IBOLYA BARTHA | PENGALAMAN
Mbantu Bojoku Kenal Kebenaran Tanpa ”Ngomong Apa-Apa”
Akèh sing nggawé aku tertarik kanggo nglayani Yéhuwah. Misalé aku ndelok nèk umaté Yéhuwah kuwi saling menyayangi, terus aku terkesan karo carané meréka mulangké kebenaran sing ana ing Alkitab. Aku ya seneng pas ngerti nèk Gusti Allah bener-bener perduli lan péngin bèn manungsa isa urip bahagia sukmbèn. Tapi, bojoku ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah lan kuwi dadi tantangan kanggo aku.
Pernikahan kami
Aku lair ing Rumania taun 1952. Meskipun ibuku Seksi Yéhuwah, tapi dhèwèké ora aktif, dadi aku ora tau teka ing pertemuan ibadah. Pas kuwi Rumania dipimpin karo pemerintahan Komunis, dadi kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah kaya nginjil lan nyétak publikasi dilarang. Nganti umurku 36 taun, aku ora ngerti ajarané Alkitab lan ora kenal sapa kuwi Yéhuwah. Tapi pas taun 1988 keadaané berubah, pas kuwi aku manggon ing kutha Satu-Mare bareng karo bojoku, Istvan.
Undangan sing Ora Mungkin Tak Tolak
Pas kuwi ibuku teka ing omahku, dhèwèké ngomong nèk arep dolan ing omahé bulik terus dhèwèké ngejak aku. Merga pas kuwi aku ora ana kegiatan, dadi aku gelem ngancani ibu.
Pas tekan omahé bulik, ternyata lagi ana pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah, sing teka kira-kira ana wong sanga. Jebulé pas kuwi ibuku wis mulai ngibadah lan nginjil bareng Seksi-Seksi Yéhuwah manèh. Aku terkesan banget karo acara pertemuan ibadah kuwi.
Sakwisé acara, sing mandhu nyalami aku terus dhèwèké ngomong, ”Jenengku János, tak delok njenengan mau nggatekké tenanan. Apa njenengan tertarik karo sing dibahas?” Aku njawab nèk aku durung pernah mèlu pertemuan kaya ngéné sakdurungé, makané aku péngin teka manèh. Terus dhèwèké takon, ”Apa njenengan péngin sinau Alkitab?” Kuwi undangan sing ora mungkin tak tolak. Aku ngrasa nèk Gusti Allah dhéwé sing narik aku kanggo dadi umaté.
János ngenalké aku karo Ida, terus aku mulai sinau Alkitab karo Ida. Tapi, aku kuwatir karo reaksiné István nèk dhèwèké ngerti aku sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Wis beberapa kali aku ngomong karo István soal iki, tapi dhèwèké ora nanggepi. Aku ngerti nèk István ora seneng.
Meskipun ngono, aku tetep sinau Alkitab lan akhiré dibaptis sasi Agustus taun 1989. Patang sasi bar kuwi, pemerintahan Komunis ing Rumania berakhir lan pemimpiné dihukum.
Ngalami Tantangan
Merga ana perubahan pemerintahan, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Rumania dadi isa luwih bébas kanggo nginjil lan ngibadah. Tapi keadaan iki justru dadi tantangan kanggo aku, István ngomong karo aku, ”Aku ora perduli apa sing mbok percayani, tapi kowé ora éntuk nginjil ing omah-omah.”
Meskipun bojoku ora ngijinké, aku tetep nginjil. (Kisah 4:20) Aku selalu berusaha ngati-ati, tapi pernah pas kuwi kancané István weruh aku lagi nginjil ing omah-omah terus meréka ngandhani István. Pas tekan omah, bojoku nesu banget terus dhèwèké ngomong, ”Kowé wis nggawé aku isin.” Dhèwèké ngarahké péso ing guluku lan ngancem nèk bakal matèni aku nèk aku ora mandheg nginjil.
Aku berusaha njelaské karo István, terus aku ya ngomong nèk aku sayang karo dhèwèké, mémang bar kuwi dhèwèké isa tenang, tapi kuwi mung sementara. Soalé pas ana keluarga kami sing arep nikah, aku ngomong nèk aku ora bakal teka ing acara pemberkatané. Nah wektu krungu kuwi István nesu manèh, omongané ya dadi tambah kasar.
Selama 13 taun aku kudu ngadhepi sifaté István sing kaya ngono. Dhèwèké ya kerep ngancem nèk arep megat aku. Kadhang dhèwèké sengaja ngunci lawang, dadi aku ora isa mlebu omah. Terus dhèwèké ya tau ngusir aku.
Aku isa tetep sabar merga aku ndonga. Aku njaluk bantuané Yéhuwah bèn aku isa tetep tenang lan aku ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener ndhukung aku. (Mazmur 55:22) Sedulur-sedulur ing jemaat ya terus nyemangati aku, para pinituwa lan sedulur-sedulur wédok sing wis pengalaman ngandhani aku bèn terus semangat nglayani Yéhuwah. Meréka ngélingké nèk aku tetep setya karo Yéhuwah, aku isa mbantu bojoku kenal kebenaran tanpa ”ngomong apa-apa”. (1 Pétrus 3:1) Aku ngrasakké nèk kuwi mémang bener.
Keadaané Berubah
Taun 2001 István kena stroke terus dhèwèké lumpuh. Dhèwèké dirawat ing rumah sakit selama sesasi lan ing pusat réhabilitasi beberapa minggu. Selama István lara, aku selalu ngancani dhèwèké, dhèwèké tak dulang, tak ajak ngobrol, terus aku ya mastèkké bèn kabèh kebutuhané István tercukupi.
Sedulur-sedulur ing jemaat ya teka kanggo niliki István. Dhèwèké dadi isa ngrasakké nèk sedulur-sedulur kuwi bener-bener perduli. Ana sedulur sing nawani kanggo ngresiki omahé kami. Terus para pinituwa ya selalu siap kanggo ndhukung lan mènèhi penghiburan.
István terkesan karo kunjungané sedulur-sedulur, soalé pas kuwi ora ana kancané sing teka kanggo niliki dhèwèké. István dadi nyesel merga mbiyèn tau kasar karo aku. Mula pas dhèwèké metu saka rumah sakit dhèwèké ngomong, ”Aku péngin sinau Alkitab lan dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.” Pas krungu kuwi aku seneng banget.
Sasi Mei 2005, István akhiré dibaptis. Merga dhèwèké lumpuh, dadi ana beberapa sedulur sing nggéndhong dhèwèké mlebu ing kolam baptisan terus dhèwèké dibaptis. Aku kerep nginjil bareng István, dhèwèké kuwi penginjil sing semangat. Aku terharu banget, mbiyèn István nglarang aku nginjil, tapi saiki kami isa bareng-bareng martakké kabar apik kanggo wong liya.
István sayang banget karo Yéhuwah. Dhèwèké rajin sinau lan ngapalké ayat-ayat Alkitab. Dhèwèké ya seneng mbahas ayat-ayat Alkitab karo sedulur-sedulur ing jemaat kanggo nguwatké meréka.
Bareng sedulur-sedulur ing pertemuan gabungan wilayah
Keséhatané István tambah parah. Sakwisé beberapa kali ngalami stroke ringan, dhèwèké dadi ora isa ngomong terus ya ora isa tangi saka tempat tidur. Tapi István tetep semangat nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ngupaya sak isa-isané kanggo maca lan sinau Alkitab. Pas sedulur-sedulur teka kanggo niliki István, dhèwèké nggunakké perangkat èlèktronik sing ana layaré bèn isa komunikasi lan nyemangati meréka. Ana salah siji sedulur sing ngomong, ”Aku seneng banget niliki István, soalé aku ngrasa dikuwatké.”
Sasi Desember 2015, aku sedhih banget merga István mati. Tapi, aku ngrasa lega soalé István wis éntuk kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah. Saiki, aku ngentèni wektuné bèn isa ketemu manèh karo István lan ibuku ing donya anyar.
Aku ora bakal lali pas mbiyèn aku karo ibu dolan ing omahé bulik. Saiki umurku wis 70 taun lan aku isih nglayani dadi perintis biasa. Aku bersyukur banget merga Yéhuwah wis apikan karo aku. Yéhuwah mbantu aku tetep setya lan tetep tenang pas aku ngadhepi tantangan. Terus saka pengalamanku, aku dadi ngerti nèk keadaan kuwi isa berubah. Meskipun kétoké mustahil, tapi aku isa mbantu bojoku kanggo dadi umaté Yéhuwah tanpa ”ngomong apa-apa”.