PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 77-87
  • Agustus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Agustus
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Jumat, 1 Agustus
  • Setu, 2 Agustus
  • Minggu, 3 Agustus
  • Senèn, 4 Agustus
  • Selasa, 5 Agustus
  • Rebo, 6 Agustus
  • Kemis, 7 Agustus
  • Jumat, 8 Agustus
  • Setu, 9 Agustus
  • Minggu, 10 Agustus
  • Senèn, 11 Agustus
  • Selasa, 12 Agustus
  • Rebo, 13 Agustus
  • Kemis, 14 Agustus
  • Jumat, 15 Agustus
  • Setu, 16 Agustus
  • Minggu, 17 Agustus
  • Senèn, 18 Agustus
  • Selasa, 19 Agustus
  • Rebo, 20 Agustus
  • Kemis, 21 Agustus
  • Jumat, 22 Agustus
  • Setu, 23 Agustus
  • Minggu, 24 Agustus
  • Senèn, 25 Agustus
  • Selasa, 26 Agustus
  • Rebo, 27 Agustus
  • Kemis, 28 Agustus
  • Jumat, 29 Agustus
  • Setu, 30 Agustus
  • Minggu, 31 Agustus
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 77-87

Agustus

Jumat, 1 Agustus

Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.—Mzm. 34:19.

Ana loro kesimpulan saka ayat kuwi: (1) Wong sing bener ngalami kesusahan. (2) Yéhuwah mbébaské awaké dhéwé saka kabèh kesusahan. Carané piyé? Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal donya iki. Mémang nèk nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia. Tapi, Yéhuwah ora janji nèk saiki awaké dhéwé isa bébas saka masalah. (Yés. 66:14) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus mikirké harapan ing masa depan pas isa urip saklawasé. (2 Kor. 4:​16-18) Nganti kuwi kelakon, saben dina Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep setya. (KP. 3:​22-24) Apa sing isa dipelajari saka umaté Yéhuwah sing setya ing jaman Alkitab lan jaman saiki? Mémang awaké dhéwé isa ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Tapi nèk percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal ndhukung awaké dhéwé.—Mzm. 55:22. w23.04 15 ¶3-4

Setu, 2 Agustus

Kudu manut karo pamréntah.—Rm. 13:1.

Awaké dhéwé isa niru contoné Yusuf karo Maria, sing tetep manut pamréntah meskipun kuwi angèl. (Luk. 2:​1-6) Pas kuwi, Maria lagi meteng sangang sasi. Kaisar Agustus ngongkon rakyaté bèn disènsus. Mulané, Yusuf karo Maria kudu lunga ing Bètlehèm sing adohé 150 kilomèter lan kudu munggah mudhun bukit. Perjalanané kuwi mesthi ora gampang terutama kanggo Maria. Isa waé meréka mikir, ’Iki aman apa ora ya kanggo Maria lan bayiné? Nèk ngerti-ngerti lairan pas lagi ing dalan piyé? Padahal bayi kuwi kan mengko bakalé dadi Mésias.’ Apa kuwi dadi alesan bèn Yusuf karo Maria ora perlu manut pamréntah? Meskipun kuwatir, Yusuf karo Maria tetep manut pamréntah. Merga meréka manut, Yéhuwah mberkahi. Maria isa slamet tekan ing Bètlehèm lan nglairké bayi sing séhat. Ramalan ing Alkitab ya akhiré kelakon.—Mi. 5:2. w23.10 8 ¶9; 9 ¶11-12

Minggu, 3 Agustus

Kudu padha-padha nguwatké.—Ibr. 10:25.

Piyé nèk pas arep koméntar wektu pertemuan ibadah, njenengan wedi? Njenengan isa persiapan sik. (WB. 21:5) Nèk ngerti tenan sing lagi dibahas, njenengan ora bakal terlalu grogi pas mèh koméntar. Koméntaré singkat waé. (WB. 15:23; 17:27) Nèk koméntaré singkat, nyusun kalimaté ya ora mumet. Nèk koméntaré njenengan singkat lan nganggo kata-katané dhéwé, berarti persiapané apik lan njenengan ngerti tenan apa sing lagi dirembug. Tapi piyé nèk sakwisé nyoba saran iki, njenengan isih wedi nèk arep koméntar luwih saka ping pisan? Yéhuwah tetep menghargai upayané njenengan. (Luk. 21:​1-4) Mènèhi sing paling apik ora berarti mènèhi luwih saka kesanggupan. (Flp. 4:5) Pikirna kesanggupané njenengan, siapna koméntar sing cocog, lan ndongaa bèn isa tenang. Cobanen mènèhi siji koméntar sing singkat. w23.04 21 ¶6-8

Senèn, 4 Agustus

[Kudu] nganggo tutup dhadha . . . lan nganggo topi wesi.—1 Tés. 5:8.

Paulus madhakké awaké dhéwé kaya prajurit sing siap perang. Prajurit kudu selalu siap kapan waé. Nèk terus nganggo tutup dhadha yaiku iman lan katresnan lan nganggo topi wesi yaiku harapan, kuwi bukti nèk tetep siap kanggo dinané Yéhuwah. Tutup dhadha nglindhungi jantung. Iman lan katresnan nglindhungi ati. Nèk nduwé iman, awaké dhéwé yakin Yéhuwah bakal mberkahi awaké dhéwé. (Ibr. 11:6) Nèk nduwé iman, awaké dhéwé ya bakal tetep setya karo Yésus meskipun ngadhepi masalah. Bèn isa nguwatké iman, gatèkna sedulur-sedulur sing tetep setya meskipun dianiaya utawa ngadhepi masalah ékonomi. Awaké dhéwé ya ora bakal nresnani dhuwit nèk niru sedulur-sedulur sing urip sederhana kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. w23.06 10 ¶8-9

Selasa, 5 Agustus

Wong sing ngamati awan ora bakal manèn.—Pkh. 11:4.

Wong sing isa ngendhalèni dhiri berarti sanggup ngendhalèni pikiran lan perbuatané. Dhèwèké isa nglakoni sing bener bahkan nèk kuwi angèl utawa ora nduwé motivasi. Wong isa ngendhalèni dhiri merga dituntun roh suci, mula njaluka karo Yéhuwah bèn dibantu roh suciné. (Luk. 11:13; Gal. 5:​22, 23) Aja ngentèni nganti keadaané bener-bener apik. Jaman saiki, aja berharap keadaané isa bener-bener apik. Nèk terus-terusan ngentèni, tujuané awaké dhéwé ora bakal isa kelakon. Nèk cita-cita kedhuwuren, isa dadi ora nduwé motivasi. Nèk njenengan ngrasa ngono, apa isa nèk mulai saka sing sederhana sik? Misalé, njenengan péngin nduwé sifat-sifat sing luwih apik. Apa isa mulai nduduhké sifat kuwi ing kegiatan saben dina? Nèk péngin maca Alkitab nganti rampung, apa isa mulai macané sithik-sithik sik? w23.05 29-30 ¶11-13

Rebo, 6 Agustus

Dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk, sing saya suwé saya padhang nganti awan.—WB. 4:18.

Yéhuwah terus nuntun umaté liwat organisasiné bèn isa terus mlaku ing ”Dalan Suci”. (Yés. 35:8; 48:17; 60:17) Wong-wong mulai mlaku ing ”Dalan Suci” wektu sinau Alkitab. Ana sing mlakuné mung sedhéla. Tapi ya ana sing terus mlaku ing dalan kuwi nganti tekan tujuan. Apa tujuané? Wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga terus mlaku ing ”Dalan Suci” nganti tekan ”firdausé Gusti Allah” ing swarga. (Why. 2:7) Wong-wong sing nduwé harapan ing bumi terus mlaku ing dalan kuwi nganti akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Nèk wis mlaku ing ”Dalan Suci”, aja ndelok mburi manèh. Aja nyerah nganti donya anyar. w23.05 17 ¶15, 16; 19 ¶18

Kemis, 7 Agustus

Awaké dhéwé nresnani Gusti Allah, merga Gusti Allah luwih dhisik nresnani awaké dhéwé.—1 Yoh. 4:19.

Nèk mikirké kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah, njenengan mesthi bakal bersyukur lan péngin nggawé janji ngabdi. (Mzm. 116:​12-14) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi Sumberé ”saben hadiah sing apik lan sing sampurna”. (Yak. 1:17) Hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah kuwi tebusané Yésus. Kuwi sing marakké awaké dhéwé isa akrab karo Yéhuwah lan nduwé harapan urip saklawasé. (1 Yoh. 4:​9, 10) Nah, merga wis dikèki tebusan lan berkah-berkah liyané saka Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi péngin nggunakké urip kanggo nglayani Yéhuwah.—PT. 16:17; 2 Kor. 5:15. w24.03 5 ¶8

Jumat, 8 Agustus

Wong sing tumindaké bener wedi marang Yéhuwah.—WB. 14:2.

Keadaan saiki mèh padha kaya jamané Lot. Lot ”sengsara banget merga tumindak kurang ajar sing ditindakké wong-wong jahat”. (2 Ptr. 2:​7, 8) Lot ngrasa kaya ngono merga ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo perbuatané wong-wong kuwi. Merga wedi lan sayang karo Yéhuwah, Lot ora mèlu-mèlu. Wong-wong saiki moralé ya bobrok. Tapi awaké dhéwé ora bakal terpengaruh nèk terus sayang lan wedi karo Yéhuwah. Ing Wulang Bebasan ana akèh naséhaté Yéhuwah sing apik. Kabèh umaté Yéhuwah, lanang, wédok, tuwa, utawa enom, isa éntuk manfaat nèk manut. Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal nggolèk-nggolèk alesan. w23.06 20 ¶1-2; 21 ¶5

Setu, 9 Agustus

Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé, kudu saben dina mikul cagak hukumané, lan terus ngetutké aku.—Luk. 9:23.

Merga ngutamakké Yéhuwah, mungkin njenengan ngadhepi tantangan saka keluarga utawa réla kanggo urip sederhana. (Mat. 6:33) Yakina nèk Yéhuwah mesthi menghargai pengorbanané njenengan kuwi. (Ibr. 6:10) Yésus tau ngomong, ”Sapa waé sing wis ninggalké omahé, kakangé, mbakyuné, adhiné, ibuné, bapaké, anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik, bakal nampa ping 100 luwih akèh ing jaman saiki. Wong kuwi bakal nampa luwih akèh omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya. Terus, ing jaman sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé.” (Mrk. 10:​29, 30) Mungkin njenengan ya wis ngrasakké dhéwé omongané Yésus kuwi. Njenengan nampa berkah sing luwih akèh timbang sing njenengan korbanké.—Mzm. 37:4. w24.03 9 ¶5

Minggu, 10 Agustus

Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.—WB. 17:17.

Wektu wong Kristen ing Yudéa ngalami kelaparan sing parah, sedulur-sedulur ing Antiokhia ”mutuské kanggo ngirim bantuan marang sedulur-sedulur ing Yudéa”. (Kis. 11:​27-30) Meskipun adoh, tapi sedulur-sedulur ing Antiokhia gelem mbantu. ( 1 Yoh. 3:​17, 18.) Nèk ana sedulur-sedulur sing kena bencana, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk nduwé rasa mesakké. Aja meneng waé. Awaké dhéwé isa takon karo para pinituwa apa ana proyèk organisasi sing isa dibantu, isa nyumbang kanggo gawéan sak donya, utawa ndongakké sedulur-sedulur sing kena bencana. Meréka butuh bantuan. Muga-muga pas Yésus teka kanggo ngakimi, dhèwèké ndelok awaké dhéwé terus nduduhké rasa mesakké lan ngundang kanggo nampa ”warisan Kerajaan”.—Mat. 25:​34-40. w23.07 4 ¶9-10; 6 ¶12

Senèn, 11 Agustus

Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.—Flp. 4:5.

Kaya Yéhuwah, Yésus ya ora kaku. Misalé, ana wong wédok Fénisia sing njaluk bèn Yésus marèkké anaké wédok sing ”kesurupan roh jahat”. Padahal Yésus mung ”diutus marang wong Israèl”. Tapi merga mesakké, Yésus gelem marèkké anaké. (Mat. 15:​21-28) Gatèkna conto liyané. Yésus tau ngomong, ”Sapa sing ora ngakoni aku, . . . ya ora bakal tak akoni.” (Mat. 10:33) Pas Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu, Yésus piyé? Apa Yésus ya ora ngakoni Pétrus? Yésus ngerti nèk Pétrus menyesal lan nduwé iman sing kuwat. Makané sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni Pétrus lan ngyakinké nèk dhèwèké ngapura lan isih sayang karo Pétrus. (Luk. 24:​33, 34) Yéhuwah karo Yésus ora kaku. Nèk awaké dhéwé piyé? Yéhuwah péngin awaké dhéwé ya seneng ngalah. w23.07 21 ¶6-7

Selasa, 12 Agustus

Kematian ya ora bakal ana manèh.—Why. 21:4.

Bèn wong liya ya isa yakin nèk bumi bakal dadi Firdaus, awaké dhéwé isa nyritakké telung jaminan apa? Sing pertama, Yéhuwah dhéwé sing janji. Ing buku Wahyu disebutké, ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha, ’Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.’” Yéhuwah isa lan péngin nggawé bèn janjiné kelakon. Keloro, saking pastiné janji kuwi, Yéhuwah ngomong, ”Omongan iki bener lan isa dipercaya. . . . Kabèh kuwi wis kelakon.” Ketelu, Yéhuwah ngomong, ”Aku iki Alfa lan Oméga.” Maksudé, nèk Yéhuwah wis memulai sesuatu, Dhèwèké mesthi ngrampungké kuwi. (Why. 21:6) Yéhuwah bakal mbuktèkké nèk sing ngapusi kuwi Sétan lan Sétan ora isa nggagalké tujuané Yéhuwah. Dadi, pas nginjil, nèk njenengan nyritakké soal janji ing Wahyu 21:4 terus wongé ora percaya, njenengan isa njelaské ayat 5 lan 6. Jelasna nèk Yéhuwah seolah-olah wis tandha tangan kanggo njamin nèk janjiné mesthi bakal kelakon.—Yés. 65:16. w23.11 7 ¶18-19

Rebo, 13 Agustus

Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé.—PD. 12:2.

Yéhuwah ngekèki janji kuwi pas Abraham umur 75 taun. Wektu kuwi, dhèwèké durung nduwé anak. Apa Abraham ndelok janji kuwi kelakon? Ora kabèh. Sakwisé ngentèni 25 taun lan nyabrangi Kali Éfrat, mémang Abraham ndelok Ishak, anaké, lair, lan 60 taun bar kuwi dhèwèké ndelok putuné, yaiku Ésau karo Yakub, lair. (Ibr. 6:15) Sayangé, Abraham ora sempet ndelok keturunané dadi bangsa sing gedhé lan mlebu Tanah Perjanjian. Tapi Abraham bahagia merga isa dadi sahabaté Yéhuwah. (Yak. 2:23) Sukmbèn pas diuripké manèh, Abraham mesthi seneng pas ndelok kabèh bangsa isa éntuk berkah merga dhèwèké tetep nduwé iman lan sabar. (PD. 22:18) Apa pelajarané? Mungkin awaké dhéwé ora isa ndelok kabèh janjiné Yéhuwah kelakon saiki. Tapi, nèk sabar kaya Abraham, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi saiki lan sukmbèn ing donya anyar.—Mrk. 10:​29, 30. w23.08 24 ¶14

Kemis, 14 Agustus

Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké makmur nèk dhèwèké nglayani Yéhuwah.—2 Bb. 26:5.

Pas isih enom, Raja Uzzia kuwi rendah hati. Dhèwèké ”wedi marang Gusti Allah sing bener”. (2 Bb. 26:​1-4) Uzzia urip nganti 68 taun. Selama dhèwèké manut karo Yéhuwah, Yéhuwah terus mberkahi dhèwèké. Uzzia isa ngalahké akèh mungsuhé lan nggawé pertahanané Yérusalèm luwih kuwat. (2 Bb. 26:​6-15) Kuwi kabèh merga bantuané Yéhuwah. Raja Uzzia mesthi seneng banget. (Pkh. 3:​12, 13) Merga wis kulina ngongkon-ngongkon wong, mungkin Uzzia dadi mikir nèk dhèwèké isa sak karepé dhéwé. Wektu kuwi, Uzzia mlebu ing baité Yéhuwah, terus mbakar dupa ing mézbah. Padahal sing éntuk mbakar dupa kuwi mung imam. (2 Bb. 26:​16-18) Pas diélikké Imam Agung Azaria, Uzzia malah nesu. Merga Uzzia wis ora setya, akhiré Yéhuwah ngukum dhèwèké. Dhèwèké kena kusta. (2 Bb. 26:​19-21) Nèk Uzzia terus rendah hati, dhèwèké mesthi ora bakal ngalami sing kaya ngono. w23.09 10 ¶9-10

Jumat, 15 Agustus

Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat.—Gal. 2:12.

Meskipun wis diurapi roh suci, Rasul Pétrus isih nduwé kelemahan. Taun 36 M, Gusti Allah ngekèki roh suci kanggo Kornélius, wong sing dudu Yahudi. Kuwi bukti nèk ’Gusti Allah ora mbédak-mbédakké’ lan nèk saiki wong sing dudu Yahudi wis éntuk dadi wong Kristen. Pas peristiwa kuwi, Pétrus ya ana ing kono. (Kis. 10:​34, 44, 45) Makané, bar kuwi Pétrus mulai gelem mangan bareng karo wong sing dudu Yahudi. Tapi, ana wong Kristen Yahudi sing ngomong nèk ora éntuk mangan bareng karo sing dudu Yahudi. Pas wong-wong kuwi teka ing Antiokhia, Pétrus dadi wedi, terus ora gelem mangan bareng manèh karo sing dudu Yahudi. Paulus ora seneng ndelok Pétrus munafik. Makané, Paulus langsung ngélikké Pétrus ing ngarepé wong akèh. (Gal. 2:​13, 14) Meskipun wis nggawé salah, Pétrus ora putus asa tapi berjuang manèh. w23.09 22 ¶8

Setu, 16 Agustus

Dhèwèké bakal ndhukung kowé.—1 Ptr. 5:10.

Nèk ternyata ana akèh sing kudu diupayakké, aja cilik ati. ”Gusti [Yésus] kuwi apikan” lan bakal mbantu njenengan. (1 Ptr. 2:3) Rasul Pétrus ngomong, ”Gusti Allah . . . bakal nglatih kowé nganti rampung. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat.” Pétrus tau ngrasa ora pantes cedhak karo Yésus. (Luk. 5:8) Tapi merga Yéhuwah lan Yésus terus nyemangati, Pétrus isa dadi muridé Yésus sing setya. Akhiré, Pétrus ya isa ’mlebu menyang Kerajaan sing ana saklawasé, duwèké Yésus Kristus Gusti sing nylametké awaké dhéwé’. (2 Ptr. 1:11) Kuwi berkah sing luar biasa. Nèk njenengan ya berjuang kaya Pétrus lan gelem dilatih Yéhuwah, mengko mesthi bakal éntuk berkah urip saklawasé. Ing Alkitab disebutké, ”Imanmu bakal nggawé kowé dislametké.”—1 Ptr. 1:9. w23.09 31 ¶16-17

Minggu, 17 Agustus

Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit [lan] bumi.—Why. 14:7.

Ing tabernakel ana halaman ing aréa terbuka sing luas lan dipageri. Sing nduwé tugas kanggo nglayani ing halaman kuwi para imam. Ing kono ana mézbah persembahan bakaran saka tembaga. Terus ya ana baskom saka tembaga sing dienggo wisuh para imam sakdurungé bertugas. (Pa. 30:​17-20; 40:​6-8) Saiki, wong-wong sing wis dilantik sing isih ing bumi nglayaniné ing halaman njero bait rohani. Baskom gedhé isi banyu kuwi dadi pengingat kanggo kabèh umaté Yéhuwah bèn pikiran lan tingkah lakuné bener lan ibadahé tetep murni. Ana wong-wong sing setya sing ndhukung wong-wong sing wis dilantik kuwi, yaiku ”kumpulan gedhé”. Menurut Rasul Yohanes, meréka ”ngadeg ing ngarepé takhta” lan ”nindakké tugas suci awan lan bengi ing baité Gusti Allah”. Meréka nglayaniné ing halaman njaba, sing maksudé ing bumi. (Why. 7:​9, 13-15) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga nduwé kesempatan istiméwa isa nglayani Yéhuwah ing bait rohaniné sing agung. w23.10 28 ¶15-16

Senèn, 18 Agustus

Merga ngerti janjiné Gusti Allah, . . . imané nggawé dhèwèké kuwat.—Rm. 4:20.

Yéhuwah isa ngekèki kekuwatan liwat para pinituwa. (Yés. 32:​1, 2) Dadi, pas lagi ngrasa kuwatir, critakna kuwi karo para pinituwa. Nèk meréka mbantu, aja ditolak. Soalé, kuwi carané Yéhuwah nguwatké njenengan. Janjiné Gusti Allah ing Alkitab isa marakké awaké dhéwé dadi kuwat. Ana sing harapané urip saklawasé ing swarga, terus ana sing harapané urip saklawasé ing Firdaus. (Rm. 4:​3, 18, 19) Harapan kuwi luar biasa. Merga nduwé harapan kuwi, awaké dhéwé isa tetep setya meskipun ana masalah, semangat martakké kabar apik, lan semangat nglakoni tugas-tugas ing jemaat. (1 Tés. 1:3) Harapan kuwi ya wis nguwatké Rasul Paulus. Paulus nulis, ”Akèh masalah sing ngepung aku . . . Aku bingung . . . Aku dianiaya . . . Aku diantemi nganti tiba.” Malah beberapa kali, dhèwèké mèh waé mati. (2 Kor. 4:​8-10) Paulus éntuk kekuwatan manèh merga mikirké harapané. (2 Kor. 4:​16-18) Paulus terus mikirké harapané ing swarga. Merga terus mikirké harapan kuwi, Paulus ”saya dikuwatké saben dina”. w23.10 15-16 ¶14-17

Selasa, 19 Agustus

Yéhuwah bakal nguwatké umaté. Yéhuwah bakal mberkahi umaté bèn uripé ayem.—Mzm. 29:11.

Wektu ndonga, pikirna, ’Apa mungkin Yéhuwah ngrasa nèk permintaanku durung wektuné dijawab?’ Mungkin awaké dhéwé pénginé ndang langsung dijawab. Tapi, Yéhuwah sing ngerti kapan wektu sing pas kanggo njawab. (Ibr. 4:16) Nèk sing dijaluk ora langsung dituruti, mungkin awaké dhéwé ngira nèk jawabané Yéhuwah kuwi ’Ora’. Padahal sakjané, mungkin jawabané Yéhuwah ’Durung’. Misalé, ana sedulur lanang sing ndonga bèn penyakité dimarèkké. Tapi ternyata dhèwèké ora mari-mari. Nah nèk Yéhuwah langsung marèkké dhèwèké, mengko Sétan isa nudhuh nèk sedulur kuwi gelem terus nglayani Yéhuwah mung merga wis dimarèkké. (Ayb. 1:​9-11; 2:4) Terus, Yéhuwah wis nentokké jadwal kapan Dhèwèké arep nyingkirké kabèh penyakit. (Yés. 33:24; Why. 21:​3, 4) Mula saiki, aja berharap Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo marèkké wong lara. Dadi, sedulur kuwi mau isa ndonga njaluk kekuwatan bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah meskipun isih lara. w23.11 24 ¶13

Rebo, 20 Agustus

Dhèwèké ora ngukum sesuai karo dosané awaké dhéwé lan ora mbales sesuai karo kesalahané awaké dhéwé.—Mzm. 103:10.

Meskipun wis nggawé kesalahan, Simson tetep péngin nglayani Yéhuwah. Dhèwèké nggolèk kesempatan ngalahké wong Filistin merga kuwi karepé Yéhuwah. (PH. 16:​28-30) Simson ndonga, ”Oh Gusti Allah, tulung aku éntuk mbales wong Filistin.” Yéhuwah njawab dongané Simson, terus akhiré dhèwèké nduwé kekuwatan manèh. Hasilé, Simson isa matèni wong Filistin luwih akèh timbang sing dhèwèké patèni sakdurungé. Meskipun sengsara merga kesalahané, Simson berupaya bèn terus nglakoni karepé Yéhuwah. Nèk tau nggawé salah, terus didisiplin, utawa ora éntuk tugas-tugas tambahan ing jemaat manèh, awaké dhéwé kudu tetep semangat nglayani Yéhuwah. Kudu éling nèk Yéhuwah seneng ngampuni. (Mzm. 103:​8, 9) Meskipun tau nggawé salah, awaké dhéwé tetep dianggep berguna karo Yéhuwah. w23.09 6 ¶15-16

Kemis, 21 Agustus

Nèk awaké dhéwé sabar, Gusti Allah bakal seneng. Nèk Gusti Allah seneng karo awaké dhéwé, awaké dhéwé dadi nduwé harapan.—Rm. 5:4.

Nèk awaké dhéwé sabar, Gusti Allah bakal seneng. Kuwi ora berarti Yéhuwah seneng awaké dhéwé susah. Sing nggawé Yéhuwah seneng kuwi merga awaké dhéwé tetep sabar lan setya. Isa nggawé Yéhuwah seneng kuwi rasané mesthi nyenengké banget. (Mzm. 5:12) Élinga, Abraham tetep sabar lan setya wektu ngadhepi kesusahan. Makané, Yéhuwah seneng. Yéhuwah nyebut dhèwèké sahabaté lan nganggep Abraham wong sing bener. (PD. 15:6; Rm. 4:​13, 22) Yéhuwah sayang dudu merga awaké dhéwé nduwé tugas-tugas tambahan ing organisasi, utawa awaké dhéwé wis berbuat apa waé kanggo Yéhuwah. Yéhuwah sayang merga awaké dhéwé tetep setya karo Dhèwèké. Ora soal umuré pira utawa keadaan lan kemampuané piyé, awaké dhéwé isa tetep sabar lan terus setya. Nèk saiki njenengan lagi berjuang bèn tetep sabar ngadhepi kesusahan, yakina nèk njenengan wis nggawé Gusti Allah seneng. Hasilé, njenengan bakal tambah yakin nèk harapané njenengan bakal dadi kenyataan. w23.12 11 ¶13-14

Jumat, 22 Agustus

Kowé kudu . . . tumindak kaya wong lanang.—1 Raj. 2:​2, cathetan ngisor.

Sedulur lanang kudu belajar bèn isa komunikasi sing apik. Kuwi berarti dhèwèké kudu ngrungokké lan memahami pikiran lan perasaané wong liya. (WB. 20:5) Carané, dhèwèké isa ngamati nada suara, èksprèsi wajah, lan sikapé wong liya. Kuwi berarti, kowé kudu akèh bergaul. Tapi, nèk mung seneng komunikasi ora langsung, misalé mung liwat SMS, email, utawa chat, mengko pas ketemu langsung kowé dadi bingung arep ngomong apa. Mulané, upayakna bèn isa omong-omongan secara langsung. (2 Yoh. 12) Wong lanang kudu isa nggolèk dhuwit dhéwé bèn isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. (1 Tim. 5:8) Kowé isa belajar ketrampilan bèn isa nyambut gawé. (Kis. 18:​2, 3; 20:34; Éf. 4:28) Kowé ya kudu seneng kerja keras lan tekun nyambut gawé. Nèk kowé nduwé réputasi kaya ngono, kowé bakal luwih gampang éntuk gawéan lan luwih dipercaya wong liya. w23.12 27 ¶12-13

Setu, 23 Agustus

Dinané Yéhuwah bakal teka kaya maling pas bengi.—1 Tés. 5:2.

Ing Alkitab, ”dinané Yéhuwah” kuwi maksudé pas Yéhuwah nyingkirké mungsuh-mungsuhé lan nylametké umaté. (Yés. 13:​1, 6; Yèh. 13:5; Zéf. 1:8) Mbiyèn kuwi wis tau kelakon. Jaman saiki, ”dinané Yéhuwah” dimulai pas Babilon Gedhé disingkirké nganti Armagédon. Bèn isa slamet, awaké dhéwé kudu siap mulai saiki. Malah, Yésus ora mung ngongkon bèn siap pas ”sengsara gedhé”, tapi ”tetep siap”. (Mat. 24:21; Luk. 12:40) Liwat suraté, Paulus ngandhani bèn wong Tésalonika tetep siap kanggo dinané Yéhuwah. Paulus njelaské nganggo beberapa perumpamaan. Paulus ngerti nèk dinané Yéhuwah ora bakal langsung teka. (2 Tés. 2:​1-3) Tapi, Paulus ngandhani nèk kaya-kayané dinané Yéhuwah tekané sésuk. Naséhaté Paulus ya isa bermanfaat kanggo awaké dhéwé. w23.06 8 ¶1-2

Minggu, 24 Agustus

Sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé kudu kuwat, lan aja nyerah.—1 Kor. 15:58.

Taun 1978, ana bangunan 60 lantai sing dibangun ing Tokyo, Jepang. Padahal ing kono kerep gempa. Apa rahasiané bèn bangunané ora ambruk? Struktur bangunané kokoh tapi lentur. Awaké dhéwé ya kaya bangunan kuwi. Kok isa? Awaké dhéwé kudu kuwat tapi ora kaku wektu ngetrapké hukumé Yéhuwah. Awaké dhéwé ora nggampangké lan ”siap manut”, tapi ”seneng ngalah”, ora kaku.—Yak. 3:17. w23.07 14 ¶1-2

Senèn, 25 Agustus

Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, ning kowé nresnani dhèwèké.—1 Ptr. 1:8.

Yésus digodha Sétan sing ngongkon dhèwèké nggawé dosa lan ora setya karo Yéhuwah. (Mat. 4:​1-11) Sétan selalu berusaha bèn Yésus dadi dosa lan ora isa dadi tebusan. Yésus ya ngadhepi tantangan sing luwih abot manèh. Dhèwèké dianiaya lan arep dipatèni mungsuh-mungsuhé. (Luk. 4:​28, 29; 13:31) Yésus ya kudu sabar ngadhepi murid-muridé sing ora sampurna. (Mrk. 9:​33, 34) Wektu diadili, Yésus ya disiksa lan diécé. Terus, Yésus dihukum mati kaya penjahat lan matiné ya sengsara. (Ibr. 12:​1-3) Bahkan pas wis arep mati, Yésus kudu berjuang dhèwèkan. (Mat. 27:46) Bèn isa dadi tebusan, Yésus kudu sengsara lan menderita. Nèk ngrenungké kabèh pengorbanané Yésus, awaké dhéwé mesthi dadi tambah sayang karo dhèwèké, ta? w24.01 10-11 ¶7-9

Selasa, 26 Agustus

Wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.—WB. 21:5.

Pas urusan karo wong liya, sabar akèh manfaaté. Wektu ana sing ngomong, awaké dhéwé bakal ngrungokké tenanan. (Yak. 1:19) Nèk sabar, isa tetep rukun karo liyané. Awaké dhéwé ora bakal langsung ngomèl lan ngomong sing nylekit pas ana masalah. Nèk sabar, ora gampang nesu wektu ana sing nglarani ati. Ketimbang mbales, awaké dhéwé péngin ”terus sabar lan tulus ngapura liyané”. (Kol. 3:​12, 13) Nèk sabar, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik. Awaké dhéwé ora bakal kesusu, tapi mikir-mikir sik apa manfaaté utawa akibaté nèk nggawé keputusan kuwi. Misalé, pas lagi nggolèk gawéan. Pas ana tawaran, mungkin gawéan kuwi langsung ditampa. Tapi nèk sabar, awaké dhéwé bakal mikir sik, mengko nèk nampa gawéan kuwi bakalé isih ana wektu kanggo keluarga lan ngibadah apa ora. Nèk sabar, awaké dhéwé ora bakal nyesel merga nggawé keputusan sing salah. w23.08 22 ¶8-9

Rebo, 27 Agustus

Aku ngerti nèk ing njero awakku ana hukum liya sing nglawan hukum sing nguwasani pikiranku lan nggawé aku dadi tawanan hukum dosa sing ana ing njero awakku.—Rm. 7:23.

Berjuang nglawan kepénginan sing salah kuwi isa waé marakké putus asa. Tapi nèk éling wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan bakal luwih gampang nolak godhaan. Kok isa? Wektu nggawé janji ngabdi, sakjané njenengan wani nolak kepénginané njenengan dhéwé. Kuwi termasuk cita-cita, utawa apa waé sing isa marakké Yéhuwah ora seneng. (Mat. 16:24) Dadi, mengko nèk ana tantangan utawa godhaan, njenengan wis langsung ngerti nèk sing paling penting kuwi tetep setya karo Yéhuwah. Njenengan wis ora perlu mikir-mikir manèh. Tékadé njenengan mung péngin nyenengké Yéhuwah. Wektu ngadhepi tantangan sing abot, mungkin njenengan kaya Ayub, sing tegas ngomong, ”Ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah”.—Ayb. 27:5. w24.03 9 ¶6-7

Kemis, 28 Agustus

Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké, yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké.—Mzm. 145:18.

Yéhuwah, ”sing gedhé katresnané”, selalu ndhukung awaké dhéwé. (2 Kor. 13:11) Dhèwèké nggatèkké saben wong. Yéhuwah ya bakal ”nduduhké katresnan sing langgeng”. (Mzm. 32:​10, cathetan ngisor) Semakin ngrenungké kasih sayangé Yéhuwah, awaké dhéwé isa semakin akrab karo Dhèwèké. Awaké dhéwé isa leluasa ndonga lan ngomong nèk butuh kasih sayangé Yéhuwah. Kabèh sing dikuwatirké isa dicritakké merga yakin nèk Yéhuwah paham lan péngin mbantu. (Mzm. 145:19) Kaya pas cuacané adhem dadi péngin nyedhak ing api unggun bèn anget, awaké dhéwé ya péngin nyedhak karo Yéhuwah bèn isa ngrasakké kasih sayangé. Rasané mesthi bahagia isa ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah sing gedhé banget. Muga-muga awaké dhéwé ya ngomong, ”Aku sayang karo Yéhuwah”.—Mzm. 116:1. w24.01 31 ¶19-20

Jumat, 29 Agustus

Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong.—Yoh. 17:26.

Yésus ora mung ngandhani wong-wong nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, soalé wong Yahudi wis ngerti jenengé Gusti Allah. Tapi, Yésus ya ”nerangké soal Gusti Allah” kuwi kaya apa. (Yoh. 1:​17, 18) Misalé, ing Kitab-Kitab Ibrani disebutké nèk Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké. (Pa. 34:​5-7) Bèn wong-wong isa luwih mbayangké sifaté Yéhuwah kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan soal anak sing ilang lan bapaké. Saka kadohan, pas ndelok anaké sing mertobat bali mulih, bapaké langsung mlayu marani dhèwèké, meluk, lan bener-bener ngampuni dhèwèké. Ya kaya ngono kuwi sifaté Yéhuwah sing seneng ngampuni lan gampang mesakké.—Luk. 15:​11-32. w24.02 10 ¶8-9

Setu, 30 Agustus

Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi, awaké dhéwé isa menghibur wong liya.—2 Kor. 1:4.

Kaya mata air sing ngetokké banyu sing seger kanggo wong sing lagi ngelak, Yéhuwah menghibur wong-wong sing lagi susah. Piyé bèn awaké dhéwé isa dadi kaya Yéhuwah sing gampang mesakké lan gelem menghibur sing lagi susah? Carané, awaké dhéwé isa berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dadi gampang ngrasa mesakké lan péngin menghibur. Sifat-sifat apa waé? Bèn isa ”terus menghibur liyané”, awaké dhéwé kudu apikan, isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, lan nduwé rasa sayang sing kaya karo keluargané dhéwé. (1 Tés. 4:18; Kol. 3:12; 1 Ptr. 3:8) Ngapa kok nèk nduwé sifat-sifat kuwi awaké dhéwé dadi tergerak kanggo menghibur? Yésus ngomong, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati. Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik.” (Mat. 12:​34, 35) Dadi, nèk awaké dhéwé nduwé rasa mesakké lan nduwé sifat-sifat kuwi mau, pas ndelok wong susah, awaké dhéwé otomatis tergerak péngin menghibur dhèwèké. Menghibur wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo meréka. w23.11 10 ¶10-11

Minggu, 31 Agustus

Wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.—Dan. 12:10.

Bèn isa paham ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé butuh bantuan. Umpamané ngéné, njenengan lunga ing dhaérah sing durung tau ditekani. Tapi, ana kancané njenengan sing ngerti tenan dhaérah kuwi. Dhèwèké ngerti njenengan lagi ing ngendi lan kudu liwat dalan endi bèn isa tekan tujuan. Njenengan mesthi bersyukur merga nduwé kanca sing siap mbantu. Yéhuwah ya kaya kanca sing siap mbantu. Dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé urip ing dina-dina terakhir lan ngerti uripé awaké dhéwé sukmbèn piyé. Dadi bèn isa paham tenan ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé kudu rendah hati njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 2:28; 2 Ptr. 1:​19, 20) Wong tuwa péngin anak-anaké bahagia. Yéhuwah ya kaya ngono. (Yér. 29:11) Tapi bédané, Yéhuwah isa ngandhani apa sing kelakon sukmbèn lan kuwi kabèh mesthi bener. Kuwi ditulis ing Alkitab bèn awaké dhéwé ngerti apa sing bakal kelakon. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis ngandhani soal kuwi.—Yés. 46:10. w23.08 8 ¶3-4

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim