PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 67-77
  • Juli

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Juli
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Selasa, 1 Juli
  • Rebo, 2 Juli
  • Kemis, 3 Juli
  • Jumat, 4 Juli
  • Setu, 5 Juli
  • Minggu, 6 Juli
  • Senèn, 7 Juli
  • Selasa, 8 Juli
  • Rebo, 9 Juli
  • Kemis, 10 Juli
  • Jumat, 11 Juli
  • Setu, 12 Juli
  • Minggu, 13 Juli
  • Senèn, 14 Juli
  • Selasa, 15 Juli
  • Rebo, 16 Juli
  • Kemis, 17 Juli
  • Jumat, 18 Juli
  • Setu, 19 Juli
  • Minggu, 20 Juli
  • Senèn, 21 Juli
  • Selasa, 22 Juli
  • Rebo, 23 Juli
  • Kemis, 24 Juli
  • Jumat, 25 Juli
  • Setu, 26 Juli
  • Minggu, 27 Juli
  • Senèn, 28 Juli
  • Selasa, 29 Juli
  • Rebo, 30 Juli
  • Kemis, 31 Juli
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 67-77

Juli

Selasa, 1 Juli

Dhèwèké lunga ing kabèh dhaérah kuwi karo nindakké apa sing apik lan marèkké kabèh wong.—Kis. 10:38.

Pikiran lan perasaané Yésus padha karo Yéhuwah merga Yésus selalu niru Yéhuwah termasuk pas nggawé mukjijat. (Yoh. 14:9) Apa sing isa dipelajari saka mukjijaté Yésus? Yésus karo Yéhuwah sayang awaké dhéwé. Yésus nggawé mukjijat merga ora téga ndelok wong liya sengsara. Kuwi bukti nèk Yésus sayang manungsa. Misalé, ana wong wuta loro sing mbengok-mbengok njaluk tulung karo Yésus. (Mat. 20:​30-34) Yésus gelem marèkké wong loro kuwi ”merga mesakké”. Yésus gelem mènèhi mangan wong akèh lan marèkké wong lara kusta ya ”merga mesakké”. (Mat. 15:32; Mrk. 1:41) Awaké dhéwé ya dadi yakin nèk Yéhuwah ”mesakké awaké dhéwé”. Wektu awaké dhéwé susah, Yéhuwah ya ngrasa susah. (Luk. 1:78; 1 Ptr. 5:7) Yéhuwah wis ora sabar péngin nyingkirké kabèh masalahé manungsa. w23.04 3 ¶4-5

Rebo, 2 Juli

Hé kowé wong sing nresnani Yéhuwah, kowé kudu sengit karo apa sing jahat. Dhèwèké nglindhungi abdiné sing setya. Dhèwèké nylametké wong kuwi saka wong sing jahat.—Mzm. 97:10.

Awaké dhéwé mesthi péngin berusaha bèn ora nonton, ngrungokké, utawa maca hiburan saka donyané Sétan. Awaké dhéwé isa mikirké sing bener nèk sinau Alkitab, teka ngibadah, lan mèlu nginjil. Awaké dhéwé mesthi isa nglawan kepénginan sing salah merga Yéhuwah janji ora bakal meneng waé nèk awaké dhéwé digodha ngluwihi apa sing isa ditanggung. (1 Kor. 10:​12, 13) Merga saya suwé keadaan saya susah, awaké dhéwé kudu luwih kerep ndonga bèn isa terus setya karo Yéhuwah. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ’nyritakké kabèh perasaan marang Dhèwèké’. (Mzm. 62:8) Wektu ndonga, njenengan isa muji Yéhuwah, bersyukur, njaluk bèn kendel wektu nginjil, njaluk bantuané Yéhuwah kanggo ngatasi masalah, lan nolak kepénginan sing salah. Aja nganti lali ndonga. w23.05 7 ¶17-18

Kemis, 3 Juli

Ayo nggatèkké sedulur liya . . . , awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké.—Ibr. 10:​24, 25.

Ngapa kok teka ing pertemuan ibadah? Kanggo muji Yéhuwah. (Mzm. 26:12; 111:1) Awaké dhéwé ya isa saling nguwatké ing pertemuan ibadah. (1 Tés. 5:11) Wektu mènèhi koméntar, awaké dhéwé isa muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. Tapi, pas mènèhi koméntar, kuwi ora mesthi gampang. Awaké dhéwé isa waé wedi utawa malah isa waé ora kerep ditunjuk. Nèk ngono piyé? Paulus ngomong wektu pertemuan ibadah, sing penting isa ”padha-padha nguwatké”. Awaké dhéwé mesthi ora bakal wedi mènèhi koméntar, merga bahkan koméntar sing sederhana tetep isa nguwatké sedulur-sedulur. Wektu ora ditunjuk, awaké dhéwé ora kecéwa merga kuwi kesempatan sedulur-sedulur liya mènèhi koméntar.—1 Ptr. 3:8. w23.04 20 ¶1-3

Jumat, 4 Juli

Balia menyang Yérusalèm . . . lan bangunen manèh omahé Yéhuwah.—Ézr. 1:3.

Akhiré wong Yahudi sing wis ditawan ing Babilon selama 70 taun isa bali ing Israèl. (Ézr. 1:​2-4) Jelas nèk kuwi berkah saka Yéhuwah. Kok isa? Soalé wong Babilon ora tau mbébaské tawanané. (Yés. 14:​4, 17) Tapi, Babilon wis dikalahké lan raja sing anyar ngongkon wong Yahudi bali ing Israèl. Saben wong, khususé kepala keluarga, kudu mutuské arep lunga saka Babilon utawa tetep manggon ing kono. Isa waé wong Yahudi bingung. Wong Yahudi sing wis tuwa isa waé ora sanggup nèk kudu mlaku saka Babilon tekan Israèl. Akèh wong Yahudi sing lair ing Babilon. Kanggoné wong-wong kuwi, Israèl mung sekedar tanah leluhuré. Terus ya ana wong Yahudi sing suksès ing Babilon. Dadi mesthi abot nèk kudu ninggalké omahé sing nyaman utawa bisnisé lan pindhah ing dhaérah sing wis suwé ditinggalké. w23.05 14 ¶1-2

Setu, 5 Juli

Kowé kudu bener-bener siap.—Mat. 24:44.

Menurut Alkitab, sifat sabar, mesakké, lan nresnani kuwi penting. Menurut Roma 5:​4, ”Nèk awaké dhéwé sabar, Gusti Allah bakal seneng.” Menurut Kolose 3:​12, ”Awaké dhéwé kudu . . . nduwé rasa mesakké.” Menurut 1 Tésalonika 4:​9, 10, ”Kowé wis diwulang Gusti Allah bèn nresnani liyané. . . . Ning, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé luwih tenanan nindakké kuwi.” Ayat-ayat kuwi kanggo wong Kristen sing wis sabar, mesakké, lan nresnani. Tapi sifat-sifat kuwi isih perlu diupayakké. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Bèn isa ngupayakké kuwi, kudu mempelajari contoné wong Kristen jaman mbiyèn sing wis mraktèkké sifat-sifat kuwi, terus niru contoné meréka. Hasilé, awaké dhéwé bakal siap ngadhepi sengsara gedhé merga wis ngerti piyé carané bèn tetep sabar lan isa terus setya. w23.07 3 ¶4, 8

Minggu, 6 Juli

Bakal ana dalan gedhé ing kono sing disebut Dalan Suci.—Yés. 35:8.

Ora soal bakal munggah swarga utawa termasuk ”domba-domba liyané”, awaké dhéwé kudu terus mlaku ing ”Dalan Suci”. (Yoh. 10:16) Maksudé, kudu terus nglayani Yéhuwah saiki nganti sukmbèn Kerajaané Gusti Allah nggawé bumi iki dadi Firdaus. Kèt 1919, ana akèh banget wong sing wis metu saka Babilon Gedhé, yaiku kumpulan agama palsu, lan akhiré mulai mlaku ing dalan kuwi. Pas wong Yahudi metu saka Babilon, Yéhuwah nyingkirké kabèh sing ngalangi dalané umaté. (Yés. 57:14) Nèk ”Dalan Suci” saiki piyé? Atusan taun sakdurungé 1919, Yéhuwah nggunakké wong-wong sing wedi karo Dhèwèké kanggo nyiapké dalan metu saka Babilon Gedhé. (Bandhingna karo Yésaya 40:3.) Merga ana dalan kuwi, wong-wong isa metu saka Babilon Gedhé lan mulai nyembah Yéhuwah. w23.05 16 ¶8-9

Senèn, 7 Juli

Kowé kudu ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah. Ayo padha mara ing ngarepé lan sorak-sorak.—Mzm. 100:2.

Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia lan réla wektu nglayani Dhèwèké. (2 Kor. 9:7) Lha nèk ngono, apa awaké dhéwé kudu tetep berjuang meskipun sakjané ora péngin? Gatèkna contoné Paulus. Paulus ngomong, ”Aku nggebugi badanku, lan kuwi tak préntah kaya budhak.” (1 Kor. 9:​25-27, cathetan ngisor) Paulus tetep berjuang bèn isa manut karo Yéhuwah meskipun sakjané ora péngin. Apa Paulus nyenengké Yéhuwah? Ya. Malah, Yéhuwah mberkahi upayané Paulus. (2 Tim. 4:​7, 8) Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé tetep berjuang meskipun ora nduwé motivasi. Meskipun ora seneng karo kegiatané, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé berjuang merga sayang karo Yéhuwah. Kaya Yéhuwah mberkahi Paulus, Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé. (Mzm. 126:5) Pas ngrasakké dhéwé berkah saka Yéhuwah, njenengan mungkin dadi ngrasa termotivasi. w23.05 29 ¶9-10

Selasa, 8 Juli

Dinané Yéhuwah bakal teka.—1 Tés. 5:2.

Rasul Paulus madhakké wong-wong sing ora slamet pas dinané Yéhuwah kaya wong turu. Wong sing turu ora sadhar karo apa sing kelakon ing sekitaré. Akèh wong saiki kaya ngono. (Rm. 11:8) Wong-wong kuwi ora percaya nèk saiki wis ”akhir jaman” lan nèk sengsara gedhé wis mèh teka, padahal wis ana bukti-bukti sing jelas. (2 Ptr. 3:​3, 4) Awaké dhéwé ora kaya ngono. Awaké dhéwé péngin tetep siap nganti dinané Yéhuwah teka. (1 Tés. 5:6) Awaké dhéwé ya péngin tetep tenang lan sadhar. Kenapa? Nèk sadhar, meskipun wong-wong ing sekitaré awaké dhéwé berdebat merga nduwé pendapat sing béda-béda, awaké dhéwé ora bakal mèlu-mèlu. Mémang saya suwé kuwi saya angèl. Tapi ora perlu kuwatir. Yéhuwah isa mbantu liwat roh suciné bèn awaké dhéwé tetep tenang lan isa nggawé keputusan sing apik.—Luk. 12:​11, 12. w23.06 10 ¶6-7

Rebo, 9 Juli

Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.—PH. 16:28.

Nèk krungu jeneng Simson, apa sing njenengan bayangké? Mungkin langsung kebayang nèk dhèwèké kuwi wong sing kuwat banget. Tapi menurut Alkitab, dhèwèké tau nggawé kesalahan. Tapi Yéhuwah ndelok upayané dhèwèké bèn tetep setya. Mulané, kisahé ditulis ing Alkitab. Yéhuwah milih Simson kanggo mbébaské bangsa Israèl. Sakwisé Simson mati, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis jenengé Simson ing daftar wong-wong sing imané kuwat. (Ibr. 11:​32-34) Simson ngendelké Yéhuwah meskipun situasiné ora gampang. Contoné Simson kuwi apik banget. Awaké dhéwé isa niru contoné Simson. w23.09 2 ¶1-2

Kemis, 10 Juli

Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah.—Flp. 4:6.

Cara liyané bèn isa tetep sabar, nyritakké kabèh sing dikuwatirké karo Yéhuwah. (1 Tés. 5:17) Mungkin, saiki masalahé durung abot. Tapi, apa njenengan selalu crita karo Yéhuwah pas jèngkèl, kesel, utawa bingung? Nèk kèt saiki kerep ndonga pas ana masalah sing sepélé, njenengan ora bakal ragu njaluk bantuané Yéhuwah. Njenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah sing paling ngerti kapan lan piyé carané mbantu. (Mzm. 27:​1, 3) Nèk saiki sabar pas ngadhepi masalah, sukmbèn pas sengsara gedhé isa tetep setya. (Rm. 5:3) Kok isa? Akèh sedulur sing ngrasakké dhéwé nèk tetep sabar, pas ana masalah manèh isa ngadhepi kuwi. Nèk sabar, dadi luwih percaya Yéhuwah bakal mbantu. Merga iman saya kuwat, nèk ana masalah manèh dadi isa ngatasi kuwi.—Yak. 1:​2-4. w23.07 3 ¶7-8

Jumat, 11 Juli

Aku bakal nuruti kowé.—PD. 19:21.

Yéhuwah ora kaku merga rendah hati lan nduwé rasa mesakké. Misalé, pas arep matèni wong-wong Sodom sing jahat. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngongkon Lot mlayu ing dhaérah pegunungan. Tapi merga wedi, Lot njaluk bèn dhèwèké sak keluarga mlayu ing Zoar, sing sakjané arep dihancurké. Yéhuwah sakjané isa meksa Lot kanggo manut. Tapi merga rendah hati, Yéhuwah gelem nuruti Lot. (PD. 19:​18-22) Yéhuwah ya nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé. Yéhuwah ngutus Nabi Yunus kanggo ngumumké nèk kutha kuwi bakal dihancurké merga wong-wongé jahat. Tapi merga wong Niniwé mertobat, Yéhuwah mesakké lan ora sida ngancurké kutha kuwi.—Yun. 3:​1, 10; 4:​10, 11. w23.07 21 ¶5

Setu, 12 Juli

Yéhoas dipatèni . . . lan dikubur . . . ning dudu ing kuburané para raja.—2 Bb. 24:25.

Yéhoas kaya wit sing disangga. Sakwisé penyanggané dicabut, wit kuwi ambruk pas kena angin. Sakwisé Yéhoyada mati, Yéhoas ora wedi manèh karo Yéhuwah pas dipengaruhi karo wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Apa pelajarané? Mung merga keluarga utawa sedulur-sedulur ing jemaat dadi teladan, ora otomatis awaké dhéwé wedi karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah mung nèk maca Alkitab, ngrenungké kuwi, lan ndonga. (Yér. 17:​7, 8; Kol. 2:​6, 7) Yéhuwah ora njaluk sing ngluwihi kesanggupané awaké dhéwé. Yéhuwah mung péngin awaké dhéwé ’wedi karo Dhèwèké lan manut karo préntahé, merga iki kabèh kewajibané manungsa’. (Pkh. 12:13) Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngadhepi masalah apa waé lan tetep setya. Ora ana sing isa misahké awaké dhéwé saka Yéhuwah. w23.06 18-19 ¶17-19

Minggu, 13 Juli

Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.—Why. 21:5.

Ing awal ayat 5 ana kata-kata, ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha.” (Why. 21:5a) Kata-kata iki istiméwa. Ing buku Wahyu, Yéhuwah ngomong langsung kuwi mung ping telu thok. Salah sijiné ana ing ayat iki. Dadi, jaminan iki sing ngomong dudu malaékat, dudu Yésus, tapi Yéhuwah dhéwé. Nah, Yéhuwah ”ora isa ngapusi”. (Tit. 1:2) Kuwi berarti kata-katané Yéhuwah, termasuk sing ing Wahyu 21:​5, 6 isa dipercaya. Terus Yéhuwah ngomong, ”Deloken.” Ing basa asliné, kata ”deloken” kerep muncul ing buku Wahyu. Terus, Gusti Allah bar kuwi ngomong apa? Gusti Allah ora ngomong, ”Aku arep nggawé kabèh dadi anyar.” Gusti Allah ngomongé, ”Aku nggawé kabèh dadi anyar.” Janjiné Yéhuwah mémang kelakoné isih sukmbèn, tapi saking pastiné, Yéhuwah ngomongé seolah-olah kuwi wis kelakon.—Yés. 46:10. w23.11 3-4 ¶7-8

Senèn, 14 Juli

Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.—Mat. 26:75.

Rasul Pétrus kudu berjuang ngatasi kelemahané. Contoné, pas Yésus ngomong nèk menurut ramalan dhèwèké kudu sengsara lan mati, Pétrus malah ngélikké Yésus. (Mrk. 8:​31-33) Pétrus karo murid-murid liyané ya bola-bali padu soal sapa sing paling penting. (Mrk. 9:​33, 34) Bengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus ya tau nyerang lan nyabet kupingé Malkhus nganti pothol. (Yoh. 18:10) Terus bengi kuwi, merga wedi karo wong-wong, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. (Mrk. 14:​66-72) Bar kuwi Pétrus nangis lan sedhih banget. Yésus terus nyemangati Pétrus bèn ora cilik ati. Bar diuripké manèh, Yésus ngekèki Pétrus kesempatan mbuktèkké nèk isih sayang Yésus. Yésus ngongkon Pétrus ngopèni domba-dombané. (Yoh. 21:​15-17) Pétrus gelem. Terus pas Péntakosta, dhèwèké ya ana ing Yérusalèm lan termasuk sing nampa roh suci. w23.09 22 ¶6-7

Selasa, 15 Juli

Engonen anak-anak dombaku.—Yoh. 21:16.

Rasul Pétrus ngongkon para pinituwa, ”Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah.” (1 Ptr. 5:​1-4) Para pinituwa, njenengan mesthi sayang karo sedulur-sedulur lan péngin nggatèkké meréka. Tapi kadhang ora isa merga sibuk lan wis kesel. Terus, kudu piyé? Critakna kabèh karo Yéhuwah. Pétrus nulis, ”Nèk kowé mbantu wong liya, kowé kudu ngendelké kekuwatan saka Gusti Allah.” (1 Ptr. 4:11) Mungkin njenengan ora isa mbantu sedulur-sedulur ngatasi kabèh masalahé. Tapi élinga, nèk ana ”gembala sing utama” yaiku Yésus Kristus. Yésus sing luwih sanggup nulungi sedulur-sedulur, embuh saiki utawa sukmbèn. Yéhuwah péngin para pinituwa sayang, nggatèkké, lan ”dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah”. w23.09 29-30 ¶13-14

Rebo, 16 Juli

Yéhuwah ngerti nèk pikirané wong sing wicaksana kuwi ora ana gunané.—1 Kor. 3:20.

Aja niru pandhangané manungsa. Nèk niru pandhangané wong-wong umumé, suwé-suwé awaké dhéwé isa waé ninggalké Yéhuwah lan ora manut pathokané. (1 Kor. 3:19) ”Kawicaksanané donya” nggawé wong-wong ora manut Gusti Allah. Beberapa wong ing Pèrgamus lan Tiatira terpengaruh pandhangané wong-wong sing bejat lan nyembah brahala. Merga nganggep perbuatan kaya ngono ora salah, jemaat kuwi diwènèhi naséhat sing tegas karo Yésus. (Why. 2:​14, 20) Saiki ya padha. Mungkin keluarga utawa kanca ngomongi awaké dhéwé bèn pekéwuh nganti nganggep pathokané Yéhuwah kaku. Mungkin awaké dhéwé diomongi nèk hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi ora salah lan pathokan ing Alkitab wis ketinggalan jaman. Kadhang awaké dhéwé mikir nèk arahané Yéhuwah kurang terperinci. Mungkin awaké dhéwé péngin ”ngluwihi apa sing wis ditulis”.—1 Kor. 4:6. w23.07 16 ¶10-11

Kemis, 17 Juli

Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.—WB. 17:17.

Bayangna piyé perasaané Maria ibuné Yésus pas dikandhani malaékat Gabrièl nèk dhèwèké bakal meteng padahal durung nikah. Maria mesthi bingung banget. Dhèwèké ya kudu nggedhèkké bayi sing bakalé dadi Mésias. Terus, Maria ya kudu njelaské karo Yusuf tunangané, nèk Maria meteng padahal meréka durung tau hubungan sèks. (Luk. 1:​26-33) Maria mesthi butuh dikuwatké. Bèn isa éntuk kekuwatan, Maria nggolèk bantuan. Contoné, bèn ngerti luwih akèh soal tugasé, Maria takon karo malaékat Gabrièl. (Luk. 1:34) Bar kuwi, Maria lunga marani Èlisabèt, seduluré, sing omahé ”ing dhaérah pegunungan” ing Yéhuda. Ing kono, Èlisabèt muji Maria. Terus merga dituntun roh suciné Yéhuwah, Èlisabèt nyampèkké ramalan soal bayi ing wetengé Maria. (Luk. 1:​39-45) Maria ngomong nèk Yéhuwah wis ”nduduhké kuwasané sing hébat”. (Luk. 1:​46-51) Yéhuwah nguwatké Maria liwat Gabrièl lan Èlisabèt. w23.10 14-15 ¶10-12

Jumat, 18 Juli

Dhèwèké nglantik awaké dhéwé dadi raja lan imam kanggo nglayani Gusti Allahé lan Bapaké.—Why. 1:6.

Ing antarané murid-muridé Yésus ana sing wis dipilih nganggo roh suci lan nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah. Jumlahé 144.000. Meréka bakal nglayani dadi imam ing swarga bareng karo Yésus. (Why. 14:1) Pas meréka isih ing bumi, Gusti Allah ngangkat meréka dadi anaké. Nah, Ruang Suci ing tabernakel nggambarké hubungan istiméwa kuwi. (Rm. 8:​15-17) Ruang Mahasuci ing tabernakel nggambarké swarga, panggonané Yéhuwah. ”Kordhèn” sing misahké Ruang Suci karo Ruang Mahasuci nggambarké badané Yésus. Pas Yésus isih dadi manungsa, dhèwèké ora isa mlebu swarga dadi imam agung ing bait rohani. Bar Yésus mati, dhèwèké mbukak dalan bèn wong-wong sing wis dipilih roh suci mau isa munggah swarga. Wong-wong sing wis dipilih kuwi ya ora isa munggah swarga nèk isih nganggo badan manungsané.—Ibr. 10:​19, 20; 1 Kor. 15:50. w23.10 28 ¶13

Setu, 19 Juli

Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon.—Ibr. 11:32.

Pas wong Éfraim nesu-nesu karo dhèwèké, Gidéon tetep tenang lan ora nesu. (PH. 8:​1-3) Dhèwèké ngrungokké lan apikan wektu njawab. Wektu ana sing ngritik, para pinituwa ya isa kaya ngono. (Yak. 3:13) Hasilé, jemaat isa tetep rukun. Wektu dipuji merga menang nglawan wong Midian, Gidéon muji Yéhuwah. (PH. 8:​22, 23) Piyé para pinituwa isa niru Gidéon? Muji Yéhuwah pas berhasil. (1 Kor. 4:​6, 7) Misalé, pas dipuji merga isa nyampèkké ceramah sing apik, dhèwèké isa ngomong nèk kuwi asalé saka Alkitab utawa merga awaké dhéwé kabèh wis dilatih organisasiné Yéhuwah. Para pinituwa ya isa mikirké, apa carané mulang ngluhurké Yéhuwah utawa mung nggawé wong liya terkesan. w23.06 4 ¶7-8

Minggu, 20 Juli

Pikiran-Ku ora kaya pikiranmu.—Yés. 55:8.

Nèk kayané dongané awaké dhéwé ora dijawab-jawab, isa mikirké, ’Sing tak jaluk iki apa wis bener?’ Kadhang, awaké dhéwé mikir nèk sing dijaluk kuwi wis sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Tapi, isa waé kuwi dudu solusi sing paling apik. Terus, mungkin sing awaké dhéwé jaluk kuwi ora cocog karo karepé Yéhuwah. (1 Yoh. 5:14) Misalé, contoné wong tuwa sing ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah. Kétoké kuwi permintaan sing apik. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa sapa waé kanggo nglayani Dhèwèké. Yéhuwah pénginé kabèh wong termasuk anak-anak nglayani Dhèwèké merga meréka mémang péngin. (PT. 10:​12, 13; 30:​19, 20) Dadi, kuduné wong tuwa ndongané njaluk Yéhuwah mbantu meréka isa ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké.—WB. 22:6; Éf. 6:4. w23.11 21 ¶5; 23 ¶12

Senèn, 21 Juli

Kowé kudu terus menghibur liyané.—1 Tés. 4:18.

Ana réferènsi sing nyebutké nèk kata ”menghibur” sing disebutké Paulus kuwi maksudé ”ana ing sampingé wong sing lagi susah kanggo nguwatké wong kuwi”. Dadi, nèk menghibur sedulur sing lagi susah kuwi berarti awaké dhéwé mbantu dhèwèké bèn semangat manèh nglayani Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo dhèwèké. (2 Kor. 7:​6, 7, 13) Nduwé rasa mesakké kuwi ana hubungané karo menghibur. Kok isa? Soalé, nèk nduwé rasa mesakké, awaké dhéwé mesthi dadi péngin menghibur lan nulungi wong sing lagi susah. Dadi, kudu nduwé rasa mesakké sik lagi isa nulungi. Paulus njelaské nèk Yéhuwah kuwi ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”.—2 Kor. 1:3. w23.11 9-10 ¶8-10

Selasa, 22 Juli

Isa ngrasa seneng wektu ngalami kesusahan.—Rm. 5:3.

Kabèh muridé Yésus bakal ngalami kesusahan. Misalé Rasul Paulus. Dhèwèké ngomong kanggo sedulur-sedulur ing Tésalonika, ”Wektu aku isih bareng karo kowé, aku wis kerep ngandhani kowé nèk awaké dhéwé bakal ngalami kesusahan. Kowé ngerti nèk kuwi kelakon tenan.” (1 Tés. 3:4) Terus kanggo jemaat Korintus, dhèwèké nulis, ”Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kesusahan sing tak alami . . . Aku mikir nèk aku mesthi mati.” (2 Kor. 1:8; 11:​23-27) Awaké dhéwé saiki ya isa ngalami kesusahan. (2 Tim. 3:12) Bar dadi muridé Yésus, apa kanca lan keluarga dadi ngécé utawa malah sikapé kasar karo njenengan? Apa njenengan malah dadi éntuk masalah merga berupaya tetep jujur ing gawéan? (Ibr. 13:18) Apa njenengan ya ditentang pamréntah merga nginjil? Ora soal kesusahan apa sing njenengan alami, Paulus ngomong nèk njenengan isa tetep bahagia. w23.12 10-11 ¶9-10

Rebo, 23 Juli

Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé.—PD. 34:30.

Yakub ngalami akèh masalah. Siméon karo Lèwi ngisin-isinké keluarga lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah. Bojoné Yakub, Rakhèl, mati pas nglairké anaké sing keloro. Pas Yakub wis tuwa, dhèwèké kepeksa pindhah ing Mesir merga ana kelaparan. (PD. 35:​16-19; 37:28; 45:​9-11, 28) Meskipun ngalami akèh masalah, Yakub tetep setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya terus mberkahi Yakub. Yéhuwah nyukupi kebutuhané Yakub sak keluarga. Yakub mesthi ya bersyukur merga isa ketemu manèh karo Yusuf sing dikira wis mati. Yakub isa ngatasi masalahé merga akrab karo Yéhuwah. (PD. 30:43; 32:​9, 10; 46:​28-30) Awaké dhéwé ya isa ngatasi masalah nèk akrab karo Yéhuwah. w23.04 15 ¶6-7

Kemis, 24 Juli

Yéhuwah kuwi Gembalaku. Aku ora bakal kekurangan apa-apa.—Mzm. 23:1.

Daud bener-bener yakin nèk Yéhuwah sayang lan perduli karo dhèwèké. Kuwi dicritakké ing Mazmur 23. Hubungané Daud karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Dhèwèké nyebut Yéhuwah ”Gembalaku”. Daud ngrasa aman merga dituntun Yéhuwah. Dhèwèké bener-bener ngendelké Yéhuwah. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal terus sayang karo dhèwèké. Apa sing marahi dhèwèké yakin? Yéhuwah selalu nyukupi kebutuhané Daud. Yéhuwah ya terbukti dadi sahabat sing apik kanggo Daud. Makané ora soal apa sing bakal kelakon, Daud yakin nèk kebutuhané mesthi bakal disedhiakké Yéhuwah. Merga percaya banget nèk Yéhuwah selalu sayang lan nggatèkké, Daud ora kuwatir tapi selalu bahagia lan ngrasa puas.—Mzm. 16:11. w24.01 29 ¶12-13

Jumat, 25 Juli

Aku terus ngancani kowé nganti akhir jaman.—Mat. 28:20.

Sejak Perang Donya II, umaté Yéhuwah wis bébas nginjil ing akèh negara. Malah, akèh wong dadi kenal Yéhuwah lan kegiatan nginjil berkembang pesat. Anggota Pengurus Pusat jaman saiki ya selalu mastèkké bèn petunjuk sing dikèkké sesuai karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus. Arahané disampèkké liwat para pinituwa wilayah lan pinituwa ing jemaat. Kabèh pinituwa, terutama sing nduwé harapan munggah swarga, ana ing ”tangané tengen” Kristus. (Why. 2:1) Mémang, para pinituwa isih durung sampurna lan isa nggawé salah. Musa, Yosua, lan para rasul ya tau nggawé kesalahan. (Wi. 20:12; Yos. 9:​14, 15; Rm. 3:23) Tapi, Yésus bakal terus nuntun budhak sing setya lan para pinituwa. Mulané, awaké dhéwé isa terus percaya lan manut tuntunané wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah. w24.02 23-24 ¶13-14

Setu, 26 Juli

Kowé kudu niru Gusti Allah merga kowé anak-anaké sing ditresnani.—Éf. 5:1.

Saiki, awaké dhéwé ya isa nggawé Yéhuwah seneng nèk muji Dhèwèké. Wektu nyritakké soal Yéhuwah, buktèkna nèk njenengan bersyukur lan sayang banget karo Yéhuwah. Wektu nginjil, awaké dhéwé péngin mbantu wong-wong bèn sayang lan cedhak karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Duduhna saka Alkitab nèk Yéhuwah kuwi sayang, adil, wicaksana, lan mahakuwasa. Terus, cara liyané kanggo muji lan nggawé Yéhuwah seneng kuwi nèk niru Dhèwèké. Nèk awaké dhéwé niru Yéhuwah, wong-wong mungkin dadi ndelok nèk awaké dhéwé kétok béda saka wong-wong liyané, terus dadi péngin ngerti alesané. (Mat. 5:​14-16) Kuwi kesempatan awaké dhéwé isa crita soal Yéhuwah. Hasilé, wong-wong sing tulus bakal péngin nyedhak karo Dhèwèké. Nèk muji Yéhuwah nganggo cara-cara kuwi, awaké dhéwé bakal nggawé Yéhuwah seneng.—1 Tim. 2:​3, 4. w24.02 10 ¶7

Minggu, 27 Juli

[Kudu] isa nguwatké . . . lan isa ngélikké.—Tit. 1:9.

Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé kudu belajar ketrampilan. Ketrampilan-ketrampilan kuwi bakal bermanfaat wektu kowé éntuk tugas ing jemaat, nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhanmu lan keluarga, lan wektu urusan karo wong liya. Misalé, kowé kudu ajar maca lan nulis. Ing Alkitab disebutké nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina kuwi isa marakké bahagia. (Mzm. 1: 1-3) Nèk maca Alkitab saben dina, kowé bakal ngerti sing dikarepké Yéhuwah. Hasilé, pas ngadhepi situasi tertentu, kowé bakal ngerti kudu piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 1: 3, 4) Sedulur-sedulur bakal éntuk akèh manfaat nèk ing jemaat ana sedulur-sedulur lanang sing isa mulang lan ngekèki naséhat saka Alkitab. Nèk isa maca lan nulis, kowé bakal isa nyiapké ceramah lan koméntar sing bermanfaat, sing marakké sedulur-sedulur tambah kuwat imané. Terus, kowé ya isa nggawé cathetan sing bermutu sing isa dienggo nguwatké imanmu lan imané wong liya. w23.12 26-27 ¶9-11

Senèn, 28 Juli

Gusti Allah ndhukung kowé, lan Dhèwèké luwih kuwat timbang Iblis sing ndhukung donya iki.—1 Yoh. 4:4.

Pas ngrasa wedi, njenengan isa ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn pas Sétan wis disingkirké. Ing pertemuan gabungan wilayah 2014 ana pertunjukan sak keluarga sing lagi ngrenungké donya anyar. Bapaké njelaské nèk 2 Timotius 3:​1-5 mbahas soal donya anyar, kira-kira isiné mungkin ngéné: ”Ing donya anyar keadaané bakal nyenengké banget. Wong-wong bakal mikirké kepentingané wong liya, ngutamakké hubungané karo Yéhuwah, ora sombong, rendah hati, seneng muji Gusti Allah, manut karo wong tuwa, nduwé rasa maturnuwun, setya, sayang karo keluargané, ora ngèyèl, seneng ngomongké sing apik-apik soal wong liya, isa ngendhalèni dhiri, alus, seneng karo apa sing apik, isa dipercaya, seneng ngalah, ora rumangsa penting, luwih nresnani Gusti Allah timbang kesenengan, lan ora mung ngibadah tapi perbuatané ya nyenengké Gusti Allah. Kowé kudu terus akrab karo wong-wong kuwi.” Apa njenengan ya kerep mbahas karo keluarga utawa sedulur seiman soal keadaan ing donya anyar? w24.01 6 ¶13-14

Selasa, 29 Juli

Kowé . . . nggawé Aku seneng.—Luk. 3:22.

Ing Alkitab disebutké, ”Yéhuwah seneng karo umaté.” (Mzm. 149:4) Kuwi mesthi marakké kabèh umaté dadi ngrasa ayem. Tapi merga cilik ati, ana sing ragu-ragu terus mikir, ’Apa tenan Yéhuwah seneng karo aku?’ Jaman mbiyèn, ana umaté Yéhuwah sing setya, sing ya tau ngrasa kaya ngono. (1 Sam. 1:​6-10; Ayb. 29:​2, 4; Mzm. 51:11) Menurut Alkitab, manungsa sing ora sampurna isa disenengi Yéhuwah nèk meréka beriman karo Yésus lan dibaptis. (Yoh. 3:16) Dibaptis kuwi bukti nèk wis mertobat lan janji nèk bakal terus nglakoni karepé Gusti Allah. (Kis. 2:38; 3:19) Kuwi isa marakké Yéhuwah seneng, soalé kuwi berarti awaké dhéwé péngin akrab karo Dhèwèké. Nèk terus ngupayakké sing paling apik kanggo nepati janji ngabdi, Yéhuwah bakal seneng karo awaké dhéwé lan nganggep awaké dhéwé kanca akrabé.—Mzm. 25:14. w24.03 26 ¶1-2

Rebo, 30 Juli

Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.—Kis. 4:20.

Awaké dhéwé isa niru para murid sing tetep nginjil meskipun dilarang karo pamréntah. Awaké dhéwé ya isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa kendel lan ngerti kudu ngomong apa pas nginjil. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa ngadhepi masalah. Awaké dhéwé mungkin lara, déprèsi, ditinggal mati wong sing disayangi, ngalami masalah ing keluarga, dianiaya, utawa ngalami masalah liyané. Wis ngono awaké dhéwé isih ngadhepi pandemi lan perang. Nèk ngono critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Crita waé kaya nèk lagi crita karo sahabat. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ”bakal tumindak kanggo kepentinganmu”. (Mzm. 37:​3, 5) Awaké dhéwé isa terus ”sabar ngadhepi kesusahan” nèk terus ndonga. (Rm. 12:12) Yéhuwah ngerti njenengan ngalami masalah apa. Dhèwèké ”ngrungokké dongané” njenengan.—Mzm. 145:​18, 19. w23.05 5-6 ¶12-15

Kemis, 31 Juli

Kudu terus mastèkké apa sing nggawé Gusti Allah seneng.—Éf. 5:10.

Wektu arep nggawé keputusan, kudu nggolèki sik apa ”karepé Yéhuwah”, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi. (Éf. 5:17) Nggolèki pathokan ing Alkitab kuwi padha karo péngin ngerti pandhangané Yéhuwah soal masalah sing lagi diadhepi. Nèk pathokané Yéhuwah ditrapké, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. Sétan péngin bèn awaké dhéwé terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah. (1 Yoh. 5:19) Awaké dhéwé isa waé mulai ngutamakké harta, pendidikan, utawa gawéan, timbang nggolèk kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah. Nèk kuwi sing kelakon, sakjané kuwi tandha pikirané wis mulai terpengaruh dadi kaya wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Mémang, hal-hal kuwi penting tapi aja nganti dadi sing paling penting. w24.03 24 ¶16-17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim