November
Setu, 1 November
Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian.—Mat. 21:16.
Wong tuwa isa mbantu anak-anak nyiapké koméntar sing cocog karo umuré. Kadhang sing dirembug mémang abot, misalé masalah perkawinan. Tapi isa waé ana siji utawa loro paragraf sing anak-anak isa mèlu koméntar. Kandhanana anak-anak nèk ora mesthi ditunjuk terus. Nèk wis dikandhani, anak-anak ora bakal sedhih nèk ora ditunjuk. (1 Tim. 6:18) Awaké dhéwé isa nyiapké koméntar sing muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. (WB. 25:11) Nyritakké pengalaman pribadi kuwi ora apa-apa, tapi aja nganti mung crita soal njenengan thok. (WB. 27:2; 2 Kor. 10:18) Awaké dhéwé péngin sedulur-sedulur tetep mikirké Yéhuwah, Alkitab, lan organisasiné.—Why. 4:11. w23.04 24-25 ¶17-18
Minggu, 2 November
Aja nganti awaké dhéwé turu kaya sing liyané, ning awaké dhéwé kudu tetep tangi lan sadhar.—1 Tés. 5:6.
Nduwé katresnan kuwi penting bèn isa tetep siap. (Mat. 22:37-39) Nèk nresnani Gusti Allah, awaké dhéwé bakal tetep nginjil meskipun ora gampang. (2 Tim. 1:7, 8) Merga nresnani wong liya, awaké dhéwé ya tetep nginjil, bahkan liwat télpon utawa surat. Awaké dhéwé yakin nèk wong-wong kuwi bakal berubah dadi wong sing apik. (Yèh. 18:27, 28) Awaké dhéwé ya nresnani sedulur-sedulur. Mula, awaké dhéwé ”terus nguwatké lan mbantu liyané”. (1 Tés. 5:11) Awaké dhéwé ya saling nyemangati kaya prajurit sing maju bareng pas perang. Awaké dhéwé mesthi ora péngin sengaja nglarani sedulur-sedulur seiman. (1 Tés. 5:13, 15) Nèk nresnani, awaké dhéwé ya bakal ngajèni para pinituwa.—1 Tés. 5:12. w23.06 10 ¶6; 11 ¶10-11
Senèn, 3 November
Nèk [Yéhuwah] ngomong, mesthi ditindakké.—Wi. 23:19.
Bèn isa nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé kudu ngrenungké tebusané Yésus. Merga ana tebusan, janji-janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Nèk ngrenungké pengorbanané Yéhuwah lan kenapa Yéhuwah mènèhi tebusan, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk janjiné Yéhuwah soal donya anyar mesthi ditepati. Kok isa? Coba pikirna manèh pengorbanané Yéhuwah. Yéhuwah réla ngutus ing bumi Anaké siji-sijiné sing paling disayangi bèn dadi tebusan. Pas ing bumi, Yésus ngalami akèh penderitaan. Dhèwèké sengsara nganti mati. Kuwi bener-bener pengorbanan sing luar biasa. (Yoh. 3:16; 1 Ptr. 1:18, 19) Yéhuwah ora mungkin berkorban kaya ngono nèk manungsa uripé mung sedhéla thok. Merga ana tebusan, manungsa bakal isa urip saklawasé. w23.04 27 ¶8-9
Selasa, 4 November
Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?—Hos. 13:14.
Jelas nèk Yéhuwah gelem nguripké manèh wong mati. Buktiné, Yéhuwah bola-bali janji nèk bakal nguripké manèh wong mati. (Yés. 26:19; Why. 20:11-13) Kabèh janjiné Yéhuwah selalu ditepati. (Yos. 23:14) Malah sakjané Yéhuwah ora mung gelem, tapi ya péngin banget nguripké manèh wong mati. Coba pikirna kata-katané Ayub. Ayub yakin meskipun dhèwèké mati, Yéhuwah bakal kangen banget karo dhèwèké. (Ayb. 14:14, 15) Yéhuwah ya kangen banget karo kabèh umaté sing wis mati. Yéhuwah péngin banget nguripké wong-wong kuwi. Tapi piyé sing durung dadi umaté Yéhuwah? Yéhuwah ya péngin nguripké manèh wong-wong kuwi. (Kis. 24:15) Yéhuwah péngin wong-wong kuwi dadi kancané lan urip saklawasé ing bumi.—Yoh. 3:16. w23.04 9 ¶5-6
Rebo, 5 November
Gusti Allah bakal mènèhi aku kekuwatan.—Mzm. 108:13.
Piyé bèn njenengan tambah yakin karo harapan ing masa depan? Nèk njenengan harapané urip saklawasé ing bumi, njenengan isa maca lan ngrenungké keterangan ing Alkitab soal Firdaus. (Yés. 25:8; 32:16-18) Bayangna nèk njenengan wis ing donya anyar. Nèk terus mikirké harapan ing donya anyar, masalahé awaké dhéwé dadi krasa ”ora abot lan mung sedhéla”. (2 Kor. 4:17) Yéhuwah isa ngekèki njenengan kekuwatan liwat harapan. Nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké, ’Gusti Allah bakal mènèhi kekuwatan’. Yéhuwah wis ngekèki akèh persediaan sing isa nguwatké awaké dhéwé. Dadi, nèk pas lagi éntuk tugas sing abot, ngadhepi akèh masalah, utawa lagi ora semangat, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah lan pelajaran pribadi. Aja nolak bantuan saka para sedulur. Terus, ya kudu kerep mikirké harapan ing masa depan. Hasilé, ’Gusti Allah bakal nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké njenengan. Dadi, njenengan isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé.’—Kol. 1:11. w23.10 17 ¶19-20
Kemis, 6 November
Kowé kudu ngucap syukur kanggo apa waé.—1 Tés. 5:18.
Ana akèh sing isa disyukuri. Menurut Alkitab kabèh sing apik asalé saka Yéhuwah. (Yak. 1:17) Dadi, apa waé sing menurut njenengan apik isa disyukuri. Misalé, njenengan isa bersyukur wektu ndelok ciptaan sing indah. Njenengan ya isa bersyukur merga wis dikèki urip, nduwé keluarga, kanca, lan nduwé harapan. Njenengan ya isa bersyukur merga dadi kancané Yéhuwah. Mungkin awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa ngerti apa sing isa disyukuri saka Yéhuwah. Akèh wong saiki ora seneng bersyukur. Sing dipikirké mung kepénginané thok, tapi ora bersyukur karo apa sing wis diduwèni. Nèk mulai mikir ngono, dongané awaké dhéwé isa waé isiné mung njaluk thok. Bèn ora ngono, terus pikirna kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah lan sampèkna kuwi liwat donga.—Luk. 6:45. w23.05 4 ¶8-9
Jumat, 7 November
Kudu terus njaluk nganggo iman lan ora ragu-ragu.—Yak. 1:6.
Kaya bapak sing sayang anaké, Yéhuwah ya susah nèk ndelok awaké dhéwé susah. (Yés. 63:9) Mémang, masalah sing diumpamakké kaya kali utawa geni kuwi kudu tetep diadhepi. Tapi, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ngancani awaké dhéwé ”ngliwati” kuwi. (Yés. 43:2) Ora soal sepira aboté masalah, Yéhuwah bakal mastèkké bèn masalah kuwi ora nganti marakké awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh. Bèn awaké dhéwé tetep setya, Yéhuwah ya bakal ngekèki roh suciné. (Luk. 11:13; Flp. 4:13) Awaké dhéwé isa yakin nèk apa waé sing dibutuhké bèn isa tetep setya meskipun ngadhepi masalah, kuwi bakal disedhiakké karo Yéhuwah. Yéhuwah péngin awaké dhéwé percaya karo Dhèwèké. (Ibr. 11:6) Kadhang-kadhang, masalahé awaké dhéwé abot banget nganti rasané wis ora sanggup manèh. Mungkin malah dadi mikir nèk Yéhuwah ora nulungi. Tapi ing Alkitab, awaké dhéwé diyakinké nèk Yéhuwah bakal ngekèki awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ”nglumpati témbok”. (Mzm. 18:29) Dadi, timbang ragu Yéhuwah nulungi apa ora, awaké dhéwé kuduné ndonga, percaya tenan karo Yéhuwah.—Yak. 1:6, 7. w23.11 22 ¶8-9
Setu, 8 November
[Katresnan] kaya geni sing gedhé banget, geni saka Yah. Banyu sing mbludag ora isa matèni katresnan. Banyu kali ya ora isa ngilangi katresnan.—Kid. 8:6, 7.
Kuwi katresnan sing sejati. Saka ayat kuwi, njenengan isa yakin nèk nresnani bojo nganti saklawasé kuwi ora mustahil. Suami istri isa terus menyayangi bergantung karo upayané. Misalé ngéné, api unggun isa terus murub bergantung dikèki kayu terus apa ora. Padha kaya ngono, suami istri isa terus saling menyayangi nèk loro-loroné berupaya. Kadhang kuwi ora gampang, isa waé ana masalah ékonomi, lara, utawa kudu nggedhèkké anak. Bèn ”geni saka Yah” isa terus murub, suami istri kudu akrab karo Yéhuwah. w23.05 20-21 ¶1-3
Minggu, 9 November
Aja wedi.—Dan. 10:19.
Bèn awaké dhéwé kendel kudu piyé? Meskipun wong tuwané awaké dhéwé kendel, tapi ora otomatis awaké dhéwé dadi kendel. Kendel butuh upaya. Kuwi isa dipadhakké kaya sinau ketrampilan anyar. Bèn isa trampil, awaké dhéwé mesthi nggatèkké tenanan pas diajari, terus ditiru. Bèn kendel, awaké dhéwé isa nggatèkké conto-conto wong sing kendel, terus niru wong-wong kuwi. Kaya Danièl, awaké dhéwé kudu ngerti tenan isiné Alkitab. Kerepa ndonga lan curhat karo Yéhuwah. Awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal terus mbantu. Dadi pas ana masalah, awaké dhéwé isa kendel. Biasané wong sing kendel diajèni wong liya. Wong-wong kuwi isa waé péngin kenal karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi péngin dadi wong sing kendel. w23.08 2 ¶2; 4 ¶8-9
Senèn, 10 November
Kowé kudu mastèkké apa sing bener.—1 Tés. 5:21.
Kata ”mastèkké” ing basa Yunani kuwi maksudé kaya nèk nguji emas asli apa ora. Padha kaya ngono, kabèh sing diwaca lan dirungokké kudu dipastèkké bener apa ora. Daripada langsung percaya karo kabèh keterangan, luwih apik nèk kuwi dibandhingké sik karo keterangan sing ana ing Alkitab lan organisasi. Nèk ngono, awaké dhéwé ora bakal kapusan. (WB. 14:15; 1 Tim. 4:1) Secara kelompok, umaté Yéhuwah mesthi bakal slamet ngliwati sengsara gedhé. Tapi njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan termasuk sing bakal dislametké? (Yak. 4:14) Ora soal slamet ngliwati sengsara gedhé utawa mati sakdurungé kuwi, kabèh bakal éntuk berkah nèk tetep setya. Ayo terus mikirké harapan kuwi lan tetep siap kanggo dinané Yéhuwah. w23.06 13 ¶15-16
Selasa, 11 November
Dhèwèké ngandhani rahasiané marang para abdiné.—Am. 3:7.
Ana beberapa ramalan ing Alkitab sing kadhang awaké dhéwé ora ngerti kelakoné piyé. (Dan. 12:8, 9) Tapi kuwi ora berarti ora bakal kelakon. Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn paham, kaya mbiyèn Yéhuwah mbantu para abdiné. Sedhéla manèh bakal ana pengumuman ”tentrem lan aman”. (1 Tés. 5:3) Terus pemimpin politik bakal nyerang agama palsu lan nyingkirké kuwi. (Why. 17:16, 17) Bar kuwi umaté Yéhuwah bakal diserang. (Yèh. 38:18, 19) Sakwisé peristiwa-peristiwa kuwi, Armagédon dimulai. (Why. 16:14, 16) Awaké dhéwé yakin nèk ora suwé manèh kuwi bakal kelakon. Karo ngentèni, awaké dhéwé péngin terus nggatèkké ramalan sing durung kelakon lan ngandhani wong liya soal kuwi. w23.08 13 ¶19-20
Rebo, 12 November
Ayo terus nresnani liyané, merga katresnan kuwi asalé saka Gusti Allah.—1 Yoh. 4:7.
Wektu mbahas soal iman, harapan, lan katresnan, Rasul Paulus ngomong nèk ”sing paling unggul saka antarané kabèh kuwi yaiku katresnan”. (1 Kor. 13:13) Lha ngapa? Sukmbèn, awaké dhéwé ora perlu nduwé iman utawa nduwé harapan manèh soal Firdaus merga kuwi wis kelakon. Tapi, awaké dhéwé isih kudu tetep nresnani Yéhuwah lan wong liya nganti saklawasé. Malah, saya suwé rasa sayangé kudu semakin kuwat. Terus, nèk saling menyayangi, kuwi bukti awaké dhéwé muridé Yésus. Yésus ngomong karo para rasulé, ”Nèk saben wong ing antaramu padha-padha nresnani, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku.” (Yoh. 13:35) Terus, nèk saling menyayangi, awaké dhéwé isa tetep rukun. Paulus ngomong nèk katresnan kuwi ”sing nggawé wong-wong bener-bener bersatu”. (Kol. 3:14) Rasul Yohanes ya nulis, ”Wong sing nresnani Gusti Allah ya kudu nresnani seduluré.” (1 Yoh. 4:21) Dadi nèk saling menyayangi, kuwi bukti awaké dhéwé ya sayang karo Gusti Allah. w23.11 8 ¶1, 3
Kemis, 13 November
Mbuwang kabèh beban.—Ibr. 12:1.
Ing Alkitab, awaké dhéwé dipadhakké kaya wong sing lagi mlayu. Nèk mlayu nganti akhir, awaké dhéwé bakal urip saklawasé. (2 Tim. 4:7, 8) Awaké dhéwé berupaya terus mlayu, apamanèh merga akhir kuwi wis cedhak banget. Rasul Paulus ngandhani carané bèn isa menang. Dhèwèké ngandhani kanggo ”mbuwang kabèh beban lan . . . terus mlayu nganti akhir ing balapan sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé”. Apa kuwi artiné ora mikul beban sama sekali? Maksudé Paulus ora ngono. Paulus péngin awaké dhéwé mbuwang kabèh beban sing ora perlu, sing mung isa ngabot-aboti lan nggawé kesel. Awaké dhéwé kudu cepet menyadari lan mbuwang kuwi bèn isa tetep setya. Tapi awaké dhéwé ya ora péngin mbuwang tanggung jawab sing kudu dipikul. Nèk dibuwang, awaké dhéwé ora isa terus mèlu balapan.—2 Tim. 2:5. w23.08 26 ¶1-2
Jumat, 14 November
Aja mung ngutamakké penampilanmu waé.—1 Ptr. 3:3.
Nèk ora kaku, awaké dhéwé bakal menghargai keputusané wong liya. Misalé beberapa sedulur wédok seneng dandan, tapi sing liyané ora. Ana sing seneng ngombé alkohol, ana sing ora. Kabèh mesthi péngin séhat, tapi mungkin carané béda-béda. Nèk meksa wong liya bèn nduwé pandhangan sing padha kaya awaké dhéwé, sedulur-sedulur isa tersinggung lan jemaat dadi ora rukun. (1 Kor. 8:9; 10:23, 24) Misalé, Yéhuwah ora ngatur awaké dhéwé kudu nganggo klambi apa, tapi mènèhi pathokan soal kuwi. Saka pakaiané awaké dhéwé, wong-wong isa ngerti nèk awaké dhéwé ngabdi marang Gusti Allah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé masuk akal, sederhana, lan ”nduwé pertimbangan sing apik”. (1 Tim. 2:9, 10) Awaké dhéwé mesthi ora péngin wong liya mung nggatèkké penampilané awaké dhéwé. Merga ana pathokan Alkitab, para pinituwa ora bakal nggawé aturan dhéwé soal pakaian lan gaya rambut. w23.07 23 ¶13-14
Setu, 15 November
Rungokna Aku tenanan. Mangana panganan sing énak, lan kowé bakal ngrasa seneng merga mangan panganan sing énak.—Yés. 55:2.
Yéhuwah ngandhani carané bèn awaké dhéwé isa bahagia. Wong-wong sing nampa undangané ”wong wédok sing bodho” sing cerèwèt, gelem nindakké hubungan sèks sing ora pantes. Meskipun kétoké ”legi”, wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibaté. Wong-wong kuwi bakal ana ing ”Kuburan sing jero”. (WB. 9:13, 17, 18) Hasilé béda nèk nampa undangané wong wédok sing ’wicaksana’. (WB. 9:1) Awaké dhéwé dadi seneng karo sing disenengi Yéhuwah lan sengit karo sing disengiti Yéhuwah. (Mzm. 97:10) Awaké dhéwé ya péngin ngundang sak akèh-akèhé wong kanggo sinau saka ”kawicaksanan”. Awaké dhéwé kaya-kayané lagi ”bengok-bengok ngéné saka panggonan sing paling dhuwur ing kutha, ’Sapa waé sing ora nduwé pengalaman, ayo mréné.’” Awaké dhéwé lan wong-wong sing ngrungokké bakal ngrasakké manfaaté ora mung saiki. Awaké dhéwé bakal ”isa terus urip” saklawasé merga ”tumindak nganggo pemahaman”.—WB. 9:3, 4, 6. w23.06 24 ¶17-18
Minggu, 16 November
Wong sing ora gampang nesu kuwi luwih apik timbang wong sing kuwat, lan wong sing isa nahan émosiné kuwi luwih kuwat timbang wong sing isa ngalahké kutha.—WB. 16:32.
Nèk ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing takon soal kepercayaané njenengan, piyé perasaané njenengan? Akèh sing langsung dadi dheg-dhegan utawa gugup. Tapi sakjané nèk ana sing takon kaya ngono, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dhèwèké pikirké, terus malah kuwi isa dadi kesempatan kanggo nyritakké isiné Alkitab. Tapi, kadhang ana sing takon mung merga péngin ngejak debat. Nah, meréka kaya ngono biasané merga éntuk informasi sing salah soal kepercayaané awaké dhéwé. (Kis. 28:22) Apamanèh ing ”akhir jaman” ana akèh wong sing ”ora gelem setuju karo wong liya” lan ”kejem”. (2 Tim. 3:1, 3.) Nèk ana sing ngejak debat soal kepercayaané awaké dhéwé, piyé carané bèn isa tetep tenang lan isa ngomong apik-apik? Kudu nduwé watak sing alus. Wong sing wataké alus kuwi ora gampang nesu, tapi isa tetep tenang lan ora kepancing meskipun dijak padu. w23.09 14 ¶1-2
Senèn, 17 November
Njenengan bakal nglantik anak-anakmu dadi para pemimpin ing bumi.—Mzm. 45:16.
Kadhang-kadhang, arahan saka organisasi kuwi isiné pengingat. Misalé, pengingat bèn ora ngutamakké harta utawa nglakoni sesuatu sing isa marakké nglanggar hukumé Gusti Allah. Nah, nèk manut, ana akèh manfaaté. (Yés. 48:17, 18; 1 Tim. 6:9, 10) Selama sengsara gedhé bahkan nganti Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, Yéhuwah mesthi bakal terus ngekèki arahan liwat wakil-wakilé ing bumi. Wektu kuwi, apa awaké dhéwé gelem manut? Nèk kèt saiki wis biasa manut, sukmbèn ya bakal luwih gampang manut. Makané, ayo terus manut tuntunané Yéhuwah, termasuk saka para pinituwa. (Yés. 32:1, 2; Ibr. 13:17) Awaké dhéwé isa percaya banget karo tuntunané Yéhuwah, merga kuwi isa nglindhungi bèn ora cilaka lan nuntun awaké dhéwé nganti tekan donya anyar. w24.02 25 ¶17-18
Selasa, 18 November
Kowé dislametké merga Gusti Allah apikan banget.—Éf. 2:5.
Paulus bahagia nglayani Yéhuwah. Tapi kuwi ora mesthi gampang. Selama pelayanané, Paulus kerep mlaku adoh banget. Ing perjalanan, Paulus kerep ngadhepi ”bahaya ing kali lan bahaya saka perampok”. Dhèwèké ya dianiaya. (2 Kor. 11:23-27) Sedulur-sedulur ing jemaat ya kadhang ora menghargai upayané Paulus. (2 Kor. 10:10; Flp. 4:15) Kok isa Paulus tetep semangat nglayani Yéhuwah? Paulus ngerti akèh sifaté Yéhuwah merga sinau saka Kitab Suci lan ngrenungké pengalamané dhéwé. Paulus dadi yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. (Rm. 8:38, 39; Éf. 2:4, 5) Dhèwèké ya dadi sayang banget karo Yéhuwah. Buktiné, Paulus terus ”nglayani wong-wong suci”.—Ibr. 6:10. w23.07 9 ¶5-6
Rebo, 19 November
Kudu manut karo pamréntah.—Rm. 13:1.
Akèh wong setuju nèk kuduné ana pamréntah lan ana beberapa hukumé ”pamréntah” sing kudu ditaati. Tapi, nèk ana hukum sing ora disenengi utawa rasané ora adil, wong-wong kuwi ora gelem manut. Ing Alkitab disebutké nèk pamréntahané manungsa kuwi dikuwasani Sétan, marahi susah, lan ora suwé manèh bakal disingkirké. (Mzm. 110:5, 6; Pkh. 8:9; Luk. 4:5, 6) Ing Alkitab ya ditulis, ”Sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi artiné nglawan pengaturané Gusti Allah.” Saiki, pamréntah diijinké Yéhuwah ngatur bèn keadaané dadi luwih tertib. Makané, awaké dhéwé kudu ’mènèhké apa sing dadi haké pamréntah’. Termasuk mbayar pajeg, ngajèni, lan manut. (Rm. 13:1-7) Mémang, isa waé ana aturané pamréntah sing ora adil utawa marahi awaké dhéwé répot lan rugi. Tapi, awaké dhéwé tetep manut merga Yéhuwah sing ngongkon. Sing penting, kuwi ora nglanggar hukumé Yéhuwah.—Kis. 5:29. w23.10 8 ¶9-10
Kemis, 20 November
Roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan.—PH. 15:14.
Pas Simson lair, bangsa Israèl lagi dikuwasani lan ditindhes wong Filistin. (PH. 13:1) Wong Filistin kuwi kejem banget, makané bangsa Israèl sengsara. Yéhuwah milih Simson kanggo ”nylametké Israèl saka wong Filistin”. (PH. 13:5) Makané bèn berhasil, Simson kudu bener-bener ngendelké Yéhuwah. Wektu kuwi, wong Filistin arep nyekel Simson ing Lèhi, ing Yéhuda. Wong-wong Yéhuda wedi. Makané, Simson ditalèni nganggo tali loro sing isih anyar, terus Simson diserahké ing wong Filistin. (PH. 15:9-13) Tapi, ”roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan”. Makané, tali-tali mau isa pedhot saka tangané. Bar kuwi Simson njupuk ”tulang rahang keledai lanang sing lagi waé mati” kanggo matèni wong Filistin 1.000.—PH. 15:14-16. w23.09 2-3 ¶3-4
Jumat, 21 November
Kabèh kuwi sesuai karo karepé sing ana saklawasé. Sing dikarepké kuwi wis ditentokké bèn kelakon liwat Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé.—Éf. 3:11.
Ing Alkitab disebutké nèk tujuané Yéhuwah kuwi ”ana saklawasé”. (Éf. 3:11) Apa maksudé? Tujuan utawa sing dikarepké Yéhuwah ”ana saklawasé” merga kuwi mesthi bakal berhasil. Yéhuwah isa ”nggunakké apa waé bèn tujuané kelakon”. (WB. 16:4) Sakliyané kuwi, hasil saka tujuané Yéhuwah ya bakal terus ana nganti saklawasé. Lha terus, tujuané Yéhuwah kuwi apa? Bèn kuwi isa tetep kelakon, Yéhuwah ngapa waé? Gusti Allah ngongkon Adam lan Hawa, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi. Kowé ya kudu nguwasani . . . kabèh kéwan sing urip ing bumi.” Kuwi tujuané Gusti Allah. (PD. 1:28) Pas Adam karo Hawa mbrontak, manungsa akhiré dadi dosa. Tapi, tujuané Gusti Allah tetep bakal kelakon nganggo cara liya. Yéhuwah langsung ngatur bèn ana kerajaan ing swarga sing isa nggawé bèn tujuané kanggo manungsa lan bumi isa kelakon.—Mat. 25:34. w23.10 20 ¶6-7
Setu, 22 November
Nèk Yéhuwah ora nulungi aku, mesthi saiki aku wis mati.—Mzm. 94:17.
Yéhuwah ya isa nguwatké awaké dhéwé bèn terus berjuang ngatasi kelemahan, terutama sing wis bertaun-taun. Kadhang-kadhang perjuangané awaké dhéwé malah luwih abot timbang Rasul Pétrus. Tapi Yéhuwah isa ngekèki kekuwatan bèn ora nyerah. (Mzm. 94:18, 19) Misalé, ana sedulur lanang sing mbiyèné homosèks. Meskipun dhèwèké wis ora kaya ngono, kadhang kepénginan sing salah kuwi muncul manèh. Apa sing marakké dhèwèké isa berjuang ngatasi kelemahané? Dhèwèké crita, ”Yéhuwah sing nguwatké aku. Merga roh suciné Yéhuwah . . . , aku dadi ngerti nèk aku mesthi isa nglakoni sing dikarepké Yéhuwah . . . Meskipun aku nduwé akèh kelemahan, Yéhuwah terus nguwatké lan nganggep aku berharga.” w23.09 23 ¶12
Minggu, 23 November
Wong sing rendah hati lan wedi marang Yéhuwah bakal éntuk kekayaan, kemuliaan, lan urip.—WB. 22:4.
Sedulur-sedulur lanang enom, dadi wong Kristen sing luwih apik kuwi ora otomatis. Kowé kudu niru conto sing apik, nduwé kemampuan kanggo mikir, isa diendelké, lan belajar ketrampilan sing bermanfaat kanggo kowé sukmbèn. Mungkin kowé mikir nèk kuwi kabèh ora gampang. Tapi kowé mesthi isa berhasil. Élinga nèk Yéhuwah péngin mbantu kowé. (Yés. 41:10, 13) Sedulur-sedulur ing jemaat ya mesthi bakal mbantu kowé. Nèk kowé ngupaya tenanan bèn dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé bakal bahagia lan puas. Sedulur-sedulur lanang, kalian disayangi. Muga-muga Yéhuwah mberkahi upayamu bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik. w23.12 29 ¶19-20
Senèn, 24 November
[Kudu] gelem ngapura kesalahan.—WB. 19:11.
Pikirna perumpamaan iki: Nèk lagi kumpul-kumpul, biasané kan foto bareng. Fotoné ora mung ping pisan, tapi beberapa kali bèn ana cadangan. Misalé wis foto ping telu, ternyata ing salah siji foto ana sedulur siji sing cemberut. Foto sing èlèk mau mesthiné dihapus, ta? Terus, sing disimpen mung foto sing apik, sing kabèh senyum. Awaké dhéwé biasané nduwé kenangan indah wektu bareng karo para sedulur. Tapi, piyé nèk misalé pas kuwi ana sing marakké awaké dhéwé lara ati? Kuwi isa dadi kenangan sing èlèk. Nah, sing arep diéling-éling kenangan sing apik apa kenangan sing èlèk? Nèk ora ngéling-éling kenangan sing èlèk, kuwi padha kaya mbusak foto sing èlèk mau. (Éf. 4:32) Kesalahané para sedulur kuwi isa dilalèkké waé merga awaké dhéwé isih nduwé akèh kenangan sing apik karo meréka. w23.11 12-13 ¶16-17
Selasa, 25 November
Wong wédok kudu dandan nganggo klambi sing pantes . . . kaya sing kuduné ditindakké wong wédok sing ngabdi marang Gusti Allah.—1 Tim. 2:9, 10.
Kata Yunani sing dienggo ing ayat kuwi berarti wong wédok kudu nganggo klambi sing sopan lan ora marakké wong liya dadi risi, apamanèh nganti mikir sing saru. Nyenengké banget ndelok sedulur-sedulur wédok sing ngupaya ngetrapké naséhat iki. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, cah-cah wédok kudu nduwé pertimbangan sing apik. Maksudé piyé? Nduwé pertimbangan sing apik kuwi berarti ngerti endi sing bener lan sing salah, terus isa nggawé keputusan sing bener. Gatèkna contoné Abigail. Merga bojoné nggawé keputusan sing ora wicaksana, kabèh wong ing keluargané nyawané terancam. Abigail ora meneng waé. Merga dhèwèké nduwé pertimbangan sing apik, kabèh wong ing keluargané ora sida dipatèni. (1 Sam. 25:14-23, 32-35) Nèk nduwé pertimbangan sing apik, awaké dhéwé ngerti kapan wektuné kudu ngomong lan kapan kudu meneng. Awaké dhéwé ya tetep nggatèkké wong liya tapi ora nyampuri urusané.—1 Tés. 4:11. w23.12 20 ¶8-9
Rebo, 26 November
Ngrasa seneng merga awaké dhéwé nduwé harapan nampa kemuliaan saka Gusti Allah.—Rm. 5:2.
Rasul Paulus nulis kata-kata kuwi kanggo jemaat ing Roma. Sedulur-sedulur ing kana wis sinau soal Yéhuwah lan Yésus, wis nduwé iman, lan wis dadi wong Kristen. Gusti Allah ’nganggep meréka bener merga nduwé iman’, lan meréka wis dipilih nganggo roh suci. (Rm. 5:1) Meréka nduwé harapan sing luar biasa. Bar kuwi, Paulus nulis kanggo wong Kristen ing Éfésus soal harapan sing bakal meréka tampa. Meréka bakal nampa ”warisan kanggo wong-wong suci”. (Éf. 1:18) Paulus ya ngandhani wong Kolose ing endi harapan kuwi bakal terwujud. Paulus ngomong nèk kuwi ”berkah sing wis disiapké kanggo [meréka] ing swarga”. (Kol. 1:4, 5) Dadi, wong-wong sing dipilih roh suci bakal diuripké manèh, terus urip saklawasé ing swarga, lan mréntah karo Kristus.—1 Tés. 4:13-17; Why. 20:6. w23.12 9 ¶4-5
Kemis, 27 November
Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. . . . [sing] bakal njaga ati lan pikiranmu.—Flp. 4:7.
Ing basa asliné, kata ”njaga” kuwi digunakké kanggo njelaské prajurit sing njaga kutha bèn ora diserang mungsuh. Penduduk ing kutha kuwi ngrasa tenang lan aman merga ngerti nèk ana tentara sing nglindhungi. Padha kaya ngono, awaké dhéwé ya bakal ngrasa tenang lan aman merga rasa ayem saka Gusti Allah ’njaga ati lan pikiran’. (Mzm. 4:8) Kaya Hana, awaké dhéwé ya isa tetep tenang meskipun masalahé isih ana. (1 Sam. 1:16-18) Nèk tenang, awaké dhéwé dadi isa mikir lan isa nggawé keputusan sing bener. Awaké dhéwé kudu piyé? Wektu ana sing arep nyerang, penduduk kutha bakal njaluk tulung karo prajurit sing njaga kutha. Pas lagi ana masalah, awaké dhéwé ya butuh rasa ayem saka Yéhuwah. Carané, terus ndonga nganti ngrasa ayem. (Luk. 11:9; 1 Tés. 5:17) Nèk terus ndonga pas lagi ngalami kesulitan, ati lan pikirané njenengan bakal ngrasa ayem.—Rm. 12:12. w24.01 21 ¶5-6
Jumat, 28 November
Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.—Mat. 6:9.
Bèn isa nyucèkké jenengé Bapaké, Yésus réla disiksa, dihina, lan difitnah. Dhèwèké ngerti nèk dhèwèké wis manut karo Bapaké lan dhèwèké ora isin. (Ibr. 12:2) Yésus ya ngerti nèk pas kuwi, dhèwèké lagi dadi sasarané Sétan. (Luk. 22:2-4; 23:33, 34) Sétan mesthi péngin banget Yésus ora setya karo Yéhuwah. Tapi, upayané Sétan kuwi gagal. Yésus terbukti tetep setya. Yésus ya mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi lan Yéhuwah isih nduwé umat sing setya nglayani Dhèwèké meskipun ngalami sengsara. Apa njenengan péngin nggawé Yésus seneng? Nèk iya, tirunen Yésus. Carané, terus muji jeneng Yéhuwah lan ngandhani wong-wong soal sifat-sifaté Yéhuwah. (1 Ptr. 2:21) Hasilé, kaya Yésus, njenengan bakal nggawé Yéhuwah seneng lan mbuktèkké nèk Sétan kuwi tukang ngapusi. w24.02 11-12 ¶11-13
Setu, 29 November
Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku?—Mzm. 116:12.
Selama limang taun iki, ana luwih saka sak yuta sing dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan berarti milih dadi muridé Yésus lan ngutamakké karepé Gusti Allah. Yésus ngomong, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé.” (Mat. 16:24) Kata-kata ”nolak kepénginané dhéwé” ing basa Yunaniné isa berarti ”uripé wis ora dienggo diri sendiri”. Kuwi berarti, nèk wis janji arep ngabdi karo Yéhuwah, njenengan kudu nolak apa waé sing ora cocog karo karepé Yéhuwah. (2 Kor. 5:14, 15) Misalé, ora ”hubungan sèks sing ora pantes”. (Gal. 5:19-21; 1 Kor. 6:18) Apa kuwi marakké urip dadi susah? Nèk sayang Yéhuwah lan yakin kabèh préntahé ana manfaaté, ora nglakoni sing ora cocog karo karepé Yéhuwah kuwi ora marahi susah.—Mzm. 119:97; Yés. 48:17, 18. w24.03 2 ¶1; 3 ¶4
Minggu, 30 November
Kowé . . . nggawé Aku seneng.—Luk. 3:22.
Yéhuwah ngekèki roh suciné kanggo wong-wong sing Dhèwèké senengi. (Mat. 12:18) Pikirna, ’Apa saiki aku nduwé sifat-sifat apik hasil saka dituntun roh suci?’ Misalé, apa saiki dadi luwih sabar timbang sakdurungé kenal Yéhuwah? Sakjané, semakin njenengan kerep nduduhké sifat-sifat sing dihasilké roh suci, njenengan isa semakin yakin nèk Yéhuwah seneng karo njenengan. Sing bakal ngrasakké manfaat saka tebusan kuwi wong-wong sing disenengi Yéhuwah. (1 Tim. 2:5, 6) Tapi, piyé nèk meskipun wis beriman karo korban tebusan lan wis dibaptis njenengan isih ngrasa nèk Yéhuwah ora seneng karo njenengan? Élinga nèk awaké dhéwé kudu luwih percaya karo Yéhuwah timbang perasaané dhéwé. Kanggoné Yéhuwah, wong-wong sing beriman karo korban tebusan kuwi wis dianggep bener lan Yéhuwah janji bakal mberkahi.—Mzm. 5:12; Rm. 3:26. w24.03 30 ¶15; 31 ¶17