PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 118-128
  • Desember

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Desember
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Senèn, 1 Desember
  • Selasa, 2 Desember
  • Rebo, 3 Desember
  • Kemis, 4 Desember
  • Jumat, 5 Desember
  • Setu, 6 Desember
  • Minggu, 7 Desember
  • Senèn, 8 Desember
  • Selasa, 9 Desember
  • Rebo, 10 Desember
  • Kemis, 11 Desember
  • Jumat, 12 Desember
  • Setu, 13 Desember
  • Minggu, 14 Desember
  • Senèn, 15 Desember
  • Selasa, 16 Desember
  • Rebo, 17 Desember
  • Kemis, 18 Desember
  • Jumat, 19 Desember
  • Setu, 20 Desember
  • Minggu, 21 Desember
  • Senèn, 22 Desember
  • Selasa, 23 Desember
  • Rebo, 24 Desember
  • Kemis, 25 Desember
  • Jumat, 26 Desember
  • Setu, 27 Desember
  • Minggu, 28 Desember
  • Senèn, 29 Desember
  • Selasa, 30 Desember
  • Rebo, 31 Desember
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 118-128

Desember

Senèn, 1 Desember

Wong mati . . . diuripké manèh.—Luk. 20:37.

Apa Yéhuwah sanggup nguripké manèh wong mati? Wis pasti. Dhèwèké kuwi ”Sing Mahakuwasa”. (Why. 1:8) Dhèwèké isa ngalahké apa waé termasuk kematian. (1 Kor. 15:26) Yéhuwah ya nduwé ingatan sing luar biasa. Yéhuwah ngerti jenengé kabèh bintang. (Yés. 40:26) Dhèwèké ya kèlingan kabèh soal sing wis mati. (Ayb. 14:13; Luk. 20:38) Yéhuwah ngerti penampilané, sifaté, lan kabèh kenangané. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné merga Dhèwèké gelem lan sanggup nepati janjiné. Awaké dhéwé ya yakin soal kuwi merga Yéhuwah wis tau nguripké manèh wong mati. Ana wong-wong sing tau diwènèhi kuwasa karo Yéhuwah kanggo nguripké manèh wong mati, termasuk Yésus. w23.04 9 ¶7-9

Selasa, 2 Desember

Omonganmu kudu nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah.—Kol. 4:6.

Nèk awaké dhéwé njawabé alus lan wicaksana, wongé mungkin gelem ngrungokké lan omong-omongané isa lanjut. Tapi nèk wongé mung péngin debat utawa ngécé, omong-omongané ora usah dilanjutké. (WB. 26:4) Tapi mungkin ora kabèh wong kaya ngono. Isih ana akèh sing gelem ngrungokké. Ana akèh manfaaté nèk berusaha bèn nduwé watak sing alus. Pas ana sing takon utawa ngejak debat, kudu ndonga karo Yéhuwah bèn nanggepiné isa tetep alus. Kudu éling, nèk awaké dhéwé tetep alus, kuwi isa marakké wong dadi ora sida ngejak padu. Mulané nèk ana sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé, kudu ”siap mènèhi jawaban”, tapi njawabé kudu tetep ”alus lan ngajèni”. (1 Ptr. 3:15) Hasilé, pandhangané wong kuwi soal Seksi Yéhuwah lan ajaran ing Alkitab mungkin dadi luwih apik. Ayo awaké dhéwé berupaya bèn nduwé watak sing alus. w23.09 19 ¶18-19

Rebo, 3 Desember

Awaké dhéwé kudu . . . sabar.—Kol. 3:12.

Wong sing sabar kuwi piyé? Pertama, ora gampang nesu. Nèk ana sing njèngkèlké, dhèwèké bakal tetep tenang lan ora mbales. Nèk ana masalah, kuwi ora bakal dilampiaské karo wong liya. (Mzm. 86:15) Keloro, tetep tenang wektu ngentèni. Nèk sing dientèni ora teka-teka, wongé sabar apa ora kétok saka sikapé isa tenang apa ora. (Pkh. 7:8) Ketelu, ora grusa-grusu. Nèk éntuk tugas sing penting, wong sing sabar ora bakal kesusu mulainé. Dhèwèké bakal nggawé rencana sik. Pas ngerjakké, dhèwèké ora bakal kesusu mung merga péngin cepet rampung. Tapi, bakal ngerjakké sesuai rencanané bèn hasilé isa apik. Kepapat, berusaha ora sambat meskipun ana masalah. Wong sing sabar bakal berusaha bahagia nglayani Yéhuwah meskipun ngadhepi masalah. (Kol. 1:11) Umaté Yéhuwah kudu tetep sabar liwat papat cara mau. w23.08 20-21 ¶3-6

Kemis, 4 Desember

Yéhuwah sing mriksa atiné manungsa.—WB. 17:3.

Awaké dhéwé péngin nglindhungi ati merga Yéhuwah ngerti isi ati. Yéhuwah ngerti tenan awaké dhéwé wongé piyé. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé terus mikirké naséhaté sing isa marahi urip saklawasé. (Yoh. 4:14) Nèk ngono, pandhangané Sétan karo wong-wong ing donya iki ora isa mlebu ing pikirané awaké dhéwé. (1 Yoh. 5:​18, 19) Nèk tambah cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tambah sayang lan ngajèni Yéhuwah. Merga ora péngin nglarani atiné, awaké dhéwé bakal sengit karo apa sing disengiti Yéhuwah. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing jenengé Marta saka Kroasia. Dhèwèké dijak hubungan sèks. Dhèwèké ngomong, ”Jujur wektu dijak kaya ngono, angèl rasané kanggo nolak. Tapi merga wedi karo Yéhuwah, aku isa berhasil.” Kok isa? Marta mikirké apa akibaté. Awaké dhéwé isa niru Marta. Pikirna apa akibaté nèk awaké dhéwé kegodha kanggo hubungan sèks sing ora pantes. w23.06 20-21 ¶3-4

Jumat, 5 Desember

”Pas Aku nduduhké ing ngarepé bangsa-bangsa kuwi nèk Aku iki Gusti Allah sing suci, bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.—Yèh. 36:23.

Yésus ngerti nèk Yéhuwah péngin nyucèkké jenengé sing dièlèk-èlèk. Mulané, Yésus ngongkon murid-muridé ndonga, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.” (Mat. 6:9) Yésus ngerti nèk iki masalah sing paling penting. Ora ana sing isa nandhingi upayané Yésus kanggo nyucèkké jenengé Gusti Allah. Tapi pas Yésus ditangkep, dhèwèké malah ditudhuh nèk wis ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah. Kanggoné Yésus, ngèlèk-èlèk jenengé Gusti Allah kuwi dosa sing gedhé banget. Makané pas ditudhuh kaya ngono, dhèwèké mesthi sedhih banget. Mungkin kuwi sebabé pas arep ditangkep, Yésus ”ngrasa susah banget”.—Luk. 22:​41-44. w24.02 11 ¶11

Setu, 6 Desember

Omah dibangun nganggo kawicaksanan.—WB. 24:3.

Awaké dhéwé kudu luwih nresnani Yéhuwah lan Yésus daripada keluarga. (Mat. 10:37) Tapi kuwi ora berarti isa nglalèkké tanggung jawab ing keluarga. Justru awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah lan Yésus nèk memenuhi tanggung jawab ing keluarga. (1 Tim. 5:​4, 8) Yéhuwah ngerti keluarga isa bahagia nèk suami istri saling sayang lan ngajèni, wong tuwa sayang lan ndhidhik anaké, lan anak-anak manut wong tuwané. (Éf. 5:33; 6:​1, 4) Aja mung manut perasaan, budaya, utawa jaréné para ahli. Ora soal njenengan suami, istri, utawa anak-anak, manuta karo pathokané Alkitab. Ana akèh saran saka Alkitab ing bacaan lan vidéoné awaké dhéwé. w23.08 28 ¶6-7

Minggu, 7 Desember

Kowé kudu maca lan mikirké kuwi tenanan awan lan bengi supaya kowé isa manut karo sing ditulis ing kono. Nèk kuwi mbok lakoni, sing mbok tindakké bakal berhasil lan kowé dadi wong sing wicaksana.—Yos. 1:8.

Cah wédok ya isa belajar ketrampilan. Ana beberapa ketrampilan sing bermanfaat nganti suwé, meskipun belajaré kuwi pas isih cilik. Contoné, maca lan nulis. Ing beberapa kebudayaan, wong wédok ora kudu isa maca lan nulis. Tapi, sakjané ketrampilan kuwi penting kanggo kabèh wong Kristen. (1 Tim. 4:13) Dadi meskipun angèl, kowé kudu tetep ajar maca lan nulis. Apa manfaaté? Nèk isa maca lan nulis, kowé bakal dadi luwih gampang golèk gawéan. Kowé ya dadi luwih gampang sinau lan ngajari wong soal Alkitab. Sing paling penting, kowé bakal luwih cedhak karo Yéhuwah pas maca lan ngrenungké Alkitab.—1 Tim. 4:15. w23.12 20 ¶10-11

Senèn, 8 Desember

Yéhuwah ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Dhèwèké saka cobaan.—2 Ptr. 2:9.

Ndongaa bèn isa nolak kepénginan sing salah. Merga ora sampurna, awaké dhéwé terus berjuang nglawan kepénginan sing salah. Kuwi tambah angèl merga awaké dhéwé dipengaruhi Sétan. Salah sijiné, liwat hiburan sing ora apik. Nèk nonton hiburan kaya ngono, suwé-suwé awaké dhéwé isa mikirké sing salah. Kuwi ana pengaruhé kanggo kepribadiané awaké dhéwé lan awaké dhéwé isa nggawé dosa sing gedhé. (Mrk. 7:​21-23; Yak. 1:​14, 15) Bèn isa nolak kepénginan sing salah, awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Pas ngajari murid-muridé ndonga, Yésus ngomong, ”Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis.” (Mat. 6:13) Yéhuwah péngin mbantu awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah. w23.05 6-7 ¶15-17

Selasa, 9 Desember

Tali rangkep telu ora gampang dipedhot.—Pkh. 4:12.

Suami istri sing akrab karo Yéhuwah bakal manut préntahé. Nèk manut préntahé, suami istri isa ngatasi masalahé. Wong sing akrab karo Yéhuwah bakal niru sifaté, misalé sabar, apikan, lan gelem ngapura. (Éf. 4:32–5:1) Suami istri sing nduwé sifat-sifat kaya ngono bakal luwih gampang kanggo saling menyayangi. Sedulur wédok sing jenengé Lena, sing wis nikah luwih saka 25 taun ngomong, ”Luwih gampang kanggo sayang lan ngajèni wong sing akrab karo Yéhuwah.” Gatèkna conto iki. Wektu Yéhuwah arep milih sapa sing dadi wong tuwané Yésus, sakjané Yéhuwah isa milih wong liya saka keturunané Daud. Tapi kenapa Yéhuwah milih Yusuf karo Maria? Soalé Yusuf karo Maria ngutamakké lan akrab karo Yéhuwah. w23.05 21 ¶3-4

Rebo, 10 Desember

Kowé kudu manut . . . karo wong-wong sing mimpin kowé.—Ibr. 13:17.

Mémang pemimpiné awaké dhéwé, Yésus, kuwi sampurna. Tapi, sedulur-sedulur sing dikèki Yésus wewenang ing jemaat kuwi ora sampurna. Manut karo meréka kuwi ora gampang, apamanèh nèk awaké dhéwé ora seneng karo préntahé. Kuwi tau dialami Rasul Pétrus. Wektu malaékat ngongkon Pétrus mangan kéwan-kéwan sing najis menurut Hukum Musa, Pétrus nolak nganti ping telu. (Kis. 10:​9-16) Lha ngapa? Menurut Pétrus, préntah kuwi ora masuk akal. Terus, Rasul Paulus ya tau manut wektu para pinituwa ing Yérusalèm ngongkon dhèwèké ngejak wong papat ing bait, terus nggawé upacara nyucèkké badan. Tujuané, kanggo mbuktèkké nèk Paulus isih manut karo Hukum Musa. Paulus sakjané ora salah. Terus, dhèwèké ya ngerti nèk wong Kristen sakjané ora perlu manut Hukum Musa. Tapi Paulus tetep manut. Sésuké, ”Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi.” (Kis. 21:​23, 24, 26) Merga Paulus manut, jemaat tetep rukun.—Rm. 14:​19, 21. w23.10 10 ¶15-16

Kemis, 11 Desember

Yéhuwah bakal dadi kanca akrabé wong sing wedi marang Dhèwèké.—Mzm. 25:14.

Kétoké, karo kanca ora perlu wedi. Tapi, kabèh sing péngin dadi kanca akrabé Yéhuwah kudu ”wedi marang Dhèwèké”. Ora soal wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah, kabèh kudu tetep wedi karo Dhèwèké. Tapi, apa maksudé wedi karo Gusti Allah? Wong sing wedi karo Yéhuwah, sayang karo Dhèwèké lan ora péngin nglarani atiné. Yésus ”wedi marang Gusti Allah”. (Ibr. 5:7) Yésus bener-bener ngajèni Yéhuwah. (Yés. 11:​2, 3) Yésus ya sayang banget lan péngin manut karo Yéhuwah. (Yoh. 14:​21, 31) Kaya Yésus, awaké dhéwé ngajèni lan kagum karo Yéhuwah merga Dhèwèké adil, wicaksana, mahakuwasa, lan sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah bener-bener perduli. Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé manut lan sedhih nèk awaké dhéwé ora manut.—Mzm. 78:41; WB. 27:11. w23.06 14 ¶1-2; 15 ¶5

Jumat, 12 Desember

Sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong. Kuwi sing nggawé dhèwèké cilaka. Dhèwèké nindakké dosa marang Yéhuwah.—2 Bb. 26:16.

Pas kerajaané dadi tambah kuwat lan makmur, Raja Uzzia lali nèk kuwi kabèh merga Yéhuwah. Apa pelajarané? Kudu éling, nèk éntuk tugas-tugas tambahan utawa hal-hal liyané sing apik kuwi asalé saka Yéhuwah. Dadi ora éntuk sombong, tapi kudu bersyukur karo Yéhuwah. (1 Kor. 4:7) Kudu rendah hati ngakoni nèk ora sampurna lan butuh naséhat. Ana sedulur lanang sing umuré 60 ngomong, ”Wektu dinaséhati, aku belajar bèn ora gampang tersinggung. Aku gelem nampa naséhat, terus berupaya memperbaiki kesalahanku.” Nèk manut karo Yéhuwah lan terus rendah hati, awaké dhéwé isa bener-bener bahagia.—WB. 22:4. w23.09 10 ¶10-11

Setu, 13 Desember

Kowé kudu sabar. Dadi, sakwisé kowé nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah, kowé bakal nampa sing wis dijanjèkké Gusti Allah.—Ibr. 10:36.

Wong Kristen jaman mbiyèn tetep sabar. Sakliyané ngadhepi masalah saben dina, wong-wong kuwi ya ngadhepi masalah liyané. Akèh sing dianiaya, ora mung karo pemimpin agama Yahudi lan pamréntah Roma tapi ya karo keluargané dhéwé. (Mat. 10:21) Mbiyèn ya ana wong-wong murtad sing berusaha nyesatké jemaat. (Kis. 20:​29, 30) Wong Kristen jaman mbiyèn tetep setya ngadhepi kuwi. (Why. 2:3) Kok isa? Merga mikirké contoné umaté Yéhuwah sing tetep sabar pas ngadhepi masalah, misalé Ayub. (Yak. 5:​10, 11) Wong-wong kuwi ya ndonga lan mikirké apa manfaaté nèk terus setya. (Kis. 4:​29-31; 5:41) Awaké dhéwé ya isa tetep setya nèk ngrenungké conto-conto umaté Yéhuwah sing tetep sabar ngadhepi masalah. Conto-conto kuwi ana ing Alkitab lan bacaané awaké dhéwé. w23.07 3 ¶5-6

Minggu, 14 Desember

Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.—Mat. 6:33.

Yéhuwah karo Yésus péngin terus nyemangati awaké dhéwé. Bar ora ngakoni Yésus, Rasul Pétrus isa waé dadi bingung. Dhèwèké kudu milih, arep ninggalké Yésus utawa arep terus mèlu Yésus. Yésus wis ndonga bèn Yéhuwah mbantu Pétrus tetep setya. Terus Yésus ngandhani Pétrus soal dongané kuwi. Yésus ya ngomong nèk Pétrus mengko bakal nguwatké sedulur-sedulur liyané. (Luk. 22:​31, 32) Omongané Yésus kuwi mesthi nguwatké Pétrus. Kadhang-kadhang, awaké dhéwé ya isa kaya Pétrus, bingung lan kudu nggawé pilihan arep tetep setya nglayani Yéhuwah apa ora. Yéhuwah bakal nguwatké awaké dhéwé liwat para pinituwa sing kaya gembala. (Éf. 4:​8, 11) Kaya Pétrus karo murid-murid liyané sing diopèni Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal diopèni Yéhuwah nèk ngutamakké Dhèwèké. w23.09 24-25 ¶14-15

Senèn, 15 Desember

Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi, lan Dhèwèké bakal mbales tumindaké wong mau.—WB. 19:17

Wektu awaké dhéwé apikan, Yéhuwah ngerti. Bahkan nèk kanggoné awaké dhéwé kuwi sepélé, Yéhuwah nganggep kuwi korban lan utang sing kudu dibales. Nèk njenengan mbiyèn nglayani dadi abdiné jemaat utawa pinituwa, kabèh kerja keras lan katresnané njenengan ora dilalèkké Yéhuwah. (1 Kor. 15:58) Merga njenengan terus nresnani, Yéhuwah ya terus nggatèkké njenengan. Yéhuwah péngin awaké dhéwé saya nresnani Dhèwèké lan wong liya. Awaké dhéwé isa saya nresnani Yéhuwah nèk maca Alkitab, ngrenungké kuwi, lan kerep ndonga. Awaké dhéwé isa tambah sayang karo sedulur-sedulur nèk kerep mbantu sedulur-sedulur. Merga saya nresnani, awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Yéhuwah lan sedulur-sedulur bakal dadi kanca sing ana nganti saklawasé. w23.07 10 ¶11; 11 ¶13; 13 ¶18

Selasa, 16 Desember

Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.—Gal. 6:5.

Saben wong Kristen isa mutuské dhéwé arep milih perawatan keséhatan apa sing cocog. Ing Alkitab mung ana sithik hukum sing nyebutké soal perawatan keséhatan. Misalé ora éntuk nganggo getih lan spiritisme. (Kis. 15:20; Gal. 5:​19, 20) Sakliyané kuwi pilihan pribadi. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk perawatan keséhatan sing dipilih kuwi sing paling apik. Tapi awaké dhéwé kudu menghargai keputusané sedulur-sedulur soal perawatan keséhatan. Soal kuwi ana papat sing isa diéling-éling: (1) Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké penyakit. (Yés. 33:24) (2) Saben wong Kristen kudu ”bener-bener yakin” karo keputusané dhéwé. (Rm. 14:5) (3) Aja ngakimi utawa nggawé sedulur liya dadi tersinggung. (Rm. 14:13) (4) Nresnani lan ngutamakké sedulur-sedulur timbang keputusané dhéwé.—Rm. 14:​15, 19, 20. w23.07 24 ¶15

Rebo, 17 Desember

Saksuwéné dadi wong Nazir, dhèwèké suci kanggo Yéhuwah.—Wi. 6:8.

Kèt mbiyèn nganti saiki, ana akèh wong sing sayang banget karo Yéhuwah, termasuk njenengan. (Mzm. 104:​33, 34) Merga sayang Yéhuwah, meréka nganti gelem nggawé akèh pengorbanan. Contoné, wong Nazir ing jaman Israèl mbiyèn, sing ditetapké kanggo nglayani Yéhuwah. Ing Hukum Musa, ana peraturan nèk wong lanang utawa wong wédok isa nggawé janji khusus kanggo dadi wong Nazir selama beberapa waktu. (Wi. 6:​1, 2) Kuwi berarti, meréka kudu manut aturan sing wis digawé khusus kanggo wong Nazir. Lha terus, ngapa kok ana wong Israèl sing gelem dadi wong Nazir? Kuwi merga meréka sayang banget karo Yéhuwah lan bersyukur merga berkah-berkah sing wis ditampa.—PT. 6:5; 16:17. w24.02 14 ¶1-2

Kemis, 18 Desember

Yéhuwah . . . nduduhké katresnané sing langgeng marang wong sing nresnani lan manut préntahé.—Dan. 9:4.

Ing Alkitab, kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”setya” utawa ”katresnan sing langgeng” biasané dienggo nggambarké katresnané Yéhuwah kanggo umaté. Kata kuwi ya isa dienggo nggambarké katresnané umaté Yéhuwah. (2 Sam. 9:​6, 7) Apa njenengan ngerti nèk tékadé njenengan kanggo tetep setya isa luwih kuwat? Gatèkna contoné Danièl. Danièl ngadhepi akèh masalah selama uripé. Tapi, mungkin sing paling abot pas umuré wis 90-an. Para pejabat ing istana ora seneng karo Danièl lan ora ngajèni Gusti Allahé Danièl. Dadi, wong-wong kuwi nggawé rencana bèn Danièl dipatèni. Wong-wong kuwi mengaruhi raja bèn setuju karo peraturan sing nggawé Danièl kudu milih setya karo Yéhuwah utawa raja. Bèn isa setya karo raja, Danièl mung kudu mandheg ndonga karo Yéhuwah selama 30 dina. Danièl ora gelem.—Dan. 6:​12-15, 20-22. w23.08 5 ¶10-12

Jumat, 19 Desember

Terus nresnani liyané.—1 Yoh. 4:7.

Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus berupaya menyayangi sedulur-sedulur. Nèk ana sedulur sing njèngkèlké utawa nglarani ati, awaké dhéwé kudu yakin nèk sakjané niaté meréka ora kaya ngono. Meréka ya isih berjuang bèn isa nglakoni sing bener. (WB. 12:18) Meskipun umaté kerep nggawé salah, Yéhuwah tetep sayang karo meréka. Dhèwèké ora nesu terus, tapi tetep gelem dadi kancané. (Mzm. 103:9) Yéhuwah wis ngampuni awaké dhéwé, mulané awaké dhéwé ya péngin ngampuni liyané. (Éf. 4:32–5:1) Akhir donya iki wis tambah cedhak, mula kudu luwih akrab karo para sedulur. Nèk ana masalah, ya kudu ndang dirampungké. Apamanèh, sukmbèn pas dianiaya utawa malah nganti dipenjara, awaké dhéwé luwih butuh sedulur-sedulur.—WB. 17:17. w24.03 15-16 ¶6-7

Setu, 20 Desember

Yéhuwah nuntun uripé manungsa.—WB. 20:24.

Ing Alkitab ya ana kisahé cah-cah enom sing akrab karo Yéhuwah, nggawé Dhèwèké seneng, lan uripé bahagia. Salah sijiné Daud. Pas isih enom, dhèwèké milih nglayani Yéhuwah, terus dadi raja sing setya. (1 Raj. 3:6; 9:​4, 5; 14:8) Nèk mempelajari kisahé Daud, kowé isa dadi péngin terus setya nglayani Yéhuwah. Terus, kowé ya isa mempelajari kisahé Markus lan Timotius. Meréka nglayani Yéhuwah kèt isih enom lan nggawé Yéhuwah seneng. Pilihanmu saiki isa mempengaruhi masa depanmu. Nèk kowé ngendelké Yéhuwah dudu kesanggupanmu dhéwé, Yéhuwah bakal mbantu bèn kowé isa nggawé pilihan sing bener. Kowé isa ngrasa puas lan bahagia. Élinga nèk apa waé sing mbok upayakké kuwi dihargai Yéhuwah. Ora ana sing isa marakké kowé bener-bener bahagia selain nglayani Yéhuwah. w23.09 13 ¶18-19

Minggu, 21 Desember

Kudu terus . . . tulus ngapura liyané.—Kol. 3:13.

Rasul Paulus kerep dikecéwakké sedulur-sedulur seimané. Misalé, pas awal-awal dhèwèké dadi muridé Yésus, ana akèh sing ora percaya lan malah wedi karo dhèwèké. (Kis. 9:26) Terus, ana sedulur-sedulur sing ngrasani dhèwèké lan marakké wong liya ya dadi ora percaya karo dhèwèké. (2 Kor. 10:10) Paulus ya tau ndelok ana pinituwa sing nggawé keputusan sing ora apik. (Gal. 2:​11, 12) Bahkan Markus, sing akrab karo dhèwèké, ya tau marakké dhèwèké kecéwa banget. (Kis. 15:​37, 38) Paulus ngerti nèk sedulur-sedulur seiman kuwi ora sampurna. Tapi kuwi ora marakké Paulus dadi kecéwa terus, nganti akhiré ngedohi meréka. Paulus tetep nduwé pandhangan sing positif soal sedulur-sedulur seimané lan terus setya nglayani Yéhuwah. Kok isa dhèwèké kaya ngono? Paulus sayang karo sedulur-sedulur seimané. Makané, dhèwèké ora mikirké kekurangané meréka, tapi mikirké sifat-sifat apiké. Merga sayang, Paulus ya gelem ngampuni sedulur-sedulur, kaya sing dhèwèké tulis ing ayat dina iki. w24.03 15 ¶4-5

Senèn, 22 Desember

Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong.—2 Tim. 2:24.

Ing Alkitab ana akèh kisahé wong-wong sing nduwé watak sing alus. Contoné, Ishak. Wektu kuwi, dhèwèké manggon ing Gérar, dhaérahé wong Filistin. Merga iri, wong Filistin ngurug kabèh sumur-sumur sing wis digali pembantuné Abraham. Timbang padu, Ishak pilih ngalah, pindhah, terus nggali sumur manèh. (PD. 26:​12-18) Bar kuwi, wong Filistin ngaku-ngaku manèh nèk sumuré Ishak kuwi duwèké meréka. Tapi, Ishak tetep ngalah. (PD. 26:​19-25) Apa sing marakké Ishak tetep tenang lan ora gampang kepancing? Dhèwèké niru contoné wong tuwané. Abraham seneng ngalah lan Sara nduwé ”sikap sing tenang lan watak sing alus”.—1 Ptr. 3:​4-6; PD. 21:​22-34. w23.09 15 ¶4

Selasa, 23 Desember

Sing wis Tak rencanakké ya bakal Tak tindakké.—Yés. 46:11.

Yéhuwah ngongkon anaké teka ing bumi bèn ngandhani wong-wong soal Kerajaané Gusti Allah. Yésus ya dikon mati dadi tebusan bèn manungsa ora dosa manèh. Nah bar Yésus diuripké manèh, dhèwèké munggah swarga, terus dadi Raja Kerajaané Gusti Allah. Berita ing Alkitab kuwi intiné soal Kerajaané Gusti Allah sing dipréntah Yésus. Liwat Kerajaan kuwi, jenengé Yéhuwah bakal disucèkké lan tujuané kanggo bumi ya bakal kelakon. Tujuané Yéhuwah ora bakal berubah. Dhèwèké ya njamin nèk kuwi mesthi bakal berhasil. (Yés. 46:​10, 11; Ibr. 6:​17, 18) Bumi bakal dadi Firdaus. Terus keturunané Adam lan Hawa bakal dadi sampurna lan ”urip saklawasé” ing kana. (Mzm. 22:26) Tapi, tujuané Gusti Allah ora mung kuwi. Dhèwèké péngin bèn para malaékat ing swarga lan umaté ing bumi isa bersatu. Terus, meréka bakal setya nglayani Yéhuwah sing dadi penguasané. (Éf. 1:​8-11) Carané Yéhuwah bèn tujuané kelakon kuwi luar biasa. w23.10 20 ¶7-8

Rebo, 24 Desember

”Kowé kabèh kudu kuwat . . . merga Aku ndhukung kowé”, kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.—Hag. 2:4.

Ora suwé bar tekan Yérusalèm, wong Yahudi sing lunga saka Babilon ngadhepi akèh masalah. Misalé, meréka kangèlan nyukupi kebutuhan keluargané. Terus, pamréntah Pèrsia lan bangsa-bangsa ing sekitaré ya padha nentang meréka mbangun bait. Akibaté, ana sing nganggep nèk mbangun bait kuwi dadi ora penting manèh. Makané, Yéhuwah ngongkon Nabi Hagai lan Nabi Zakharia kanggo nyemangati wong Yahudi. Hasilé, wong Yahudi dadi semangat manèh. (Hag. 1:1; Za. 1:1) Tapi, mèh 50 taun bar kuwi, wong-wong kuwi butuh disemangati manèh. Ézra, penyalin sing ahli banget soal Hukum Musa, teka saka Babilon ing Yérusalèm kanggo nyemangati wong Yahudi bèn ngutamakké ibadahé manèh. (Ézr. 7:​1, 6) Merga ngerti ramalan saka Hagai lan Zakharia, umaté Yéhuwah jaman mbiyèn isa terus percaya Yéhuwah meskipun ana akèh tantangan. Mula, nèk mempelajari ramalan-ramalan kuwi, awaké dhéwé ya bakal tambah percaya karo Yéhuwah meskipun ana akèh masalah.—WB. 22:19. w23.11 14-15 ¶2-3

Kemis, 25 Desember

Kowé kudu sayang karo liyané, merga kuwi sing nggawé wong-wong bener-bener bersatu.—Kol. 3:14.

Piyé carané mbuktèkké nèk sayang karo para sedulur? Salah sijiné, awaké dhéwé ”kudu terus menghibur liyané”. (1 Tés. 4:18) Bèn isa kaya ngono, kudu nduwé rasa mesakké. Apa buktiné nèk sayang banget karo para sedulur? Kudu terus berupaya ngampuni para sedulur meskipun kuwi ora gampang. Ngapa kok saiki awaké dhéwé kudu semakin sayang karo para sedulur? Pétrus ngomong, ”Kabèh wis arep diakhiri. Mula, . . . kowé kudu sayang banget” karo para sedulur. (1 Ptr. 4:​7, 8) Apa sing bakal dialami murid-muridé Yésus? Yésus wis ngramalké, ”Kowé bakal disengiti kabèh bangsa merga kowé muridku.” (Mat. 24:9) Bèn isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun disengiti, awaké dhéwé kudu tetep bersatu. Sétan bakal berupaya nggawé awaké dhéwé ora rukun, tapi awaké dhéwé isa tetep ”bener-bener bersatu” merga saling menyayangi.—Flp. 2:​1, 2. w23.11 13 ¶18-19

Jumat, 26 Desember

Aku iki kanca nyambut gawéné Gusti Allah.—1 Kor. 3:9.

Nèk wong-wong wis ngerti sing bener saka Alkitab soal Yéhuwah, hasilé luar biasa. Suwé-suwé meréka dadi ora kapusan Sétan manèh, tapi dadi kagum karo sifat-sifaté Yéhuwah. Misalé, meréka dadi takjub merga ngerti kuwasané Yéhuwah. (Yés. 40:26) Meréka ya dadi saya percaya merga Gusti Allah kuwi adil. (PT. 32:4) Meréka dadi ngerti akèh hal merga Yéhuwah wicaksana banget. (Yés. 55:9; Rm. 11:33) Meréka ya dadi terhibur merga ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah. (1 Yoh. 4:8) Merga tambah cedhak karo Yéhuwah, meréka ya dadi semakin yakin karo harapan urip saklawasé. Mulané, isa mbantu wong-wong bèn cedhak karo Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget. Yéhuwah ya bakal nganggep awaké dhéwé ”kanca nyambut gawéné”.—1 Kor. 3:5. w24.02 12 ¶15

Setu, 27 Desember

Mendhing ora usah janji, timbang janji tapi ora ditepati.—Pkh. 5:5.

Nèk njenengan saiki lagi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah utawa wong tuwané njenengan Seksi Yéhuwah, apa njenengan ya péngin dibaptis? Nèk iya, kuwi cita-cita sing apik banget. Tapi sakdurungé dibaptis, kudu nggawé janji ngabdi sik karo Yéhuwah. Nggawé janji ngabdi kuwi carané piyé? Liwat donga, njenengan ngomong nèk mung arep nyembah Yéhuwah lan ngutamakké Dhèwèké. Kuwi ya berarti janji nèk bakal terus sayang karo Yéhuwah ’saktulusé ati, sepenuh jiwa, nggunakké kabèh pikiran, lan nggunakké kabèh kekuwatan’. (Mrk. 12:30) Janji ngabdi kuwi mung antarané njenengan karo Yéhuwah thok. Tapi pas dibaptis, wong-wong dadi ngerti nèk njenengan wis nggawé janji ngabdi. Yéhuwah nganggep janji ngabdi kuwi serius, makané kudu ditepati.—Pkh. 5:4. w24.03 2 ¶2; 3 ¶5

Minggu, 28 Desember

Saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.—Éf. 5:33.

Ora ana pernikahan sing sampurna. Ing Alkitab jelas-jelas disebutké nèk ”wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan”. (1 Kor. 7:28) Lha ngapa? Soalé loro-loroné isih ora sampurna, terus sifat lan selérané ya béda. Sakliyané kuwi, merga béda budaya lan latar belakang, isa waé bar nikah dadi ngerti sifat-sifat asliné. Kuwi isa dadi masalah. Nèk ana masalah, kuduné suami istri kerja sama kanggo ngrampungi masalah kuwi, soalé isa waé loro-loroné sing salah. Tapi kenyataané, ana akèh sing malah saling nyalahké. Bahkan, ana sing mikir nèk solusiné pisahan utawa pegatan waé. Tapi, apa kuwi mémang solusi sing bener? Ora. Yéhuwah ngongkon bèn wong sing nikah aja nganti pisah, meskipun bojoné kuwi wongé angèl disenengké. w24.03 16 ¶8; 17 ¶11

Senèn, 29 Desember

Harapan kuwi ora bakal nggawé awaké dhéwé kecéwa.—Rm. 5:5.

Sakwisé dibaptis, njenengan tambah kenal karo Yéhuwah lan tambah sayang karo Dhèwèké. Njenengan akhiré dadi semakin percaya karo harapan ing masa depan. (Ibr. 5:13–6:1) Mungkin njenengan ya tau ngalami sing disebutké ing Roma 5:​2-4. Meskipun wis ngalami akèh kesusahan, njenengan tetep sabar lan setya karo Yéhuwah. Kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Merga ngerti nèk disayang Yéhuwah, njenengan ya tambah yakin nèk bakal ngrasakké janjiné Yéhuwah kelakon. Njenengan ya semakin ngarep-arep janji kuwi. Terus, merga yakin banget karo harapan kuwi, njenengan dadi berupaya nggawé keputusan sing bener, wektuné mung dienggo sing penting-penting waé, lan njenengan dadi luwih sayang karo keluarga. Rasul Paulus wis njelaské nèk awaké dhéwé nduwé harapan merga Gusti Allah seneng karo awaké dhéwé. Terus, Paulus ya ngomong nèk harapan kuwi bakal dadi kenyataan.—Rm. 15:13. w23.12 12-13 ¶16-19

Selasa, 30 Desember

[Yéhuwah] sing nggawé kowé aman.—Yés. 33:6.

Pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin rasané kaya kapal sing olèng merga kena badai. Perasaan lan pikirané awaké dhéwé dadi ora stabil, terus tanggepané awaké dhéwé mungkin ya dadi ora apik. Nah, nèk perasaané awaké dhéwé nganti kaya ngono, piyé carané Yéhuwah mbantu? Ing Yésaya 33:6 disebutké nèk Yéhuwah sing nggawé aman. Kuwi berarti Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé bèn ora goyah lan tetep stabil. Pas diterjang badai, kapal isa olèng diobat-abitké angin. Nah bèn tetep stabil, ana akèh kapal sing dikèki sirip penyeimbang ing ngisor kapal, ing sebelah kanan lan kiri. Dadi, kapalé ora terlalu goyang lan penumpangé isa ngrasa luwih aman. Biasané, sirip penyeimbang kuwi isa berfungsi maksimal mung nèk kapalé maju terus. Padha kaya ngono, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé stabil lan ora goyah nèk awaké dhéwé tetep setya nglayani Dhèwèké meskipun ngadhepi masalah sing abot. w24.01 22 ¶7-8

Rebo, 31 Desember

Aku ngendelké Gusti Allah, lan aku ora wedi.—Mzm. 56:4.

Pas ngrasa wedi, coba pikirna, ’Apa waé sing wis dilakukan Yéhuwah?’ Misalé, renungna ciptaané Yéhuwah. Manuk lan kembang tetep diopèni Yéhuwah meskipun ora nduwé sifat-sifat kaya Yéhuwah lan ora isa nyembah Yéhuwah. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa tambah percaya bakal diopèni Yéhuwah. (Mat. 6:​25-32) Terus ya isa mikirké apa sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo umaté. Misalé, mempelajari tokoh Alkitab sing imané kuwat utawa maca pengalamané abdiné Yéhuwah jaman saiki. Sakliyané kuwi, pikirna piyé Yéhuwah ndhukung lan mbantu njenengan. Misalé, piyé Yéhuwah mbantu njenengan bèn kenal Dhèwèké? (Yoh. 6:44) Piyé Yéhuwah njawab dongané njenengan? (1 Yoh. 5:14) Apa waé manfaat sing wis njenengan rasakké merga tebusané Yésus?—Éf. 1:7; Ibr. 4:​14-16. w24.01 4 ¶6; 7 ¶17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim