PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 98-108
  • Oktober

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Oktober
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Rebo, 1 Oktober
  • Kemis, 2 Oktober
  • Jumat, 3 Oktober
  • Setu, 4 Oktober
  • Minggu, 5 Oktober
  • Senèn, 6 Oktober
  • Selasa, 7 Oktober
  • Rebo, 8 Oktober
  • Kemis, 9 Oktober
  • Jumat, 10 Oktober
  • Setu, 11 Oktober
  • Minggu, 12 Oktober
  • Senèn, 13 Oktober
  • Selasa, 14 Oktober
  • Rebo, 15 Oktober
  • Kemis, 16 Oktober
  • Jumat, 17 Oktober
  • Setu, 18 Oktober
  • Minggu, 19 Oktober
  • Senèn, 20 Oktober
  • Selasa, 21 Oktober
  • Rebo, 22 Oktober
  • Kemis, 23 Oktober
  • Jumat, 24 Oktober
  • Setu, 25 Oktober
  • Minggu, 26 Oktober
  • Senèn, 27 Oktober
  • Selasa, 28 Oktober
  • Rebo, 29 Oktober
  • Kemis, 30 Oktober
  • Jumat, 31 Oktober
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 98-108

Oktober

Rebo, 1 Oktober

Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.—Yak. 3:17.

Apa njenengan tau ngrasa nèk manut kuwi abot? Raja Daud tau kaya ngono. Makané dhèwèké ndonga, ”Gawénen aku bèn péngin manut karo Njenengan.” (Mzm. 51:12) Meskipun sayang karo Yéhuwah, Daud isih kudu berjuang bèn isa manut. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Lha ngapa? Pertama, merga awaké dhéwé ora sampurna, biasané pénginé mbrontak. Keloro, Sétan terus-terusan ngojok-ojoki bèn awaké dhéwé ora manut Gusti Allah, kaya dhèwèké. (2 Kor. 11:3) Ketelu, akèh-akèhé wong saiki seneng mbrontak merga ’pikirané dipengaruhi karo penguasané donya iki’. (Éf. 2:2) Makané, awaké dhéwé kudu berjuang bèn isa terus manut karo Yéhuwah lan karo wong-wong sing dikèki Yéhuwah wewenang. w23.10 6 ¶1

Kemis, 2 Oktober

Kowé nyimpen anggur sing apik lan lagi mbok suguhké saiki.—Yoh. 2:10.

Apa sing isa dipelajari saka mukjijaté Yésus ngubah banyu dadi anggur? Sakwisé nggawé mukjijat, Yésus ora pamèr. Malah dhèwèké babar blas ora tau pamèr. Yésus rendah hati. Dhèwèké bola-bali ngomong nèk isa nggawé mukjijat merga dibantu Yéhuwah. (Yoh. 5:​19, 30; 8:28) Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ora bakal pamèr. Meskipun awaké dhéwé wis akèh mbantu sedulur-sedulur lan éntuk tugas-tugas ing organisasi, dudu kuwi sing dibanggakké. Tapi, sing dibanggakké merga isa nglayani Yéhuwah. (Yér. 9:​23, 24) Awaké dhéwé péngin sing dipuji kuwi mung Yéhuwah. Sakjané apa awaké dhéwé isa berhasil nèk ora dibantu Yéhuwah? (1 Kor. 1:​26-31) Nèk rendah hati, awaké dhéwé ora bakal crita-crita nèk wis mbantu sedulur-sedulur. Ngerti Yéhuwah nggatèkké upayané awaké dhéwé waé wis nggawé seneng. (Bandhingna karo Matius 6:​2-4; Ibr. 13:16) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé niru Yésus sing rendah hati.—1 Ptr. 5:6. w23.04 4 ¶9; 5 ¶11-12

Jumat, 3 Oktober

Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.—Flp. 2:4.

Nèk ngetrapké saran ing ayat kuwi, awaké dhéwé bakal mikirké wong liya sing ya péngin mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah. Coba pikirna, nèk omong-omongan karo kanca, apa njenengan sing bakal ngomong terus? Mesthi ora. Njenengan mesthi mènèhi kesempatan kancané njenengan ngomong. Padha kaya ngono, pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé péngin sing mènèhi koméntar akèh. Sakjané, sedulur-sedulur isa dadi semangat nèk diwènèhi kesempatan kanggo koméntar. (1 Kor. 10:24) Dadi koméntaré singkat waé bèn luwih akèh sing isa ngacung. Terus, aja diborong. Nèk jawabané diborong kabèh, ora ana manèh sing isa dikoméntari. w23.04 23 ¶11-13

Setu, 4 Oktober

Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik, bèn aku isa martakké kuwi marang wong liya.—1 Kor. 9:23.

Awaké dhéwé aja lali nèk mbantu wong liya kuwi penting, utamané nginjil. Pas nginjil, awaké dhéwé ora éntuk kaku. Awaké dhéwé ketemu karo wong sing agama, sikap, lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé isa niru Rasul Paulus sing ora kaku. Yésus milih Paulus dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. (Rm. 11:13) Paulus nginjil karo wong Yahudi, Yunani, wong sing pendidikané dhuwur, wong sing ora sekolah, pejabat, lan raja. Paulus ngupaya sak isa-isané kanggo ”mbantu kabèh wong”. (1 Kor. 9:​19-22) Dhèwèké nggatèkké tenanan budaya, latar belakang, lan agamané wong-wong sing dikabari. Paulus dadi ngerti piyé carané mbantu wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa berhasil nginjil nèk mikirké wong-wong sing dikabari lan gelem nyesuaikké apa sing diomongké. w23.07 23 ¶11-12

Minggu, 5 Oktober

Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong.—2 Tim. 2:24.

Ing Alkitab, istilah ”watak sing alus” kuwi diterjemahké saka kata Yunani sing biasané dienggo nggambarké kuda liar sing wis dijinakké. Meskipun wis jinak, ora berarti kuda kuwi dadi lemah. Tapi, kuda kuwi tetep kuwat. Nah, wong sing wataké alus kuwi ora berarti wong sing lemah. Malah, dhèwèké kuwi wong sing kuwat. Soalé, bèn isa tetep tenang pas ana sing isa waé marakké nesu kuwi ora gampang. Wong isa nduwé watak sing alus nèk dhèwèké ”dituntun roh suci”. (Gal. 5:​22, 23) Makané, kudu ndonga njaluk roh suciné Gusti Allah bèn isa nduwé watak sing alus. Ana akèh sing wis berhasil nduwé watak sing alus. Misalé, ana akèh Seksi Yéhuwah sing tetep tenang meskipun dikasari. Kuwi marahi wong-wong dadi nduwé kesan sing apik karo Seksi Yéhuwah.—2 Tim. 2:​24, 25. w23.09 15 ¶3

Senèn, 6 Oktober

Aku ndonga . . . [lan] Yéhuwah wis mènèhi sing tak jaluk.—1 Sam. 1:27.

Liwat wahyu sing ditampa, Yohanes tau ndelok pinituwa 24 sujud nyembah Yéhuwah ing swarga. Wong-wong kuwi ngomong nèk Yéhuwah ”pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa”. (Why. 4:​10, 11) Para malaékat sing bareng-bareng karo Yéhuwah ing swarga ya isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Merga ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, para malaékat muji Yéhuwah. (Ayb. 38:​4-7) Awaké dhéwé ya péngin muji Yéhuwah pas ndonga. Critakna ngapa kok njenengan sayang karo Yéhuwah. Pas maca Alkitab, gatèkna sifat-sifaté Yéhuwah sing berkesan kanggoné njenengan. (Ayb. 37:23; Rm. 11:33) Terus pas ndonga, critakna piyé perasaané njenengan soal sifat-sifaté Yéhuwah. Njenengan ya isa muji Yéhuwah merga wis mbantu njenengan lan sedulur-sedulur sak donya.—1 Sam. 2:​1, 2. w23.05 3-4 ¶6-7

Selasa, 7 Oktober

[Tumindak] apik kaya sing kuduné ditindakké karo wong sing ngabdi marang Yéhuwah.—Kol. 1:10.

Taun 1919, umaté Yéhuwah isa bébas saka Babilon Gedhé. Wektu kuwi ”budhak sing setya lan wicaksana” mulai mbantu wong-wong bèn isa mlaku ing ”Dalan Suci”. (Mat. 24:​45-47; Yés. 35:8) Merga ana sing nyiapké dalan kuwi, wong-wong sing mlaku ing ”Dalan Suci” isa kenal Yéhuwah lan ngerti tujuané. (WB. 4:18) Suwé-suwé wong-wong kuwi ya isa luwih nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah ora nuntut umaté langsung berubah. Tapi alon-alon Yéhuwah mbantu umaté. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga sukmbèn isa bener-bener nyenengké Yéhuwah. Dalan sing apik kudu terus dirawat. Kèt 1919, ”Dalan Suci” terus digawé tambah apik bèn luwih akèh wong isa metu saka Babilon Gedhé. w23.05 17 ¶15, 16

Rebo, 8 Oktober

Aku . . . ora bakal ninggalké kowé.—Ibr. 13:5.

Anggota Pengurus Pusat sing nglayani ing panitia sing béda-béda ya nglatih asistèné. Para asistèn kuwi saiki nduwé akèh tanggung jawab ing organisasi. Meréka wis siap nglanjutké tugasé Pengurus Pusat kanggo ngopèni domba-dombané Yésus. Ing akhir sengsara gedhé, pas wong pilihan sing terakhir munggah swarga, ibadah murni bakal tetep ana. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Dhèwèké merga dipimpin karo Yésus. Wektu kuwi, umaté Yéhuwah bakal diserang Gog saka Magog, yaiku gabungan bangsa-bangsa. (Yèh. 38:​18-20) Tapi, serangané singkat lan ora bakal berhasil. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Yéhuwah. Ing wahyu sing didelok Rasul Yohanes, ana ”kumpulan gedhé” domba-domba liya sing ”slamet ngliwati sengsara gedhé”. (Why. 7:​9, 14) Kuwi jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké meréka. w24.02 5-6 ¶13-14

Kemis, 9 Oktober

Aja matèni geniné roh suci.—1 Tés. 5:19.

Piyé bèn isa dadi ”wong sing dituntun roh suci”? (Gal. 5:​22, 23) Ndonga njaluk roh suci, sinau Alkitab, lan tetep cedhak karo organisasiné Yéhuwah. Gusti Allah mung bakal mènèhi roh suci nèk pikiran lan perbuatané awaké dhéwé bener. (1 Tés. 4:​7, 8) Bèn isa terus éntuk roh suci ”aja ngrèmèhké ramalan”. (1 Tés. 5:20) Sing dimaksud ”ramalan” kuwi kabèh sing disampèkké Yéhuwah liwat roh suciné, termasuk keterangan nèk dinané Yéhuwah wis cedhak. Aja nganti mikir nèk Armagédon tekané isih sukmbèn, sakwisé awaké dhéwé mati. Nèk terus sibuk ”ngabdi marang Gusti Allah” lan mikirké soal dinané Yéhuwah, tekané dinané Yéhuwah bakal krasa luwih cepet.—2 Ptr. 3:​11, 12. w23.06 12 ¶13-14

Jumat, 10 Oktober

Awalé kawicaksanan yaiku wedi marang Yéhuwah.—WB. 9:​10, cathetan ngisor.

Nèk ngerti-ngerti ing perangkat èlèktronik ana gambar pornografi piyé? Aja didelok. Pikirna nèk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah luwih berharga. Terus, meskipun gambar kuwi dudu pornografi tapi nèk marahi nafsu, ya aja didelok. Kenapa? Awaké dhéwé babar blas ora gelem mikirké sing saru-saru. (Mat. 5:​28, 29) David, pinituwa saka Thailand, ngomong, ”Aku mikir, ’Meskipun gambar kuwi dudu pornografi, tapi apa Yéhuwah seneng nèk aku ndelok kuwi terus?’ Merga mikir kaya ngono aku isa nggawé keputusan sing wicaksana.” Awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing wicaksana nèk wedi nggawé Yéhuwah kecéwa. ”Awalé kawicaksanan yaiku wedi marang Yéhuwah.” w23.06 23 ¶12-13

Setu, 11 Oktober

Umat-Ku, mlebua ing kamarmu.—Yés. 26:20.

’Kamar’ mungkin maksudé jemaat. Pas sengsara gedhé, awaké dhéwé isa dislametké nèk bersatu karo para sedulur. Ora nduwé masalah karo sedulur-sedulur kuwi mémang wis apik. Tapi kuwi ora cukup. Awaké dhéwé kudu berupaya nresnani sedulur-sedulur mulai saiki. Awaké dhéwé slamet apa ora, isa waé bergantung karo kuwi. Pas ”dinané Yéhuwah”, wong-wong bakal sengsara. (Zéf. 1:​14, 15) Umaté Yéhuwah ya bakal sengsara. Tapi nèk siap-siap saiki, awaké dhéwé isa tetep tenang lan mbantu liyané. Awaké dhéwé isa tetep sabar pas ngadhepi masalah apa waé. Pas sedulur-sedulur susah, awaké dhéwé bakal gelem mbantu merga nduwé rasa mesakké. Awaké dhéwé ya bakal tetep bersatu karo sedulur-sedulur merga wis nresnani. Yéhuwah bakal mberkahi lan mènèhi awaké dhéwé urip saklawasé ing donya anyar sing bébas saka penderitaan.—Yés. 65:17. w23.07 7 ¶16-17

Minggu, 12 Oktober

[Yéhuwah] bakal nggawé kowé kuwat. Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya. Dhèwèké bakal ndhukung kowé.—1 Ptr. 5:10.

Ing Alkitab, wong sing kendel lan sing percaya karo Yéhuwah kerep disebut wong sing kuwat. Tapi, meréka ora selalu ngrasa kuwat. Misalé, kadhang-kadhang Raja Daud ngrasa nèk dhèwèké kuwi ”kuwat kaya gunung”, tapi kadhang-kadhang dhèwèké ya ”wedi banget”. (Mzm. 30:7) Simson isa dadi kuwat banget merga roh suciné Yéhuwah, tapi dhèwèké ngerti nèk dudu merga Yéhuwah, dhèwèké ”ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong liyané”. (PH. 14:​5, 6; 16:17) Daud karo Simson isa dadi kuwat merga Yéhuwah sing ngekèki kekuwatan. Rasul Paulus ya ngakoni nèk dhèwèké butuh kekuwatan saka Yéhuwah. (2 Kor. 12:​9, 10) Paulus nduwé penyakit. (Gal. 4:​13, 14) Kadhang, Paulus ya kudu berjuang bèn isa nglakoni sing bener. (Rm. 7:​18, 19) Paulus ya kadhang-kadhang ngrasa kuwatir lan wedi. (2 Kor. 1:​8, 9) Tapi, wektu ngrasa lemah, Paulus malah dadi kuwat. Kok isa? Yéhuwah sing ngekèki Paulus kekuwatan. w23.10 12 ¶1-2

Senèn, 13 Oktober

Yéhuwah ndelok piyé atiné.—1 Sam. 16:7.

Wektu ngrasa ora berharga, isa éling nèk Yéhuwah sing wis narik awaké dhéwé. (Yoh. 6:44) Yéhuwah luwih ngerti lan isa ndelok sifat-sifat apiké awaké dhéwé, bahkan sing mungkin ora awaké dhéwé sadhari. (2 Bb. 6:30) Dadi, nèk Yéhuwah ngomong awaké dhéwé berharga, ya kudu percaya. (1 Yoh. 3:​19, 20) Ana sedulur-sedulur sing isih ngrasa bersalah merga dosa sing tau digawé pas durung sinau Alkitab. (1 Ptr. 4:3) Bahkan, sedulur-sedulur sing terus setya nglayani Yéhuwah ya isih kudu berjuang ngatasi kelemahané. Apa njenengan tau ngrasa nèk Yéhuwah ora ngampuni dosané njenengan? Nèk iya, pikirna contoné umaté Yéhuwah sing ya tau ngrasa kaya ngono. Misalé, Rasul Paulus tau cilik ati merga mikirké kesalahan lan kelemahané. (Rm. 7:24) Mémang, Paulus wis mertobat lan dibaptis. Tapi, dhèwèké tetep ngrasa ”sing paling ora penting ing antarané para rasul” lan ”sing paling dosa”.—1 Kor. 15:9; 1 Tim. 1:15. w24.03 27 ¶5-6

Selasa, 14 Oktober

Wong-wong mulai ninggalké omahé Yéhuwah.—2 Bb. 24:18.

Pelajaran saka kisahé Raja Yéhoas yaiku, kudu milih kanca sing marakké awaké dhéwé dadi wong sing apik, yaiku kanca sing sayang Yéhuwah lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Kancané ora kudu sing sak umuran. Yéhoas waé kekancan karo Yéhoyada, sing umuré luwih tuwa. Pikirna, ’Apa kanca-kancaku marakké aku dadi tambah percaya Yéhuwah? Apa kanca-kancaku manut Yéhuwah lan nyemangati aku bèn ya manut Yéhuwah? Pas ngobrol, apa kanca-kancaku sering ngomongké Yéhuwah lan Alkitab? Nèk aku salah, apa kanca-kancaku gelem ngandhani aku?’ (WB. 27:​5, 6, 17) Sakjané, kowé ora perlu kekancan karo wong-wong sing ora sayang Yéhuwah. Tapi karo wong-wong sing sayang Yéhuwah, kowé kudu luwih akrab karo meréka. Meréka bakal selalu mbantu kowé.—WB. 13:20. w23.09 9-10 ¶6-7

Rebo, 15 Oktober

Aku iki Alfa lan Oméga.—Why. 1:8.

Alfa lan Oméga kuwi huruf pertama lan huruf terakhir ing abjad Yunani. Dadi, pas ngomong nèk Dhèwèké ”Alfa lan Oméga” kuwi maksudé nèk Yéhuwah wis memulai sesuatu, Dhèwèké mesthi bakal ngrampungké kuwi. Kapan Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Alfa”? Kuwi kelakon bar Yéhuwah nyiptakké Adam lan Hawa, pas Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi.” (PD. 1:28) Terus, sukmbèn pas keturunané Adam lan Hawa sing manut wis dadi sampurna, ngebaki bumi, lan nggawé bumi dadi Firdaus, pas kuwi Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Oméga”. Yéhuwah ya ngekèki jaminan nèk sing Dhèwèké karepké soal bumi lan manungsa kuwi mesthi bakal kelakon. Sing dikarepké Yéhuwah soal bumi lan manungsa bakal bener-bener kelakon pas akhir dina kepitu.—PD. 2:​1-3. w23.11 5 ¶13-14

Kemis, 16 Oktober

Siapna dalan kanggo Yéhuwah. Gawéa dalan sing lurus kanggo Gusti Allah ing padhang pasir.—Yés. 40:3.

Perjalanan saka Babilon ing Israèl isa nganti patang sasi. Tapi Yéhuwah janji nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi wong Israèl. Mémang bali ing Israèl butuh pengorbanan. Tapi wong Yahudi sing sayang Yéhuwah ngerti nèk pengorbanané ora ana apa-apané dibandhingké berkahé. Salah sijiné, wong Yahudi isa leluasa ngibadah karo Yéhuwah. Baité Yéhuwah ora ana ing Babilon. Nèk péngin mènèhké korban, ora ana mézbah lan para imam. Terus nèk dibandhingké karo wong Babilon sing ora nyembah Yéhuwah, jumlahé wong Yahudi luwih sithik. Wong Yahudi sing sayang karo Yéhuwah mesthi péngin banget bali ing Israèl bèn ibadah sing murni isa dipulihké. w23.05 15 ¶3-4

Jumat, 17 Oktober

Kowé kudu terus urip dadi anak-anaké cahaya.—Éf. 5:8.

Bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya” sing tingkah lakuné ”suci”, awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Gusti Allah. Soalé, akèh wong saiki kelakuané bejat. (1 Tés. 4:​3-5, 7, 8) Roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora terpengaruh wong-wong sing pikirané ora sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Roh suci ya bakal mbantu awaké dhéwé ”ngasilké apa waé sing apik, adil, lan bener”. (Éf. 5:9) Salah siji cara bèn isa éntuk roh suci kuwi kudu ndonga. Yésus ngomong nèk Yéhuwah bakal ”mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké”. (Luk. 11:13) Cara liyané kuwi muji Yéhuwah ing pertemuan ibadah. (Éf. 5:​19, 20) Wong sing dituntun roh suci mesthi pikiran lan tingkah lakuné selalu nyenengké Yéhuwah. w24.03 23-24 ¶13-15

Setu, 18 Oktober

Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.—Luk. 11:9.

Wong sing dituntun roh suci bakal sabar. (Gal. 5:​22, 23) Dadi, nèk péngin luwih sabar, ndongaa njaluk roh suci lan bantuané Yéhuwah. Nèk terpancing arep nesu, ”terusa njaluk” roh suci bèn isa sabar. (Luk. 11:13) Awaké dhéwé ya isa ndonga bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Sakwisé ndonga, awaké dhéwé isa terus berusaha bèn sabar saben dina. Nèk terus ndonga lan berupaya bèn sabar, Yéhuwah bakal mbantu bèn luwih sabar meskipun awaké dhéwé dudu wong sing sabar. Awaké dhéwé ya isa mikirké kisah-kisah ing Alkitab. Ing Alkitab ana akèh conto wong sing sabar. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa luwih paham sing dimaksud sabar kuwi piyé. w23.08 22 ¶10-11

Minggu, 19 Oktober

Tebarna jalamu ing kono.—Luk. 5:4.

Bar diuripké manèh, Yésus nggawé mukjijat. Rasul Pétrus karo murid-murid liyané isa éntuk iwak akèh banget. (Yoh. 21:​4-6) Merga mukjijat kuwi, Pétrus mesthi dadi yakin nèk Yéhuwah isa nyukupi kebutuhané. Pétrus mungkin kèlingan kata-katané Yésus nèk Yéhuwah bakal ngopèni wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Mat. 6:33) Makané, bar kuwi Pétrus dadi luwih ngutamakké nginjilé timbang gawéané. Pas Péntakosta 33 M, Pétrus semangat banget ngekèki ceramah, lan hasilé ana éwonan sing gelem nampa kabar apik. (Kis. 2:​14, 37-41) Terus, dhèwèké ya ngajari akèh wong Samaria lan sing dudu Yahudi soal Yésus. (Kis. 8:​14-17; 10:​44-48) Liwat Pétrus, Yéhuwah mbantu wong-wong saka akèh bangsa bèn dadi umaté. w23.09 20 ¶1; 23 ¶11

Senèn, 20 Oktober

Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak tugel-tugel.—Dan. 2:5.

Kira-kira rong taun sakwisé Yérusalèm dihancurké Babilon, Raja Nébukhadnézar éntuk mimpi soal patung gedhé sing nggawé dhèwèké kepikiran. Dhèwèké arep matèni kabèh wong wicaksana ing istana, termasuk Danièl, nèk ora ana sing isa ngandhani mimpiné lan artiné. (Dan. 2:​3-5) Tapi, Danièl langsung ”ngadhep Raja lan njaluk bèn diwènèhi kesempatan kanggo njelaské arti mimpiné Raja”. (Dan. 2:16) Danièl kendel lan nduwé iman sing gedhé. Ing Alkitab ora disebutké nèk Danièl tau njelaské arti mimpi. Makané Danièl njaluk tulung karo kanca-kancané ”ndonga bèn Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi mesakké lan ngandhani rahasia soal mimpi kuwi”. (Dan. 2:18) Yéhuwah njawab donga kuwi. Merga dibantu Yéhuwah, Danièl isa njelaské arti mimpiné Raja Nébukhadnézar. Danièl karo kanca-kancané ora sida dipatèni. w23.08 3 ¶4

Selasa, 21 Oktober

Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.—Mat. 24:13.

Pikirna manfaaté nèk sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé luwih bahagia lan ayem. Awaké dhéwé ora gampang lara lan ora strès. Nèk sabar, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Jemaat ya dadi luwih rukun. Nèk ana sing njèngkèlké, keadaané ora bakal luwih parah merga awaké dhéwé ora gampang nesu. (Mzm. 37:8; WB. 14:29) Sing paling penting, awaké dhéwé niru Yéhuwah lan tambah cedhak karo Dhèwèké. Sabar akèh manfaaté. Mémang kuwi ora selalu gampang. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus sabar. Karo ”sabar ngentèni” donya anyar teka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi. (Mi. 7:7) Muga-muga awaké dhéwé isa terus sabar. w23.08 22 ¶7; 25 ¶16-17

Rebo, 22 Oktober

Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.—Yak. 2:17.

Yakobus nyritakké soal wong sing ngakuné nduwé iman, tapi saka perbuatané malah kétok nèk dhèwèké sakjané ora nduwé iman. (Yak. 2:​1-5, 9) Yakobus ya nyebutké soal wong sing ndelok ’seduluré ora nduwé klambi lan ora nduwé panganan’ tapi ora nulungi. Meskipun mungkin ngakuné nduwé iman, tapi merga ora ana buktiné ya kuwi ora ana gunané. (Yak. 2:​14-16) Yakobus nyebutké soal Rahab. Rahab kuwi contoné wong sing ora mung nduwé iman, tapi ya mbuktèkké imané liwat perbuatan. (Yak. 2:​25, 26) Rahab wis krungu soal Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah nglindhungi wong Israèl. (Yos. 2:​9-11) Makané, pas ana loro mata-mata Israèl sing mara ing omahé, dhèwèké wani nglindhungi meréka. Hasilé, dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah kaya Abraham meskipun dhèwèké ora manut Hukum Musa lan dhèwèké ya durung sampurna. Saka contoné Rahab kuwi awaké dhéwé ngerti nèk iman kudu dibuktèkké liwat perbuatan. w23.12 5-6 ¶12-13

Kemis, 23 Oktober

Muga-muga kowé tetep kuwat lan kokoh ing ndhuwuré pondhasi kuwi.—Éf. 3:17.

Awaké dhéwé ora péngin nèk mung ngerti ajaran dhasar ing Alkitab. Tapi, awaké dhéwé ya péngin ngerti ”pengetahuan sing jero soal Gusti Allah” nganggo bantuané roh suci. (1 Kor. 2:​9, 10) Njenengan isa sinau luwih akèh soal hal-hal sing isa marakké tambah akrab karo Yéhuwah. Misalé, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo umaté jaman mbiyèn lan sayang karo njenengan. Terus, ya isa mempelajari pengaturané Yéhuwah soal ibadah kanggo bangsa Israèl mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki. Utawa, sinau luwih akèh ramalan-ramalan soal Mésias sing wis kelakon. Kanggo mempelajari topik-topik kuwi, njenengan isa nganggo Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk pelajaran pribadiné ora mung sing gampang-gampang thok, mengko imané njenengan bakal dadi tambah kuwat lan bakal ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah”.—WB. 2:​4, 5. w23.10 18-19 ¶3-5

Jumat, 24 Oktober

Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga katresnan nutupi akèh banget dosa.—1 Ptr. 4:​8, cathetan ngisor.

Kata ”banget” sing disebutké Rasul Pétrus kuwi nèk diterjemahké kata per kata artiné ”dijembrèng”. Ing akhir ayat kuwi disebutké nèk sayang banget karo para sedulur, awaké dhéwé bakal ”nutupi akèh banget dosa”. Apa maksudé? Perumpamaané ngéné: Ana méja sing wis akèh nodané lan wis mbarèt-mbarèt. Bèn cacadé ora kétok, isa ditutupi nganggo taplak. Tapi bèn cacadé isa ketutup kabèh, taplaké kudu dijembrèngké. Padha kaya ngono, nèk sayang banget karo para sedulur, awaké dhéwé isa ”nutupi (utawa, ngampuni) akèh banget dosa”. Nèk rasa sayangé awaké dhéwé kanggo para sedulur gedhé banget, awaké dhéwé mesthi gelem ngampuni kesalahané meskipun kuwi ora gampang. (Kol. 3:13) Gelem ngampuni kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé péngin nggawé Yéhuwah seneng. w23.11 11-12 ¶13-15

Setu, 25 Oktober

Syafan macakké buku kuwi ing ngarepé Raja.—2 Bb. 34:18.

Pas umuré 26, Raja Yosia mulai ndandani bait. Nah wektu kuwi, ana sing nemu ”buku Hukum Yéhuwah sing diwènèhké liwat Musa”. Bar diwacakké, Yosia dadi péngin ngetrapké sing ditulis ing kono. (2 Bb. 34:​14, 19-21) Apa kowé ya péngin maca Alkitab saben dina? Nèk wis, apa kowé menikmati pembacaan Alkitabmu? Terus nèk ana ayat-ayat sing menarik, apa kuwi mbok cathet? Pas umuré kira-kira 39, Yosia ora nggolèk tuntunané Yéhuwah tapi ngendelké kekuwatané dhéwé. Akibaté, dhèwèké mati. (2 Bb. 35:​20-25) Pelajarané, ora soal umuré pira utawa wis suwé sinau Alkitab, awaké dhéwé kudu terus nggolèk tuntunané Yéhuwah. Kuwi berarti kudu rajin ndonga, sinau Alkitab, lan gelem ngrungokké naséhaté sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Nèk ngupayakké kuwi, kowé isa dadi luwih bahagia. Terus, kuwi ya isa nglindhungi bèn kowé aja nganti nggawé kesalahan sing gedhé.—Yak. 1:25. w23.09 12 ¶15-16

Minggu, 26 Oktober

Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong, ning Dhèwèké apikan banget karo wong sing rendah hati.—Yak. 4:6.

Ing Alkitab ana akèh conto wong wédok sing sayang lan nglayani Yéhuwah. Wong-wong wédok kuwi ”isa ngendhalèni kebiasaané” lan ”setya marang Gusti Allah wektu nindakké apa waé”. (1 Tim. 3:11) Terus, ing jemaat ya ana akèh contoné sedulur-sedulur wédok sing wis terbukti bener-bener sayang karo Yéhuwah. Cah-cah wédok, ana ora sedulur wédok sing mbok kenal sing péngin mbok tiru teladané? Gatèkna sifat-sifat apiké, terus pikirna carané niru. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kudu rendah hati. Nèk wong wédok rendah hati, dhèwèké ora mung bakal nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah, tapi ya karo wong liya. Wong wédok sing rendah hati lan sayang Yéhuwah bakal gelem manut petunjuk ing 1 Korintus 11:3. Ing kono, Yéhuwah wis nentokké sapa sing dadi kepala ing jemaat lan ing keluarga. w23.12 18-19 ¶3-5

Senèn, 27 Oktober

Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé.—Éf. 5:28.

Yéhuwah ngongkon wong lanang bèn sayang karo bojoné, nyukupi kebutuhané, dadi sahabaté, lan mbantu bojoné tetep akrab karo Yéhuwah. Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, ngajèni wong wédok, lan isa diendelké, kowé bakal luwih siap dadi suami. Bar kowé nikah, mungkin kowé isa waé nduwé anak. Bèn isa dadi bapak sing apik, kowé isa niru contoné Yéhuwah. (Éf. 6:4) Misalé, ing ngarepé wong akèh Yéhuwah ngomong nèk sayang lan bangga karo Yésus. (Mat. 3:17) Nèk kowé dadi bapak, kerep-kerepa ngomong karo anakmu nèk kowé sayang karo meréka. Terus, ya kerep-kerepa muji. Nèk kowé niru contoné Yéhuwah, mengko anak-anakmu ya isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Kowé isa siap dadi bapak sing apik nèk kèt saiki kowé belajar perduli lan menyayangi keluargamu lan sedulur-sedulur ing jemaat. Ngomonga nèk meréka kuwi berharga lan kowé sayang karo meréka.—Yoh. 15:9. w23.12 28-29 ¶17-18

Selasa, 28 Oktober

[Yéhuwah] sing nggawé kowé aman.—Yés. 33:6.

Meskipun wis dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa ngalami kesulitan-kesulitan kaya wong-wong umumé. Mungkin awaké dhéwé ya ditentang utawa dianiaya wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Meskipun Yéhuwah ora nyegah umaté ngalami kaya ngono, Dhèwèké janji nèk bakal nulungi. (Yés. 41:10) Merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep bahagia, nggawé keputusan sing bener, lan tetep setya meskipun ana kesulitan. Ing Alkitab, Yéhuwah janji nèk ”bakal mènèhi [awaké dhéwé] rasa ayem”. (Flp. 4:​6, 7) Rasa ayem iki maksudé perasaan tenang ing ati lan pikiran merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Rasa ayem iki ”ora isa dipahami manungsa” soalé pengaruhé luar biasa banget. Apa njenengan tau ndonga tenanan karo Yéhuwah, terus bar kuwi ngerti-ngerti langsung ngrasa tenang? Nah, kuwi sing jenengé ’rasa ayem saka Gusti Allah’. w24.01 20 ¶2; 21 ¶4

Rebo, 29 Oktober

Aku arep muji Yéhuwah. Aku arep muji jenengé sing suci sak tulusé atiku.—Mzm. 103:1.

Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé dadi péngin muji jenengé saktulusé ati. Wektu krungu jeneng Yéhuwah, wong mesthi langsung terpikir sifat-sifat lan perbuatané Yéhuwah. Makané, Daud ngerti nèk muji jeneng Yéhuwah kuwi padha karo muji Yéhuwah. Daud nganggep jeneng Yéhuwah kuwi suci lan péngin muji jeneng kuwi ’saktulusé atiné’. Wong Lèwi ya dadi conto sing apik soal muji Yéhuwah. Meréka rendah hati ngakoni nèk jeneng Yéhuwah kuwi mulya banget makané pantes dipuji lan diluhurké. (Néh. 9:5) Pujian sing rendah hati lan tulus saka ati kuwi mesthi marakké Yéhuwah seneng. w24.02 9 ¶6

Kemis, 30 Oktober

Terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.—Flp. 3:16.

Yéhuwah ora nganggep njenengan gagal mung merga nduwé cita-cita sing ngluwihi kesanggupan. (2 Kor. 8:12) Sinaua saka kegagalan. Pikirna cita-cita sing wis kelakon. Menurut Alkitab, Gusti Allah ”ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké”. (Ibr. 6:10) Dadi njenengan ya aja lali. Pikirna apa waé sing wis tercapai. Misalé, isa akrab karo Yéhuwah, crita karo wong liya soal Yéhuwah, utawa dibaptis. Nèk mbiyèn waé isa tercapai, cita-citané njenengan saiki ya isa tercapai nèk terus berjuang. Nèk dibantu Yéhuwah, cita-citané njenengan mesthi isa terwujud. Coba pikirna berkah-berkah lan bantuané Yéhuwah selama iki. (2 Kor. 4:7) Nèk ora nyerah, njenengan bakal éntuk berkah sing luwih akèh.—Gal. 6:9. w23.05 31 ¶16-18

Jumat, 31 Oktober

Bapak dhéwé sayang karo kowé merga kowé wis sayang karo aku lan kowé percaya nèk aku iki wakilé Gusti Allah.—Yoh. 16:27.

Yéhuwah kerep ngandhani nèk Dhèwèké seneng lan sayang karo umaté. Ing Alkitab, ping loro dicritakké nèk Yéhuwah ngomong Yésus kuwi Anaké sing disayangi lan Yéhuwah seneng karo Yésus. (Mat. 3:17; 17:5) Nah nèk saiki piyé? Mémang, Yéhuwah ora ngomong secara langsung, tapi ”ngomongé” liwat Alkitab. Pas maca omongané Yésus kanggo murid-muridé, awaké dhéwé isa mbayangké Yéhuwah ”ngomong” kaya ngono karo awaké dhéwé. Soalé, sifat-sifaté Yésus padha kaya Yéhuwah. (Yoh. 15:​9, 15) Nèk ana masalah, kuwi ora berarti Gusti Allah ora seneng karo awaké dhéwé. Malah, kuwi isa dadi kesempatan awaké dhéwé mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan percaya Yéhuwah.—Yak. 1:12. w24.03 28 ¶10-11

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim