Mei
Kemis, 1 Mei
Ana kelaparan sing parah ing sak donya.—Kis. 11:28.
Wong Kristen ing jamané Yésus kena dampak pas ana kelaparan sing parah ”ing sak donya”. Para kepala keluarga mesthi bingung carané nyukupi kebutuhané keluargané. Terus piyé cah-cah enom sing nduwé rencana kanggo pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké? Cah-cah enom kuwi mungkin mikir apa perlu rencanané ditunda waé. Embuh piyé keadaané, wong-wong kuwi tetep berupaya bèn isa nginjil. Malah, wong-wong kuwi ya ngirim bantuan kanggo sedulur-sedulur ing Yudéa. (Kis. 11:29, 30) Sedulur-sedulur sing nampa bantuan bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah ngopèni. (Mat. 6:31-33) Wong Kristen wektu kuwi mesthi ya dadi semakin akrab. Sedulur-sedulur sing mènèhi bantuan mesthi ya bahagia merga mènèhi.—Kis. 20:35. w23.04 16 ¶12-13
Jumat, 2 Mei
Awaké dhéwé isa yakin nèk bakal nampa apa sing dijaluk awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis njaluk marang Dhèwèké.—1 Yoh. 5:15.
Kadhang, Yéhuwah mbantu umaté liwat wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Misalé, Yéhuwah nggawé Raja Artahsasta bèn ngijinké Néhémia bali ing Yérusalèm kanggo mbangun manèh kutha. (Néh. 2:3-6) Saiki, Yéhuwah ya isa mbantu awaké dhéwé liwat wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Yéhuwah ora selalu njawab dongané awaké dhéwé nganggo cara sing luar biasa. Tapi, jawabané Yéhuwah mesthi sesuai karo sing awaké dhéwé butuhké bèn isa tetep setya. Dadi, gatèkna carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé. Kerep-kerepa ngéling-éling piyé Yéhuwah njawab donga-dongané njenengan. (Mzm. 66:19, 20) Nèk nduwé iman, awaké dhéwé bakal nampa jawabané Yéhuwah ora soal piyé jawabané.—Ibr. 11:6. w23.05 12-13 ¶13, 15-16
Setu, 3 Mei
Oh Gusti Allahku, aku seneng nindakké kepénginan-Mu.—Mzm. 40:8.
Pas nggawé janji ngabdi, awaké dhéwé janji kanggo nglayani Yéhuwah lan manut préntahé. Kuwi kudu ditepati. Tapi kuwi dudu beban. Yéhuwah nyiptakké awaké dhéwé kanggo manut préntahé, ta? (Why. 4:11) Awaké dhéwé diciptakké péngin kenal Gusti Allah lan manut préntahé. Awaké dhéwé ya diciptakké mirip karo Gusti Allah. Makané awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah lan bahagia nèk manut préntahé. Malah nèk manut karo Yéhuwah lan niru Yésus, awaké dhéwé bakal ”seger”. (Mat. 11:28-30) Dadi, awaké dhéwé kudu tambah nresnani Yéhuwah. Carané, mikirké kabèh berkah sing wis ditampa lan sing bakal ditampa. Saya nresnani Yéhuwah, saya gampang manut. (1 Yoh. 5:3) Yésus isa setya nglayani Yéhuwah merga ndonga njaluk bantuané Yéhuwah lan mikirké berkahé. (Ibr. 5:7; 12:2) Kaya Yésus, ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah lan terusa mikirké harapan urip saklawasé. w23.08 27-28 ¶4-5
Minggu, 4 Mei
Apa kowé ngrèmèhké sifaté Gusti Allah sing apikan lan sabar? Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah apikan karo kowé merga péngin mbantu kowé bèn mertobat?—Rm. 2:4.
Awaké dhéwé mesthi seneng karo wong sing sabar. Misalé, awaké dhéwé mesthi seneng karo wong sing ora sambat meskipun kudu ngentèni suwé. Awaké dhéwé ya seneng nèk wong liya tetep sabar meskipun awaké dhéwé nggawé salah. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga sing mulang Alkitab gelem sabar mbantu awaké dhéwé sinau Alkitab lan ngetrapké sing wis dipelajari. Awaké dhéwé ya mesthi seneng banget merga Yéhuwah sabar karo awaké dhéwé. Tapi, sabar ora mesthi gampang. Misalé, nèk wis macet terus telat, biasané angèl kanggo tetep sabar. Nèk ana sing nggawé jèngkèl, mungkin dadi péngin nesu. Kadhang rasané angèl kanggo ngentèni janjiné Yéhuwah soal donya anyar kelakon. Tapi, pas ngadhepi kuwi kabèh, awaké dhéwé kudu luwih sabar. w23.08 20 ¶1-2
Senèn, 5 Mei
Gidéon ngongkon pasukan liyané mulih, kecuali wong 300 kuwi.—PH. 7:8.
Sesuai arahané Yéhuwah, Gidéon ngongkon mèh kabèh pasukané balik. Gidéon mungkin mikir, ’Apa ana manfaaté nèk manut? Apa ya isa menang?’ Tapi Gidéon tetep manut. Para pinituwa ya isa niru Gidéon nèk manut pas ana perubahan. (Ibr. 13:17) Gidéon tetep manut karo Yéhuwah meskipun wedi lan isa waé dipatèni. (PH. 9:17) Gidéon ngerti nèk Yéhuwah selalu nglindhungi umaté. Dadi dhèwèké yakin nèk Yéhuwah mesthi ya ndhukung dhèwèké. Kaya Gidéon, para pinituwa sing manggon ing negara sing nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah ya kendel wektu ngibadah lan nginjil. Padahal sedulur-sedulur kuwi ditangkep, diinterogasi, ditokké saka gawéan, utawa digebugi. Pas sengsara gedhé, para pinituwa ya kudu kendel manut arahan, meskipun kuwi bahaya. w23.06 5 ¶12-13
Selasa, 6 Mei
Wong sing ngajèni Aku bakal Tak ajèni.—1 Sam. 2:30.
Yéhuwah nggawé kisahé Yéhoyada ditulis ing Alkitab bèn awaké dhéwé isa sinau saka kisah kuwi. (Rm. 15:4) Pas Yéhoyada mati, dhèwèké dikubur ing ”Kutha Daud bareng karo para raja, merga dhèwèké nindakké apa sing apik ing Israèl kanggo Gusti Allah sing bener lan omahé”. (2 Bb. 24:15, 16) Saka kisahé Yéhoyada, awaké dhéwé dadi ngerti carané mbuktèkké nèk wedi karo Yéhuwah. Para pinituwa sing niru Yéhoyada bakal terus nggolèk cara kanggo nglindhungi sedulur-sedulur ing jemaat. (Kis. 20:28) Kaya Yéhoyada, para lansia ya isa digunakké Yéhuwah bèn tujuané kelakon nèk tetep wedi karo Dhèwèké lan tetep setya. Kaya Yéhuwah sing mberkahi Yéhoyada, cah-cah enom isa niru Yéhuwah nèk terus ngajèni para lansia terutama sing wis suwé nglayani Yéhuwah. (WB. 16:31) Awaké dhéwé mesthi ya péngin ndhukung ”wong-wong sing mimpin” ing jemaat.—Ibr. 13:17. w23.06 17 ¶14-15
Rebo, 7 Mei
Omongané wong sing bener bakal ana manfaaté kanggo wong akèh.—WB. 10:21.
Ing pertemuan ibadah, pikirna wong liya wektu mèh ngacung. Nèk terlalu kerep ngacung, sing mandhu mungkin ngrasa nèk kudu nunjuk njenengan bola-bali padahal sing liyané durung sempet mènèhi koméntar. Sedulur-sedulur isa dadi wedi ngacung. (Pkh. 3:7) Nèk akèh sing ngacung, mungkin njenengan ora isa kerep mènèhi koméntar. Mungkin sing mandhu ora isa kerep nunjuk njenengan. Meskipun kecéwa, tapi aja tersinggung. (Pkh. 7:9) Nèk ora isa kerep koméntar, coba ngrungokké wektu sedulur-sedulur liya mènèhi koméntar. Njenengan isa muji merga koméntaré sedulur-sedulur kuwi nguwatké. Nèk dipuji, sedulur-sedulur kuwi ya isa dikuwatké. w23.04 23-24 ¶14-16
Kemis, 8 Mei
Atiku percaya marang Njenengan, oh Gusti Allah.—Mzm. 57:7.
Awaké dhéwé kudu sinau lan ngrenungké Alkitab. Wit sing akaré jero ora gampang ambruk. Saya jero akaré saya kuwat wité. Padha kaya ngono, awaké dhéwé isa kuwat nèk nduwé iman karo Yéhuwah. Saya kerep sinau lan ngrenungké Alkitab, awaké dhéwé dadi saya percaya nèk tuntunané Yéhuwah paling apik. (Kol. 2:6, 7) Coba pikirna carané Yéhuwah nuntun lan nglindhungi umaté jaman mbiyèn. Misalé pas éntuk wahyu, Yèhèzkièl nggatèkké tenanan pas malaékat ngukur bait rohani. Wektu ndelok wahyu kuwi, Yèhèzkièl dikuwatké. Awaké dhéwé ya dadi ngerti carané ndhukung ibadah sing murni. (Yèh. 40:1-4; 43:10-12) Awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat nèk sinau lan ngrenungké pelajaran sing luwih jero ing Alkitab. Awaké dhéwé isa nduwé tékad sing kuwat nèk percaya tenan karo Yéhuwah.—Mzm. 112:7. w23.07 17-18 ¶15-16
Jumat, 9 Mei
Gunakna kemampuan kanggo mikir.—WB. 3:21.
Ing Alkitab ana akèh teladan sing isa diconto cah-cah lanang. Meréka wong-wong sing sayang karo Yéhuwah lan dikèki tanggung jawab ngurusi umaté. Kowé ya isa niru teladané sedulur-sedulur lanang ing keluargamu dhéwé utawa ing jemaat sing sifat-sifat lan tingkah lakuné apik. (Ibr. 13:7) Teladan sing paling apik sing isa ditiru kuwi Yésus Kristus. (1 Ptr. 2:21) Wektu mempelajari teladané meréka, gatèkna sifat-sifaté. (Ibr. 12:1, 2) Bar kuwi, pikirna carané niru. Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir kuwi berarti ora grusa-grusu, tapi mikir sik sakdurungé bertindak. Bèn isa terus nduwé kemampuan kanggo mikir kuwi butuh upaya. Piyé carané bèn isa nduwé kemampuan kanggo mikir? Kowé kudu mempelajari Alkitab bèn ngerti piyé perasaan lan pikirané Yéhuwah. Terus, pikirna manfaaté nèk manut Yéhuwah. Bar kuwi, kowé isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng. (Mzm. 119:9) Nèk ngetrapké kuwi, kowé bakal isa dadi wong Kristen sing luwih apik.—WB. 2:11, 12; Ibr. 5:14. w23.12 24-25 ¶4-5
Setu, 10 Mei
Kowé kudu siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon karo kowé soal harapanmu. Ning, kowé kudu alus lan ngajèni wektu njawab.—1 Ptr. 3:15.
Wong tuwa ya isa ngajari anaké bèn isa tetep alus wektu njelaské kepercayaané. (Yak. 3:13) Ana sing ngajariné nganggo sèsi latihan pas ibadah keluarga. Meréka milih sik topik utawa pertanyaan sing mungkin diadhepi ing sekolahan, terus dirembug carané njawab. Bar kuwi, meragakké njawab sing alus kuwi piyé. Nèk wis latihan, anak-anak dadi luwih yakin karo sing dipercaya lan isa njelaské karo wong liya. Bèn isa yakin lan isa njelaské nganggo kata-kata sing alus, ana bahan-bahan sing apik ing jw.org. Misalé, sèri artikel ”Pitakonané Cah Enom” lan Lembar Kegiatan untuk Kaum Muda. Nèk mempelajari bahan-bahan kuwi sak keluarga, mengko dadi isa tetep alus wektu njelaské kepercayaané. w23.09 17 ¶10; 18 ¶15-16
Minggu, 11 Mei
Aja nyerah nindakké apa sing apik. Nèk awaké dhéwé ora nyerah, awaké dhéwé bakal manèn hasilé nèk wis wektuné.—Gal. 6:9.
Apa njenengan nduwé cita-cita rohani, tapi rasané angèl terwujud? Akèh sing ngrasa kaya ngono. Misalé, Philip péngin luwih kerep ndonga saka ati, tapi wektuné ora ana. Erika péngin tepat waktu teka ing pertemuan sakdurungé nginjil, tapi dhèwèké telat terus. Nèk tujuané durung kelakon, aja nyerah. Nyatané, cita-cita sing kétoké gampang waé butuh wektu lan upaya. Nganti saiki, njenengan isih berusaha bèn cita-cita isa kelakon. Kuwi bukti nèk njenengan sayang lan péngin mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah. Yéhuwah menghargai upayané njenengan. Yéhuwah ora njaluk sing ngluwihi kemampuané njenengan. (Mzm. 103:14; Mi. 6:8) Mula, nggawéa cita-cita sing masuk akal, sing sesuai karo kesanggupané njenengan. w23.05 26 ¶1-2
Senèn, 12 Mei
Nèk Gusti Allah mihak awaké dhéwé, sapa sing isa menang nglawan awaké dhéwé?—Rm. 8:31.
Wong sing kendel isa waé wedi, tapi bakal tetep nggawé keputusan sing bener. Danièl kuwi cah enom sing kendel. Dhèwèké sinau ramalan-ramalan, termasuk ramalané Yérémia. Danièl ngerti nèk wong Yahudi sing ditawan ing Babilon bakal dibébaské. (Dan. 9:2) Merga ndelok akèh ramalané Yéhuwah kelakon, Danièl dadi semakin percaya karo Yéhuwah lan semakin kendel. (Bandhingna karo Roma 8:32, 37-39.) Danièl ya kerep ndonga. (Dan. 6:10) Dhèwèké nyritakké perasaané lan ngakoni dosané. Danièl njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 9:4, 5, 19) Kaya awaké dhéwé, Danièl ya kudu berjuang bèn isa kendel. Tapi merga sinau, ndonga, lan percaya karo Yéhuwah, Danièl isa kendel. w23.08 3 ¶4; 4 ¶7
Selasa, 13 Mei
Kaya cahaya sing bersinar, kowé ya kudu nduduhké tumindak sing apik, supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu kuwi lan ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.—Mat. 5:16.
Nèk manut pamréntah, sing éntuk manfaat kuwi ora mung awaké dhéwé tapi ya wong liya. Misalé, awaké dhéwé ora bakal kena hukuman. (Rm. 13:1, 4) Terus, pamréntah ya isa ngerti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi warga negara sing apik. Contoné, pirang-pirang taun mbiyèn ing Nigeria, ana tentara sing nggrudug Balai Ibadah pas lagi ana acara pertemuan ibadah. Meréka nggolèki wong-wong sing mèlu démo merga ora gelem mbayar pajeg. Tapi bar ngerti nèk kuwi pertemuané Seksi Yéhuwah, komandané ngomong, ”Nèk Seksi Yéhuwah mesthi mbayar pajeg.” Dadi, dhèwèké ngongkon tentara-tentara kuwi lunga. Nèk njenengan manut karo pamréntah, réputasiné Seksi Yéhuwah sing dadi apik. Isa waé, mengko kuwi ana manfaaté kanggo sedulur-sedulur seiman. w23.10 9 ¶13
Rebo, 14 Mei
Kowé kudu sabar. Dadi, sakwisé kowé nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah, kowé bakal nampa sing wis dijanjèkké Gusti Allah.—Ibr. 10:36.
Wong-wong sing suwé nglayani Yéhuwah mungkin ngentèn-entèni tekané dinané Yéhuwah. Mungkin ana sing mikir nèk dinané Yéhuwah kuwi ora teka-teka. Mbiyèn Habakuk ya tau ngrasa ngono. Tapi, Yéhuwah ngyakinké Habakuk, ”Wahyu iki bakal kelakon nurut wektu sing wis ditentokké. Kuwi bakal ndang kelakon lan ora bakal gagal. Ning nèk kétoké telat, tetepa yakin lan entènana merga kuwi mesthi kelakon. Kuwi ora bakal telat.” (Hab. 2:3) Apa kata-katané Yéhuwah kuwi mung kanggo Habakuk thok? Ora. Kuwi ya kanggo umaté jaman saiki. Yéhuwah ngongkon Rasul Paulus ngandhani wong Kristen wektu kuwi bèn sabar ngentèni dinané Yéhuwah. (Ibr. 10:37) Dadi nèk ngrasa dinané Yéhuwah kuwi ora teka-teka, tetepa yakin nèk ”kuwi mesthi kelakon. Kuwi ora bakal telat”. w23.04 30 ¶16
Kemis, 15 Mei
Kabèh wong Israèl protès marang Musa.—Wi. 14:2.
Akèh-akèhé wong Israèl ora percaya nèk Musa kuwi wakilé Yéhuwah. (Wi. 14:10, 11) Meréka bola-bali ora manut arahan saka Musa. Akibaté, wong-wong sing mbrontak kuwi ora éntuk mlebu ing Tanah Perjanjian. (Wi. 14:30) Tapi, ana wong Israèl sing gelem manut tuntunané Yéhuwah. Misalé, Yéhuwah ngomong, ”Kalèb . . . terus manut saktulusé ati marang Aku.” (Wi. 14:24) Kalèb diberkahi Yéhuwah. Malah dhèwèké éntuk milih panggonan ing Tanah Perjanjian. (Yos. 14:12-14) Terus ya ana keturunané wong Israèl sing mati ing padhang belantara, sing terbukti gelem manut karo tuntunané Yéhuwah. Meskipun pemimpiné wis ganti dadi Yosua, meréka terus ’ngajèni banget’ Yosua. (Yos. 4:14) Hasilé, Yéhuwah nuntun meréka mlebu ing Tanah Perjanjian.—Yos. 21:43, 44. w24.02 21 ¶6-7
Jumat, 16 Mei
Wong sing nresnani Gusti Allah ya kudu nresnani seduluré.—1 Yoh. 4:21.
Nèk dokter arep ngecèk jantung séhat apa ora lan detaké kuwat apa ora, isa ngecèk saka denyut nadi ing pergelangan tangan. Katresnan ya kaya ngono. Awaké dhéwé isa ngerti isih sayang karo Gusti Allah apa ora nèk ndelok katresnané awaké dhéwé karo para sedulur. Nèk wis mulai ora sayang karo para sedulur, kuwi bukti nèk ya wis mulai ora sayang karo Gusti Allah. Tapi, nèk selalu mbuktèkké nèk sayang karo para sedulur, kuwi bukti nèk awaké dhéwé ya sayang banget karo Gusti Allah. Nèk rasa sayangé awaké dhéwé kanggo para sedulur mulai berkurang, kuwi bahaya. Soalé kuwi berarti hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah wis mulai ora akrab. Rasul Yohanes njelaské, ”Wong sing ora nresnani seduluré sing isa didelok ora isa nresnani Gusti Allah sing ora isa didelok.” (1 Yoh. 4:20) Apa pelajarané? Sing nggawé Yéhuwah seneng kuwi nèk awaké dhéwé ”nresnani liyané”.—1 Yoh. 4:7-9, 11. w23.11 8 ¶3; 9 ¶5-6
Setu, 17 Mei
Bapak lan ibumu bakal seneng.—WB. 23:25.
Pas Yéhoas isih enom, bapaké mati. Terus, dhèwèké digedhèkké karo Imam Agung Yéhoyada. Dhèwèké diajari soal Yéhuwah. Merga manut karo Yéhoyada, Yéhoas akhiré isa nggawé pilihan sing bener. Dhèwèké nglayani Yéhuwah lan mbantu rakyaté bèn ya nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ya ngatur bèn baité Yéhuwah didandani. (2 Bb. 24:1, 2, 4, 13, 14) Nèk wong tuwamu utawa wong liya ngajari kowé soal Yéhuwah lan pathokané, kowé éntuk hadiah sing berharga. (WB. 2:1, 10-12) Carané wong tuwamu ngajari kuwi ana akèh. Nèk kowé ngetrapké naséhat ing Alkitab saka wong tuwamu, wong tuwamu bakal seneng. Terus, ora mung kuwi. Gusti Allah ya seneng, lan kowé isa dadi luwih akrab karo Dhèwèké. (WB. 22:6; 23:15, 24) Dadi, contoné Yéhoas pas isih enom kuwi mémang apik kanggo ditiru. w23.09 8-9 ¶3-5
Minggu, 18 Mei
Aku bakal ngrungokké kowé.—Yér. 29:12.
Yéhuwah mesthi ngrungokké donga soalé Dhèwèké wis janji. Yéhuwah sayang karo umaté sing setya. Dadi nèk meréka ndonga, mesthi digatèkké. (Mzm. 10:17; 37:28) Tapi, kuwi ora berarti kabèh sing dijaluk mesthi dituruti. Mungkin ana kepénginan sing mung isa kelakon sukmbèn pas wis donya anyar. Pas ngrungokké dongané umaté, Yéhuwah ya karo mikirké sing dadi tujuané Dhèwèké. (Yés. 55:8, 9) Salah siji sing dadi tujuané Yéhuwah kuwi bèn bumi dikebaki wong-wong sing manut pamréntahané Gusti Allah. Tapi, Sétan nudhuh nèk manungsa bakal luwih bahagia nèk meréka mréntah dhéwé. (PD. 3:1-5) Kanggo mbuktèkké nèk Sétan ngapusi, manungsa dikèki kesempatan karo Yéhuwah kanggo mréntah dhéwé. Tapi, hasilé malah ana akèh masalah. (Pkh. 8:9) Yéhuwah ora langsung nyingkirké kabèh masalah. w23.11 21 ¶4-5
Senèn, 19 Mei
Aku wis ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa.—Rm. 4:17.
Yéhuwah janji nèk ”akèh bangsa” bakal éntuk berkah liwat Abraham. Masalahé, nganti Abraham umur 100 lan Sara 90, meréka isih durung nduwé anak. Imané Abraham bener-bener diuji soalé kétoké wis ora mungkin meréka bakal nduwé anak. Tapi, ”Abraham tetep nduwé harapan lan iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa”. (Rm. 4:18, 19) Harapané Abraham akhiré dadi kenyataan. Dhèwèké nduwé anak sing jenengé Ishak. (Rm. 4:20-22) Kaya Abraham, awaké dhéwé ya isa dianggep bener karo Gusti Allah lan dadi kancané. Makané Paulus nulis, ”Kata-kata ’dhèwèké dianggep bener’ kuwi ditulis ora mung kanggo [Abraham] thok, ning ya kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal dianggep bener merga awaké dhéwé percaya marang Gusti Allah sing wis nguripké Yésus.” (Rm. 4:23, 24) Kaya Abraham, awaké dhéwé kudu nduwé iman, mbuktèkké kuwi liwat perbuatan, lan ya kudu nduwé harapan. w23.12 7 ¶16-17
Selasa, 20 Mei
Njenengan ndelok nèk aku sengsara, lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.—Mzm. 31:7.
Pas ngrasa tertekan nganti rasané wedi, élinga nèk Yéhuwah ora mung ngerti sing njenengan alami, tapi ya ngerti piyé perasaané njenengan. Contoné, pas bangsa Israèl ditindhes ing Mesir, Yéhuwah ora mung ndelok tapi ya ”ngerti banget” piyé perasaané meréka pas kuwi. (Pa. 3:7) Pas tertekan, mungkin dadi ora menyadari bantuané Yéhuwah. Mulané, kudu ndonga njaluk bèn isa ndelok kuwi. (2 Raj. 6:15-17) Bahan-bahan saka organisasi lan kasih sayangé para sedulur ya isa waé dianggep sesuatu sing biasa. Padahal, kuwi hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah. (Yés. 65:13; Mrk. 10:29, 30) Mulané pikirna: Apa njenengan tau dikuwatké bar krungu ceramah utawa koméntar ing pertemuan ibadah? Apa njenengan tau dadi semangat bar maca bacaan, nonton vidéo, utawa ngrungokké lagu saka organisasi? Apa njenengan tau ngrasa ayem bar diwacakké ayat utawa dikèki naséhat saka Alkitab? Sakjané, kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah bener-bener perduli lan isa diendelké.—Yés. 49:14-16. w24.01 4-5 ¶9-10
Rebo, 21 Mei
Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, . . . bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu.—Kis. 4:29.
Sakdurungé munggah swarga, Yésus ngongkon murid-muridé nginjil ”ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”. (Kis. 1:8; Luk. 24:46-48) Ora suwé bar kuwi, para pemimpin Yahudi nyekel Pétrus karo Yohanes terus nggawa meréka ing Sanhèdrin. Wong loro kuwi dilarang nginjil, bahkan diancam. (Kis. 4:18, 21) Pétrus karo Yohanes njawab, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kis. 4:19, 20) Bar Pétrus karo Yohanes dibébaské, para murid ndonga karo Yéhuwah. Yéhuwah njawab dongané murid-murid.—Kis. 4:31. w23.05 5 ¶11-12
Kemis, 22 Mei
Iki Anak-Ku sing Tak tresnani.—Mat. 17:5.
Yéhuwah karo Yésus wis bareng-bareng ing swarga selama milyaran taun. Dadi hubungané mesthi akrab banget. Meréka ya mesthi saling menyayangi. Buktiné nèk Yéhuwah sayang karo Yésus kuwi ana ing ayat dina iki. Sakjané isa waé Yéhuwah ngomong, ’Iki wong sing nggawé aku seneng’. Tapi, bèn awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah sayang banget karo Yésus, Dhèwèké nyebut Yésus, ”Anak-Ku sing Tak tresnani”. Yéhuwah bangga karo Yésus terutama merga Yésus gelem ngorbanké nyawané. (Éf. 1:7) Yésus bener-bener yakin nèk Bapaké sayang merga Yésus wis ngrasakké dhéwé kasih sayang kuwi. Ping bola-bali Yésus ngomong nèk Bapaké sayang karo dhèwèké.—Yoh. 3:35; 10:17; 17:24. w24.01 28 ¶8
Jumat, 23 Mei
Mendhing nduwé réputasi sing apik timbang nduwé harta sing akèh.—WB. 22:1.
Bayangna piyé perasaané njenengan nèk difitnah kanca akrabé njenengan. Fitnah kuwi kesebar, terus akèh wong sing percaya. Sing luwih parah, akèh wong kuwi ya nyebarké lan luwih akèh manèh sing percaya. Njenengan mesthi sedhih. Mungkin njenengan ya dadi kecéwa merga wong sing njenengan sayangi malah percaya karo fitnah kuwi. Kuwi sing dirasakké Yéhuwah wektu difitnah malaékaté. Hawa sing krungu fitnah kuwi malah percaya. Sing luwih parah manèh, kuwi marakké Adam karo Hawa mbrontak nglawan Yéhuwah. Akibaté, kabèh keturunané dadi dosa lan mati. (PD. 3:1-6; Rm. 5:12) Kabèh masalah saiki, misalé perang, kesusahan, lan kematian kuwi akibat saka fitnah sing disebarké Sétan. Kuwi mesthi marakké Yéhuwah sedhih lan lara ati. Tapi Yéhuwah ora dadi nesu. Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah tetep dadi ”Gusti Allah sing bahagia”.—1 Tim. 1:11. w24.02 8 ¶1-2
Setu, 24 Mei
Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.—PD. 39:9.
Piyé bèn isa tetep setya kaya Yusuf? Kèt saiki, kudu ngerti arep piyé pas ana godhaan. Apa waé sing ora disenengi Yéhuwah kudu langsung ditolak, bahkan aja nganti dipikirké. (Mzm. 97:10; 119:165) Nèk wis ngerti sik kudu piyé, njenengan bakal luwih gampang nolak godhaan. Mungkin njenengan wis ngerti nèk sing dipelajari saka Alkitab kuwi sing bener, lan njenengan ya péngin nglayani Yéhuwah saktulusé ati. Tapi, piyé nèk isih ngrasa durung siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis? Njenengan isa niru contoné Raja Daud. Dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Oh Gusti Allah, deloken isi atiku, lan deloken aku iki wong sing kaya apa. Tulung deloken pikiranku sing marahi aku kuwatir. Tulung deloken apa aku nduwé kepénginan kanggo nindakké sing salah, lan tuntunen aku ing dalan sing langgeng.” (Mzm. 139:23, 24) Nèk berupaya bèn isa nggawé janji ngabdi lan dibaptis, kuwi bukti njenengan ”tenanan nggolèki Yéhuwah”. Upaya kuwi mesthi bakal diberkahi Yéhuwah.—Ibr. 11:6. w24.03 6 ¶13-15
Minggu, 25 Mei
Dhèwèké ora perlu mènèhi korban saben dina.—Ibr. 7:27.
Mbiyèn, imam agung kuwi tugasé dadi wakilé wong Israèl pas ngibadah. Imam agung sing pertama kuwi Harun. Dhèwèké dilantik Yéhuwah wektu tabernakel diresmèkké. Tapi Rasul Paulus ngomong, ”Nèk imam mati, dhèwèké ora isa neruské tugasé, lan akhiré wong liya kudu nggantèni imam kuwi lan neruské tugasé.” (Ibr. 7:23-26) Terus, merga ora sampurna, imam agung ya kudu ngekèki persembahan dienggo dosané dhéwé. Nah, apa bédané karo Imam Agung Yésus Kristus? Imam Agungé awaké dhéwé, Yésus Kristus, ”dadi abdi . . . ing kémah sing sejati sing dibangun Yéhuwah, dudu manungsa”. (Ibr. 8:1, 2) Paulus njelaské, ”Merga Yésus terus urip saklawasé, tugasé dadi imam ora bakal diganti karo wong liya.” Paulus ya ngomong nèk Yésus ”ora najis [lan] ora kaya wong-wong sing dosa”. Yésus ya ”ora perlu mènèhi korban saben dina kanggo dosané dhéwé”. w23.10 26 ¶8-9
Senèn, 26 Mei
Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana.—Why. 21:1.
”Langit sing lawas” kuwi maksudé pamréntahané manungsa sing dipengaruhi Sétan lan hantu-hantuné. (Mat. 4:8, 9; 1 Yoh. 5:19) Ing Alkitab, kata ”bumi” isa berarti wong-wong sing manggon ing bumi. (PD. 11:1; Mzm. 96:1) Dadi, ”bumi sing lawas” kuwi maksudé wong-wong sing jahat. Yéhuwah ora mung arep ndandani ”langit” lan ”bumi” sing ana saiki, tapi kuwi arep diganti total nganggo ”langit anyar lan bumi anyar”, yaiku pamréntahan sing anyar lan wong-wong sing bener. Yéhuwah bakal nggawé bumi dadi apik manèh. Kaya sing diramalké Yésaya, bumi bakal dadi kaya Taman Èden. Terus, kuwi ya berarti Yéhuwah bakal nggawé manungsa dadi sampurna manèh. Wong sing lumpuh, wuta, lan budheg, bakal bener-bener mari. Malah, sing mati ya bakal urip manèh.—Yés. 25:8; 35:1-7. w23.11 4 ¶9-10
Selasa, 27 Mei
Kowé kudu bener-bener siap.—Mat. 24:44.
”Sengsara gedhé” bakal ujug-ujug teka. (Mat. 24:21) Tapi ora kabèh wong bakal kagèt. Mbiyèn Yésus wis ngandhani murid-muridé kanggo siap-siap. Nèk wis siap, awaké dhéwé isa tetep setya lan mbantu wong liya kanggo ngadhepi kuwi. (Luk. 21:36) Nèk sabar nglakoni kuwi, berarti awaké dhéwé manut Yéhuwah. Kuwi bukti awaké dhéwé percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi. Piyé nèk pas sengsara gedhé ana sedulur-sedulur sing dadi mlarat? (Hab. 3:17, 18) Nèk mesakké sedulur-sedulur, awaké dhéwé bakal mbantu. Piyé nèk pas diserang bangsa-bangsa awaké dhéwé kudu manggon bareng karo sedulur-sedulur? (Yèh. 38:10-12) Awaké dhéwé isa tetep rukun nèk nresnani sedulur-sedulur. w23.07 2 ¶2-3
Rebo, 28 Mei
Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana, dudu kaya wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.—Éf. 5:15, 16.
Suami istri isa niru Akuila lan Priskila sing dadi conto kanggo wong Kristen jaman mbiyèn. (Rm. 16:3, 4) Wektu mbantu wong liya, kerja, lan nginjil, Akuila kerja sama karo Priskila. (Kis. 18:2, 3, 24-26) Malah ing Alkitab, Akuila karo Priskila selalu disebutké bareng-bareng. Piyé carané niru? Coba pikirna kegiatan apa sing isa dikerjakké bareng-bareng. Misalé, Akuila karo Priskila nginjil bareng. Apa njenengan isa nggawé jadwal bèn isa nginjil bareng karo bojo? Akuila karo Priskila ya kerja bareng. Mungkin gawéané njenengan ora padha karo bojoné njenengan. Tapi pas resik-resik omah, apa kuwi isa dikerjakké bareng-bareng? (Pkh. 4:9) Pas mbantu bojoné njenengan, njenengan isa kerja sama lan ngobrol. w23.05 22-23 ¶10-12
Kemis, 29 Mei
Pas aku wedi, aku ngendelké Njenengan.—Mzm. 56:3.
Kabèh wong kadhang ngrasa wedi. Misalé, wektu dioyak arep dipatèni Raja Saul, Daud mlayu ing kutha Gat ing Filistin. Nah, Akhis raja Gat akhiré ngerti nèk Daud kuwi prajurit sing wis matèni ”puluhan èwu” wong Filistin. Bar kuwi, Daud ”dadi kewedèn”. (1 Sam. 21:10-12) Daud wedi arep dipatèni Akhis. Tapi, apa sing marakké Daud akhiré ora wedi manèh? Apa sing dirasakké Daud pas ing Gat kuwi ditulis ing Mazmur 56. Ing kono dicritakké apa sing marakké Daud wedi lan apa sing marakké dhèwèké ora wedi manèh. Pas wedi, Daud ngendelké Yéhuwah. (Mzm. 56:1-3, 11) Yéhuwah terbukti bener-bener isa diendelké. Merga dibantu Yéhuwah, Daud dadi nduwé idé éthok-éthok édan. Akhiré Akhis ora sida matèni Daud, lan Daud isa lolos.—1 Sam. 21:13–22:1. w24.01 2 ¶1-3
Jumat, 30 Mei
Raja-raja kuwi ya bakal dikalahké karo wong-wong sing diundang lan dipilih Gusti Allah lan sing setya karo Anak Domba.—Why. 17:14.
Wong-wong sing disebutké ing ayat kuwi sapa? Wong-wong pilihan sing wis munggah swarga. Dadi, ing akhir sengsara gedhé, bar wong pilihan wis padha munggah swarga kabèh, tugas pertamané meréka kuwi perang. Bar munggah swarga, meréka bakal perang nglawan mungsuh-mungsuhé Gusti Allah, bareng karo Kristus lan para malaékat. Coba bayangna. Pas ing bumi, wong pilihan kuwi ana sing wis tuwa banget lan lara-laranen. Tapi bar munggah swarga, meréka bakal dadi makhluk roh sing kuwat, ora isa mati, lan malah mèlu perang bareng karo Yésus. Bar Armagédon rampung, meréka bakal mèlu mbantu manungsa dadi sampurna. Nèk pas ing bumi waé meréka akèh kerja keras kanggo sedulur-sedulur sak donya, apamanèh mengko pas ing swarga. w24.02 6-7 ¶15-16
Setu, 31 Mei
Kowé kudu terus manut karo tuntunané roh suci bèn kowé ora nuruti kepénginan sing salah.—Gal. 5:16.
Ana wong-wong sing sakjané wis siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis, tapi isih ragu-ragu. Mungkin meréka mikir, ’Mengko nèk bar kuwi aku nggawé dosa sing gedhé, terus ditokké saka jemaat piyé?’ Nèk njenengan ngrasa kaya ngono, aja kuwatir merga Yéhuwah bakal ngekèki bantuan apa waé bèn njenengan isa ’tumindak apik lan isa bener-bener nyenengké Dhèwèké’. (Kol. 1:10) Yéhuwah ya bakal ngekèki kekuwatan bèn isa nglakoni sing bener. Ana akèh sing wis dibantu Yéhuwah. Kuwi sebabé, sing ditokké saka jemaat jumlahé mung sithik. (1 Kor. 10:13) Yéhuwah mesthi bakal selalu mbantu umaté bèn isa tetep setya. Merga ora sampurna, manungsa gampang kegodha kanggo nglakoni sing salah. (Yak. 1:14) Ana sing ngomong nèk perasaan lan perbuatan kuwi ora isa dikendhalèni. Tapi sakjané ora ngono. Njenengan selalu nduwé pilihan. Bahkan, nèk pas nduwé kepénginan sing salah, njenengan isa milih arep nolak utawa nuruti kepénginan kuwi. w24.03 5 ¶11-12