April
Selasa, 1 April
Ngapa kok Pakdhé ngapusi aku?—PD. 29:25.
Ana umaté Yéhuwah ing jaman Alkitab sing ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Contoné Yakub. Yakub dikongkon bapaké nikah karo salah siji anaké wédok Laban. Laban kuwi pakdhéné Yakub sing nyembah Yéhuwah. Yakub ya dikandhani nèk Yéhuwah bakal mberkahi dhèwèké. (PD. 28:1-4) Yakub manut. Dhèwèké lunga saka Kanaan ing omahé Laban sing nduwé anak wédok loro, yaiku Léa karo Rakhèl. Yakub seneng karo Rakhèl, anaké Laban sing keloro. Dhèwèké gelem kerja pitung taun bèn isa nikah karo Rakhèl. (PD. 29:18) Tapi ana masalah. Laban ngapusi Yakub. Yakub malah dinikahké karo Léa. Mémang seminggu bar kuwi, Yakub éntuk nikah karo Rakhèl. Tapi dhèwèké kudu kerja pitung taun manèh. (PD. 29:26, 27) Nèk ditotal, Yakub wis dimanfaatké karo Laban selama 20 taun.—PD. 31:41, 42. w23.04 15 ¶5
Rebo, 2 April
Critakna kabèh perasaanmu marang Dhèwèké.—Mzm. 62:8.
Wektu lagi sedhih lan bingung, awaké dhéwé ngerti isa crita karo sapa. Yéhuwah péngin awaké dhéwé crita karo Dhèwèké liwat donga. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”terus ndonga”. (1 Tés. 5:17) Nèk ana apa-apa, awaké dhéwé isa ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah. (WB. 3:5, 6) Yéhuwah ora mbatesi awaké dhéwé isa ndonga ping pira. Yésus ngerti nèk Yéhuwah nganggep dongané awaké dhéwé berharga. Pas isih ing swarga, Yésus ndelok dhéwé pas Yéhuwah njawab dongané umaté. Misalé, Yésus ndelok dhéwé Yéhuwah njawab dongané Hana, Daud, Èlia, lan liyané. (1 Sam. 1:10, 11, 20; 1 Raj. 19:4-6; Mzm. 32:5) Makané Yésus ngajari murid-muridé bèn ndonga lan yakin nèk dongané bakal dijawab.—Mat. 7:7-11. w23.05 2 ¶1, 3
Kemis, 3 April
Wedi marang manungsa kuwi isa nggawé cilaka, ning wong sing percaya marang Yéhuwah bakal dilindhungi.—WB. 29:25.
Imam Agung Yéhoyada wedi karo Yéhuwah. Misalé pas anaké wédok Izebèl, Atalia, péngin dadi ratu ing Yéhuda. Atalia kejem banget. Saking pénginé dadi ratu, dhèwèké matèni putu-putuné dhéwé sing sakjané berhak dadi raja. (2 Bb. 22:10, 11) Salah sijiné, Yéhoas. Tapi Yéhoas slamet merga ditulungi Yéhosyabéat, bojoné Yéhoyada. Yéhoyada karo Yéhosyabéat ndhelikké Yéhoas lan ngopèni dhèwèké. Merga wong loro kuwi, tetep ana keturunané Raja Daud sing isa dadi raja. Yéhoyada sing wis lansia ora wedi karo Atalia lan tetep setya karo Yéhuwah. Pas Yéhoas umur pitung taun, Yéhoyada mbuktèkké manèh nèk setya karo Yéhuwah. Dhèwèké nggawé rencana bèn Yéhoas isa dadi raja. Tapi nèk rencana kuwi gagal, Yéhoyada mesthi dipatèni. Merga dibantu Yéhuwah, rencana kuwi berhasil. w23.06 17 ¶12-13
Jumat, 4 April
Nèk Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi Penguasané kerajaan manungsa lan nèk Dhèwèké mènèhké wewenang kanggo mréntah marang sapa waé sing Dhèwèké péngini.—Dan. 4:25.
Wektu krungu omongané Danièl kuwi, Raja Nébukhadnézar isa waé mikir nèk Danièl mbrontak nglawan dhèwèké. Danièl isa waé dipatèni. Tapi, Danièl tetep kendel njelaské arti mimpi kuwi. Kok isa Danièl kendel? Wong tuwané Danièl mesthi dadi conto sing apik. (PT. 6:6-9) Danièl ora mung ngerti soal Sepuluh Préntah thok. Dhèwèké ya ngerti akèh soal hukum liyané, misalé soal apa sing éntuk lan sing ora éntuk dipangan wong Israèl. (Km. 11:4-8; Dan. 1:8, 11-13) Danièl ya sinau soal umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn lan ngerti apa akibaté nèk ora manut Yéhuwah. (Dan. 9:10, 11) Danièl ya ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah lan malaékaté terus ndhukung dhèwèké.—Dan. 2:19-24; 10:12, 18, 19. w23.08 3 ¶5-6
Setu, 5 April
Wong sing rendah hati kuwi wicaksana.—WB. 11:2.
Ribka kuwi wong wédok sing terbukti kendel lan wicaksana. (PD. 24:58; 27:5-17) Tapi, dhèwèké tetep ngajèni lan gelem manut petunjuk. (PD. 24:17, 18, 65) Kaya Ribka, nèk kowé rendah hati lan gelem manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang, kowé bakal dadi conto sing apik kanggo keluarga lan sedulur-sedulur ing jemaat. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, ora mung kudu rendah hati tapi ya kudu ngerti keterbatasané. Contoné wong wédok sing ngerti keterbatasané kuwi Èster. Meskipun Èster kuwi ratu, dhèwèké gelem ngrungokké naséhaté Mordekai sepupuné. (Èst. 2:10, 20, 22) Kowé ya isa kaya Èster nèk gelem njaluk naséhat lan ngetrapké kuwi. (Tit. 2:3-5) Ana bukti liyané nèk Èster ngerti keterbatasané. Meskipun dhèwèké ”ayu lan penampilané nyenengké”, Èster ora nggolèk perhatian bèn disanjung-sanjung wong.—Èst. 2:7, 15. w23.12 19-20 ¶6-8
Minggu, 6 April
Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh.—1 Yoh. 3:20.
Perasaan terus-terusan ngrasa bersalah kuwi isa dadi beban. Sakjané nèk wis ngakoni kesalahan, mertobat, lan berupaya ora mbalèni manèh, njenengan isa yakin nèk wis diapura Yéhuwah. (Kis. 3:19) Yéhuwah ora péngin njenengan terus-terusan ngrasa bersalah. Yéhuwah ngerti nèk njenengan terus-terusan ngrasa kaya ngono, hasilé mesthi ora apik. (Mzm. 31:10) Malah, isa waé njenengan dadi ora semangat mlayu manèh. (2 Kor. 2:7) Yakina nèk Yéhuwah ”bener-bener ngapura” dosané njenengan. (Mzm. 130:4) Nèk Yéhuwah wis ngapura wong, ’dosané ora bakal diéling-éling manèh’. (Yér. 31:34) Kuwi berarti Yéhuwah bakal nglalèkké dosané njenengan. Aja cilik ati nèk ora éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat. Nèk Yéhuwah waé nglalèkké dosané njenengan, mosok njenengan arep ngéling-éling terus? w23.08 30-31 ¶14-15
Senèn, 7 April
Kowé kudu kuwat, lan aja nyerah.—1 Kor. 15:58.
Selama pandemi COVID-19, Seksi-Seksi Yéhuwah ora terpengaruh pas ana berita sing ora bener lan isa tetep tenang, merga ngrungokké arahan saka organisasi. (Mat. 24:45) Awaké dhéwé kudu ”mastèkké endi sing luwih penting”. (Flp. 1:9, 10) Nèk ora, awaké dhéwé isa ora nduwé wektu kanggo hal-hal sing penting. Nèk mentingké kegiatan saben dina, misalé mangan, ngombé, rékréasi, lan nyambut gawé, awaké dhéwé isa ora fokus nglayani Yéhuwah. (Luk. 21:34, 35) Saben dina, awaké dhéwé ya krungu berita soal démo lan masalah politik. Apa ana manfaaté ngentèkké wektu kanggo kuwi? Awaké dhéwé malah isa terpengaruh lan mulai mihak. Sétan nggunakké macem-macem cara kanggo nggawé awaké dhéwé nyerah. w23.07 16 ¶12-13
Selasa, 8 April
Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.—Luk. 22:19.
Umaté Yéhuwah nganggep nèk Peringatan Kematiané Yésus kuwi acara sing paling penting. Soalé, kuwi siji-sijiné acara sing dipréntahké Yésus bèn diperingati murid-muridé. (Luk. 22:19, 20) Awaké dhéwé ya diélingké piyé carané mbuktèkké nèk menghargai pengorbanané Yésus. (2 Kor. 5:14, 15) Kuwi ya kesempatan bèn isa ”padha-padha nguwatké”. (Rm. 1:12) Terus ya ana sing dadi gelem sinau Alkitab merga terkesan karo acara lan ceramahé. Acara Peringatan kuwi ya marakké umaté Yéhuwah sak donya bersatu. Kuwi kabèh sing marakké acara Peringatan iki acara sing paling dientèn-entèni. w24.01 8 ¶1-3
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 9 Nisan) Lukas 19:29-44
Rebo, 9 April
Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.—Yoh. 3:16.
Semakin ngrenungké pengorbanané Yéhuwah lan Yésus, mengko isa semakin ngerti sepira gedhéné sayangé meréka karo saben wong. (Gal. 2:20) Yéhuwah ngekèki tebusan merga bener-bener sayang. Buktiné, sing dikèkké kuwi duwèké sing paling berharga, yaiku Yésus. Yéhuwah ora mung ngrasa sayang, tapi ya nduduhké kuwi. (Yér. 31:3) Yéhuwah milih awaké dhéwé dadi umaté merga Dhèwèké sayang. (Bandhingna Pangandharing Torèt 7:7, 8.) Ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé. (Rm. 8:38, 39) Bar ngerti soal kuwi, piyé perasaané njenengan? w24.01 28 ¶10-11
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 10 Nisan) Lukas 19:45-48; Matius 21:18, 19; 21:12, 13
Kemis, 10 April
Awaké dhéwé isih nduwé harapan . . . kabèh ciptaan bakal dibébaské.—Rm. 8:20, 21.
Wong Kristen sing wis dipilih roh suci seneng banget karo harapan isa munggah swarga. Salah sijiné Sedulur Frederick Franz. Dhèwèké ngomong, ”Harapan kuwi pasti. Janjiné Gusti Allah kanggo 144.000 mesthi bakal dadi kenyataan. Harapan kuwi ora ana tandhingané.” Taun 1991 Sedulur Franz ngomong, ”[Kami] isih ngrasa nèk harapan kuwi berharga banget. . . . Saya suwé ngentèni, harapan kuwi malah saya berharga kanggo kami. Kanggoku, harapan iki saya suwé saya istiméwa.” Ora soal urip saklawasé ing swarga utawa ing bumi, harapan kuwi luar biasa lan marakké awaké dhéwé bahagia. Awaké dhéwé ya isa tambah yakin nèk harapan kuwi mesthi dadi kenyataan. w23.12 9 ¶6; 10 ¶8
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 11 Nisan) Lukas 20:1-47
Jumat, 11 April
Getihé sapi lanang lan getihé wedhus ora mungkin isa nyingkirké dosa.—Ibr. 10:4.
Ing njaba tabernakel pas jamané wong Israèl, ana mézbah persembahan korban saka tembaga. (Pa. 27:1, 2; 40:29) Tapi, korban kéwan-kéwan sing dipersembahké ing kono ora isa nggawé manungsa bener-bener diampuni dosané. (Ibr. 10:1-3) Korban kéwan sing terus-terusan dipersembahké kuwi mung gambaran saka siji korban sing isa bener-bener ngampuni dosané manungsa. Yésus ngerti nèk Yéhuwah ngongkon dhèwèké ing bumi kanggo mati bèn isa nebus manungsa. (Mat. 20:28) Dadi pas Yésus dibaptis, kuwi bukti nèk dhèwèké gelem manut karepé Bapaké. (Yoh. 6:38; Gal. 1:4) Yésus ngekèkké uripé ”ping pisan kanggo saklawasé”. Hasilé, wong-wong sing percaya karo Yésus isa bener-bener diampuni dosané.—Ibr. 10:5-7, 10. w23.10 26-27 ¶10-11
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 12 Nisan) Lukas 22:1-6; Markus 14:1, 2, 10, 11
TANGGAL PERINGATAN
Sakwisé Matahari Terbenam
Setu, 12 April
Hadiahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé liwat Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé.—Rm. 6:23.
Nèk nganggo upayané dhéwé thok, awaké dhéwé ora isa bébas saka dosa lan kematian. (Mzm. 49:7, 8) Mulané, Yéhuwah ngongkon bèn Yésus mati kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah karo Yésus nggawé pengorbanan sing gedhé banget. Semakin ngrenungké pengorbanané meréka, awaké dhéwé ya semakin menghargai tebusan. Pas Adam dosa, dhèwèké karo kabèh keturunané dadi ora sampurna lan ora isa urip saklawasé. Bèn keturunané Adam isa dadi sampurna manèh, Yésus kudu mati dadi korban. Selama ing bumi, Yésus ”ora nindakké dosa lan ora tau ngapusi”. (1 Ptr. 2:22) Pas mati, Yésus kuwi sampurna kaya Adam pas sakdurungé dosa. Dadi, Yésus isa nebus lan nggawé manungsa dadi sampurna manèh.—1 Kor. 15:45; 1 Tim. 2:6. w24.01 10 ¶5-6
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 13 Nisan) Lukas 22:7-13; Markus 14:12-16 (Peristiwa sakwisé matahari terbenam: 14 Nisan) Lukas 22:14-65
Minggu, 13 April
Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé bèn isa mbébaské awaké dhéwé kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.—Ibr. 9:12.
Bar diuripké manèh, Yésus mlebu Ruang Mahasuci ing bait rohani. Pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing saiki luwih apik timbang wong Israèl mbiyèn. Soalé, pengaturan kuwi dhasaré saka korban tebusané Yésus, terus sing dadi imam agung ya Yésus Kristus. Imam agung Israèl mbiyèn mlebu Ruang Mahasuci karo nggawa getih kéwan. Tapi nèk Yésus ”mlebu menyang swarga”, panggonan sing paling suci, kanggo ngadhep Yéhuwah. Ing swarga, Yésus ngekèkké uripé sing sampurna kanggo nebus keturunané Adam. (Ibr. 9: 24-26) Kabèh isa nyembah Yéhuwah ing bait rohaniné, ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi. w23.10 28 ¶13-14
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 14 Nisan) Lukas 22:66-71
Senèn, 14 April
Mula, ayo nyedhaki takhtané Gusti Allah sing apikan banget. Awaké dhéwé isa bébas ngomong apa waé wektu ndonga.—Ibr. 4:16.
Pikirna perané Yésus ing swarga. Dhèwèké dadi Raja lan Imam Agung sing gampang mesakké. Merga Yésus, awaké dhéwé isa ”nyedhaki takhtané Gusti Allah sing apikan banget” liwat donga. Pas ndonga, awaké dhéwé isa njaluk bèn dimesakké lan dibantu Gusti Allah ”ing wektu sing pas”. (Ibr. 4:14, 15) Kèt mbiyèn nganti saiki, Yéhuwah karo Yésus wis terus mbuktèkké nèk sayang karo awaké dhéwé. Nèk saben dina ngrenungké kuwi awaké dhéwé bakal tambah sayang karo meréka lan tambah semangat nglayani Yéhuwah. (2 Kor. 5:14, 15) Cara sing paling apik kanggo mbuktèkké nèk bersyukur kuwi mbantu wong liya bèn dadi Seksi Yéhuwah lan dadi muridé Yésus. (Mat. 28:19, 20) Paulus ngerti nèk Yéhuwah ”péngin bèn kabèh wong dislametké lan nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener”.—1 Tim. 2:3, 4. w23.10 22-23 ¶13-14
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 15 Nisan) Matius 27:62-66
Selasa, 15 April
Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.—Why. 21:4.
Pas nginjil, awaké dhéwé kerep nganggo ayat iki kanggo njelaské soal Firdaus kuwi kaya apa. Piyé carané bèn awaké dhéwé lan wong liya isa yakin nèk janji ing Wahyu 21:3, 4 kuwi isa kelakon? Yéhuwah ora mung ngekèki janji, tapi ya njamin nèk janji kuwi isa dipercaya. Jaminané ana ing Wahyu 21:5, 6a. Ing kono disebutké, ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha, ’Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.’ Dhèwèké ya kandha, ’Tulisen iki, merga omongan iki bener lan isa dipercaya.’ Dhèwèké ya ngomong karo aku, ’Kabèh kuwi wis kelakon. Aku iki Alfa lan Oméga, sing awal lan sing akhir.’”—Why. 21:5, 6a. w23.11 3 ¶3-5
Ayat kanggo Acara Peringatan: (Peristiwa wektu awan: 16 Nisan) Lukas 24:1-12
Rebo, 16 April
Kowé kudu terus ngélikké wong-wong lanang sing luwih enom bèn nduwé pertimbangan sing apik.—Tit. 2:6.
Sedulur lanang isa terbukti nduwé kemampuan kanggo mikir saka carané milih pakaian lan gaya rambut. Akèh-akèhé modhèl pakaian saiki dirancang lan diiklanké karo wong-wong sing ora menghormati Yéhuwah lan tingkah lakuné bejat. Makané, gaya pakaiané ketat-ketat utawa marakké wong lanang dadi kétok kaya wong wédok. Dadi, pas milih arep nganggo klambi apa, sedulur lanang bakal mikirké pathokan ing Alkitab lan niru contoné sedulur-sedulur sing dadi teladan soal milih pakaian lan dandanan. Dhèwèké isa mikirké, ’Saka pilihan pakaian lan dandananku, apa kuwi mbuktèkké nèk aku nduwé pertimbangan sing apik lan ora péngin marakké wong liya dadi risi? Nèk ndelok penampilanku, apa wong liya isa percaya nèk aku iki abdiné Gusti Allah?’ (1 Kor. 10:31-33) Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, kowé ora mung bakal diajèni sedulur-sedulur, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng. w23.12 26 ¶7
Kemis, 17 April
Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya. Nèk Kerajaanku padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya, para pengikutku mesthi bakal nglawan.—Yoh. 18:36.
Mbiyèn umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané ”raja kidul” ya dianiaya. (Dan. 11:40) Pas Perang Donya I lan II, ana sing dipenjara merga ora gelem mèlu perang lan bocah-bocah ditokké saka sekolahan merga ora gelem hormat bendéra. Tapi saiki umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kuwi ya ngadhepi masalah liya. Misalé pas mèh pemilu, mungkin ana sing terpengaruh kanggo ndhukung partai utawa calon pemimpin tertentu. Mungkin ora nganti nyoblos, tapi ing njero ati dhèwèké berharap ana sing menang. Awaké dhéwé péngin bener-bener tetep nétral bahkan ing njero ati.—Yoh. 15:18, 19. w23.08 12 ¶17
Jumat, 18 April
Muga-muga Yéhuwah dipuji merga wis nanggung bebanku saben dina.—Mzm. 68:19.
Awaké dhéwé kudu ’mlayu sak kuwat tenaga supaya isa nampa hadiah’. (1 Kor. 9:24) Yésus ngomong nèk ”kakèhan mangan, kakèhan ngombé, lan kuwatir soal urip saben dina”, kuwi ya isa dadi beban. (Luk. 21:34) Nèk nggatèkké ayat-ayat ing paragraf iki lan ayat liyané, njenengan isa ngerti apa sing mungkin perlu diupayakké bèn isa terus mlayu. Awaké dhéwé mesthi isa terus mlayu nganti akhir merga Yéhuwah mènèhi kekuwatan. (Yés. 40:29-31) Aja nyerah. Tirunen Paulus sing ngupaya tenanan bèn éntuk hadiah. (Flp. 3:13, 14) Nèk dibantu Yéhuwah, njenengan mesthi isa. Yéhuwah bakal mbantu njenengan mikul tanggung jawab lan mbuwang beban sing ora perlu. Merga dibantu Yéhuwah, njenengan mesthi isa mlayu nganti akhir lan menang. w23.08 31 ¶16-17
Setu, 19 April
Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.—Pa. 20:12.
Pas umur 12, Yésus karo keluargané lunga ing Yérusalèm. Nah, wektu perjalanan mulih, Yusuf karo Maria lagi sadhar nèk Yésus ora ana ing rombongané. (Luk. 2:46-52) Sakdurungé mulih, Yusuf karo Maria kuduné mastèkké sik nèk kabèh anaké wis mèlu ing rombongan. Pas akhiré wis ketemu Yésus, Maria malah nyenèni lan nyalahké Yésus. Yésus isa waé ngomong nèk dhèwèké ora salah. Tapi, Yésus tetep ngajèni wong tuwané. Buktiné, pas njawab dhèwèké tetep alus. Meskipun Yusuf karo Maria tetep ”ora ngerti maksudé Yésus”, tapi ”Yésus terus manut karo wong tuwané”. Cah enom, apa kowé tau ngrasa nèk manut wong tuwa kuwi ora gampang? Mungkin merga wong tuwamu tau nggawé salah utawa meréka ora memahami kowé. Terus, piyé bèn kowé isa manut? Pikirna perasaané Yéhuwah. Menurut Alkitab, nèk kowé manut wong tuwamu kuwi nggawé Yéhuwah seneng. (Kol. 3:20) Yéhuwah ngerti nèk kadhang wong tuwa ora isa memahami anaké lan aturané mungkin ora adil kanggo anaké. Tapi nèk kowé tetep manut, Gusti Allah seneng. w23.10 7 ¶5-6
Minggu, 20 April
Seneng ngalah, lan alus marang kabèh wong.—Tit. 3:2.
Piyé nèk ing sekolahan ana sing ngomong nèk pandhangané Seksi Yéhuwah soal homosèksual kuwi wis ketinggalan jaman? Awaké dhéwé kudu nggawé dhèwèké yakin nèk Seksi-Seksi Yéhuwah menghargai pilihané wong liya. (1 Ptr. 2:17) Bar kuwi, isa nyebutké apa manfaaté ngetrapké pathokan ing Alkitab. Nèk ketemu karo wong sing ngotot, ngrasa nèk pendapaté kuwi bener, aja langsung nganggep nèk mémang kuwi sing dhèwèké percaya. Misalé nèk ana kanca sekolah sing ngomong nèk saiki percaya Gusti Allah kuwi ora masuk akal. Apa kuwi berarti dhèwèké percaya karo évolusi lan ngerti tenan soal kuwi? Ora, isa waé dhèwèké mung mèlu-mèlu pendapaté wong. Mungkin njenengan isa ngekèki dhèwèké artikel utawa vidéo saka jw.org soal penciptaan. Sapa ngerti, bar kuwi dhèwèké gelem dijak rembugan. Nèk tetep ngajèni lan alus wektu njawab, mungkin dhèwèké dadi péngin ngerti soal Alkitab. w23.09 17 ¶12-13
Senèn, 21 April
Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura. Njenengan sayang banget karo wong sing njaluk tulung marang Njenengan.—Mzm. 86:5.
Meskipun tau nggawé kesalahan, tapi nèk mertobat, ora mbalèni manèh kesalahané, lan terus ngendelké Yéhuwah, awaké dhéwé isih berguna kanggo Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé. (WB. 28:13) Meskipun ora sampurna lan tau nggawé salah, Simson tetep semangat nglayani Yéhuwah. Yéhuwah ya isih gelem ngekèki tugas lan mbantu Simson. Yéhuwah nganggep Simson kuwi wong sing imané kuwat. Makané, jenengé ditulis ing daftar sing ana ing Ibrani bab 11. Rasané seneng banget isa nglayani Gusti Allah sing seneng nguwatké, terutama pas awaké dhéwé lemah. Kaya Simson, awaké dhéwé isa ngomong karo Yéhuwah, ”Tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.”—PH. 16:28. w23.09 7 ¶18-19
Selasa, 22 April
Terus mikirké tekané dinané Yéhuwah.—2 Ptr. 3:12.
Merga ngerti donya anyar wis ora suwé manèh, awaké dhéwé mesthi dadi péngin nyritakké kabar apik karo wong-wong. Tapi kadhang-kadhang isa waé dadi ora wani ngomong. Lha ngapa? Mungkin awaké dhéwé wedi karo tanggepané wong. Kuwi ya dialami Pétrus. Pas Yésus diadili, Pétrus ora gelem ngakoni nèk dhèwèké muridé Yésus. Malah, dhèwèké bola-bali ngomong nèk ora kenal karo Yésus. (Mat. 26:69-75) Tapi sakwisé berupaya bèn dadi wong sing kendel, Pétrus ngomong, ”Aja wedi karo apa sing nggawé wong-wong wedi lan aja kuwatir.” (1 Ptr. 3:14) Kaya Pétrus, awaké dhéwé ya isa ora wedi manèh karo manungsa. Piyé bèn awaké dhéwé ora wedi karo manungsa? Pétrus ngomong, ”Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci.” (1 Ptr. 3:15) Kuwi berarti kudu ngrenungké nèk Yésus kuwi Raja lan kuwasané gedhé. w23.09 27-28 ¶6-8
Rebo, 23 April
Aja nganti kowé ngomongké soal hubungan sèks sing ora pantes [lan] kabèh tumindak sing najis.—Éf. 5:3.
Awaké dhéwé kudu berjuang bèn aja nganti ”mèlu-mèlu nindakké apa waé sing ditindakké pas peteng”. (Éf. 5:11) Biasané, nèk wong kerep ndelok, ngrungokké, utawa ngomongké sing saru-saru, kuwi mesthi ujung-ujungé dhèwèké ya bakal nglakoni kuwi. (PD. 3:6; Yak. 1:14, 15) Sétan péngin awaké dhéwé percaya nèk sing dianggep Yéhuwah bejat lan ora nggenah kuwi sakjané ora salah. (2 Ptr. 2:19) Kuwi siasaté Sétan kèt mbiyèn. Dhèwèké péngin nggawé bèn wong-wong ora isa mbédakké sing bener lan sing salah. (Yés. 5:20; 2 Kor. 4:4) Makané akèh film, acara TV, lan situs wèb isiné hal-hal sing ora sesuai karo pathokané Yéhuwah. Sétan péngin awaké dhéwé mikir nèk tingkah laku sing ora nggenah kuwi ora berbahaya.—Éf. 5:6. w24.03 22 ¶8-10
Kemis, 24 April
Tugas suci sing ditindakké wong-wong kuwi dadi gambaran lan bayangan saka apa waé sing ana ing swarga.—Ibr. 8:5.
Tabernakel kuwi kaya kémah sing isa dibongkar pasang. Nèk wong Israèl arep pindhah, tabernakel kuwi isa digawa-gawa. Tabernakel kuwi dienggo bangsa Israèl ngibadah lan ngekèki korban persembahan. Tabernakel kuwi dienggo selama 500 taun nganti meréka nduwé bait ing Yérusalèm. (Pa. 25:8, 9; 29:43-46; Wi. 9:22) Tapi, sakjané tabernakel kuwi nggambarké sesuatu sing luwih apik. Tabernakel kuwi ”bayangan saka apa waé sing ana ing swarga”. Kuwi nggambarké bait rohaniné Yéhuwah sing agung. Rasul Paulus ngomong nèk ”kémah [utawa, tabernakel] kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki”. (Ibr. 8:5; 9:9) Bait rohani mulai ana kèt taun 29 M. Pas taun kuwi, Yésus dibaptis lan mulai dadi ’imam agungé’ Yéhuwah ing bait rohani. Dadi pas Paulus nulis surat kanggo wong Ibrani, bait rohani kuwi wis ana.—Ibr. 4:14; Kis. 10:37, 38. w23.10 25-26 ¶6-7
Jumat, 25 April
Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.—Flp. 4:5.
Awaké dhéwé isa bahagia nglayani Yéhuwah nèk ora kaku. Carané, gelem nyesuaikké wektu keadaan berubah lan menghargai keputusané wong liya. Awaké dhéwé péngin ora kaku, rendah hati, lan apikan. Yéhuwah disebut ’Gunung Watu’ merga hukumé ora tau berubah. (PT. 32:4) Tapi Dhèwèké ora kaku. Apa buktiné? Meskipun keadaan berubah-ubah tapi Yéhuwah gelem nyesuaikké bèn tujuané isa kelakon. Awaké dhéwé diciptakké mirip kaya Yéhuwah. Dadi awaké dhéwé ya isa nyesuaikké pas keadaan berubah. Ora soal piyé keadaané, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik merga Yéhuwah wis nyedhiakké pathokan-pathokan Alkitab. w23.07 20 ¶1-3
Setu, 26 April
Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.—Mzm. 94:19.
Ing Alkitab, Yéhuwah digambarké kaya ibu sing penyayang. (Yés. 66:12, 13) Bayangna ibu sing lagi ndhekep, mangku, lan nimang-nimang bayiné. Ibu kuwi mesthi tanggap karo kebutuhané bayiné. Padha kaya ngono, wektu strès utawa susah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Meskipun awaké dhéwé nggawé kesalahan, Yéhuwah tetep sayang. (Mzm. 103:8) Bangsa Israèl bola-bali nggawé Yéhuwah kecéwa. Tapi pas meréka bertobat, Yéhuwah ngomong, ”Kanggo-Ku, kowé kuwi berharga banget. Kowé pantes diajèni, lan Aku sayang karo kowé”. (Yés. 43:4, 5) Nganti saiki, kasih sayangé Yéhuwah ya isih kaya ngono. Meskipun awaké dhéwé nggawé dosa sing gedhé, nèk mertobat lan nglayani Yéhuwah manèh, awaké dhéwé bakal ngrasakké nèk Yéhuwah selalu sayang. Yéhuwah janji nèk Dhèwèké ”bakal bener-bener ngapura”. (Yés. 55:7) Ing Alkitab pengampunan saka Yéhuwah digambarké kaya ”musim sing nyegerké”.—Kis. 3:19, cathetan ngisor. w24.01 27 ¶4-5
Minggu, 27 April
Yéhuwah Gusti Allahku ndhukung aku.—Ézr. 7:28.
Yéhuwah isa mbantu pas awaké dhéwé ngadhepi situasi sing angèl. Misalé, pas arep njaluk ijin karo bos kanggo cuti bèn isa mèlu pertemuan gabungan wilayah. Utawa, njaluk bèn isa mulih luwih gasik utawa ijolan shift kanggo teka ing pertemuan ibadah. Pas ngadhepi situasi-situasi kaya ngono, kuwi sakjané kesempatan awaké dhéwé isa ngrasakké nèk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Isa waé hasilé luwih apik timbang sing awaké dhéwé bayangké. Nèk wis ngrasakké kuwi, awaké dhéwé bakal tambah percaya karo Yéhuwah. Ézra rendah hati, makané gelem ndonga njaluk tulung Yéhuwah. Pas ngrasa kewalahan merga tanggung jawabé, Ézra rendah hati lan ndonga karo Yéhuwah. (Ézr. 8:21-23; 9:3-5) Merga Ézra percaya karo Yéhuwah, wong-wong ing sekitaré dadi gelem ndhukung dhèwèké lan niru imané. (Ézr. 10:1-4) Pas kuwatir piyé carané nglindhungi lan nyukupi kebutuhan keluarga, awaké dhéwé ya kudu ndonga njaluk tulung Yéhuwah. w23.11 18 ¶15-17
Senèn, 28 April
[Abraham] nduwé iman marang Yéhuwah. Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.—PD. 15:6.
Bèn isa dianggep bener karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu mbuktèkké iman liwat perbuatan. Tapi carané mbuktèkké ora kudu persis kaya Abraham. Carané ana akèh. Misalé, ramah lan seneng nyambut sing teka ing pertemuan ibadah, mbantu sedulur-sedulur sing mbutuhké, lan apikan karo anggota keluarga. (Rm. 15:7; 1 Tim. 5:4, 8; 1 Yoh. 3:18) Terus, cara sing paling apik kanggo mbuktèkké iman kuwi rajin nginjil. (1 Tim. 4:16) Awaké dhéwé ya isa mbuktèkké iman liwat perbuatan nèk percaya tenan karo janjiné Yéhuwah lan percaya nèk arahané kuwi demi kebaikané awaké dhéwé. Nèk wis ngupayakké kuwi kabèh, awaké dhéwé yakin nèk bakal dianggep bener karo Gusti Allah lan dadi kancané. w23.12 2 ¶3; 6 ¶15
Selasa, 29 April
Kowé kudu kuwat lan tumindak kaya wong lanang.—1 Raj. 2:2, cathetan ngisor.
Sakdurungé mati, Raja Daud ngekèki naséhat Salomo sing isiné ing ayat dina iki. (1 Raj. 2:1, 3) Naséhat kuwi ya kanggo kabèh sedulur lanang saiki. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, sedulur-sedulur lanang kudu manut hukumé Gusti Allah lan ngetrapké pathokan ing Alkitab. (Luk. 2:52) Ngapa kok cah-cah lanang kudu berupaya bèn dadi wong Kristen sing luwih apik? Sedulur-sedulur lanang kuwi nduwé tanggung jawab sing gedhé ing keluarga lan ing jemaat. Cah-cah enom, mungkin kowé ya wis mikirké tanggung jawab sing arep mbok raih, misalé dadi pelayan sepenuh waktu, abdiné jemaat, utawa pinituwa. Mungkin kowé ya péngin nikah utawa nduwé anak. (Éf. 6:4; 1 Tim. 3:1) Bèn rencana-rencana kuwi isa berhasil, kowé kudu dadi wong Kristen sing luwih apik. w23.12 24 ¶1-2
Rebo, 30 April
Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon.—Ibr. 11:32.
Para pinituwa dipercaya Yéhuwah kanggo ngopèni domba-dombané. Para pinituwa nganggep kuwi kesempatan sing berharga lan péngin dadi ”gembala-gembala sing bener-bener ngopèni”. (Yér. 23:4; 1 Ptr. 5:2) Awaké dhéwé mesthi bersyukur isa nduwé sedulur-sedulur sing kaya ngono. Para pinituwa isa niru Hakim Gidéon. (Ibr. 6:12) Dhèwèké kuwi gembala sing nylametké umaté Yéhuwah mbiyèn. (PH. 2:16; 1 Bb. 17:6) Saiki, para pinituwa dipilih Yéhuwah kanggo ngopèni umaté selama akhir jaman sing angèl diadhepi. (Kis. 20:28; 2 Tim. 3:1) Awaké dhéwé isa sinau saka Gidéon sing rendah hati, manut arahan, lan setya ngrampungké tugasé. Ora soal nglayani dadi pinituwa utawa ora, awaké dhéwé kabèh mesthi péngin menghargai kerja kerasé para pinituwa. Kuwi bukti nèk ndhukung para pinituwa.—Ibr. 13:17. w23.06 2 ¶1; 3 ¶3