PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfs artikel 20
  • Aku Milih Karir sing Paling Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Aku Milih Karir sing Paling Apik
  • Pengalamané Sedulur-Sedulur sing Setya
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngupayakké Cita-Cita Kami
  • Tantangan ing Penugasan
  • Papua Nugini Negeri sing Nyenengké
  • Nggawé Penyesuaian
  • ”Aku Sakjané Ora Tau Dhèwèkan”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Sing Kudu Ditindakké Nèk Ngalami Perubahan Tugas
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Pengalamané Sedulur-Sedulur sing Setya
lfs artikel 20
Warren lan Leann Reynolds.

WARREN REYNOLDS | PENGALAMAN

Aku Milih Karir sing Paling Apik

Ing dhaérah terpencil ing bagian barat laut Australia aku karo sedulur-sedulur lungguh ing cedhak api unggun. Kami nyritakké piyé Yéhuwah terus mberkahi kami. Aku kerep ngumpul kaya ngéné iki karo sedulur-sedulur ing negara sing béda-béda lan basané ya béda-béda. Aku ndelok wajahé bojoku sing kethok seneng banget, aku karo bojoku wis ngrasakké akèh pengalaman sing nyenengké selama nglayani Yéhuwah padahal mbiyèn pas isih enom aku ora kepikiran nèk bakal nglayani ing negara-negara sing adoh. Soalé mbiyèn pas isih enom aku tau éntuk kesempatan kanggo dadi atlét, ngéné ceritané.

Aku lair ing dhaérah pedésaan Australia. Wong tuwaku lan mbahku wis sinau Alkitab sekitar taun 1950. Aku mulai mèlu nginjil pas umurku enem taun lan dibaptis pas umurku 13 taun. Biasané aku merintis èkstra pas liburan sekolah. Aku sayang karo Yéhuwah lan péngin terus nglayani Dhèwèké sakterusé.

Karo wong tuwa lan papat sedulurku

Pas umurku 15, guruku ngerti nèk aku jago olahraga. Mulané ana perwakilan tim rugby profésional sing nawani aku béasiswa. Aku mikir kayané nyenengké banget nèk isa dadi atlét rugby, tapi aku mikir nèk aku kan wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah. Bapak ngandhani aku bèn ngéling-éling janji kuwi sakdurungé nggawé keputusan. Aku manut sarané bapak, terus aku sadhar nèk aku ora mungkin isa fokus nglayani Yéhuwah nèk dadi atlét, mula tawarané tak tolak. Beberapa sasi bar kuwi, Institut Olahraga Australia sing ana ing Canberra ya nawani aku béasiswa. Aku bakal dilatih dadi pelari marathon sing mengkoné bakal makili Australia ing pertandingan Internasional. Tawaran kuwi ya tak tolak, soalé aku péngin fokus nglayani Yéhuwah.

Sakwisé lulus, aku mulai merintis. Tapi merga keluargaku ngalami masalah ékonomi, aku mandheg merintis terus mulai kerja ing bagian mesin pertanian. Pas umurku mèh 20 taun aku manggon dhéwé. Aku isih nglayani Yéhuwah tapi kuwi mung dadi rutinitas thok. Aku mulai dadi ora semangat lan ora akrab manèh karo Yéhuwah. Aku mulai kepengaruh karo kanca-kancaku sing seneng mabuk lan moralé bejat. Pas kuwi aku mung mikirké kesenenganku dhéwé.

Aku sadhar nèk kudu berubah, mula aku mutuské kanggo pindhah ing kota liya bèn ora ketemu karo kanca-kancaku. Aku ngupaya bèn isa cedhak karo Yéhuwah lan nggawé rencana bèn isa merintis manèh. Terus, aku ketemu sedulur wédok perintis sing jenengé Leann McSharry. Kami kerep ngobrol soal cita-cita kami, salah sijiné dadi utusan injil. Kami nikah taun 1993 lan péngin nglayani Yéhuwah bareng-bareng.

Ngupayakké Cita-Cita Kami

Bar nikah, aku mulai dadi perintis biasa. Bèn kami isa tetep urip sederhana lan ora nduwé utang, kami tuku karavan lan manggon ing kana. Selama enem taun kami kerja serabutan, terus kami ya pindhah-pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké. Kami nglayani ing jemaat-jemaat cilik ing dhaérah sing gersang ing Queensland. Biasané kami kémah ing dhaérah terpencil, terus nganakké pertemuan ing dhaérah sing akèh semak-semaké atau ing balai pertemuan setempat.

Pertemuan ibadah ing semak-semak pas nginjil ing dhaérah terpencil ing Australia

Kami seneng banget, tapi kadhang kami mikir, ’Apa kami isa nglayani Yéhuwah luwih akèh manèh?’ Terus kami éntuk jawabané. Kami diundang dadi utusan injil ing negara liya, tapi kami kuwatir apa isa dadi utusan injil sing trampil soalé kami durung tau mèlu Sekolah Giléad. Kami mémang seneng nginjil tapi sing sinau Alkitab karo kami ora akèh. Dadi kami mikir nèk kami dudu guru sing trampil.

Kami nyritakké kekuwatiran kami karo sedulur Max Lloyd, salah siji anggota Panitia Cabang.a Dhèwèké ngomong nèk kami gelem nampa tugas saka Yéhuwah, Yéhuwah bakal mbantu kami bèn berhasil nglakoni tugas kuwi. Akhiré, kami éntuk tugas kanggo nglayani ing Sri Lanka.

Tantangan ing Penugasan

Taun 1999, kami teka ing Colombo ibukotané Sri Lanka. Keadaan ing kana béda banget karo ing Australia. Ing Sri Lanka penduduké akèh banget, terus basané ya béda-béda. Ing kana ya ana akèh masalah kaya perang sipil lan kemiskinan. Tapi kami seneng isa kenal karo sedulur-sedulur ing Sri Lanka. Terus ing kana ya ana akèh wong sing rendah hati sing péngin kenal Yéhuwah.

Kami ditugaské ing Kandy, dhaérah dataran tinggi sing akèh kebon tèh lan hutané. Terus ing kana ya akèh kuil-kuil Budha. Tapi mung sithik wong-wong sing kenal karo Penciptané. Ing jemaat kami sedulur-sedulur ngomong nganggo basa Tamil lan Sinhala. Mula pertemuan ibadahé nggunakké loro basa kuwi. Sinau basa Sinhala kuwi angèl banget, tapi sedulur-sedulur lan wong-wong sing sinau Alkitab karo kami menghargai upaya kami meskipun kami sering salah ngomong.

Nyampèkké ceramah ing Sri Lanka sing diterjemahké langsung ing basa Sinhala lan Tamil

Tapi ora mung kuwi tantangané, pas ing kéné kami ya dianiaya. Kami pernah dikepung, terus ana sing mbakar bacaan-bacaan sing kami gawa sing liyané nendhang lan nggebugi aku karo sedulur sing nginjil karo aku. Kami ndonga karo Yéhuwah bèn isa tetep tenang lan njaluk bèn Yéhuwah éling karo kami nèk kami mati. Tapi akhiré, wong-wong sing nganiaya kami padha bubar. Kami bersyukur karo Yéhuwah merga nglindhungi kami, terus kami lunga saka désa kuwi.

Saya suwé, kami saya betah manggon ing Sri Lanka. Meskipun ana perang sing nggawé wong-wong mungsuhan, tapi kami seneng ndelok Yéhuwah terus narik wong-wong kanggo dadi bagian saka umaté sing bersatu. Kami nduwé akèh kenangan sing nyenengké selama nglayani ing Sri Lanka, tapi rong taun bar kuwi keadaané berubah. Para pemimpin agama sing ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah mempengaruhi pemerintah. Akhiré akèh misionaris sing kudu ninggalké Sri Lanka.

Pas kuwi kami bingung banget, bar iki kami bakal ditugaské ing endi. Terus Pengurus Pusat nugaské kami ing Papua Nugini. Sasi September 2001, kami teka ing Port Moresby ibukotané Papua Nugini.

Papua Nugini Negeri sing Nyenengké

Meskipun Papua Nugini kuwi cedhak karo Australia, tapi budaya lan kebiasaané béda banget. Mula kami kudu nggawé penyesuaian. Ing Papua Nugini kira-kira ana 800 basa sing béda-béda. Kami sinau basa Tok Pisin, kuwi basa sing paling akèh dienggo wong-wong ing kana.

Sakwisé telung taun nglayani ing Popondetta, aku éntuk tugas dadi pinituwa wilayah, kami ora pernah nyangka nèk bakal éntuk tugas iki. Aku menghargai naséhat lan kerja kerasé pinituwa wilayah, tapi aku ngrasa ora pantes dadi pinituwa wilayah. Soalé selama iki cita-citaku mung dadi utusan injil. Tapi aku bersyukur banget Yéhuwah ngekèki kesempatan sing istiméwa iki.

Warren mandhu pertemuan ibadah ing kelompok terpencil ing Papua Nugini.

Ngunjungi kelompok terpencil ing Provinsi Sepik Barat, Papua Nugini

Warren nggawé laporan dipadhangi lampu téplok.

Nggawé laporan kanggo dikirim ing kantor cabang sakwisé ngunjungi kelompok terpencil ing Papua Nugini

Nèk pas nglayani ing dhaérah kutha, biasané wis ana listrik, banyu, terus ya ana kasur. Tapi nèk ing désa-désa kami kudu manggon ing gubug, terus masaké ing njaba nganggo api unggun. Terus kami adus ing kali, tapi nèk ana baya kami ngisi banyuné ing èmbèr, terus adusé ing gubug.

Mémang kanggo nglakoni tugas iki butuh fisik sing kuwat. Tapi kami yakin nèk terus nggunakké kabèh kekuwatan, Yéhuwah bakal mbantu kami. (Para Hakim 6:14) Akèh jemaat lan kelompok sing panggonané angèl dijangkau, meréka manggon ing hutan, rawa-rawa, atau pegunungan. Dadi bèn isa tekan kana kami kudu numpak mobil, kapal, pesawat, terus ya kadhang kudu mlaku.b

Leann mlaku ing ndhuwur kayu kanggo nyebrangi kali.

Leann selalu semangat ing tempat penugasan

Kanggo ngunjungi jemaat ing dhaérah perbatasan Indonesia, perjalanané kira-kira 350 kilomèter numpak mobil ngliwati dalan-dalan sing èlèk. Kami kudu ngliwati luwih saka 200 kali lan akèh-akèhé ora ana jembatané. Mobilé kami ya kerep kejebak lumpur, dadi kami kudu mudhun lan nyurung mobilé. Tapi kami seneng banget isa ketemu karo sedulur-sedulur sing wis ngentèni kami, lan nyiapké panganan.

Gambar: 1. Telu sedulur nyurung mobilé Warren. 2. Bar kuwi, Leann lan sedulur-sedulur ngadeg ing sampingé mobil. Klambiné reged kabèh.

Kondisi dalan ing Papua Nugini

Pas ngunjungi sedulur-sedulur ing dhaérah pegunungan, biasané kami kudu numpak pesawat cilik. Nah kadhang merga ketutup awan, piloté dadi ora isa ndelok landasané. Terus nèk arep mendarat, piloté ya kudu mastèkké nèk ing landasané ora ana bocah-bocah atau kéwan-kéwan. Kami ya kudu siap mendarat ing landasan sing berlumpur, ora rata, lan berbahaya sing ana ing ketinggian 2.100 mèter. Bahkan kadhang landasan pesawaté bener-bener ing pinggir jurang.c

Kadhang kami ya kudu ngliwati jalur sing berbahaya atau rawa-rawa pas cuacané panas banget. Kami kudu nggéndhong tas sing isiné bacaan-bacaan lan kebutuhané kami. Tapi merga dikancani sedulur-sedulur, sepanjang perjalanan kami isa ngobrol, guyon, lan saling nguwatké.

Warren nyetir prau.

Numpak prau kanggo nginjil ing Kali Keram, Papua Nugini

Aku dadi kèlingan kata-katané Paulus ing 1 Tésalonika 2:8, ”Merga aku sayang banget karo kowé . . . aku réla ngorbanké uripku kanggo mbantu kowé.” Sedulur-sedulur ya réla berkorban kanggo kami, bahkan meréka siap nglindhungi kami saka wong-wong jahat. Pernah pas kuwi Leann diancam karo wong sing nggawa parang, aku ora isa mbantu soalé aku lagi ora bareng karo dhèwèké. Tapi ana siji sedulur sing langsung maju kanggo nglindhungi Leann, terus merga ana akèh wong sing teka, akhiré sedulur mau isa slamet meskipun dhèwèké luka-luka. Yéhuwah terbukti terus mbantu kami, dadi kami ya isa terus nguwatké sedulur-sedulur.

Taun 2010 Leann lara parah merga infèksi baktèri. Tapi ing Papua Nugini fasilitas keséhatané terbatas, mula kami kudu balik ing Australia kanggo éntuk pengobatan. Akhiré Leann éntuk pengobatan sing cocog. Merga terus dibantu Yéhuwah, kami isa tetep tenang. Ana salah siji dokter sing ngomong,”Kowé wis kerja keras kanggo Gusti Allah, saiki gentènan Gusti Allah sing nulungi kowé”. Beberapa sasi bar kuwi, kami wis isa balik ing Papua Nugini manèh.

Péta Australia lan negara ing sekitaré, termasuk Sri Lanka, Indonesia, Papua Nugini, lan Timor-Leste. Péta Australia lan pembagian dhaérahé.

Nggawé Penyesuaian

Selama beberapa taun bar kuwi, kami kudu tetep bola-bali ing Australia kanggo pengobatané Leann. Akhiré taun 2012 kantor cabang ngekèki saran kanggo bali ing Australia. Kami sedhih banget merga kudu ninggalké tugas lan sedulur-sedulur ing Papua Nugini. Kami kudu berjuang ngatasi perasaan cilik ati, kami ngrasa nèk wis ora berguna manèh kanggo Yéhuwah. Kami ya kudu nggawé akèh penyesuaian merga wis suwé banget ninggalké Australia. Tapi, kami bersyukur sedulur-sedulur terus mbantu kami.

Sakwisé Leann luwih séhat, kami nglayani dadi perintis istiméwa ing Wollongong, bagian selatan Sydney, New South Wales. Bar kuwi kami diundang mèlu Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen (saiki disebut Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah). Terus, kantor cabang Australasia nugaské kami kanggo dadi pinituwa wilayah. Selama beberapa taun kami ngunjungi jemaat-jemaat ing kota, padhang gurun, lan désa-désa. Dhaérah tugasé kami saiki termasuk dhaérah gurun ing bagian barat laut Australia lan dhaérah Timor-Leste.

Warren lan Leann nginjil ing pantai.

Nginjil ing Timor-Leste

Aku bersyukur banget merga nduwé bojo sing sayang karo Yéhuwah lan terus ndhukung aku. Leann selalu siap nampa tugas apa waé saka Yéhuwah meskipun kadhang angèl atau ora nyaman. Pas ditakoni apa sing mbantu dhèwèké isa tetep semangat meskipun akèh masalah, dhèwèké ngomong, ”Kabèh tak critakké karo Yéhuwah”. Leann ya rajin maca Alkitab, dhèwèké selalu siap manut arahané Yéhuwah.

Aku ora pernah menyesal karo keputusanku, aku wis ngrasakké nèk Yéhuwah selalu mbantu awaké dhéwé bèn isa nglakoni tugas apa waé nèk awaké dhéwé gelem nampa tugas kuwi. Terus pas ngadhepi masalah atau nggawé keputusan, penting banget kanggo ndonga dhisik karo Yéhuwah. Uripé kami nyenengké banget merga kami terus nglayani Yéhuwah. Kami péngin ndelok piyé Yéhuwah terus nggunakké ”wadhah saka tanah liat” kaya kami iki.—2 Korintus 4:7.

a Pengalamané Max Lloyd ana ing Menara Pengawal 15 Juli 2012, halaman 17-21.

b Deloken Buku Tahunan Saksi-Saksi Yehuwa, halaman 129-134 sing nyritakké pengalamané siji pinituwa wilayah sing kudu numpak prau kanggo ngunjungi sedulur-sedulur.

c Deloken artikel ”Terumbu Karang di Tengah Awan” sing ana ing Menara Pengawal 1 Maret 2010, halaman 16-17.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim