong kuwi.”—Matius 24:37-39.

Kaya apa kapal sing digawé Nuh?

Kapalé kaya pethi sing bentuké persegi panjang. Dawané kira-kira 133 mèter, ambané kira-kira 22 mèter, lan dhuwuré kira-kira 13 mèter.a Kapalé digawé saka kayu wit sing bergetah, terus njaba karo njeroné dilapisi aspal. Kapal kuwi digawé tingkat telu lan ana beberapa ruangan. Terus ing salah siji sisihé kapal, ana lawangé lan ing bagéan ndhuwuré ana jendhélané. Kétoké atapé digawé miring bèn banyu udané ora menggenang.—Purwaning Dumadi 6:14-16.

Gambar sing mbandhingké ukurané kapal sing digawé Nuh karo pesawat lan gajah

Sepira suwéné Nuh nggawé kapal?

Mémang ing Alkitab ora ana keterangan pasti soal sepira suwéné Nuh nggawé kapal. Tapi sing pasti, dhèwèké mbanguné nganti puluhan taun.

Nuh nduwé anak pas umuré 500 taun.b (Purwaning Dumadi 5:32) Mungkin, kira-kira 50 utawa 60 taun bar kuwi anak-anaké Nuh nikah. Pas anak-anaké wis nikah, Yéhuwah lagi ngekèki préntah kanggo mbangun kapal. (Purwaning Dumadi 6:14, 18) Nèk Banjir Gedhé kelakon pas umuré Nuh 600 taun, berarti Nuh mbangun kapal selama kira-kira 40 utawa 50 taun.—Purwaning Dumadi 7:6.

Dongèng lan legénda soal banjir gedhé

Ing sak donya ana akèh crita soal banjir gedhé. Meskipun critané ora persis karo sing dicathet ing Alkitab, tapi tetep ana beberapa bagéan sing mèh padha. Keturunané Nuh manggon ing dhaérah sing béda-béda, mungkin meréka ya nyritakké soal Banjir Gedhé tapi suwé-suwé critané dadi berubah. Iki beberapa contoné.

Legénda Yunani: Ana wong lanang lan wong wédok sing slamet saka banjir gedhé dikon ngebaki bumi bèn manungsané tambah akèh. Carané meréka kudu nguncalké watu ing mburiné meréka. Watu-watu kuwi bakal dadi wong lanang lan wong wédok.

Legénda Hindu: Ana wong lanang sing dikandhani karo iwak nèk bakal ana banjir sing isa nggawé manungsa musnah lan iwak kuwi ngongkon nggawé kapal. Wong lanang kuwi isa slamet merga dituntun karo iwak kuwi.

Legénda Babilon: Wong lanang lan wong wédok sing slamet saka banjir dadi déwa-dèwi sing ora isa mati.

Legénda Amerika Tengah: Ana suami istri lan anak-anaké sing slamet saka banjir, tapi manungsa sing ora slamet berubah dadi iwak.

a Ing Alkitab, ukuran kapal kuwi nganggo satuan ukuran hasta. ”Kanggo wong Ibrani, siji hasta maksudé 17,5 inchi (44,45 cm).”—The Illustrated Bible Dictionary, Edisi Revisi, Bagian 3, halaman 1635.

b Keterangan soal umuré wong jaman mbiyèn ana ing artikel ”Apakah Orang pada Zaman Alkitab Memang Berumur Panjang?” ing Menara Pengawal 1 Desember 2010.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim