Kemis, 23 Oktober
Muga-muga kowé tetep kuwat lan kokoh ing ndhuwuré pondhasi kuwi.—Éf. 3:17.
Awaké dhéwé ora péngin nèk mung ngerti ajaran dhasar ing Alkitab. Tapi, awaké dhéwé ya péngin ngerti ”pengetahuan sing jero soal Gusti Allah” nganggo bantuané roh suci. (1 Kor. 2:9, 10) Njenengan isa sinau luwih akèh soal hal-hal sing isa marakké tambah akrab karo Yéhuwah. Misalé, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo umaté jaman mbiyèn lan sayang karo njenengan. Terus, ya isa mempelajari pengaturané Yéhuwah soal ibadah kanggo bangsa Israèl mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki. Utawa, sinau luwih akèh ramalan-ramalan soal Mésias sing wis kelakon. Kanggo mempelajari topik-topik kuwi, njenengan isa nganggo Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk pelajaran pribadiné ora mung sing gampang-gampang thok, mengko imané njenengan bakal dadi tambah kuwat lan bakal ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah”.—WB. 2:4, 5. w23.10 18-19 ¶3-5
Jumat, 24 Oktober
Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga katresnan nutupi akèh banget dosa.—1 Ptr. 4:8, cathetan ngisor.
Kata ”banget” sing disebutké Rasul Pétrus kuwi nèk diterjemahké kata per kata artiné ”dijembrèng”. Ing akhir ayat kuwi disebutké nèk sayang banget karo para sedulur, awaké dhéwé bakal ”nutupi akèh banget dosa”. Apa maksudé? Perumpamaané ngéné: Ana méja sing wis akèh nodané lan wis mbarèt-mbarèt. Bèn cacadé ora kétok, isa ditutupi nganggo taplak. Tapi bèn cacadé isa ketutup kabèh, taplaké kudu dijembrèngké. Padha kaya ngono, nèk sayang banget karo para sedulur, awaké dhéwé isa ”nutupi (utawa, ngampuni) akèh banget dosa”. Nèk rasa sayangé awaké dhéwé kanggo para sedulur gedhé banget, awaké dhéwé mesthi gelem ngampuni kesalahané meskipun kuwi ora gampang. (Kol. 3:13) Gelem ngampuni kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé péngin nggawé Yéhuwah seneng. w23.11 11-12 ¶13-15
Setu, 25 Oktober
Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja.—2 Bb. 34:18.
Pas umuré 26, Raja Yosia mulai ndandani bait. Nah wektu kuwi, ana sing nemu ”buku Hukum Yéhuwah sing diwènèhké liwat Musa”. Bar diwacakké, Yosia dadi péngin ngetrapké sing ditulis ing kono. (2 Bb. 34:14, 19-21) Apa kowé ya péngin maca Alkitab saben dina? Nèk wis, apa kowé menikmati pembacaan Alkitabmu? Terus nèk ana ayat-ayat sing menarik, apa kuwi mbok cathet? Pas umuré kira-kira 39, Yosia ora nggolèk tuntunané Yéhuwah tapi ngendelké kekuwatané dhéwé. Akibaté, dhèwèké mati. (2 Bb. 35:20-25) Pelajarané, ora soal umuré pira utawa wis suwé sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu terus nggolèk tuntunané Yéhuwah. Kuwi berarti kudu rajin ndonga, sinau Alkitab, lan gelem ngrungokké naséhaté sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Nèk ngupayakké kuwi, kowé isa dadi luwih bahagia. Terus, kuwi ya isa nglindhungi bèn kowé aja nganti nggawé kesalahan sing gedhé.—Yak. 1:25. w23.09 12 ¶15-16