PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 88-97
  • September

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • September
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Senèn, 1 September
  • Selasa, 2 September
  • Rebo, 3 September
  • Kemis, 4 September
  • Jumat, 5 September
  • Setu, 6 September
  • Minggu, 7 September
  • Senèn, 8 September
  • Selasa, 9 September
  • Rebo, 10 September
  • Kemis, 11 September
  • Jumat, 12 September
  • Setu, 13 September
  • Minggu, 14 September
  • Senèn, 15 September
  • Selasa, 16 September
  • Rebo, 17 September
  • Kemis, 18 September
  • Jumat, 19 September
  • Setu, 20 September
  • Minggu, 21 September
  • Senèn, 22 September
  • Selasa, 23 September
  • Rebo, 24 September
  • Kemis, 25 September
  • Jumat, 26 September
  • Setu, 27 September
  • Minggu, 28 September
  • Senèn, 29 September
  • Selasa, 30 September
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 88-97

September

Senèn, 1 September

Gusti Allah bakal madhangi awaké dhéwé kaya cahaya pas matahari terbit.—Luk. 1:78.

Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa kanggo nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Mukjijaté Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké sanggup nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Contoné, Yésus isa mbébaské wong-wong saka akibat dosa, yaiku penyakit lan kematian. (Mat. 9:​1-6; Rm. 5:​12, 18, 19) Yésus isa marèkké ”kabèh penyakit” lan nguripké kabèh wong sing wis mati. (Mat. 4:23; Yoh. 11:​43, 44) Yésus ya nduwé kuwasa kanggo ngendhegké badai lan mbébaské wong-wong saka roh jahat. (Mrk. 4:​37-39; Luk. 8:2) Awaké dhéwé mesthi dadi nduwé harapan merga Yéhuwah mènèhi kuwasa kanggo Yésus. Awaké dhéwé yakin nèk janjiné Gusti Allah mesthi bakal kelakon. Mukjijaté Yésus kuwi bukti nèk sukmbèn pas Yésus mréntah ing bumi keadaané bakal luwih apik. w23.04 3 ¶5-7

Selasa, 2 September

Roh suciné kuwi nyelidiki apa waé, termasuk pengetahuan sing jero soal Gusti Allah.—1 Kor. 2:10.

Nèk ing jemaaté njenengan sing teka akèh, njenengan mungkin jarang ditunjuk pas arep koméntar. Mungkin njenengan dadi ora péngin ngacung manèh. Tapi, aja nyerah. Coba persiapan beberapa koméntar. Dadi nèk awal-awal ora ditunjuk, njenengan isih isa ngacung bar kuwi. Pas persiapan Warta Penting, pikirna apa hubungan saben paragraf karo apa sing lagi dirembug. Nèk mikirké kuwi, mungkin luwih akèh sing isa dikoméntari selama rembugan. Njenengan ya isa nyiapké koméntar ing paragraf sing angèl. Lha ngapa? Merga biasané luwih sithik sing ngacung. Tapi piyé nèk njenengan bola-bali ora ditunjuk? Coba isa ngomong karo pemandhuné sakdurungé pertemuan, njenengan arep njawab pertanyaan sing endi. w23.04 22 ¶9-10

Rebo, 3 September

Yusuf . . . nindakké kabèh sing dipréntahké malaékaté Yéhuwah. Yusuf ngepèk Maria dadi bojoné.—Mat. 1:24.

Yusuf selalu manut arahané Yéhuwah. Kuwi sebabé dhèwèké dadi suami sing apik. Paling ora ping telu Yéhuwah ngekèki arahan, lan Yusuf langsung manut meskipun kuwi ora gampang. (Mat. 1:20; 2:​13-15, 19-21) Merga manut, Yusuf isa nglindhungi lan ngopèni Maria. Maria mesthi dadi tambah sayang lan ngajèni Yusuf. Piyé suami isa niru Yusuf? Pas arep nggawé keputusan, golèkana saran saka Alkitab. Nèk njenengan langsung mraktèkké saran kuwi meskipun ora gampang, kuwi bukti nèk njenengan sayang karo bojoné njenengan. Hubungané njenengan ya bakal tambah akrab. Ana sedulur wédok saka Vanuatu, sing wis nikah luwih saka 20 taun, crita, ”Aku dadi luwih ngajèni bojoku, merga pas bojoku nggawé keputusan dhèwèké selalu nggolèk lan ngetrapké arahané Yéhuwah. Aku dadi ora kuwatir lan percaya wektu dhèwèké nggawé keputusan.” w23.05 21 ¶5

Kemis, 4 September

Bakal ana dalan gedhé ing kono sing disebut Dalan Suci.—Yés. 35:8.

Wong Yahudi sing bali ing Israèl bakal dadi ”bangsa sing suci” kanggo Yéhuwah. (PT. 7:6) Tapi wong-wong kuwi kudu tetep berubah bèn isa nyenengké Yéhuwah. Akèh-akèhé wong Yahudi lair ing Babilon. Dadi mesthiné wong-wong kuwi wis terpengaruh pandhangané wong Babilon. Bertaun-taun sakwisé wong Yahudi bali ing Israèl, Gubernur Néhémia kagèt wektu ngerti nèk anak-anaké wong Israèl ora isa ngomong nganggo basa Ibrani. (PT. 6:​6, 7; Néh. 13:​23, 24) Terus piyé bocah-bocah kuwi isa sayang Yéhuwah nèk ora mudheng isiné Kitab Suci sing wektu kuwi ditulis nganggo basa Ibrani? (Ézr. 10:​3, 44) Dadi, wong Yahudi kudu berubah. Kuwi isa luwih gampang nèk wong Yahudi bali ing Israèl. Soalé ing kono, ibadah sing murni dipulihké.—Néh. 8:​8, 9. w23.05 15 ¶6-7

Jumat, 5 September

Yéhuwah ndhukung kabèh wong sing ilang kekuwatané lan nyemangati kabèh wong sing susah.—Mzm. 145:14.

Meskipun nduwé motivasi lan wis berjuang tenanan, awaké dhéwé tetep isa gagal. Misalé, awaké dhéwé ora nduwé wektu merga ngalami ”kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pkh. 9:11) Awaké dhéwé ya isa dadi ora semangat merga ngalami masalah. (WB. 24:10) Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing klèru. (Rm. 7:23) Utawa awaké dhéwé kesel. (Mat. 26:43) Nèk ngono piyé? Nèk gagal, aja nyerah. Menurut Alkitab, awaké dhéwé isa waé gagal merga ngalami masalah. Tapi, awaké dhéwé sanggup ngatasi kuwi. Nèk terus berjuang, kuwi bukti nèk njenengan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah mesthi bangga karo njenengan. w23.05 30 ¶14-15

Setu, 6 September

[Kudu] dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah.—1 Ptr. 5:3.

Nèk merintis, cah-cah enom isa belajar carané kerja sama karo akèh wong sing sifaté béda-béda. Merga kudu urip sederhana, dhèwèké ya bakal belajar ngatur keuangané. (Flp. 4:​11-13) Nah, bèn isa dadi pelayan sepenuh waktu, kowé isa nyoba merintis èkstra sik bèn akhiré luwih siap dadi perintis biasa. Nèk wis dadi perintis biasa, kowé isa diundang kanggo dadi rélawan pembangunan utawa anggota Bètel. Kabèh cah lanang kudu berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dhèwèké memenuhi syarat dadi pinituwa. Menurut Alkitab nèk dhèwèké ngupayakké kuwi, berarti dhèwèké ”péngin nindakké gawéan sing apik”. (1 Tim. 3:1) Pertama, kudu memenuhi syarat sik dadi abdiné jemaat. Abdiné jemaat tugasé mbantu para pinituwa nglayani para sedulur ing jemaat. Embuh pinituwa utawa abdiné jemaat kabèh kuwi rendah hati nglayani para sedulur lan ya semangat nginjil. w23.12 28 ¶14-16

Minggu, 7 September

Pas dhèwèké isih cilik, dhèwèké mulai nglayani Gusti Allah sing disembah Daud nènèk moyangé.—2 Bb. 34:3.

Raja Yosia mulai nggolèk tuntunané Yéhuwah kèt umur 16. Dhèwèké seneng sinau soal Yéhuwah lan gelem manut karepé. Pas dhèwèké mréntah, wong-wong akèh sing nyembah allah-allah palsu. Tapi, dhèwèké kendel mbantu rakyaté bèn nglayani Yéhuwah manèh. Pas umuré kira-kira 20, Yosia mulai nyingkirké ibadah palsu saka bangsané. (2 Bb. 34:​1, 2) Meskipun kowé isih cilik, kowé isa niru Yosia sing seneng sinau soal Yéhuwah lan sifat-sifaté. Mengko, kowé bakal dadi péngin nglayani Yéhuwah nganti saklawasé. Apa maksudé nglayani Yéhuwah saklawasé? Luke, sing dibaptis pas umur 14 taun, ngomong, ”Mulai saiki, aku arep ngutamakké Yéhuwah lan berupaya nggawé Dhèwèké seneng.” (Mrk. 12:30) Nèk nglayani Yéhuwah, kowé bakal diberkahi. w23.09 11 ¶12-13

Senèn, 8 September

Ngajèni wong-wong sing wis nyambut gawé tenanan ing antaramu, sing mimpin kowé ngabdi marang Gusti.—1 Tés. 5:12.

Pas Rasul Paulus nulis surat kanggo jemaat ing Tésalonika, jemaat kuwi lagi waé dibentuk. Para pinituwa ing kana mungkin ora nduwé pengalaman lan isa nggawé salah. Tapi sedulur-sedulur kuwi tetep pantes diajèni. Pas sengsara gedhé, mungkin awaké dhéwé ora isa ngubungi kantor cabang utawa kantor pusat. Dadi awaké dhéwé bakal éntuk luwih akèh arahan saka para pinituwa. Mula awaké dhéwé kudu luwih ngajèni mulai saiki. Ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé aja nggatèkké kesalahané. Pikirna fakta nèk Yéhuwah ngarahké para pinituwa liwat Yésus Kristus. Topi wesi nglindhungi sirahé prajurit. Harapan nglindhungi pikiran. Merga nduwé harapan nèk bakal dislametké, awaké dhéwé ngerti nèk kabèh sing ana ing donya iki ora ana gunané. (Flp. 3:8) Wektu ana masalah, awaké dhéwé isa tetep ayem merga nduwé harapan. w23.06 11 ¶11-12

Selasa, 9 September

Wong wédok sing bodho kuwi cerèwèt banget. Dhèwèké ora nduwé pengetahuan.—WB. 9:13.

Wektu diundang karo ”wong wédok sing bodho”, isa milih arep ditampa apa ora. Kenapa awaké dhéwé péngin ngedohi hubungan sèks sing ora pantes? ”Wong wédok sing bodho” kuwi ngomong, ”Banyu hasil colongan kuwi legi.” (WB. 9:17) Apa kuwi ”banyu hasil colongan”? Ing Alkitab, hubungan sèks sing wajar antara suami istri sing menikah sah dipadhakké kaya banyu sing seger. (WB. 5:​15-18) Nèk ”banyu hasil colongan” kuwi mungkin maksudé hubungan sèks sing ora pantes utawa perilaku sèks sing menyimpang. Kuwi biasané ndhelik-ndhelik kaya maling sing ndhelik-ndhelik wektu nyolong. ”Banyu hasil colongan” kuwi kétoké ”legi” merga sing ngombé mikir nèk ora konangan. Tapi Yéhuwah ndelok kabèh. Nggawé Yéhuwah ora seneng kuwi ora ”legi” babar blas.—1 Kor. 6:​9, 10. w23.06 22 ¶7-9

Rebo, 10 September

Nèk aku nindakké kuwi merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.—1 Kor. 9:17.

Piyé nèk semangaté njenengan saiki wis ora kaya mbiyèn manèh? Aja nganggep nèk njenengan wis ora éntuk roh suciné Yéhuwah. Merga ora sampurna, semangaté awaké dhéwé isa munggah mudhun. Nah, nèk pas ora semangat, njenengan isa niru contoné Rasul Paulus. Meskipun dhèwèké berupaya niru Yésus, kadhang Paulus ya ora semangat. Tapi meskipun kadhang-kadhang ora semangat, Paulus bertékad kanggo tetep ngrampungké tugasé. Dadi, aja nggawé keputusan mung merga nuruti perasaan. Bahkan meskipun lagi ora semangat, kudu bertékad tetep nglakoni sing bener. Nèk terus nglakoni sing bener, mengko suwé-suwé isa dadi semangat manèh.—1 Kor. 9:16. w24.03 11-12 ¶12-13

Kemis, 11 September

Buktèkna nèk kowé nresnani wong-wong kuwi.—2 Kor. 8:24.

Nèk gelem kekancan karo sedulur-sedulur, kuwi bukti awaké dhéwé nresnani. (2 Kor. 6:​11-13) Sedulur-sedulur ing jemaat sifaté lan asalé ya béda-béda. Awaké dhéwé isa nresnani nèk nggatèkké sifat-sifat apiké. Nèk niru pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur, kuwi bukti nèk nresnani. Pas sengsara gedhé, katresnan kuwi penting. Pas kuwi kelakon, arep berlindung ing endi? Yéhuwah ngandhani umaté pas Babilon diserang, ”Umat-Ku, mlebua ing kamarmu, lan tutupen lawangé. Kowé kudu ndhelik sedhéla nganti Aku ora nesu manèh.” (Yés. 26:20) Isa waé mengko awaké dhéwé ngalami kuwi. w23.07 6-7 ¶14-16

Jumat, 12 September

Merga adegan donya iki lagi berubah.—1 Kor. 7:​31, cathetan ngisor.

Coba pikirna, ’Apa wong-wong nganggep aku ora kaku lan seneng ngalah? Apa aku malah kaku, seneng meksa, lan ngèyèl? Apa aku gelem ngrungokké wong liya lan ngalah waé nèk isa?’ Semakin seneng ngalah, semakin mirip karo Yéhuwah lan Yésus. Wong sing masuk akal isa nyesuaikké pas ana perubahan. Isa waé ana masalah sing ora disangka-sangka. Misalé lara parah, angèl nggolèk dhuwit, utawa masalah politik. (Pkh. 9:11) Awaké dhéwé ya isa waé éntuk perubahan tugas ing organisasi. Awaké dhéwé isa nyesuaikké nèk (1) nampa kenyataan, (2) ora terus-terusan mikirké sing mbiyèn, (3) fokus karo sing isa dilakoni saiki, lan (4) mbantu wong liya. w23.07 21-22 ¶7-8

Setu, 13 September

Kowé wong sing bener-bener disayangi.—Dan. 9:23.

Pas isih enom, Nabi Danièl ditawan wong Babilon lan digawa adoh saka omahé. Tapi pejabat Babilon sing ndelok ”penampilané” Danièl terkesan merga dhèwèké ’ora cacad, nggantheng’, lan saka keturunané bangsawan. (1 Sam. 16:7) Makané Danièl dilatih kanggo nglayani raja ing istana. (Dan. 1:​3, 4, 6) Yéhuwah sayang karo Danièl merga Danièl gelem dadi wong sing bener. Malah mungkin pas Danièl umur 20-an, Yéhuwah nyebutké Danièl bareng karo Nuh lan Ayub sing wis bertaun-taun setya nglayani Yéhuwah. (PD. 5:32; 6:​9, 10; Ayb. 42:​16, 17; Yèh. 14:14) Yéhuwah terus sayang karo Danièl selama uripé.—Dan. 10:​11, 19. w23.08 2 ¶1-2

Minggu, 14 September

Ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener.—Éf. 3:18.

Nèk njenengan arep tuku omah, njenengan mesthi péngin ngerti kabèh sik soal omah kuwi. Maca lan mempelajari Alkitab ya kaya ngono. Nèk macané mung sekilas, awaké dhéwé mung ngerti ajaran dhasaré thok. (Ibr. 5:12) Kaya perumpamaan omah mau, njenengan ya kudu ”mlebu” bèn ngerti njero-njeroné. Coba golèkana hubungané ayat sing siji karo ayat sing liyané. Terus ya kudu paham, ora mung ajarané apa, tapi ya ngapa kok kuwi isa dipercaya. Bèn isa ngerti maksudé kabèh ayat ing Alkitab, aja mung sinau sing gampang-gampang thok. Rasul Paulus ngekèki naséhat sedulur-sedulur wektu kuwi bèn padha rajin mempelajari Alkitab bèn ”isa ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener”. Hasilé, imané meréka isa ”tetep kuwat lan kokoh”. (Éf. 3:​14-19) Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. w23.10 18 ¶1-3

Senèn, 15 September

Sedulur-sedulur, kowé kudu niru contoné nabi-nabi sing ngomong nganggo jenengé Yéhuwah. Nabi-nabi kuwi ngalami akèh kesusahan lan tetep sabar.—Yak. 5:10.

Ing Alkitab ana akèh conto soal wong-wong sing sabar. Apa wis nyoba sinau soal kuwi? Misalé, Daud dipilih dadi raja pas isih enom. Tapi, dhèwèké kudu ngentèni bertaun-taun sakdurungé dadi raja. Siméon karo Hana tetep setya nglayani Yéhuwah karo ngentèni Mésias teka. (Luk. 2:​25, 36-38) Pas sinau soal kuwi coba pikirna, ’Kok isa wong-wong kuwi sabar? Apa manfaaté merga sabar? Piyé carané niru?’ Njenengan ya isa sinau saka wong-wong sing ora sabar. (1 Sam. 13:​8-14) Coba pikirna, ’Ngapa ya wong-wong kuwi ora sabar? Apa akibaté merga ora sabar?’ w23.08 25 ¶15

Selasa, 16 September

Aku lan rasul-rasul liyané wis ngerti lan percaya nèk njenengan kuwi Abdi sing suci lan utusané Gusti Allah.—Yoh. 6:69.

Rasul Pétrus bertékad tetep setya karo Yésus. Kuwi terbukti pas Yésus ngomongké sesuatu sing ora dipahami murid-muridé. Wektu kuwi, murid-murid liyané ora takon tapi langsung ninggalké Yésus. Tapi nèk Pétrus, dhèwèké tetep setya karo Yésus lan ngomong nèk ’mung omongané Yésus sing isa mènèhi urip saklawasé’. (Yoh. 6:68) Yésus ngerti nèk Pétrus lan murid-murid liyané bakal ninggalké dhèwèké. Tapi Yésus yakin nèk Pétrus bakal balik lan tetep setya karo Yésus. (Luk. 22:​31, 32) Yésus ngerti, ”senajan wong semangaté gedhé, ning awaké ora kuwat nglakoni”. (Mrk. 14:38) Makané, Yésus tetep nguwatké Pétrus meskipun wis ora diakoni Pétrus. Bar diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus pas Pétrus lagi dhèwèkan. (Mrk. 16:7; Luk. 24:34; 1 Kor. 15:5) Pétrus sing mauné lagi putus asa, bar kuwi mesthi dadi semangat manèh. w23.09 22 ¶9-10

Rebo, 17 September

Wong sing kesalahan lan dosané diapura bakal bahagia.—Rm. 4:7.

Yéhuwah gelem ngampuni dosané wong-wong sing beriman karo Dhèwèké. Dosané babar blas wis ora diéling-éling manèh. (Mzm. 32:​1, 2) Wong-wong kuwi dianggep bener lan ora nduwé salah merga imané. Meskipun Abraham, Daud, lan umaté Yéhuwah liyané dianggep bener, meréka isih durung sampurna. Tapi merga meréka nduwé iman, Gusti Allah nganggep meréka ora salah, apamanèh nèk dibandhingké karo wong-wong sing ora beriman karo Gusti Allah. (Éf. 2:12) Ing suraté kanggo wong Roma, Rasul Paulus njelaské bèn isa dadi kancané Gusti Allah kuwi kunciné kudu nduwé iman. Abraham lan Daud isa dadi kancané Gusti Allah merga meréka beriman karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa kaya ngono. w23.12 3 ¶6-7

Kemis, 18 September

Terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah, . . . yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé kanggo martakké jenengé.—Ibr. 13:15.

Saiki, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa ngekèki korban kanggo Yéhuwah. Carané gelem ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Buktiné nèk bersyukur merga dikèki kesempatan istiméwa kuwi ya kudu ngupayakké sing paling apik. Rasul Paulus nyebutké nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé. (Ibr. 10:​22-25) Awaké dhéwé kudu ndonga, nyritakké soal harapan masa depan, ngumpul kanggo ngibadah, lan saling nguwatké. Awaké dhéwé kudu ”luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”. Ing bagéan penutup buku Wahyu, malaékaté Yéhuwah ngomong, ”Sembahen Gusti Allah.” Dhèwèké ngomong kuwi nganti ping pindho kanggo nandheské nèk kuwi penting. (Why. 19:10; 22:9) Muga-muga awaké dhéwé terus kèlingan pelajaran soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung lan menghargai kesempatan istiméwa isa nyembah Yéhuwah. w23.10 29 ¶17-18

Jumat, 19 September

Ayo terus nresnani liyané.—1 Yoh. 4:7.

Awaké dhéwé mesthi péngin ”terus nresnani” sedulur seiman. Tapi, Yésus wis ngomong nèk saiki ”akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh”. (Mat. 24:12) Mémang, maksudé Yésus kuwi dudu murid-muridé. Tapi, merga saiki akèh wong ora saling menyayangi, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn aja nganti mèlu-mèlu. Saiki, ayo dibahas apa buktiné nèk awaké dhéwé isih sayang banget karo para sedulur? Nèk mèh ngerti apa awaké dhéwé isih sayang tenan karo para sedulur apa ora, kuwi isa didelok saka tanggepané awaké dhéwé. (2 Kor. 8:8) Misalé, nèk ana sedulur sing nggawé salah utawa marahi awaké dhéwé lara ati, piyé tanggepané awaké dhéwé? Pétrus ngomong, ”Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga katresnan nutupi akèh banget dosa.”—1 Ptr. 4:​8, cathetan ngisor. w23.11 10-11 ¶12-13

Setu, 20 September

Kowé kudu padha-padha nresnani.—Yoh. 13:34.

Mémang kaya Yésus, isa waé awaké dhéwé luwih cedhak karo wong-wong tertentu. (Yoh. 13:23; 20:2) Tapi nèk manut préntahé Yésus, sing kudu disayangi kuwi kabèh sedulur. Rasul Pétrus ngomong nèk awaké dhéwé kudu berusaha bèn ”sayang” karo sedulur seiman kaya karo keluargané dhéwé. (1 Ptr. 2:17) Pétrus ya ngongkon awaké dhéwé bèn ”tenanan sayang karo liyané saka ati”. (1 Ptr. 1:22) Maksudé ”tenanan” iki kudu tetep sayang meskipun kuwi ora gampang. Misalé, nèk ana sedulur seiman sing marakké tersinggung utawa lara ati, mungkin awaké dhéwé pénginé mbales. Tapi saka pengalamané Pétrus, jelas nèk Gusti Allah ora seneng nèk wong balas dendam. (Yoh. 18:​10, 11) Pétrus nulis, ”Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan. Nèk diécé aja mbales ngécé. Ning, kowé kudu mbales nganggo tumindak sing apik.” (1 Ptr. 3:9) Nèk tenanan sayang, mesthi bakal tetep apikan lan perduli. w23.09 28-29 ¶9-11

Minggu, 21 September

Wong-wong wédok ya kudu . . . isa ngendhalèni kebiasaané, lan setya marang Gusti Allah wektu nindakké apa waé.—1 Tim. 3:11.

Nyenengké banget ndelok pertumbuhané bocah. Mémang, nèk bocah wis mesthi bakalé dadi gedhé. Tapi, nèk kanggo wong Kristen, saya tambah umuré kuwi ora otomatis dadi wong Kristen sing luwih apik. (1 Kor. 13:11; Ibr. 6:1) Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik kudu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, kudu njaluk roh suciné Yéhuwah bèn isa nduwé sifat-sifat sing apik, lan belajar ketrampilan sing isa bermanfaat dienggo sukmbèn. (WB. 1:5) Yéhuwah nyiptakké wong lanang lan wong wédok. (PD. 1:27) Selain fisiké sing béda, wong lanang lan wong wédok kuwi perané ya béda. Merga perané béda, meréka butuh sifat-sifat lan ketrampilan sing dibutuhké bèn isa memenuhi peran kuwi mengko.—PD. 2:18. w23.12 18 ¶1-2

Senèn, 22 September

Dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak [lan] Anak.—Mat. 28:19.

Yésus ya péngin wong-wong nyebut jenengé Bapaké. Wektu kuwi, para pemimpin agama nganggep nèk nyebut jenengé Gusti Allah kuwi ora sopan. Tapi, Yésus tetep nyebut jenengé Gusti Allah. Misalé, wektu dhèwèké marèkké wong sing kesurupan ing Gérasa. Bar kuwi, wong-wong dadi padha wedi, terus ngongkon Yésus lunga. (Mrk. 5:​16, 17) Tapi, Yésus tetep péngin bèn jeneng Yéhuwah dikenal karo wong-wong ing kono. Makané, dhèwèké ngongkon bèn wong sing bar kesurupan kuwi ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah sing wis marèkké dhèwèké, dudu Yésus. (Mrk. 5:19) Saiki, Yésus ya péngin bèn jenengé Bapaké dikenal wong sak donya. (Mat. 24:14; 28:20) Nèk awaké dhéwé mèlu nyritakké jeneng Yéhuwah, kuwi nggawé Yésus seneng. w24.02 10 ¶10

Selasa, 23 September

Senajan ngalami akèh kesusahan merga jenengku, ning kowé tetep setya.—Why. 2:3.

Keadaan ing akhir jaman iki saya suwé saya ora karuan. Tapi, awaké dhéwé bersyukur merga isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah. Yéhuwah wis ngekèki sedulur seiman sing rukun lan seneng nulungi. (Mzm. 133:1) Yéhuwah ya mbantu bèn keluargané awaké dhéwé isa bahagia. (Éf. 5:33–6:1) Terus, Yéhuwah ya ngekèki naséhat lan tuntunan bèn awaké dhéwé isa ayem lan ora terlalu kuwatir. Bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah kuwi kudu ngupaya tenanan, soalé kuwi ora gampang. Isa waé wong liya marakké awaké dhéwé kecéwa. Utawa, merga ping bola-bali nggawé kesalahan, awaké dhéwé dadi kecéwa karo diri sendiri. Dadi, awaké dhéwé kudu terus setya nglayani Yéhuwah meskipun (1) kecéwa karo sedulur seiman, (2) kecéwa karo bojo, lan (3) kecéwa karo diri sendiri. w24.03 14 ¶1-2

Rebo, 24 September

Terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.—Flp. 3:16.

Ana akèh umaté Yéhuwah sing berupaya bèn isa luwih akèh nglayani. Misalé, mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah utawa pindhah ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Nèk njenengan isa nggawé rencana-rencana kaya ngono, ya upayakna. (Kis. 16:9) Tapi nèk saiki ora isa, piyé? Aja cilik ati utawa ngrasa ora berguna. Sing paling penting kuwi, njenengan tetep setya karo Yéhuwah. (Mat. 10:22) Yéhuwah seneng banget nèk njenengan ngupayakké sing paling apik sesuai karo kemampuan lan situasiné njenengan. Kuwi salah siji cara sing paling apik kanggo ”ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis.—Mzm. 26:1. w24.03 10 ¶11

Kemis, 25 September

Dhèwèké wis apikan banget lan ngapura kabèh pelanggarané awaké dhéwé.—Kol. 2:13.

Yéhuwah janji bakal ngampuni nèk awaké dhéwé mertobat. (Mzm. 86:5) Dadi meskipun wis nggawé dosa, nèk bener-bener menyesal lan ora mbalèni manèh kesalahané, awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah wis ngampuni. Njenengan isa éling nèk Yéhuwah kuwi ora seneng nuntut. Dhèwèké ora tau ngongkon awaké dhéwé nglakoni sesuatu sing awaké dhéwé ora sanggup. Yéhuwah menghargai apa waé upayané awaké dhéwé nèk kuwi wis sing paling apik. Terus, pikirna conto ing Alkitab soal wong-wong sing tenanan nglayani Yéhuwah. Misalé, selama bertaun-taun Rasul Paulus nginjil ing endi-endi nganti éwonan kilomèter. Hasilé, ana akèh jemaat sing anyar. Tapi, pas dhèwèké ora isa akèh nginjil kaya sakdurungé, apa kuwi nggawé Yéhuwah dadi ora seneng? Ora. Merga Paulus terus ngupayakké sing paling apik, Yéhuwah mberkahi dhèwèké. (Kis. 28:​30, 31) Padha kaya ngono, sing paling penting kanggo Yéhuwah kuwi nèk awaké dhéwé tulus nglayani Dhèwèké, meskipun sing isa diupayakké saiki ora isa akèh kaya mbiyèn. w24.03 27 ¶7, 9

Jumat, 26 September

Ésuk-ésuk, Yésus metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga.—Mrk. 1:35.

Yésus dadi conto sing apik soal ndonga. Selama ing bumi Yésus kerep banget ndonga. Yésus kudu nyisihké wektu kanggo ndonga merga dhèwèké sibuk banget lan digolèki akèh wong. (Mrk. 6:​31, 45, 46) Dhèwèké tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga. Yésus ya tau ndonga sewengi muput wektu arep nggawé keputusan sing penting. (Luk. 6:​12, 13) Sakdurungé mati, Yésus ya bola-bali ndonga bèn isa ngrampungké tugasé sing abot. (Mat. 26:​39, 42, 44) Ora soal sibuké kaya apa, Yésus selalu nduwé wektu kanggo ndonga. Nèk niru Yésus, mungkin awaké dhéwé isa tangi luwih ésuk utawa turu luwih bengi bèn isa ndonga. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kesempatan isa ndonga. w23.05 3 ¶4-5

Setu, 27 September

Gusti Allah wis mènèhi awaké dhéwé roh suciné kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé.—Rm. 5:5.

Ing basa asliné, ayat iki njelaské gagasan nèk kasih sayangé Yéhuwah karo wong-wong sing dipilih munggah swarga kuwi gedhé banget kaya banyu sing diesokké. Meréka wis ngrasakké dhéwé nèk ”ditresnani Gusti Allah”. (Yud. 1) Misalé, Rasul Yohanes ngomong, ”Bapak tresna banget karo awaké dhéwé, nganti awaké dhéwé disebut anak-anaké Gusti Allah.” (1 Yoh. 3:1) Apa Yéhuwah mung sayang karo wong-wong sing nduwé harapan ing swarga? Ora, Yéhuwah ya sayang karo kabèh wong. Tebusan kuwi bukti sing paling luar biasa nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan.—Yoh. 3:16; Rm. 5:8. w24.01 28 ¶9-10

Minggu, 28 September

Mungsuh-mungsuhku bakal mlayu pas aku njaluk tulung marang Njenengan. Aku yakin nèk Gusti Allah ndhukung aku.—Mzm. 56:9.

Ing ayat kuwi disebutké apa sing marakké Daud dadi ora wedi meskipun nyawané terancam: Daud ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah kanggo dhèwèké sukmbèn. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké. Apamanèh, Yéhuwah wis janji nèk Daud bakal dadi raja berikuté ing Israèl. (1 Sam. 16:​1, 13) Daud yakin banget nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal ditepati. Yéhuwah janji apa kanggo njenengan? Mémang, Yéhuwah ora janji nèk awaké dhéwé bakal bébas saka masalah. Tapi Yéhuwah janji nèk apa waé masalah sing diadhepi, kuwi ora bakal ana manèh ing donya anyar. (Yés. 25:​7-9) Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati, nambani wong lara, lan nyingkirké apa waé sing marakké sedhih lan susah.—1 Yoh. 4:4. w24.01 6 ¶12-13

Senèn, 29 September

Wong sing kesalahané diapura, sing dosané diapura, bakal bahagia.—Mzm. 32:1.

Kudu mikirké alesané gelem ngabdi lan dibaptis. Njenengan gelem dibaptis merga péngin ndhukung Yéhuwah. Coba éling-éling manèh kenapa njenengan yakin nèk sing dipelajari bener. Merga wis ngerti akèh soal Yéhuwah, njenengan dadi sayang karo Dhèwèké. Njenengan dadi nduwé iman lan péngin berubah. Njenengan mandheg saka kebiasaan sing salah lan manut karo Yéhuwah. Njenengan mesthi seneng merga Yéhuwah gelem ngapura. (Mzm. 32:2) Njenengan mulai teka ing pertemuan ibadah lan mulai nginjil. Merga wis ngabdi lan dibaptis, njenengan mlaku ing dalan sing ngarah ing urip. Njenengan mesthi péngin berusaha terus mlaku ing dalan kuwi. (Mat. 7:​13, 14). Muga-muga njenengan terus nduwé tékad sing kuwat, sayang Yéhuwah, lan manut préntahé. w23.07 17 ¶14; 19 ¶19

Selasa, 30 September

Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné. Dhèwèké ora bakal meneng waé pas kowé digodha ngluwihi apa sing isa mbok tanggung. Malah, Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn kowé isa sabar ngadhepi godhaan kuwi.—1 Kor. 10:13.

Njenengan bakal luwih wani nolak godhaan nèk ngrenungké janji ngabdiné njenengan. Misalé, merga éling wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan ora bakal mulai nggodha bojoné wong liya. Nèk kèt awal ora nduwé perasaan-perasaan kaya ngono, njenengan ora perlu susah-susah nyingkirké perasaan sing ora pantes. Njenengan isa ’ngedohi kelakuané wong jahat’. (WB. 4:​14, 15) Njenengan isa niru contoné Yésus. Kèt awal, tékadé Yésus kuwi arep nyenengké Bapaké. Nah, nèk tékadé njenengan ya péngin nyenengké Yéhuwah, njenengan bakal wani nolak apa waé sing marakké Yéhuwah ora seneng. (Mat. 4:10; Yoh. 8:29) Nèk ana tantangan lan godhaan, kuwi isa dadi kesempatan mbuktèkké nèk njenengan bertékad ”terus ngetutké” Yésus. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu. w24.03 9-10 ¶8-10

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim