PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfs artikel 19
  • ”Aku Péngin Nggolèk Keadilan”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Aku Péngin Nggolèk Keadilan”
  • Pengalamané Sedulur-Sedulur sing Setya
  • Subjudhul
  • NGGOLÈK KEADILAN
  • AKHIRÉ AKU ÉNTUK JAWABANÉ
  • NGLAYANI ING TEMPAT SING LUWIH MBUTUHKÉ
  • TETEP BAHAGIA MESKIPUN LARA PARAH
  • BERKAHÉ YÉHUWAH SING NGGAWÉ SUGIH
Pengalamané Sedulur-Sedulur sing Setya
lfs artikel 19
Kamal Virdee.

KAMAL VIRDEE | PENGALAMAN

”Aku Péngin Nggolèk Keadilan”

Sasi Agustus 1973, aku karo loro adhiku teka ing Pertemuan Internasional ing Twickenham, Inggris. Ing kana kami ketemu Sedulur Edwin Skinner, dhèwèké wis nglayani dadi utusan injil ing India kèt taun 1926. Pas dhèwèké ngerti kami isa ngomong basa Punjabi, dhèwèké ngomong, ”Ayo pindhah ing India waé.” Akhiré kami pindhah lan kami mulai nglayani ing jemaat basa Punjabi. Tapi, aku mèh crita dhisik piyé awalé aku isa sinau Alkitab.

Aku lair sasi April 1951 ing Nairobi, Kenya. Wong tuwaku saka India lan agamané Sikh. Bapakku nduwé bojo loro, soalé dhèwèké nikah manèh karo adhi iparé sing wis dadi randha. Ibu sing dadi bojo pertama mung isa pasrah karo keputusané bapak. Ibu lan ibu tiriku biasané nglairké anak ing taun sing padha, dadi aku nduwé akèh sedulur. Ana telu sedulur kandhung karo telu sedulur tiri. Terus, taun 1964 pas umurku 13 bapakku mati.

NGGOLÈK KEADILAN

Pas cilik, aku ndelok nèk keluargaku seneng mbédak-mbédakké. Terus pas aku mulai sinau Alkitab, aku ngrasa nèk kehidupan keluargaku mirip kaya kisahé Léa lan Rakhèl. Aku ndelok nèk keluargaku ora menghargai pembantu kami sing asalé saka Kenya. Bapak ngongkon kami kekancan karo wong-wong Eropa, soalé menurut bapak meréka kuwi luwih pinter. Tapi, kami ora olèh kekancan karo wong-wong Afrika, soalé bapak ngrèmèhké meréka. Kami ya ora éntuk kekancan karo wong Pakistan merga bapak nganggep nèk meréka kuwi mungsuh. Aku ora setuju karo pendapaté bapak, aku ngrasa nèk kuwi ora adil.

Agama Sikh mulai ana kèt abad 15 lan pendiriné yaiku Guru Nānak. Aku setuju karo ajarané Guru Nānak sing njelaské nèk Gusti Allah sing bener kuwi mung siji. Tapi merga ndelok ana akèh tumindak ora adil ing komunitas Sikh, aku dadi ngrasa nèk mesthi ana sing salah.

Tapi ora mung kuwi sing nggawé aku ragu. Aku mikir, ’Agama Sikh kan durung suwé ana, lha terus sakdurungé kuwi piyé carané wong-wong ngibadah karo Gusti Allah?’ Ing omahku ya ana kalènder sing gambaré sepuluh guru Sikh, terus aku mikir, ’Apa kuwi mémang bener wajahé meréka? Lha ngapa kok wong-wong padha nyembah gambar kuwi, padahal kan kami diajari sing kuduné disembah mung Gusti Allah thok.’

Taun 1965, pas umurku 14 taun, kami pindhah ing India, pas kuwi keadaané angèl soalé kami miskin. Kira-kira setaun bar kuwi, kami pindhah ing Leicester, Inggris. Tapi kami pindhahé ora barengan.

Pas umurku 16, aku mulai kerja serabutan terus benginé aku nglanjutké sekolahku. Ing tempat kerja, aku ya ndelok ana tumindak ora adil. Misalé, karyawan imigran digaji luwih sithik daripada wong Inggris. Akhiré aku gabung dadi aktivis serikat buruh, aku ngejaki wong-wong wédok imigran kanggo mogok kerja nganti éntuk gaji sing padha. Aku péngin nggolèk keadilan.

AKHIRÉ AKU ÉNTUK JAWABANÉ

Aku ketemu Seksi-Seksi Yéhuwah taun 1968, pas kuwi ana loro sedulur sing ndhodhog lawangku. Aku tertarik karo janji ing Alkitab nèk Kerajaané Gusti Allah bakal mènèhi keadilan. Akhiré aku, Jaswinder adhiku, lan Chani adhi tiriku mulai sinau Alkitab. Bar sinau enem pelajaran, kami yakin nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, Alkitab kuwi omongané Gusti Allah, lan mung Kerajaané sing isa mujudké keadilan kanggo kabèh manungsa.

Tapi, kami ngalami tantangan saka keluarga. Sakwisé bapak mati, mas tiriku sing dadi kepala keluarga. Masku kasar karo kami merga dipengaruhi ibu tiriku, dhèwèké nggebugi lan nendhang Jaswinder karo Chani. Masku ora wani nggebugi aku soalé umurku wis 18 taun, tapi dhèwèké ngrasa berhak nggebugi adhi-adhiku merga meréka isih dibawah umur. Masku pernah njupuk Alkitab, mbakar beberapa halamané, terus kuwi disodhorké ing cedhak wajahé adhi-adhiku. Dhèwèké ngomong, ”Coba njaluka karo Yéhuwah bèn matèni geniné.” Pas kuwi kami ndhelik-ndhelik bèn isa teka ing pertemuan ibadah. Kami bener-bener péngin nglayani Yéhuwah, Gusti Allah sing bener. Tapi, nèk kami tetep manggon karo keluarga, kayané kuwi ora bakal isa. Makané kami nggawé rencana kanggo minggat.

Kami mulai nabung, aku ya nyisihké dhuwit saka gajiku sing biasané tak wènèhké kabèh kanggo ibu tiriku. Kami tuku koper telu, koperé kami umpetké ing loker, terus pakaian kami mulai kami pindhah ing koper kuwi. Sasi Mei 1972 tabungan kami wis ana 260 dolar, terus pas kuwi umuré Jaswinder wis mèh 18 taun. Akhiré kami numpak sepur kanggo lunga ing Penzance, bagian barat dayané Inggris. Sakwisé tekan, kami ngubungi sedulur seiman sing ana ing kana, meréka nyambut kami. Kami ya kerja serabutan, termasuk mbèthèti iwak. Akhiré kami isa ngontrak lan manggon ing kana.

Kami terus sinau Alkitab karo Sedulur Harry lan Betty Briggs. Sasi September 1972 kami dibaptis ing kolam cilik sing ana ing Balé Ibadah Truro. Chani mulai merintis, terus aku karo Jaswinder kerja kanggo mbantu nyukupi kebutuhané Chani.

NGLAYANI ING TEMPAT SING LUWIH MBUTUHKÉ

Meskipun wis tuwa, Harry karo Betty sering nginjil ing Kepulauan Scilly, kuwi ana ing pesisir barat dayané Inggris. Kami dadi péngin niru semangaté meréka, mula taun 1973 sakwisé ngobrol karo Sedulur Skinner kaya sing tak critakké ing awal mau, kami ngerti kudu piyé.

Sasi Januari 1974, kami tuku tikèt kanggo lunga ing New Delhi, India. Terus Sedulur Dick Cotterill ngijinké kami kanggo manggon sementara ing omahé utusan injil. Chani dadi perintis biasa, terus aku karo Jaswinder nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil.

Terus kami pindhah ing Punjab. Kami manggon sementara ing omahé utusan injil ing kutha Chandigarth, terus kami nyéwa apartemèn. Aku mulai merintis biasa sasi September 1974. Terus taun 1975 aku éntuk undangan kanggo dadi perintis istiméwa. Selama nginjil ing kana aku dadi mikir, bèn wong-wong isa sinau soal Yéhuwah lan keadilané, meréka butuh bacaan-bacaan ing basa Punjabi. Terus taun 1976 kantor cabang India ngundang kami bertiga kanggo mbantu nerjemahké bacaan ing basa Punjabi. Merga durung ana mesin tik utawa komputer, dadi terjemahané kudu ditulis tangan dhisik, dicèk, terus ya kudu diwaca manèh. Kanggo nyétak bacaané kami kerja sama karo percétakan setempat sing mesin cétaké isih kuna.

Kamal lungguh bareng pitu sedulur saka jemaat Chandigarh.

Karo sedulur-sedulur ing jemaat Chandigarh, Punjab, India

TETEP BAHAGIA MESKIPUN LARA PARAH

Keadaan kami berubah. Jaswinder nikah lan pindhah ing Kanada, Chani ya nikah lan pindhah ing Amerika Serikat. Sasi Oktober 1976 merga lara, aku bali ing Inggris. Ibu kandhungku karo adhiku lanang manggon ing Leicester, meréka gelem ngrawat aku. Dokter ngomong nèk aku lara Evans Syndrome, kuwi penyakit autoimun sing nyerang sèl darah mérah. Aku butuh akèh perawatan kesehatan termasuk operasi pengangkatan limpa. Makané wektu kuwi aku ora isa merintis manèh.

Aku ndonga karo Yéhuwah, nèk misalé aku mari aku bakal nglayani sepenuh wektu manèh lan kuwi bener-bener kelakon. Meskipun kadhang penyakitku isih kambuh, tapi aku isa merintis manèh. Aku pindhah ing Wolverhampton taun 1978 lan ing kana aku nginjil karo wong-wong sing nganggo basa Punjabi. Aku karo sedulur-sedulur nggawé undangan kanggo teka ing pertemuan ibadah, undangané kami tulis tangan terus di fotocopy. Kami mbagi undangan kuwi karo wong-wong sing nganggo basa Punjabi lan ngundang meréka teka kanggo ngrungokké ceramah umum. Saiki ing Britania ana lima jemaat lan telu kelompok basa Punjabi.

Kantor cabang Britania ngerti nèk aku pernah dadi penerjemah basa Punjabi ing India, terus ing akhir taun 1980 kantor cabang ngubungi aku. Terus aku mulai dadi rélawan ing Bètel London. Aku mbantu nyiapké jenis huruf, software, lan mbantu nyusun pedoman penggunaan naskah Gurmukhi. Mémang aku sibuk banget, aku kudu kerja, ngrawat ibu, lan dadi rélawan ing Bètel. Tapi aku bener-bener bahagia.

Kamal lungguh ing ngarep komputer lan lagi dilatih karo sedulur lanang.

Pelatihan ing Bètel London taun 1980-an

Sasi September 1991 aku diundang dadi anggota keluarga Bètel, ing kana aku nerjemahké publikasi ing basa Punjabi. Aku ora nyangka isa éntuk undangan kuwi soalé aku ngrasa ora trampil, nduwé penyakit, lan umurku wis ora memenuhi persyaratan kanggo mulai nglayani dadi anggota Bètel. Tapi, Yéhuwah isih mènèhi kesempatan kanggo aku. Selama nglayani ing Bètel, aku kudu terus éntuk perawatan keséhatan lan kémoterapi. Beberapa kali aku ya kudu njelaské nèk aku ora gelem ditransfusi. Dokterku nggumun merga aku cepet pulih, terus aku diundang teka ing seminar ing rumah sakit gedhé ing London. Selama sepuluh menit aku njelaské pendirianku soal penggunaan getih ing ngarepé 40 tenaga mèdis profésional. Terus ya ana sèsi tanya jawab sing dipandhu karo sedulur saka Bagian Informasi Rumah Sakit.

Aku bersyukur banget merga Jaswinder lan Chani selalu ndhukung aku. Anggota keluarga Bètel lan sedulur-sedulur ya selalu nyemangati aku. Yéhuwah terus nguwatké aku bèn aku isa nglayani Dhèwèké.—Mazmur 73:26.

BERKAHÉ YÉHUWAH SING NGGAWÉ SUGIH

Selama 33 taun nglayani ing Bètel aku bener-bener ndelok lan ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi apikan. (Mazmur 34:8; Wulang Bebasan 10:22) Aku isa tetep semangat merga niru contoné sedulur-sedulur lansia sing tetep setya. Aku ya seneng merga akèh wong sing tak bantu sinau Alkitab, saiki ya nglayani Yéhuwah. Aku bersyukur merga hubunganku karo keluargaku tetep apik. Ibuku karo adhiku lanang dudu Seksi Yéhuwah, tapi ibuku sering ngomong, ”Kowé bener-bener semangat nglayani Gusti Allahmu.” Terus pas aku ngomong nèk arep metu saka Bètel merga péngin ngrawat ibu, adhiku lanang ngomong, ”Wis ora usah, gawéanmu ing kana kuwi penting.” Saiki ibuku manggon ing panti jompo, meskipun jaraké adoh saka Bètel, tapi aku berusaha bèn isa sering niliki dhèwèké.

Pas lagi ngadhepi masalah aku sering mbatin, ’Aja wedi Kamal, Yéhuwah bakal nglindhungi kowé. Kowé bakal éntuk berkah sing akèh banget.’ (Purwaning Dumadi 15:1) Aku bersyukur karo Yéhuwah ”Gusti Allah sing adil” merga wis nggatekké aku lan nggawé uripku bahagia. (Yésaya 30:18) Aku ngentèni wektuné wong-wong ”ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”—Yésaya 33:24.

Kamal ngadeg lan senyum ing ngarep lobi Bètel Chelmsford.

Ing Bètel Chelmsford

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim