PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 155
  • Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Bèn isa bahagia awaké dhéwé kudu piyé wektu ngekèki?
  • Ngekèki wong liya isa salah nèk
  • Paédahé Seneng Mènèhi
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Ngupaya Nggolèk Hadiah sing Paling Aji
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 155
Wong lanang lagi ngekèki hadiah

Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?

Jawaban ing Alkitab

Gusti Allah péngin bèn awaké dhéwé seneng lan tulus wektu mènèhi wong liya. Nèk mènèhi wong liya, sing seneng kuwi ora mung sing diwènèhi, tapi ya sing mènèhi. (Wulang Bebasan 11:25; Lukas 6:​38) Yésus ngomong, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

  • Bèn isa bahagia awaké dhéwé kudu piyé wektu ngekèki?

  • Ngekèki wong liya isa salah nèk

  • Ayat-ayat ing Alkitab soal ngekèki wong liya

Bèn isa bahagia awaké dhéwé kudu piyé wektu ngekèki?

Awaké dhéwé isa bahagia nèk tulus wektu ngekèki. Ing Alkitab disebutké, ”Mendhing saben wong mènèhi sesuai karo sing wis diputuské ing njero atiné, ora karo sambat utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing bahagia wektu mènèhi.”​—2 Korintus 9:7.

Mènèhi kuwi ya termasuk ibadah. (Yakobus 1:​27) Yéhuwah bakal ngupahi wong sing seneng mènèhi. (Wulang Bebasan 19:17) Menurut Alkitab, Gusti Allah ya bakal mberkahi wong sing seneng mènèhi.​—Lukas 14:12-​14.

Ngekèki wong liya isa salah nèk

Motifé salah. Misalé:

  • Bèn dialem wong liya.​—Matius 6:2.

  • Bèn éntuk balesan.​—Lukas 14:12-14.

  • Bèn isa dislametké.​—Mazmur 49:6, 7.

Tujuané dienggo sing ora bener. Misalé, ngekèki dhuwit wong liya dienggo main judhi, ngombé alkohol, utawa tuku narkoba. (1 Korintus 6:​9, 10; 2 Korintus 7:1) Terus, ngekèki dhuwit wong sing sakjané isih isa kerja.​—2 Tésalonika 3:​10.

Kebutuhan keluarga dadi ora isa dicukupi. Gusti Allah ngongkon bèn kepala keluarga nyedhiakké kebutuhan keluargané. (1 Timotius 5:8) Mula, aja nganti kepala keluarga terlalu akèh mènèhi wong liya nganti kebutuhan keluargané ora isa dicukupi. Ing jamané Yésus, ana wong-wong sing ora gelem ngurusi wong tuwané sing wis lansia merga kabèh duwèké wis diwènèhké dadi ”persembahan sing khusus kanggo Gusti Allah”. Yésus ora seneng karo wong-wong sing kaya ngono.​—Markus 7:​9-​13.

Ayat-ayat ing Alkitab soal ngekèki wong liya

Wulang Bebasan 11:25: ”Wong sing seneng mènèhi bakal makmur. Wong sing mènèhi ngombé bakal diwènèhi ngombé.”

Artiné: Nèk mènèhi wong liya, sing seneng kuwi ora mung sing diwènèhi, tapi ya sing mènèhi.

Wulang Bebasan 19:17: ”Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi, lan Dhèwèké bakal mbales tumindaké wong mau.”

Artiné: Gusti Allah bakal ngupahi wong sing seneng mènèhi.

Matius 6:2: ”Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, aja mbok critak-critakké. Wong munafik nindakké kuwi . . . bèn dialem wong liya.”

Artiné: Wektu ngekèki wong liya aja mung péngin dialem.

Kisah 20:35: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”

Artiné: Awaké dhéwé isa bahagia nèk tulus wektu ngekèki.

2 Korintus 9:7: ”Mendhing saben wong mènèhi sesuai karo sing wis diputuské ing njero atiné, ora karo sambat utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing bahagia wektu mènèhi.”

Artiné: Gusti Allah seneng nèk awaké dhéwé tulus wektu ngekèki.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim