Juni
Minggu, 1 Juni
Bèn isa mlebu ing Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu ngalami akèh kesengsaraan.—Kis. 14:22.
Yéhuwah mberkahi wong Kristen jaman mbiyèn. Wong-wong kuwi kerep dianiaya. Kadhang kuwi ora disangka-sangka. Kuwi sing dialami karo Barnabas lan Paulus pas nginjil ing kutha Listra. Awalé, wong-wong ing kana gelem ngrungokké. Tapi ngerti-ngerti, ana wong-wong sing ”ngojok-ojoki wong akèh”, lan akhiré Barnabas karo Paulus dibandhemi watu nganti mèh mati. (Kis. 14:19) Tapi bar kuwi, Barnabas karo Paulus tetep nginjil ing panggonan liya. Hasilé ana ”cukup akèh wong dadi murid”. Ora mung kuwi. Sedulur-sedulur ing kana ya dikuwatké merga ndelok Barnabas karo Paulus. (Kis. 14:21, 22) Nèk awaké dhéwé ora nyerah wektu éntuk tugas saka Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. w23.04 16-17 ¶13-14
Senèn, 2 Juni
Oh Yéhuwah, tulung rungokna dongaku. Tulung gatèkna aku wektu aku njaluk tulung. Aku njaluk tulung marang Njenengan pas aku susah, merga Njenengan bakal mbantu aku.—Mzm. 86:6, 7.
Daud kerep arep dipatèni karo mungsuh-mungsuhé. Dhèwèké ndonga karo Yéhuwah njaluk tulung. Daud yakin nèk Yéhuwah ngrungokké lan njawab dongané. Awaké dhéwé ya isa yakin soal kuwi. Apa sing disebutké ing Alkitab ngyakinké awaké dhéwé nèk Yéhuwah bakal mènèhi kawicaksanan lan kekuwatan bèn isa tetep setya. Dhèwèké ya isa mbantu awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur utawa wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Carané Yéhuwah njawab donga ora selalu padha kaya sing dikarepké. Tapi, Yéhuwah mesthi njawab. Kuwi mesthi tepat waktu lan sesuai karo sing dibutuhké. Dadi, terusa ndonga lan yakina nèk Yéhuwah bakal ngopèni njenengan. Yéhuwah bakal ”mènèhi kabèh sing dipéngini” njenengan ing donya anyar.—Mzm. 145:16. w23.05 8 ¶4; 13 ¶17-18
Selasa, 3 Juni
Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku?—Mzm. 116:12.
Coba pikirna apa manfaaté nèk cita-citané njenengan kelakon. Nèk nduwé tujuan kanggo maca Alkitab lan ndonga saben dina, apa manfaaté? Njenengan bakal tambah akrab karo Yéhuwah. (Mzm. 145: 18, 19) Nèk péngin nduwé sifat-sifat sing luwih apik, apa manfaaté? Njenengan isa luwih akrab karo sedulur-sedulur. (Kol. 3:14) Nèk nduwé cita-cita, coba tulisen manfaaté nèk misalé cita-cita kuwi kelakon. Terus, kerep-kerepa maca kuwi. Coba bergaul karo sing isa nyemangati. (WB. 13:20) Kadhang, awaké dhéwé ngrasa ora nduwé motivasi. Apa kuwi berarti tujuané awaké dhéwé ora bakal kelakon? Awaké dhéwé isa nyoba cara-cara liya bèn isa tekan tujuan meskipun ora nduwé motivasi. Mémang nèk ora nduwé motivasi, awaké dhéwé kudu luwih berjuang. Tapi, awaké dhéwé ora bakal nyesel nèk cita-cita kuwi kelakon. w23.05 27-28 ¶5-8
Rebo, 4 Juni
Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.—Gal. 6:7.
Merga ngerti nèk kudu tanggung jawab, awaké dhéwé dadi gelem ngakoni dosa, mertobat, lan ora mbalèni manèh. Hasilé, awaké dhéwé isa mlayu nganti akhir. Nèk kadhung nggawé keputusan sing salah, piyé? Nggolèk-nggolèk alesan kanggo mbuktèkké nèk njenengan ora salah, nyalahké diri sendiri utawa wong liya, mung ngentèkké wektu, tenaga, lan isa marahi strès. Luwih apik njenengan nampa kenyataan nèk mémang wis nggawé salah lan berupaya nglayani Yéhuwah sesuai keadaan sing saiki. Nèk ngrasa bersalah, ndongaa karo Yéhuwah, ngakoni kesalahan, lan njaluk ngapura. (Mzm. 25:11; 51:3, 4) Njenengan ya isa njaluk ngapura karo wong liya sing wis dilarani. Nèk perlu, isa njaluk bantuané para pinituwa. (Yak. 5:14, 15) Sing penting, ora mbalèni kesalahan sing padha. Njenengan isa yakin Yéhuwah mesthi bakal ngapura lan mbantu njenengan.—Mzm. 103:8-13. w23.08 28-29 ¶8-9
Kemis, 5 Juni
Yéhoas terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah saksuwéné Imam Yéhoyada dadi penaséhaté.—2 Raj. 12:2.
Yéhoyada ngajari Raja Yéhoas bèn dadi wong apik. Kuwi sebabé pas enom, Yéhoas péngin nyenengké Yéhuwah. Tapi bar Yéhoyada mati, Yéhoas ngrungokké para pejabat Yéhuda sing ora nyembah Yéhuwah. (2 Bb. 24:4, 17, 18) Meskipun sedhih, Yéhuwah ”bola-bali ngutus para nabi marang wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi gelem bali marang Yéhuwah, . . . ning wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké”. Zakharia, anaké Yéhoyada, ya ora dirungokké. Padahal dhèwèké dudu mung nabi lan imam, tapi ya sepupuné Yéhoas. Yéhoas malah matèni Zakharia. (2 Bb. 22:11; 24:19-22) Merga Yéhoas ora wedi manèh karo Yéhuwah, Yéhuwah ngomong, ”Wong sing ngrèmèhké Aku bakal Tak rèmèhké.” (1 Sam. 2:30) Yéhoas ”luka parah” wektu perang nglawan pasukané Siria sing jumlahé sithik, padahal pasukané Yéhoas ”akèh banget”. (2 Bb. 24:24, 25) Yéhoas dipatèni pelayané dhéwé merga wis matèni Zakharia. w23.06 18 ¶16-17
Jumat, 6 Juni
Mbiyèn, kowé ana ing panggonan sing peteng, ning saiki kowé ana ing panggonan sing padhang.—Éf. 5:8.
Rasul Paulus tau nginjil lan mulang ing Éfésus. (Kis. 19:1, 8-10; 20:20, 21) Dhèwèké sayang banget karo para sedulur ing kono lan péngin nguwatké bèn meréka tetep setya karo Yéhuwah. Wong Éfésus kuwi mbiyèné percaya ilmu gaib lan ajaran sing salah.Wong-wong ing Éfésus kelakuané ora nggenah lan ora nduwé isin. Sing dadi hiburan, bahkan sing ditampilké ing perayaan keagamaan kuwi biasané soal sèks. (Éf. 5:3) Akèh wong Éfésus wis babar blas ”ora nduwé isin”. Istilah kuwi nèk diterjemahké kata per kata artiné ”wis mati rasa”. (Éf. 4:17-19) Sakdurungé ngerti pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah, hati nuraniné wong Kristen ing Éfésus kuwi mati rasa. Makané, Paulus ngomong nèk ”pikirané wong-wong kuwi peteng” lan wong-wong kuwi adoh saka urip sing asalé saka Gusti Allah. Tapi, wong-wong Éfésus sing mauné ”ana ing panggonan sing peteng” akhiré ”ana ing panggonan sing padhang merga wis dadi duwèké Gusti”. w24.03 20 ¶2, 4; 21 ¶5-6
Setu, 7 Juni
Wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh. . . . Wong-wong kuwi . . . ora kesel.—Yés. 40:31.
Gidéon kudu kerja keras pas dadi hakim. Gidéon perang nglawan wong Midian pas bengi-bengi. Pas wong Midian mlayu, Gidéon ngoyak saka Lembah Yizréèl nganti tekan Kali Yordan. (PH. 7:22) Apa Gidéon mandheg ing Kali Yordan? Ora. Meskipun kesel, Gidéon karo 300 prajurité tetep ngoyak wong Midian. Akhiré wong Midian isa dikalahké. (PH. 8:4-12) Gidéon percaya nèk Yéhuwah bakal mènèhi dhèwèké kekuwatan. Yéhuwah bener-bener mbantu Gidéon. (PH. 6:14, 34) Misalé, Gidéon karo prajurité kudu mlayu ngoyak loro raja Midian sing isa waé numpak unta. (PH. 8:12, 21) Tapi merga dibantu Yéhuwah, wong Israèl isa menang. Para pinituwa ya isa percaya karo Yéhuwah, Gusti Allah sing ”ora tau kesel lan ora tau entèk kekuwatané”. Yéhuwah mesthi bakal mènèhi para pinituwa kekuwatan.—Yés. 40:28, 29. w23.06 6 ¶14, 16
Minggu, 8 Juni
[Yéhuwah] mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.—PT. 31:6.
Awaké dhéwé isa nduwé tékad sing kuwat ora soal apa masalahé. Mula percayaa karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Barak sing menang nglawan pasukané Siséra merga percaya karo arahané Yéhuwah. Meskipun wong Israèl ora nduwé senjata, tapi Yéhuwah ngandhani Barak nèk kudu maju perang nglawan Siséra lan pasukané sing nduwé akèh senjata. (PH. 5:8) Nabi wédok Débora ngandhani Barak nèk kudu mudhun saka gunung kanggo nglawan Siséra lan pasukané sing numpak 900 kréta perang. Ing dataran rendah, kréta perangé Siséra bakal luwih gampang kanggo nyerang. Barak ngerti soal kuwi, tapi dhèwèké tetep manut. Pas pasukané Barak mudhun saka Gunung Tabor, Yéhuwah nggawé udan deres. Merga akèh lumpur, pasukané Siséra ora isa maju. Wektu kuwi, pasukané Barak nyerang lan akhiré isa menang. (PH. 4:1-7, 10, 13-16) Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa berhasil nglawan Sétan nèk percaya karo Yéhuwah lan manut arahan saka organisasi. w23.07 18 ¶17-18
Senèn, 9 Juni
Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.—Mat. 24:13.
Awaké dhéwé kudu sabar bèn isa slamet. Kaya umaté Yéhuwah jaman mbiyèn, awaké dhéwé kudu sabar ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon. (Ibr. 6:11, 12) Ing Alkitab, awaké dhéwé dipadhakké kaya petani. (Yak. 5:7, 8) Petani kerja keras kanggo nandur lan nyirami meskipun ora ngerti kapan bakal thukul. Petani kuwi sabar lan yakin nèk mesthi bakal ana hasilé. Padha kaya ngono, awaké dhéwé terus sibuk nglayani Yéhuwah meskipun ora ngerti ’kapan Gusti teka’. (Mat. 24:42) Awaké dhéwé terus sabar, yakin nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné pas wektuné. Nèk ora sabar, awaké dhéwé mungkin dadi males lan suwé-suwé ngedoh saka Yéhuwah. Isa waé awaké dhéwé dadi nggolèki hal-hal sing kétoké isa nggawé bahagia saiki. Tapi nèk sabar, awaké dhéwé isa tetep setya lan dislametké.—Mi. 7:7. w23.08 22 ¶7
Selasa, 10 Juni
Driji-drijiné . . . sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat.—Dan. 2:42.
Nèk mbandhingké ramalan ing Danièl 2:41-43 karo ramalan liyané ing buku Danièl lan Wahyu, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk sikil patung bagéan ngisor kuwi Inggris Amerika sing kerja sama sing dadi pamréntahan paling kuwat saiki. Danièl ngomong nèk ”kerajaan kuwi bakal kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan”. Kok isa? Soalé masyarakat, sing digambarké kaya tanah liat, nggawé pamréntah, sing digambarké kaya wesi, dadi lemah. Saka ramalan soal patung gedhé sing disebutké Danièl, awaké dhéwé isa ngerti soal iki: Pertama, Inggris Amerika terbukti kuwat tapi ya lemah. Meréka menang pas Perang Donya I lan II, tapi rakyaté ora isa bersatu karo pamréntah. Keloro, Inggris Amerika bakal dadi pamréntahan sing paling kuwat terakhir sakdurungé Kerajaané Gusti Allah ngancurké kabèh pamréntahané manungsa. w23.08 10-11 ¶12-13
Rebo, 11 Juni
Pas aku lagi susah, aku sambat marang Yéhuwah, aku terus njaluk tulung marang Gusti Allahku. Saka baité, Dhèwèké ngrungokké swaraku.—Mzm. 18:6.
Kadhang-kadhang Daud ngrasa tertekan merga saking akèhé masalahé. (Mzm. 18:4, 5) Daud sing lagi kekeselen isa dikuwatké manèh merga ngrasakké kasih sayang lan kepeduliané Yéhuwah. Seolah-olah Yéhuwah nuntun dhèwèké ing ”padhang rumput” lan ”panggonan sing akèh banyuné”. Hasilé, Daud dadi ngrasa seger, kuwat manèh, lan terus bahagia nglayani Yéhuwah. (Mzm. 18:28-32) Pas lagi ngalami masalah sing abot banget, awaké dhéwé ya isa kuwat lan terus bertahan ”merga katresnané Yéhuwah sing langgeng”. (KP. 3:22; Kol. 1:11) Daud kerep ngadhepi situasi sing berbahaya. Mungsuh-mungsuhé ya kuwat banget. Tapi Daud ngrasakké nèk Yéhuwah sayang lan selalu nglindhungi dhèwèké. Ing situasi apa waé, Daud selalu ngrasa dikancani Yéhuwah lan kuwi marakké dhèwèké dadi kendel. Makané dhèwèké nyanyi, ”[Yéhuwah] nylametké aku saka apa waé sing nggawé aku wedi.” (Mzm. 34:4) Meskipun kadhang wedi banget, Daud dadi kendel merga ngerti nèk Yéhuwah selalu sayang karo dhèwèké. w24.01 30 ¶15-17
Kemis, 12 Juni
Aja gelem dipengaruhi karo wong-wong sing dosa.—WB. 1:10.
Yéhoas nggawé pilihan sing salah. Sakwisé Imam Agung Yéhoyada mati, Yéhoas milih kanca-kanca sing ora apik. (2 Bb. 24:17, 18) Dhèwèké milih ngrungokké para pejabat Yéhuda. Kuduné Yéhoas ora kekancan karo wong-wong kuwi, soalé meréka ora sayang Yéhuwah lan kelakuané ora nggenah. Malah, pas diélikké sepupuné, Zakharia, Yéhoas péngin matèni dhèwèké. (2 Bb. 24:20, 21; Mat. 23:35) Yéhoas wis nggawé pilihan sing salah. Mbiyèn Yéhoas kuwi raja sing setya, tapi bar kuwi dhèwèké ninggalké Yéhuwah lan malah dadi pembunuh. Akhiré, dhèwèké dipatèni para abdiné dhéwé. (2 Bb. 24:22-25) Nèk dhèwèké tetep ngrungokké Yéhuwah lan manut naséhaté wong-wong sing sayang Yéhuwah, mesthi dhèwèké ora bakal ngalami kaya ngono. w23.09 9 ¶6
Jumat, 13 Juni
Aja wedi.—Luk. 5:10.
Yésus ngerti nèk Pétrus isa tetep setya. Makané Yésus ngomong, ”Aja wedi.” Omongané Yésus kuwi nggawé Pétrus dadi semangat. Akhiré, Pétrus karo Andréas réla ninggalké gawéané, terus dadi muridé Yésus. Yéhuwah ngekèki meréka akèh berkah. (Mrk. 1:16-18) Pas dadi muridé Yésus, Pétrus éntuk akèh pengalaman sing luar biasa. Dhèwèké ndelok Yésus nambani wong lara, ngusir wong jahat, lan nguripké manèh wong mati. (Mat. 8:14-17; Mrk. 5:37, 41, 42) Pétrus ya ora bakal lali pas ndelok wahyu soal Yésus sing bakal dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. (Mrk. 9:1-8; 2 Ptr. 1:16-18) Pétrus mesthi seneng banget. Nèk misalé Pétrus terus-terusan ngrasa ora pantes, dhèwèké mesthi ora bakal ngrasakké berkah-berkah kuwi. w23.09 21 ¶4-5
Setu, 14 Juni
Yésus njawab, ”Kowé tak kandhani, ora mung nganti ping 7, ning nganti ping 77.”—Mat. 18:22.
Ing suraté sing pertama, Rasul Pétrus nyebutké nèk awaké dhéwé ”sayang banget . . . mesthi gelem ngapura”. (1 Ptr. 4:8) Pétrus mungkin kèlingan karo sing diajarké Yésus. Pas kuwi, Pétrus ngrasa nèk dhèwèké ngampuni ”nganti ping pitu” kuwi wis apik banget. Tapi jaréné Yésus, dhèwèké kudu ngampuni ”nganti ping 77”, berarti ora ana batesé. (Mat. 18:21) Aja cilik ati nèk durung isa ngetrapké kuwi. Kabèh umaté Yéhuwah kudu berjuang bèn isa ngampuni. Sing penting, kudu berupaya bèn isa ngampuni lan rukun manèh. w23.09 29 ¶12
Minggu, 15 Juni
Aku ndonga marang Yéhuwah, terus Dhèwèké njawab aku.—Yun. 2:2.
Ing njero wetengé iwak, Yunus yakin nèk Yéhuwah bakal ngrungokké dongané. Dhèwèké ya yakin nèk Yéhuwah bakal nulungi dhèwèké. Akhiré, Yunus dislametké Yéhuwah, terus dhèwèké isa ngrampungké tugas saka Yéhuwah. (Yun. 2:10–3:4) Pas ana masalah, apa saking kuwatiré, njenengan nganti ora isa crita karo Yéhuwah? Utawa, apa njenengan nganti ora nduwé tenaga kanggo pelajaran pribadi? Élinga nèk Yéhuwah ngerti tenan sing njenengan alami. Meskipun njenengan ndongané sederhana, Yéhuwah mesthi bakal ngekèki apa sing njenengan butuhké. (Éf. 3:20) Nèk lagi ora semangat kanggo maca Alkitab utawa pelajaran pribadi merga lara, kekeselen, utawa lagi sedhih banget, njenengan isa ngrungokké rekaman audio Alkitab utawa audio bacaan-bacaan saka organisasi. Njenengan ya isa nyetèl lagu utawa vidéo sing ana ing jw.org. Nèk ndonga karo Yéhuwah lan nggolèki jawabané ing Alkitab utawa publikasi saka organisasi, kuwi bukti nèk njenengan péngin dikuwatké Yéhuwah. w23.10 13 ¶6; 14 ¶9
Senèn, 16 Juni
Roh suci nduduhké nèk dalan menyang Ruang Mahasuci isih durung dibukak saksuwéné kémah sing pertama kuwi isih ana.—Ibr. 9:8.
Tabernakel karo bait-bait ing Yérusalèm kuwi rancangané padha. Ing njeroné ana loro ruangan, yaiku ”Ruang Suci” lan ”Ruang Mahasuci”. Loro ruangan kuwi dipisahké nganggo kordhèn. (Ibr. 9:2-5; Pa. 26:31-33) Ing njero Ruang Suci ana wadhah lampu saka emas, mézbah kanggo ngobong dupa, lan méja roti persembahan. Mung wong-wong sing ”wis dilantik lan diangkat kanggo nglayani dadi imam” sing éntuk mlebu ing Ruang Suci kanggo ”nindakké tugas dadi imam”. (Wi. 3:3, 7, 10) Ing Ruang Mahasuci ana pethi perjanjian sing dilapisi emas. Kuwi nggambarké nèk Yéhuwah ana ing kono. (Pa. 25:21, 22) Mung imam agung sing éntuk mlebu Ruang Mahasuci setaun pisan pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa. (Km. 16:2, 17) Dhèwèké mlebu karo nggawa getih kéwan sing dipersembahké kanggo dosané dhéwé lan dosané bangsa Israèl. Sing ana ing njero tabernakel kuwi nggambarké apa? Yéhuwah ngekèki keterangan sing luwih jelas.—Ibr. 9:6, 7. w23.10 27 ¶12
Selasa, 17 Juni
Kowé [kudu] padha-padha nresnani.—Yoh. 15:17.
Ing Alkitab bola-bali disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”padha-padha nresnani”. (Yoh. 15:12; Rm. 13:8; 1 Tés. 4:9; 1 Ptr. 1:22; 1 Yoh. 4:11) Tapi, ”nresnani” kuwi kan perasaan, kuwi ora kétok. Dadi, piyé carané bèn para sedulur ngerti nèk awaké dhéwé sayang karo meréka? Liwat kata-kata lan perbuatan. Kanggo mbuktèkké nèk sayang karo para sedulur kuwi carané ana akèh. Contoné, ”Kudu jujur wektu ngomong.” (Za. 8:16) ”Kudu tetep rukun.” (Mrk. 9:50) ”Kudu luwih dhisik ngajèni liyané.” (Rm. 12:10) ”Kudu ramah lan apikan.” (Rm. 15:7) ”Kudu terus . . . tulus ngapura.” (Kol. 3:13) ”Kudu mbantu nanggung bebané wong liya.” (Gal. 6:2) ”Kudu terus menghibur liyané.” (1 Tés. 4:18) ”Kudu terus . . . mbantu liyané.” (1 Tés. 5:11) ’Kudu ndongakké liyané.’—Yak. 5:16. w23.11 9 ¶7-8
Rebo, 18 Juni
Kowé kudu ngrasa bahagia merga harapanmu.—Rm. 12:12.
Saben dina awaké dhéwé kudu nggawé keputusan. Misalé, soal milih kanca, hiburan, pendidikan, gawéan, utawa keputusan ing keluarga. Kuwi sebabé kudu nduwé iman sing kuwat. Sakdurungé nggawé keputusan, coba pikirna, ’Apa keputusanku nduduhké nèk aku yakin sedhéla manèh wong jahat bakal disingkirké lan bumi iki dadi firdaus? Utawa apa keputusan sing tak gawé kuwi mung merga mèlu-mèlu wong-wong sing percaya nèk urip iki mung sepisan?’ (Mat. 6:19, 20; Luk. 12:16-21) Awaké dhéwé bakal nggawé keputusan sing bener nèk terus percaya karo janjiné Yéhuwah soal donya anyar. Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat pas ngadhepi masalah, misalé dianiaya, lara parah, utawa masalah liyané sing isa nggawé ora semangat. Awalé awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk isa ngatasi kuwi. Tapi, isa waé masalahé ora rampung-rampung. Kuwi sebabé kudu nduwé iman sing kuwat bèn isa terus setya lan semangat nglayani Yéhuwah.—1 Ptr. 1:6, 7. w23.04 27 ¶4-5
Kemis, 19 Juni
Kowé kudu terus ndonga.—1 Tés. 5:17.
Yéhuwah péngin bèn perbuatané awaké dhéwé sesuai karo isi donga. Contoné, ana sedulur sing ndonga njaluk dibantu bèn éntuk ijin cuti merga arep teka ing pertemuan gabungan wilayah. Yéhuwah njawab dongané piyé? Mungkin Yéhuwah mbantu bèn sedulur kuwi dadi kendel. Tapi, sedulur kuwi sing kudu berupaya nemoni bosé lan njaluk ijin. Mungkin njaluké ya kudu ping bola-bali. Dhèwèké ya isa waé usul kanggo ijolan shift utawa gelem dipotong gajiné. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndongakké suatu permintaan ping bola-bali. Saka kata-katané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti ana permintaan sing ora langsung dijawab. (Luk. 11:9) Mulané, ndongané kudu tenanan lan ping bola-bali. (Luk. 18:1-7) Kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé nganggep permintaan kuwi penting kanggo awaké dhéwé. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé yakin Yéhuwah isa mbantu. w23.11 22 ¶10-11
Jumat, 20 Juni
Harapan kuwi ora bakal nggawé awaké dhéwé kecéwa.—Rm. 5:5.
Yéhuwah wis janji nèk Abraham bakal nduwé anak lan kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah liwat keturunané. (PD. 15:5; 22:18) Masalahé, nganti Abraham umur 100 lan Sara 90, meréka isih durung nduwé anak. Tapi, Abraham isih terus berharap merga dhèwèké percaya banget karo Yéhuwah. Dhèwèké yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal dadi kenyataan. (PD. 21:1-7) Ing Alkitab disebutké, ”Abraham tetep nduwé harapan lan iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa.” (Rm. 4:18) Harapané Abraham kuwi akhiré dadi kenyataan. Dhèwèké nduwé anak sing jenengé Ishak. Apa sing marakké Abraham percaya nèk janjiné Yéhuwah mesthi ditepati? Merga kenal banget karo Yéhuwah, Abraham ”yakin banget nèk [Yéhuwah] sanggup nepati kabèh janjiné”. (Rm. 4:21) Merga nduwé iman, Abraham disayang lan dianggep bener karo Yéhuwah.—Yak. 2:23. w23.12 8 ¶1-2
Setu, 21 Juni
Wong sing setya karo perkara sing cilik ya bakal setya karo perkara sing gedhé. Wong sing ora setya karo perkara sing cilik ya ora bakal setya karo perkara sing gedhé.—Luk. 16:10.
Wong lanang sing isa diendelké mesthi bakal sregep lan tenanan ngrampungké kabèh tugas sing wis dipercayakké. Conto sing paling sampurna kuwi Yésus. Dhèwèké selalu bertanggung jawab lan ora tau asal-asalan nggarap tugasé. Meskipun kadhang-kadhang tugasé saka Yéhuwah kuwi angèl, kuwi tetep dirampungké. Yésus nganti gelem ngekèkké nyawané merga dhèwèké sayang karo kabèh wong terutama murid-muridé. (Yoh. 13:1) Nèk niru Yésus, kowé mesthi bakal tenanan wektu ngrampungké tugasmu. Nèk durung paham carané, kowé kudu rendah hati lan njaluk tulung sedulur-sedulur sing luwih berpengalaman. Aja cepet ngrasa puas. Nèk kowé ngrasa isa luwih apik manèh, ya upayakna kuwi. (Rm. 12:11) Wektu éntuk tugas, garapen kuwi ”kaya kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa”. (Kol. 3:23) Terus, merga ora sampurna, isa waé kowé nggawé salah. Dadi kudu rendah hati lan ngakoni kesalahanmu.—WB. 11:2. w23.12 26 ¶8
Minggu, 22 Juni
Wong sing percaya marang Yéhuwah . . . bakal diberkahi.—Yér. 17:7.
Isa dibaptis lan dadi anggota keluargané Yéhuwah kuwi kesempatan sing istiméwa banget, soalé isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Daud ngomong karo Yéhuwah, ”Wong sing mbok pilih lan mbok jak nyedhak marang Njenengan bèn isa manggon ing omah-Mu mesthi bakal bahagia.” (Mzm. 65:4) Ora sembarang wong isa dadi anggota keluargané Yéhuwah. Yéhuwah mung gelem cedhak karo wong-wong sing mbuktèkké nèk péngin cedhak karo Dhèwèké. (Yak. 4:8) Wektu nggawé janji ngabdi lan dibaptis, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal ”ngesokké berkah kaya udan nganti ora ana manèh sing kekurangan”. (Mal. 3:10; Yér. 17:8) Dibaptis kuwi lagi langkah awal nglayani Yéhuwah. Njenengan isih kudu ngupaya tenanan nepati janji ngabdi lan terus setya karo Yéhuwah, meskipun ana tantangan utawa godhaan. (Pkh. 5:4, 5) Terus, merga dadi muridé Yésus, ya kudu manut kabèh préntahé lan niru teladané.—Mat. 28:19, 20; 1 Ptr. 2:21. w24.03 8 ¶1-3
Senèn, 23 Juni
Wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné.—PD. 2:24.
Piyé nèk njenengan ora seneng ngluangké wektu bareng karo bojoné njenengan? Coba pikirna soal api unggun. Bèn geniné isa tambah gedhé, kudu dikèki kayu sing cilik-cilik sik bar kuwi lagi dikèki kayu sing gedhé. Padha kaya ngono, cobanen mulai ngluangké wektu sedhéla sik. Mungkin isa nggolèk kegiatan sing disenengi loro-loroné. (Yak. 3:18) Suwé-suwé njenengan isa luwih seneng pas ngluangké wektu bareng. Saling ngajèni kuwi penting banget. Kuwi kaya oksigén sing nggawé geni ing api unggun isa terus murub. Nèk ora ana oksigén geniné bakal mati. Padha kaya ngono, nèk suami istri ora saling ngajèni, suwé-suwé hubungané ya dadi ora akrab. Suami istri kudu kerja sama bèn tetep saling menyayangi. Dadi sing dipikirké ora mung soal, ’Aku wis ngajèni bojoku’, tapi ’Apa bojoku wis ngrasa diajèni?’ w23.05 22 ¶9; 23-24 ¶14-15
Selasa, 24 Juni
Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.—Mzm. 94:19.
Ing Alkitab, umaté Yéhuwah tau ana sing wedi merga ngadhepi kesulitan utawa merga dimungsuhi. (Mzm. 18:4; 55:1, 5) Saiki, awaké dhéwé ya isa waé ngadhepi tantangan saka kanca sekolah, kanca kerja, keluarga, utawa pamréntah. Bahkan pas ngalami masalah keséhatan, isa waé awaké dhéwé ya dadi wedi mati. Pas ngadhepi kuwi kabèh, mungkin rasané kaya cah cilik sing kewedèn. Nah, Yéhuwah nulunginé piyé? Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé tenang lan ayem. Makané, njenengan kudu kerep ndonga lan maca Alkitab. (Mzm. 77:1, 12-14) Nèk kuwi wis dadi kebiasaan, pas lagi strès ngadhepi masalah, njenengan bakal langsung njaluk tulung karo Yéhuwah. Critakna kabèh karo Yéhuwah apa waé sing marakké njenengan wedi utawa kuwatir. Terus, ya kudu maca Alkitab. Soalé, Yéhuwah isa menghibur njenengan liwat omongané ing Alkitab.—Mzm. 119:28. w24.01 24-25 ¶14-16
Rebo, 25 Juni
Gusti Allah nguwatké kowé . . . Dhèwèké ya mènèhi kowé kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi.—Flp. 2:13.
Motivasi kuwi penting. Wong sing nduwé motivasi bakal berupaya tenanan bèn cita-citané isa kelakon. Saya gedhé motivasiné, saya cepet kelakon cita-citané. Piyé carané bèn njenengan nduwé motivasi sing luwih gedhé? Ndonga. Liwat roh suciné, Yéhuwah isa mènèhi kepénginan bèn cita-cita kelakon. Kadhang awaké dhéwé ngerti nèk kudu nduwé cita-cita rohani, tapi ora nduwé motivasi. Pikirna berkah-berkah saka Yéhuwah. (Mzm. 143:5) Merga Paulus mikirké Yéhuwah sing wis apikan, dhèwèké dadi péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh. (1 Kor. 15:9, 10; 1 Tim. 1:12-14) Padha kaya ngono, nèk mikirké berkah-berkahé Yéhuwah kanggo njenengan, motivasiné njenengan ya bakal saya gedhé.—Mzm. 116:12. w23.05 27 ¶3-5
Kemis, 26 Juni
Pujinen jenengé Yéhuwah.—Mzm. 113:1.
Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé muji Dhèwèké. (Mzm. 119:108) Tapi, apa kuwi berarti Yéhuwah butuh pujian utawa ora percaya diri? Ora. Sétan mitnah manungsa. Dhèwèké ngomong nèk ora ana manungsa sing bakal terus setya mbéla jenengé Gusti Allah. Menurut Sétan, pas lagi susah utawa rumangsa ora diberkahi Gusti Allah, wong mesthi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh. (Ayb. 1:9-11; 2:4) Nah, Ayub wis mbuktèkké nèk fitnahé Sétan kuwi salah merga dhèwèké tetep setya karo Gusti Allah. Awaké dhéwé ya isa mbuktèkké nèk fitnahé Sétan kuwi salah, nèk awaké dhéwé muji jeneng Yéhuwah. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa kanggo mbéla jeneng Yéhuwah lan nggawé Dhèwèké seneng nèk terus setya nglayani Dhèwèké.—WB. 27:11. w24.02 8-9 ¶3-5
Jumat, 27 Juni
Kowé kudu nduwé iman marang para nabiné, lan kowé bakal berhasil.—2 Bb. 20:20.
Bar Musa lan Yosua mati, Yéhuwah nuntun umaté liwat para hakim. Terus, pas bangsa Israèl dipréntah raja, Yéhuwah milih para nabi kanggo ngarahké umaté. Para raja sing manut Yéhuwah gelem ngrungokké para nabi kuwi. Misalé, Raja Daud gelem ngrungokké naséhaté Nabi Natan. (2 Sam. 12:7, 13; 1 Bb. 17:3, 4) Raja Yéhosyafat terus manut arahané Nabi Yahazièl. Dhèwèké ya ngongkon wong-wong Yéhuda kanggo ”nduwé iman marang para nabiné” Gusti Allah. (2 Bb. 20:14, 15) Pas lagi susah, Raja Hizkia njaluk tulung Nabi Yésaya. (Yés. 37:1-6) Saben para raja kuwi manut tuntunané Yéhuwah, meréka diberkahi lan bangsané dilindhungi. (2 Bb. 20:29, 30; 32:22) Jelas banget nèk Yéhuwah nuntun umaté liwat para nabi. w24.02 21 ¶8
Setu, 28 Juni
Aja niru tumindaké wong-wong kuwi.—Éf. 5:7.
Sétan péngin awaké dhéwé bergaul karo wong-wong sing ora manut pathokané Yéhuwah. Awaké dhéwé saiki kudu luwih ngati-ati, soalé saiki bergaul kuwi ora mung secara langsung, tapi ya isa liwat média sosial. Awaké dhéwé ya kudu berjuang bèn aja nganti mikir nèk kelakuan sing ora nggenah kuwi ora masalah. (Éf. 4:19, 20) Pikirna, ’Apa aku isih seneng bergaul karo kanca kerja, kanca sekolah, utawa wong liya sing dudu penyembah Yéhuwah, padahal sakjané urusané ora patia penting? Apa aku wani manut pathokané Yéhuwah meskipun dianggep wong sing kaku?’ Bahkan, kaya sing disebutké ing 2 Timotius 2:20-22, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati wektu milih kanca ing jemaat. Soalé, ana sedulur-sedulur sing isa waé marakké awaké dhéwé ora setya karo Yéhuwah. w24.03 22-23 ¶11-12
Minggu, 29 Juni
Yéhuwah kuwi gampang mesakké.—Yak. 5:11.
Apa njenengan tau mbayangké Yéhuwah kuwi kaya apa? Mémang Yéhuwah ora kétok, tapi ing Alkitab Yéhuwah digambarké ”kaya matahari lan tamèng” lan ”kaya geni sing isa ngobong nganti entèk”. (Mzm. 84:11; Ibr. 12:29) Ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl, Yéhuwah kuwi kaya watu safir, logam sing bersinar, lan pelangi sing bercahaya. (Yèh. 1:26-28) Merga ora isa ndelok Yéhuwah, ana sing angèl mbayangké piyé Yéhuwah sayang karo manungsa. Terus, merga kèt mbiyèn uripé susah, ana sing mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo meréka. Kuwi sing marakké wong dadi ora isa cedhak karo Yéhuwah. Yéhuwah ngerti perasaan-perasaan kaya ngono kuwi. Mulané liwat Alkitab, Yéhuwah ngandhani nèk Dhèwèké sayang banget karo manungsa. Ing Alkitab disebutké nèk ”[Yéhuwah] kuwi katresnan”. (1 Yoh. 4:8) Kabèh sing dilakukan Yéhuwah kuwi merga sayang. Kasih sayangé Yéhuwah gedhé banget. Saking gedhéné, Yéhuwah bahkan ya sayang karo wong-wong sing ora sayang karo Dhèwèké.—Mat. 5:44, 45. w24.01 26 ¶1-3
Senèn, 30 Juni
Dhèwèké ngomong karo wong-wong kuwi saka njeroné tugu méga.—Mzm. 99:7.
Yéhuwah milih Musa kanggo nuntun bangsa Israèl metu saka Mesir. Buktiné, pas awan ana tugu méga, terus pas bengi ana tugu geni. (Pa. 13:21) Musa selalu ngetutké tugu kuwi, termasuk pas tugu kuwi ngarahké bangsa Israèl ing Laut Mérah. Wektu kuwi, bangsa Israèl ya lagi dioyak pasukan Mesir. Meréka panik merga ing ngarepé ana Laut Mérah, terus ing mburiné ana pasukan Mesir. Tapi, Yéhuwah mémang sengaja nuntun umaté mrono liwat Musa. (Pa. 14:2) Ing kono, Yéhuwah nggawé mukjijat sing luar biasa kanggo nylametké umaté. (Pa. 14:26-28) Bar kuwi, selama 40 taun ing padhang belantara, Musa isih terus ngetutké tugu méga saka Yéhuwah kanggo nuntun bangsa Israèl. (Pa. 33:7, 9, 10) Yéhuwah ngomong karo Musa saka njeroné tugu méga, terus Musa nyampèkké omongané Yéhuwah ing bangsa Israèl. Ana akèh bukti sing isa didelok wong Israèl nèk Yéhuwah sing nuntun meréka liwat Musa. w24.02 21 ¶4-5