PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • es25 hlm. 26-36
  • Maret

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Maret
  • Nliti Alkitab Saben Dina—2025
  • Subjudhul
  • Setu, 1 Maret
  • Minggu, 2 Maret
  • Senèn, 3 Maret
  • Selasa, 4 Maret
  • Rebo, 5 Maret
  • Kemis, 6 Maret
  • Jumat, 7 Maret
  • Setu, 8 Maret
  • Minggu, 9 Maret
  • Senèn, 10 Maret
  • Selasa, 11 Maret
  • Rebo, 12 Maret
  • Kemis, 13 Maret
  • Jumat, 14 Maret
  • Setu, 15 Maret
  • Minggu, 16 Maret
  • Senèn, 17 Maret
  • Selasa, 18 Maret
  • Rebo, 19 Maret
  • Kemis, 20 Maret
  • Jumat, 21 Maret
  • Setu, 22 Maret
  • Minggu, 23 Maret
  • Senèn, 24 Maret
  • Selasa, 25 Maret
  • Rebo, 26 Maret
  • Kemis, 27 Maret
  • Jumat, 28 Maret
  • Setu, 29 Maret
  • Minggu, 30 Maret
  • Senèn, 31 Maret
Nliti Alkitab Saben Dina—2025
es25 hlm. 26-36

Maret

Setu, 1 Maret

Harapan kuwi ora bakal nggawé awaké dhéwé kecéwa.—Rm. 5:5.

Mémang saiki bumi durung dadi Firdaus, tapi awaké dhéwé yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon sesuai wektu sing wis Yéhuwah tentokké. Kok isa? Coba pikirna. Apa ana sing ragu nèk bintang, tanduran, kéwan, lan manungsa kuwi ana? Mbiyèn kuwi ora ana, tapi kabèh kuwi dadi ana merga Yéhuwah sing nyiptakké. (PD. 1:​1, 26, 27) Yéhuwah wis janji bakal nggawé bumi iki dadi Firdaus. Nah, apa sing dijanjèkké Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Sukmbèn ing donya anyar kabèh wong bakal sampurna lan urip saklawasé. (Yés. 65:17; Why. 21:​3, 4) Mulai saiki terusa berupaya bèn nduwé iman sing kuwat. Terusa bersyukur karo Yéhuwah sing wis nyedhiakké tebusan. Renungna kuwasané Yéhuwah. Terusa rajin ngibadah, nginjil, lan pelajaran pribadi. Nèk ngono, njenengan bakal ”nampa apa sing wis dijanjèkké merga nduwé iman lan sabar”.—Ibr. 6:​11, 12. w23.04 31 ¶18-19

Minggu, 2 Maret

Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.—Yoh. 11:40.

Yésus ndhangak lan ndonga nganggo swara banter. Yésus péngin wong-wong ngerti nèk dhèwèké isa nggawé mukjijat merga kuwasané Yéhuwah. Bar kuwi Yésus mbengok, ”Lazarus, metua!” Terus, Lazarus metu saka kuburan. Wektu kuwi ana wong-wong sing mikir nèk keadaané kaya ngono ora mungkin isa diuripké manèh. Merga maca kisah iki, awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk wong mati isa urip manèh. Yésus janji karo Marta, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” (Yoh. 11:23) Kaya Yéhuwah, Yésus gelem lan nduwé kuwasa kanggo nepati janjiné. Yésus péngin banget nyingkirké kematian. Dhèwèké waé nganti nangis wektu sahabaté mati. Wektu Lazarus isa metu saka kuburan, kuwi bukti sing jelas nèk Yésus sanggup nguripké manèh wong mati. Nèk ngrenungké kata-katané Yésus ing ayat dina iki, awaké dhéwé ya isa yakin nèk janjiné Gusti Allah kanggo nguripké manèh wong mati bakal kelakon. w23.04 11-12 ¶15-16

Senèn, 3 Maret

Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké, yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké.—Mzm. 145:18.

Pas ngerti apa karepé Yéhuwah, isa waé isi dongané awaké dhéwé ya berubah. Awaké dhéwé yakin nèk kabèh kepénginané Yéhuwah bakal kelakon sesuai wektu sing wis ditentokké. Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing nggawé awaké dhéwé menderita, misalé bencana alam, penyakit, lan kematian. (Dan. 2:44; Why. 21:​3, 4) Tapi saiki sing mréntah donya kan Sétan. (Yoh. 12:31; Why. 12:9) Nèk Yéhuwah nyingkirké kabèh masalahé awaké dhéwé saiki, kaya-kayané Sétan dadi penguasa sing apik. Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu sabar ngentèni nganti Yéhuwah nepati kabèh janjiné. Yéhuwah bakal terus mbantu awaké dhéwé. w23.05 8 ¶4; 9-10 ¶7-8

Selasa, 4 Maret

Ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.—Kol. 4:6.

Bèn wong liya isa éntuk manfaat saka acara Peringatan, ya meréka kudu diundang bèn teka. Sakliyané ngundang wong-wong sing ditemoni pas nginjil, awaké dhéwé ya isa nggawé daftar wong-wong sing awaké dhéwé kenal. Misalé keluarga, kanca kerja, kanca sekolah, lan liya-liyané. Nèk undangan tercétaké ora akèh, meréka isa dikirimi undangan vèrsi èlèktroniké. Sapa ngerti ana akèh sing gelem teka. (Pkh. 11:6) Wong-wong sing diundang isa waé takon-takon soal acara Peringatan. Apamanèh nèk kuwi pertama kaliné meréka teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Bèn ora bingung njawabé, awaké dhéwé kudu mikirké sik pertanyaan-pertanyaan kuwi. Terus, bar teka ing acara Peringatan, wong sing berminat ya isa waé dadi péngin ngerti luwih akèh. Awaké dhéwé mesthi péngin ngupayakké apa waé sakdurungé, selama, lan sakwisé acara Peringatan kanggo mbantu ”wong sing nduwé sikap sing bener” bèn isa éntuk manfaat saka acara kuwi.—Kis. 13:48. w24.01 12 ¶13, 15; 13 ¶16

Rebo, 5 Maret

Kowé kuwi kaya kabut sing mung ana sedhéla, terus ilang.—Yak. 4:14.

Ing Alkitab dicritakké ana wong wolu sing tau diuripké manèh. Apa njenengan wis tau sinau kisah-kisah kuwi? Golèkana pelajarané. Pikirna piyé kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah gelem lan sanggup nguripké manèh wong mati. Sing paling penting, pikirna pas Yésus diuripké manèh. Ana akèh sing ngerti nèk Yésus diuripké manèh, lan kuwi dadi salah siji ajaran sing penting kanggo wong Kristen. (1 Kor. 15:​3-6, 20-22) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis janji nèk bakal nguripké manèh wong mati. Janji kuwi isa dipercaya merga Yéhuwah gelem lan sanggup nepati janjiné. Dadi, ayo terus berupaya bèn tambah yakin karo janji kuwi. Awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Gusti Allah sing wis janji nèk bakal nguripké manèh wong sing njenengan sayangi.—Yoh. 11:23. w23.04 8 ¶2; 12 ¶17; 13 ¶20

Kemis, 6 Maret

Rendah hati ing ngarepé Gusti Allahmu.—Mi. 6:8.

Wong sing rendah hati ngerti keterbatasané. Wong kuwi ora nganggep nèk dhèwèké luwih unggul timbang wong liya. (Flp. 2:3) Gidéon kuwi rendah hati. Yéhuwah milih Gidéon kanggo nylametké wong Israèl saka wong Midian. Pas malaékaté Yéhuwah ngandhani soal kuwi, Gidéon njawab, ”Ing antarané kabèh keluarga ing suku Manasyé, keluargaku kuwi ora penting. Ing keluargané bapakku, aku sing paling ora penting.” (PH. 6:15) Gidéon ngrasa ora pantes nampa tugas kuwi. Tapi, Yéhuwah ngerti nèk Gidéon sanggup ngrampungké tugasé. Merga dibantu Yéhuwah, Gidéon isa berhasil. Para pinituwa terus berusaha bèn rendah hati. (Kis. 20:​18, 19) Para pinituwa ora mbanggakké keberhasilan utawa kemampuané. Tapi, ya ora ngrasa gagal nèk nggawé salah. w23.06 3 ¶4-5

Jumat, 7 Maret

Dhèwèké bakal ngremuk endhasmu.—PD. 3:15.

Endhasé Sétan bakal diremuk. Kuwi kelakoné sukmbèn, luwih saka 1.000 taun manèh. (Why. 20:​7-10) Sakdurungé kuwi ana peristiwa-peristiwa apa? Kuwi dijelaské ing Alkitab. Sing pertama, bangsa-bangsa bakal ngumumké ”tentrem lan aman”. (1 Tés. 5:​2, 3) Bar kuwi, ”ujug-ujug” ana sengsara gedhé. Kuwi dimulai pas bangsa-bangsa nyerang agama palsu. (Why. 17:16) Terus, Yésus bakal ngadili manungsa kaya misahké domba karo kambing. (Mat. 25:​31-33, 46) Sétan ora trima. Dhèwèké ngamuk banget. Mulané, Sétan ngojok-ojoki Gog saka tanah Magog utawa gabungan bangsa-bangsa bèn nyerang umaté Yéhuwah. (Yèh. 38:​2, 10, 11) Pas kuwi, wong-wong pilihan sing isih ing bumi bakal munggah swarga. Meréka bakal gabung karo Yésus lan pasukané lan mèlu perang Armagédon. Peristiwa kuwi bakal dadi akhir saka sengsara gedhé. (Mat. 24:31; Why. 16:​14, 16) Bar kuwi, Yésus bakal mréntah bumi 1.000 taun.—Why. 20:6. w23.10 20-21 ¶9-10

Setu, 8 Maret

Abdimu iki wedi marang Yéhuwah kèt enom.—1 Raj. 18:12.

Saiki, akèh sedulur manggon ing negara sing nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah. Sedulur-sedulur kuwi niru Obaja. Meskipun manut karo pamréntah, sedulur-sedulur ora gelem mandheg nglayani Yéhuwah. (Mat. 22:21) Sedulur-sedulur kuwi luwih manut karo Gusti Allah timbang manungsa. (Kis. 5:29) Buktiné, sedulur-sedulur kuwi tetep nginjil lan ngibadah meskipun ndhelik-ndhelik. (Mat. 10:​16, 28) Sing penting kanggo sedulur-sedulur kuwi, kabèh isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Henri. Dhèwèké manggon ing salah siji negara ing Afrika sing sempet nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah. Tapi, dhèwèké gelem ngeterké bacaan kanggo sedulur-sedulur. Dhèwèké crita, ”Aku wongé wedinan. . . . Merga dibantu Yéhuwah, aku isa kendel.” Apa njenengan ya isa kendel kaya Henri? Isa, nèk njenengan wedi karo Gusti Allah. w23.06 16 ¶9, 11

Minggu, 9 Maret

Dosa mlebu ing donya liwat wong siji.—Rm. 5:12.

Bar Adam lan Hawa mbrontak, meréka dadi dosa, terus keturunané ya dadi dosa lan mati. Isa waé Sétan mikir nèk dhèwèké wis berhasil nggagalké tujuané Gusti Allah. Sétan ya isa waé mikir nèk palingan Yéhuwah mengko matèni Adam karo Hawa, terus nyiptakké pasangan manungsa liyané sing sampurna bèn sing Dhèwèké karepké kelakon. Nah nèk Yéhuwah kaya ngono, kuwi isa dienggo Sétan nudhuh nèk Yéhuwah wis ngapusi. Soalé ing Purwaning Dumadi 1:​28, Yéhuwah wis ngandhani nèk sing bakalé ngebaki bumi kuwi keturunané Adam lan Hawa. Sétan ya isa waé mikir mungkin Yéhuwah ngejarké Adam karo Hawa nduwé keturunan. Tapi, keturunané kuwi ora isa dadi sampurna. (Pkh. 7:20; Rm. 3:23) Nah nèk kuwi sing dipilih Yéhuwah, kuwi isa dienggo Sétan nudhuh nèk Yéhuwah wis gagal. Soalé, bumi ora bakal dikebaki karo keturunané Adam lan Hawa sing sampurna lan manut. w23.11 6 ¶15-16

Senèn, 10 Maret

Aja ngluwihi apa sing wis ditulis ing Kitab Suci.—1 Kor. 4:6.

Arahané Yéhuwah ing Alkitab lan organisasiné wis jelas, ora perlu ditambahi manèh. (WB. 3:​5-7) Awaké dhéwé mesthi ora péngin ngluwihi apa sing ditulis ing Alkitab utawa nggawé aturan dhéwé kanggo sedulur-sedulur soal keputusan pribadi. Sétan nganggo ”omongan sing ora bener” karo ”pandhangané donya iki” kanggo nyesatké wong-wong bèn padha ora rukun. (Kol. 2:8) Jaman mbiyèn, kuwi termasuk ajarané manungsa, ajaran wong Yahudi sing ora sesuai Kitab Suci, lan ajaran nèk wong Kristen isih kudu manut Hukum Musa. Kuwi nggawé wong-wong dadi ora nggolèk tuntunan saka Yéhuwah, Sumberé Kawicaksanan. Liwat berita lan internèt, Sétan nyesatké wong-wong. Kuwi termasuk téori konspirasi lan berita sing ora bener saka pemimpin politik. w23.07 16 ¶11-12

Selasa, 11 Maret

Oh Yéhuwah, kabèh sing Njenengan tindakké kuwi luar biasa. Njenengan wicaksana banget!—Mzm. 92:5.

Yéhuwah nduwé solusi sing paling apik bèn sing Dhèwèké karepké kelakon. Sétan mungkin ora nyangka karo solusiné Yéhuwah kuwi. Yéhuwah terbukti ora ngapusi merga akhiré Adam karo Hawa dijarké nduwé keturunan. Terus tujuané Yéhuwah ya terbukti ora gagal soalé Yéhuwah nggawé bèn ana ’keturunan’ sing isa nebus keturunané Adam lan Hawa sing manut bèn dadi sampurna manèh. (PD. 3:15; 22:18) Yéhuwah milih cara kuwi merga Dhèwèké sayang banget karo manungsa. (Mat. 20:28; Yoh. 3:16) Nah Sétan ora nduwé rasa sayang. Dhèwèké kuwi égois. Makané, Sétan mesthi ora nyangka nèk Yéhuwah bakal milih cara kuwi. Apa manfaaté merga ana tebusan? Pas akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, keturunané Adam lan Hawa sing manut bakal dadi sampurna lan bumi dadi Firdaus kaya karepé Yéhuwah sejak awal. w23.11 6 ¶17

Rebo, 12 Maret

Gusti Allah bakal ngadili.—Ibr. 13:4.

Kenapa awaké dhéwé manut hukumé Yéhuwah soal getih? Yéhuwah ngomong nèk getih kuwi nglambangké nyawa. Kuwi karunia sing berharga. (Km. 17:14) Pas ngijinké manungsa mangan kéwan, getihé ora éntuk dipangan. (PD. 9:4) Ing Hukum Musa, Yéhuwah mènèhi préntah sing padha. (Km. 17:10) Liwat pengurus pusat pas jamané wong Kristen mbiyèn, Yéhuwah ngongkon wong Kristen ’nyingkir saka getih’. (Kis. 15:​28, 29) Awaké dhéwé manut préntahé Yéhuwah kuwi pas milih perawatan keséhatan. Awaké dhéwé ya manut pathokané Yéhuwah soal hubungan sèks. Paulus mènèhi naséhat sing tegas kanggo ”matèni” anggota badan. Kuwi berarti berupaya tenanan bèn ora nduwé kepénginan sing salah. Awaké dhéwé ora bakal nonton utawa nglakoni apa waé sing isa marahi nindakké hubungan sèks sing ora pantes.—Kol. 3:5; Ayb. 31:1. w23.07 15 ¶5-6

Kemis, 13 Maret

Akhiré, Simson nyritakké kabèh marang Délila.—PH. 16:17.

Saben dina Délila meksa Simson bèn ngandhani rahasia kekuwatané. Mungkin merga saking sayangé, Simson percaya waé karo Délila, terus akhiré crita. Akibaté, Simson kélangan kekuwatané lan Yéhuwah ninggalké dhèwèké. (PH. 16:​16-20) Merga luwih percaya Délila timbang Yéhuwah, Simson dadi sengsara. Dhèwèké dicekel wong Filistin, terus mripaté dicungkil. Simson dipenjara ing Gaza. Ing penjara, dhèwèké dadi budhak lan dikon nggiling gandum. Bar kuwi, wong Filistin nggawé pésta dienggo Dagon, déwané, merga nganggep nèk Dagon sing marakké Simson isa kecekel. Simson digawa ing pésta kuwi kanggo ”diécé” lan diisin-isinké ing ngarepé wong akèh.—PH. 16:​21-25. w23.09 5 ¶13-14

Jumat, 14 Maret

Kowé kudu ngupaya nindakké apa sing dianggep apik karo kabèh wong.—Rm. 12:17.

Isa waé ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing takon soal kepercayaané awaké dhéwé. Ya mémang awaké dhéwé péngin njelaské. Tapi, tetep kudu menghargai pandhangané. (1 Ptr. 3:15) Nèk ditakoni kaya ngono, aja langsung mikir nèk dhèwèké arep ngejak debat. Isa waé dhèwèké mémang bener-bener péngin ngerti. Ora soal wong kuwi takon tujuané apa, nanggepiné tetep kudu sing alus. Isa waé nèk dijawab apik-apik, wong kuwi dadi mikirké manèh pandhangané. Nèk ana kanca kerja sing takon ngapa kok awaké dhéwé ora ngrayakké ulang taun, pikirna, ’Apa mungkin dhèwèké takon kaya ngono merga ngira awaké dhéwé ora éntuk seneng-seneng?’ Awaké dhéwé isa ngomong maturnuwun sik merga dhèwèké wis perduli. Isa waé bar kuwi malah dadi ana kesempatan kanggo nyritakké keterangan ing Alkitab soal ulang taun. w23.09 17 ¶10-11

Setu, 15 Maret

Kowé kudu tetep waspada bèn kowé ora diblasukké bareng wong-wong kuwi nganggo ajaran palsuné wong-wong sing nglanggar hukum, merga kuwi isa nggawé imanmu dadi ora kokoh.—2 Ptr. 3:17.

Mumpung saiki isih ana wektu, awaké dhéwé péngin ngandhani sak akèh-akèhé wong bèn meréka isa slamet. Rasul Pétrus ngongkon awaké dhéwé bèn ”terus mikirké” dinané Yéhuwah. (2 Ptr. 3:​11, 12) Piyé carané? Saben dina, awaké dhéwé isa mbayangké berkah-berkah ing donya anyar. Bayangna sukmbèn udarané resik, panganané bergizi, lan isa ketemu manèh karo kanca utawa keluarga sing wis mati. Terus, wong-wong jaman mbiyèn sing wis diuripké manèh ya isa dicritani soal ramalan ing Alkitab sing wis kelakon. Nèk ngrenungké kuwi, awaké dhéwé bakal tambah péngin donya anyar ndang kelakon, lan tambah yakin nèk kuwi mung tinggal sedhéla manèh. Nèk ”wis ngerti soal” masa depan, awaké dhéwé ora bakal ”diblasukké” wong-wong sing nyebarké ajaran palsu. w23.09 27 ¶5-6

Minggu, 16 Maret

Kowé kudu manut karo wong tuwamu kaya sing dikarepké Gusti, merga kuwi sing bener.—Éf. 6:1.

Saiki, akèh cah enom padha ”ora manut karo wong tuwa”. (2 Tim. 3:​1, 2) Ana sing ngrasa nèk wong tuwané kuwi munafik. Soalé mung ngongkon-ngongkon thok, tapi meréka dhéwé ora nglakoni. Terus ya ana sing nganggep nèk naséhaté wong tuwa kuwi terlalu kaku utawa wis ketinggalan jaman. Akèh cah enom, mungkin ya termasuk kowé, ngrasa nèk manut préntahé Yéhuwah ing ayat dina iki abot. Nah, piyé bèn ora abot? Ayo sinau saka Yésus. (1 Ptr. 2:​21-24) Yésus sampurna, tapi wong tuwané ora sampurna. Wong tuwané Yésus ya kadhang ora memahami Yésus lan ya tau nggawé salah. Tapi, Yésus tetep ngajèni wong tuwané.—Pa. 20:12. w23.10 7 ¶4-5

Senèn, 17 Maret

Gusti Allah wis mbusak préntah sing sakdurungé iki, merga préntah kuwi ana kekurangané lan ora ana manfaaté.—Ibr. 7:18.

Rasul Paulus njelaské nèk korban-korban sing diwajibké Hukum Musa kuwi ora isa bener-bener ngampuni dosa. Makané, Hukum Musa ’wis dibusak’. Nah bar kuwi, Paulus ngekèki penjelasan sing luwih akèh manèh soal ”harapan sing luwih apik” sing dhasaré saka tebusané Yésus. Harapan kuwi sing marakké meréka isa ”nyedhak marang Gusti Allah”. (Ibr. 7:19) Paulus njelaské nèk cara ngibadahé wong Ibrani sakwisé dadi Kristen kuwi luwih unggul timbang pas agamané isih Yahudi. Cara ibadahé agama Yahudi kuwi ”mung bayangan saka apa sing bakal teka, ning wujud sing nyata kuwi Kristus”. (Kol. 2:17) Kaya bayangan wong, kuwi dudu wongé tenan. Nah, cara ngibadahé wong Yahudi kuwi ya mung bayangan saka pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing luwih apik. Merga ana pengaturan iki, dosa-dosané awaké dhéwé isa diampuni lan awaké dhéwé isa ngibadah nganggo cara sing sesuai karo karepé Gusti Allah. w23.10 25 ¶4-5

Selasa, 18 Maret

Ing akhir jaman, raja lor bakal perang karo raja kidul. Kaya badai, raja lor bakal nyerang.—Dan. 11:40.

Ing Danièl bab 11 disebutké ana loro raja sing saingan bèn dadi pamréntahan paling kuwat sak donya. Nèk mbandhingké ramalan kuwi karo ramalan liyané ing Alkitab, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk ”raja lor” kuwi Rusia lan balané, lan ”raja kidul” kuwi Inggris Amerika. Umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané ”raja lor” dianiaya. Ana sing digebugi lan dipenjara merga tetep setya karo Yéhuwah. Tapi sedulur-sedulur kuwi ora wedi. Malah imané dadi tambah kuwat. Kok isa? Sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk sing dialami kuwi mbuktèkké nèk ramalan ing buku Danièl lagi kelakon. (Dan. 11:41) Merga awaké dhéwé ya ngerti soal kuwi, harapané awaké dhéwé dadi tambah nyata lan imané awaké dhéwé dadi tetep kuwat. w23.08 11 ¶15-16

Rebo, 19 Maret

Sapa waé sing nglarani kowé berarti nglarani mripat-Ku.—Za. 2:8.

Merga sayang, Yéhuwah isa langsung ngerti apa sing awaké dhéwé rasakké lan péngin banget nglindhungi. Yéhuwah ngrasa sedhih pas awaké dhéwé sedhih. Makané, Yéhuwah mesthi nanggepi pas awaké dhéwé ndonga, ”Jaganen aku kaya Njenengan njaga mripaté Njenengan dhéwé”. (Mzm. 17:8) Mripat kuwi anggota tubuh sing penting lan sènsitif banget. Dadi, wektu madhakké awaké dhéwé kaya mripaté, Yéhuwah seolah-olah ngomong, ”Nèk ana sing nglarani umat-Ku, kuwi padha kaya nglarani mripatku”. Yéhuwah péngin njenengan yakin nèk Dhèwèké sayang karo njenengan. Merga masalah sing dialami mbiyèn utawa saiki, isa waé njenengan dadi ragu nèk Yéhuwah sayang karo njenengan. Yéhuwah memahami perasaané njenengan. Lha terus, piyé carané bèn isa yakin? Kudu ngerti apa buktiné Yéhuwah sayang karo Yésus, wong sing dipilih munggah swarga, lan kabèh wong. w24.01 27 ¶6-7

Kemis, 20 Maret

Gusti Allah nglindhungi lan nylametké aku kabèh saka mungsuh.—Ézr. 8:31.

Ézra wis ndelok dhéwé piyé Yéhuwah nglindhungi umaté. Taun 484 SM, Raja Ahaswéros mréntahké bèn kabèh wong Yahudi ing wilayah Kerajaan Pèrsia dipatèni. Wektu kuwi kétoké Ézra lagi manggon ing Babilon. Dadi, nyawané Ézra ya terancam. (Èst. 3:​7, 13-15) Merga saking wediné, wong Yahudi ”ing saben provinsi” padha pasa lan nangis karo sambat njaluk tulung Yéhuwah. (Èst. 4:3) Bayangna piyé perasaané Ézra lan wong Yahudi liyané pas keadaané berubah. Meréka malah isa ngalahké mungsuh-mungsuh sing arep matèni wong Yahudi. (Èst. 9:​1, 2) Sing dialami Ézra pas kuwi nggawé Ézra luwih siap ngadhepi masalah sukmbèné. Terus, Ézra ya dadi tambah percaya nèk Yéhuwah isa nglindhungi umaté. w23.11 17 ¶12-13

Jumat, 21 Maret

Dianggep bener karo Gusti Allah tapi dudu merga tumindaké.—Rm. 4:6.

’Tumindak’ utawa perbuatan sing disebutké Rasul Paulus kuwi maksudé ”nindakké hukum”, yaiku Hukum Musa sing dikèkké kanggo bangsa Israèl. (Rm. 3:​20, 21, 28) Kétoké, ana wong Kristen Yahudi ing jamané Paulus sing ngrasa nèk isih kudu manut karo Hukum Musa. Makané, Paulus nyebutké contoné Abraham kanggo mbuktèkké nèk wong isa dianggep bener karo Gusti Allah dudu merga ”nindakké hukum”, tapi merga imané. Kuwi mesthi nggawé awaké dhéwé seneng soalé nèk nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé ya isa dianggep bener karo Gusti Allah. Nah, nèk ’tumindak’ sing dimaksud ing Yakobus bab 2 kuwi dudu ”nindakké hukum” kaya sing disebutké Paulus. Sing dimaksud Yakobus kuwi perbuatan utawa kegiatan sehari-hari. (Yak. 2:24) Saka perbuatané, isa kétok wong nduwé iman apa ora. w23.12 3 ¶8; 4-5 ¶10-11

Setu, 22 Maret

Wong lanang kuwi kepalané bojoné.—Éf. 5:23.

Sedulur-sedulur wédok sing mémang péngin nikah kudu mikir tenanan pas arep milih bojo. Élinga, nèk kowé bakalé kudu manut karo wong sing arep mbok nikahi kuwi. (Rm. 7:2; Éf. 5:33) Makané, pikirna, ’Apa omongan lan tingkah lakuné mbuktèkké nèk dhèwèké berupaya niru Yésus? Apa dhèwèké ngutamakké Yéhuwah? Apa dhèwèké isa nggawé keputusan sing bener? Apa dhèwèké gelem ngakoni kesalahané? Apa dhèwèké ngajèni wong wédok? Apa dhèwèké isa mbantu aku bèn tetep akrab karo Yéhuwah? Apa dhèwèké isa nyukupi kebutuhanku? Apa dhèwèké isa dadi sahabat kanggo aku?’ Nèk kowé péngin éntuk bojo sing apik, kowé kudu nduwé sifat-sifat sing apik sik. Wong wédok wis dikèki tugas Yéhuwah dadi ”pasangan” lan ’sing nulungi’ bojoné. (PD. 2:18) Terus, merga sayang Yéhuwah, dhèwèké ya bakal berusaha bèn réputasi bojoné tetep apik. (WB. 31:​11, 12; 1 Tim. 3:11) Nèk kèt saiki kowé berusaha tambah sayang karo Yéhuwah lan seneng nulungi wong liya, kowé bakal dadi luwih siap kanggo nglakoni tugas dadi bojo sing apik. w23.12 22-23 ¶18-19

Minggu, 23 Maret

Nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana, dhèwèké kudu terus njaluk marang Gusti Allah.—Yak. 1:5.

Yéhuwah janji bakal mènèhi kawicaksanan bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik. Sakdurungé nggawé keputusan sing penting, awaké dhéwé butuh kawicaksanan saka Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal mènèhi awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ngatasi masalah. (Flp. 4:13) Salah siji carané, liwat sedulur-sedulur. Wektu dadi korban tebusan, Yésus mati nganggo cara sing isa nggawé wong liya mikir nèk dhèwèké ngèlèk-èlèk Yéhuwah. Yésus ora péngin wong liya mikir kaya ngono. Makané Yésus ndonga tenanan karo Yéhuwah bèn ora mati nganggo cara kuwi. Tapi piyé carané Yéhuwah njawab dongané Yésus? Yéhuwah ngutus salah siji malaékaté kanggo nguwatké Yésus. (Luk. 22:​42, 43) Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur sing nélpon utawa teka ing omahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi péngin nguwatké sedulur-sedulur nganggo ”omongan sing apik”.—WB. 12:25. w23.05 10-11 ¶9-11

Senèn, 24 Maret

Kowé kudu terus nguwatké lan mbantu liyané.—1 Tés. 5:11.

Sedulur-sedulur sing wis suwé ora ngibadah mungkin wedi nèk ora disambut pas teka ing acara Peringatan. Mulané, aja ngomong utawa takon-takon sing marakké meréka isin utawa tersinggung. Meréka kuwi sedulur seimané awaké dhéwé. Mesthi nyenengké banget isa ngibadah bareng karo meréka manèh. (Mzm. 119:176; Kis. 20:35) Isa memperingati kematiané Yésus saben taun kuwi luar biasa. Kuwi ana akèh manfaaté kanggo awaké dhéwé lan wong liya. (Yés. 48:​17, 18) Awaké dhéwé dadi tambah sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Kuwi ya dadi bukti nèk awaké dhéwé menghargai pengorbanané meréka. Awaké dhéwé ya bakal tambah bersatu karo para sedulur. Terus, awaké dhéwé ya isa mbantu wong liya bèn meréka ya isa ngrasakké manfaaté tebusané Yésus. Mulané, ayo ngupayakké sing paling apik bèn isa siap kanggo acara sing paling penting taun iki. w24.01 14 ¶18-19

Selasa, 25 Maret

Aku Yéhuwah . . . sing nuntun kowé.—Yés. 48:17.

Carané Yéhuwah nuntun piyé? Sing terutama liwat Alkitab. Tapi Yéhuwah ya milih wong-wong sing dadi wakilé, misalé ”budhak sing setya lan wicaksana”. Meréka ngekèki arahan bèn awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. (Mat. 24:45) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya nuntun liwat pinituwa wilayah lan para pinituwa ing jemaat. Meréka ngekèki naséhat lan petunjuk bèn awaké dhéwé isa ngatasi masalah. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga terus dituntun Yéhuwah ing akhir jaman iki. Awaké dhéwé isa terus akrab karo Yéhuwah lan bahagia saiki nganti saklawasé. Meskipun ngerti nèk kuwi tuntunan saka Yéhuwah, tapi merga sing nyampèkké manungsa sing ora sampurna, kanggo manut kuwi isa waé angèl. Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah kuwi sing nuntun umaté lan nèk manut ana akèh manfaaté. w24.02 20 ¶2-3

Rebo, 26 Maret

Aja mung ngomong nèk kowé nresnani wong liya, ning kowé kudu nduduhké kuwi liwat tumindakmu sing tulus.—1 Yoh. 3:18.

Nèk rajin sinau Alkitab, awaké dhéwé isa tambah sayang Yéhuwah. Pas maca Alkitab, pikirna apa waé sing isa dipelajari soal Yéhuwah. Misalé, ’Saka kisah iki, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo aku? Ngapa kok kuwi nggawé aku tambah sayang karo Yéhuwah?’ Njenengan isa tambah sayang karo Yéhuwah nèk kerep curhat karo Dhèwèké liwat donga. (Mzm. 25:​4, 5) Yéhuwah bakal njawab. (1 Yoh. 3:​21, 22) Awaké dhéwé ya kudu saya nresnani wong liya. Beberapa taun sakwisé dadi wong Kristen, Paulus ketemu karo cah enom sing jenengé Timotius. Timotius sayang Yéhuwah lan wong liya. Paulus ngandhani para sedulur ing Filipi, ”Ora ana wong liya sing isa tak utus sing sikapé kaya [Timotius], sing bakal tulus nggatèkké kebutuhanmu.” (Flp. 2:20) Paulus terkesan merga Timotius sayang sedulur-sedulur. Jemaat-jemaat kuwi mesthi ngentèn-entèni Timotius teka.—1 Kor. 4:17. w23.07 9-10 ¶7-10

Kemis, 27 Maret

Aku . . . ora bakal ninggalké kowé.—Ibr. 13:5.

Sakdurungé bangsa Israèl mlebu Tanah Perjanjian, Musa mati. Terus umaté Yéhuwah piyé? Selama meréka tetep setya, Yéhuwah ora bakal ninggalké meréka. Sakdurungé mati, Musa wis dikon Yéhuwah nglatih Yosua kanggo mimpin bangsa Israèl. (Pa. 33:11; PT. 34:9) Sakliyané kuwi, ya ana wong-wong lanang sing dilantik dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh. (PT. 1:15) Dadi, mesthi selalu ana sing ngarahké bangsa Israèl. Conto liyané kuwi Èlia. Selama puluhan taun, dhèwèké sing mbantu wong Israèl bèn terus setya nglayani Yéhuwah. Tapi bar kuwi, Èlia pindhah tugas nglayani ing kerajaan Israèl rong suku ing Yéhuda. (2 Raj. 2:1; 2 Bb. 21:12) Bar ditinggal Èlia, wong Israèl ing kerajaan sepuluh suku tetep digatèkké Yéhuwah. Selama bertaun-taun, Èlia wis nglatih Èlisa. Yéhuwah bakal terus mujudké karepé lan ora bakal ninggalké umaté sing setya. w24.02 5 ¶12

Jumat, 28 Maret

Kowé kudu terus urip dadi anak-anaké cahaya.—Éf. 5:8.

Wong Kristen ing Éfésus gelem dituntun omongané Yéhuwah, sing diumpamakké kaya padhang. (Mzm. 119:105) Meréka wis ora mraktèkké ajaran agama palsu, lan tingkah lakuné wis dadi apik. Meréka ”niru Gusti Allah” lan ngupayakké sing paling apik bèn isa terus ngibadah lan nggawé Yéhuwah seneng. (Éf. 5:1) Sakdurungé ngerti ajaran sing bener, awaké dhéwé ya kaya ”ana ing panggonan sing peteng”. Ana sing ngrayakké perayaan agama palsu, terus ya ana sing kelakuané bejat. Tapi bar ngerti pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah, pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé mulai disesuaikké karo karepé Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé ngrasakké akèh manfaat. (Yés. 48:17) Tapi, awaké dhéwé kudu berusaha bèn isa terus ngedohi ”panggonan sing peteng” lan terus ana ing ”panggonan sing padhang”. w24.03 21 ¶6-7

Setu, 29 Maret

Terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.—Flp. 3:16.

Apa njenengan ngrasa nèk durung siap nggawé janji ngabdi lan dibaptis? Mungkin merga ngrasa nèk durung isa ngetrapké kabèh pathokané Yéhuwah, utawa ngrasa imané durung pati kuwat. (Kol. 2:​6, 7) Ora kabèh sing sinau Alkitab isa nggawé kemajuan sing padha. Ana sing isa cepet, tapi ya ana sing butuh wektu luwih suwé. Terus, ora mesthi nèk wis tekan umur tertentu, cah-cah enom mesthi siap dibaptis. Dadi, aja mbandhing-mbandhingké karo wong liya. Njenengan kudu ngerti apa sing kudu njenengan upayakké. (Gal. 6:​4, 5) Nèk saiki njenengan ngrasa durung siap nggawé janji ngabdi, aja mandheg kanggo ngupayakké kuwi. Njenengan isa ndonga njaluk Yéhuwah mbantu bèn njenengan siap nggawé janji ngabdi. (Flp. 2:13) Njenengan isa yakin nèk dongané bakal dirungokké lan dijawab Yéhuwah.—1 Yoh. 5:14. w24.03 5 ¶9-10

Minggu, 30 Maret

Wong-wong lanang, . . . kowé kudu pangertèn karo bojomu.—1 Ptr. 3:7.

Pas Sara tertekan, Sara crita karo Abraham. Malah, Sara nyalahké Abraham. Abraham ngerti nèk Sara selalu ndhukung dhèwèké. Abraham gelem ngrungokké lan ngatasi masalahé. (PD. 16:​5, 6) Piyé carané niru Abraham? Para suami mémang nduwé wewenang kanggo nggawé keputusan. (1 Kor. 11:3) Tapi sakdurungé nggawé keputusan, coba rungokna tenanan lan pikirna pendapaté bojoné njenengan, apamanèh nèk keputusan kuwi bakal ana pengaruhé kanggo dhèwèké. (1 Kor. 13:​4, 5) Abraham tau arep njamu tamu sing ujug-ujug teka. Sara ngerti-ngerti dikongkon Abraham kanggo nggawé roti akèh banget. (PD. 18:6) Sara langsung manut. Para istri, njenengan ya isa ndhukung keputusané bojoné njenengan. Hasilé, hubungané njenengan karo bojoné njenengan isa dadi luwih akrab.—1 Ptr. 3:​5, 6. w23.05 24-25 ¶16-17

Senèn, 31 Maret

Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.—Yak. 3:17.

Sakwisé dilantik dadi hakimé Israèl, Gidéon kudu manut arahan lan kendel. Dhèwèké dikongkon ngancurké mézbah Baal duwèké bapaké. (PH. 6:​25, 26) Terus, pas ngumpulké pasukan, ping loro Gidéon dikon ngurangi pasukané. (PH. 7:​2-7) Wis ngono, Gidéon dikon nyerang perkémahan mungsuh pas tengah wengi. (PH. 7:​9-11) Para pinituwa kudu ”siap manut”. Piyé carané? Manut karo Alkitab lan arahan saka organisasiné Yéhuwah. Dhèwèké bakal dadi conto kanggo sedulur-sedulur. Mémang kuwi ora mesthi gampang. Misalé, organisasi isa waé cepet banget mènèhi arahan sing paling anyar lan isa waé ngikuti kuwi angèl. Utawa, dhèwèké isa waé éntuk arahan sing kétoké ora masuk akal. Dhèwèké mungkin ya wedi dipenjara nèk manut arahan organisasi. Piyé carané para pinituwa isa niru Gidéon? Ngrungokké tenanan lan ngetrapké arahan. w23.06 4-5 ¶9-11

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim