Februari
Setu, 1 Februari
Aku bakal ngrungokké kowé.—Yér. 29:12.
Pas Raja Hizkia lara parah, dhèwèké ndonga njaluk bèn mari. Akhiré, dhèwèké dimarèkké Yéhuwah. (2 Raj. 20:1-6) Rasul Paulus ya tau bola-bali njaluk karo Yéhuwah bèn ’eri ing njero dagingé’ disingkirké. Tapi, Paulus tetep ngalami masalah kuwi. (2 Kor. 12:7-9) Terus, Raja Hérodès arep matèni Rasul Yakobus lan Pétrus. Yakobus akhiré dipatèni, tapi Pétrus dislametké malaékat. (Kis. 12:1-11) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Ngapa kok Pétrus dislametké Yéhuwah tapi Yakobus ora?’ Ing Alkitab kuwi ora dijelaské. Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ”mesthi adil”. (PT. 32:4) Apa pelajarané? Kadhang, jawaban dongané awaké dhéwé mungkin ora padha karo sing awaké dhéwé harapké. Tapi, merga yakin nèk Yéhuwah mesthi sayang lan adil, embuh piyé jawabané Yéhuwah, awaké dhéwé yakin nèk kuwi sing paling apik.—Ayb. 33:13. w23.11 21 ¶6
Minggu, 2 Februari
Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.—Yak. 3:17.
Yakobus ngomong nèk wong sing wicaksana kuwi ”siap manut”. Kuwi berarti bener-bener péngin manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang. Tapi nèk awaké dhéwé dikon nglanggar préntahé Yéhuwah, aja manut. (Kis. 4:18-20) Isa waé manut karo Yéhuwah kuwi luwih gampang timbang manut karo manungsa sing ora sampurna. Soalé, préntahé Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Mzm. 19:7) Tapi, wong tuwa, pamréntah, lan para pinituwa wis dikèki wewenang karo Yéhuwah. (WB. 6:20; 1 Tés. 5:12; 1 Ptr. 2:13, 14) Dadi, nèk manut karo meréka berarti manut karo Yéhuwah. w23.10 6 ¶2-3
Senèn, 3 Februari
Omongan iki bener lan isa dipercaya.—Why. 21:5.
Bèn nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé isa mikirké kuwasané Yéhuwah. Merga nduwé kuwasa sing gedhé, Yéhuwah sanggup nepati kabèh janjiné. Dhèwèké kuwi Mahakuwasa. (Ayb. 42:2; Mrk. 10:27; Éf. 3:20) Yéhuwah tau ngomong karo Abraham lan Sara nèk wong loro kuwi bakal nduwé anak padahal umuré wis tuwa. (PD. 17:15-17) Yéhuwah ya ngandhani Abraham nèk keturunané bakal manggon ing Kanaan. Tapi keturunané Abraham, yaiku wong Israèl, dadi budhak ing Mesir. Dadi kétoké janjiné Yéhuwah ora mungkin kelakon. Tapi kenyataané kuwi kelakon tenan. Yéhuwah ya tau ngomong karo Maria sing isih prawan nèk dhèwèké bakal nglairké Anaké Gusti Allah, sing dadi bukti nèk janjiné Yéhuwah ing Purwaning Dumadi 3:15 kelakon. Awaké dhéwé semakin yakin nèk janjiné Yéhuwah soal donya anyar bakal kelakon nèk ngrenungké janji-janjiné Yéhuwah lan carané janji kuwi ditepati.—Yos. 23:14; Yés. 55:10, 11. w23.04 28 ¶10-12
Selasa, 4 Februari
Oh Yéhuwah, rungokna dongaku. Rungokna wektu aku njaluk tulung.—Mzm. 143:1.
Yéhuwah nylametké Daud. (1 Sam. 19:10, 18-20; 2 Sam. 5:17-25) Awaké dhéwé ya isa yakin soal kuwi. (Mzm. 145:18) Kadhang, carané Yéhuwah njawab donga ora sesuai kaya sing awaké dhéwé karepké. Rasul Paulus tau njaluk karo Gusti Allah bèn nyingkirké ’eri ing njero dagingé’. Ping telu Paulus ndonga soal kuwi. Apa Yéhuwah njawab dongané Paulus? Iya. Tapi carané Yéhuwah njawab ora kaya sing dikarepké Paulus. Yéhuwah ora nyingkirké masalahé, tapi mènèhi Paulus kekuwatan bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah. (2 Kor. 12:7-10) Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk carané Yéhuwah njawab donga ora sesuai kaya sing awaké dhéwé karepké. Tapi, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah ngerti cara sing paling apik kanggo mbantu. Yéhuwah ”isa nindakké luwih akèh timbang sing dijaluk utawa dipikirké awaké dhéwé”. (Éf. 3:20) Kuwi sebabé Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé nganggo cara sing ora disangka-sangka. w23.05 8-9 ¶4-6
Rebo, 5 Februari
Bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal krungu swarané lan metu.—Yoh. 5:28, 29.
Terus mikirké harapan wong mati isa diuripké manèh kuwi penting banget. Kenapa? Soalé awaké dhéwé ora ngerti sésuk bakal ana apa. Isa waé ngerti-ngerti lara parah utawa ditinggal mati karo wong sing disayangi. (Pkh. 9:11; Yak. 4:13, 14) Nèk ngerti wong mati isa diuripké manèh, awaké dhéwé bakal tetep semangat. (1 Tés. 4:13) Menurut Alkitab, Yéhuwah bener-bener kenal lan sayang karo awaké dhéwé. (Luk. 12:7) Tapi wektu mikirké harapan soal wong mati isa urip manèh, awaké dhéwé isa tambah yakin soal kuwi. Coba dipikirké. Bèn isa nguripké awaké dhéwé persis kaya sakdurungé mati, Yéhuwah mesthi kudu bener-bener kenal karo awaké dhéwé. Yéhuwah bakal nguripké manèh bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé. Kuwi bukti sing jelas nèk Yéhuwah sayang awaké dhéwé. Kenapa awaké dhéwé percaya wong mati isa urip manèh? Merga sing nggawé janji kuwi gelem lan sanggup nepati janjiné. w23.04 8-9 ¶2-4
Kemis, 6 Februari
Saben taun, [Yusuf lan Maria] mesthi lunga menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah.—Luk. 2:41.
Yusuf karo Maria kerja sama bèn isa tambah akrab karo Yéhuwah. Wong loro kuwi ngerti nèk ngibadah bareng sak keluarga kuwi penting. (Luk. 2:22-24; 4:16) Yusuf karo Maria dadi conto sing apik kanggo suami istri jaman saiki. Nèk njenengan nduwé anak, mungkin répot nèk mèh teka ing pertemuan ibadah utawa angèl nèk mèh rutin ibadah keluarga. Mungkin luwih angèl manèh kanggo sinau lan ndonga bareng karo bojoné njenengan. Tapi wektu ngibadah bareng, hubungané njenengan karo Yéhuwah lan bojoné njenengan isa dadi tambah akrab. Dadi ngibadah bareng kuwi penting banget. Nèk lagi ora akur mungkin males nèk mèh ibadah keluarga. Nèk ngono, coba mbahas topik sing singkat sing disenengi. Hasilé njenengan bakal tambah sayang karo bojoné njenengan lan péngin terus ngibadah bareng-bareng. w23.05 22 ¶7-8
Jumat, 7 Februari
Obaja kuwi wong sing bener-bener wedi marang Yéhuwah.—1 Raj. 18:3.
Merga wedi karo Yéhuwah, Obaja jujur lan isa dipercaya. Kuwi sebabé, dhèwèké dipercaya dadi pengawas istanané raja. (Bandhingna karo Néhémia 7:2.) Obaja ya kendel banget. Kuwi sifat sing penting. Wektu kuwi sing mréntah ing Israèl Raja Ahab. (1 Raj. 16:30) Ahab nikah karo Izebèl sing nyembah Baal. Izebèl sengit banget karo Yéhuwah. Dhèwèké berupaya bèn kabèh wong ing kerajaan Israèl sepuluh suku ora nyembah Yéhuwah manèh. Dhèwèké ya matèni akèh banget nabiné Yéhuwah. (1 Raj. 18:4) Wektu Izebèl mèh matèni nabi-nabiné Yéhuwah, Obaja ndhelikké 100 nabiné Yéhuwah ing guwa-guwa, ”saben guwa wong 50”. Obaja ”ya terus nyedhiakké roti lan banyu kanggo wong-wong kuwi”. (1 Raj. 18:13, 14) Nèk konangan, Obaja mesthi dipatèni. Obaja mesthi ora péngin mati. Tapi, Obaja luwih nresnani Yéhuwah lan wong-wong sing nglayani Dhèwèké, timbang nyawané dhéwé. w23.06 16 ¶9-10
Setu, 8 Februari
Aku Yéhuwah . . . sing nuntun kowé.—Yés. 48:17.
Yéhuwah isih terus nuntun umaté nganti saiki liwat Alkitab, lan liwat Yésus sing dadi kepalané jemaat. Tapi sakliyané kuwi, isih ana wong-wong sing dipilih Yéhuwah dadi wakilé. Misalé, pikirna sing kelakon sakwisé taun 1870. Charles Taze Russell karo kanca-kancané mulai paham nèk 1914 kuwi taun sing penting merga Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. (Dan. 4:25, 26) Meréka isa nyimpulké kuwi merga mempelajari ramalan ing Alkitab lan percaya nèk ramalan kuwi bakal kelakon. Kuwi ya merga Yéhuwah sing ngarahké meréka. Ing taun 1914, ana peristiwa-peristiwa sing mbuktèkké nèk Kerajaané Gusti Allah wis mulai mréntah. Pas kuwi, ana Perang Donya I, wabah penyakit, gempa bumi, lan kelaparan. (Luk. 21:10, 11) Dadi, Russell lan kanca-kancané bener-bener dipilih Yéhuwah dadi wakilé kanggo nuntun umaté. w24.02 22 ¶11
Minggu, 9 Februari
Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.—Mzm. 34:19.
Merga nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah sayang lan péngin awaké dhéwé bahagia. (Rm. 8:35-39) Awaké dhéwé ya manut karo pathokan ing Alkitab merga ngerti nèk kuwi ana manfaaté. (Yés. 48:17, 18) Meskipun wis ngono, isa waé ngerti-ngerti ana masalah. Misalé, ana sing dilarani atiné karo anggota keluarga, lara parah nganti ora isa nglayani Yéhuwah manèh, kena bencana alam, utawa dianiaya. Pas ngalami kaya ngono mungkin njenengan mikir, ’Ngapa kok aku ngalami masalah iki? Salahku apa? Apa Yéhuwah wis ora mberkahi aku manèh?’ Wajar nèk ngrasa kaya ngono. Akèh umaté Yéhuwah sing setya ya tau ngrasa ngono.—Mzm. 22:1, 2; Hab. 1:2, 3. w23.04 14 ¶1-2
Senèn, 10 Februari
Aku nduwé tékad terus manut karo peraturan-Mu sakjegé uripku.—Mzm. 119:112.
Pas ana godhaan, awaké dhéwé bakal langsung nolak kepénginan utawa perbuatan sing isa nglarani atiné Yéhuwah.Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut ”saktulusé ati”. (Rm. 6:17) Awaké dhéwé ora bakal milih dhéwé endi hukum sing gampang dipraktèkké merga kabèh hukumé Yéhuwah bermanfaat. (Yés. 48:17, 18; 1 Kor. 6:9, 10) Sétan berusaha ”mangan manungsa”, nggawé awaké dhéwé ninggalké Yéhuwah. (1 Ptr. 5:8) Wong Kristen jaman mbiyèn diancam, digebugi, lan dipatèni merga tetep setya. (Kis. 5:27, 28, 40; 7:54-60) Saiki ya padha. Sedulur-sedulur ing Rusia lan negara-negara liyané dianiaya. Njenengan dhéwé mungkin ya dijahati lan diécé wong liya. Sakliyané penganiayaan, Sétan ya nggunakké ”siasat liciké”.—Éf. 6:11. w23.07 15 ¶6-9
Selasa, 11 Februari
[Kudu] nduduhké katresnan. Dadi, ing keadaan apa waé, awaké dhéwé isa saya kuwat imané.—Éf. 4:15.
Semakin akèh sinau Alkitab, semakin njenengan sayang karo Yéhuwah. Merga sayang karo Yéhuwah, njenengan ngetrapké sing dipelajari. Njenengan nggawé keputusan sesuai pathokan ing Alkitab. Sikap lan tingkah lakuné njenengan dadi saya apik merga péngin nyenengké Gusti Allah. Kaya bocah sing niru wong tuwané, njenengan niru Gusti Allah. (Éf. 5:1, 2) Coba pikirna, ’Apa saiki rasa sayangku karo Yéhuwah luwih gedhé timbang pas aku dibaptis mbiyèn? Apa tingkah lakuku lan apa sing tak pikirké luwih mirip karo Yéhuwah? Apa aku tambah nresnani sedulur-sedulur?’ Nèk katresnané njenengan ”wis ora kaya mbiyèn manèh”, aja cilik ati. Wong Kristen jaman mbiyèn tau ngalami kuwi. Yésus ora ninggalké wong-wong kuwi. Yésus ya ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Why. 2:4, 7) Yésus ngerti nèk katresnané awaké dhéwé isa kuwat manèh kaya mbiyèn. w23.07 8 ¶2-3
Rebo, 12 Februari
Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura.—Mzm. 86:5.
Rasul Pétrus tau nggawé beberapa kesalahan. Sing pertama, merga terlalu percaya diri, Pétrus ngomong nèk dhèwèké bakal tetep setya karo Yésus meskipun sing liyané ora. (Mrk. 14:27-29) Sing keloro, Pétrus bola-bali dikon Yésus bèn jaga-jaga, tapi dhèwèké malah keturon. (Mrk. 14:32, 37-41) Sing ketelu, pas meréka digrudug wong sing arep matèni Yésus, Pétrus malah mlayu ninggalké Yésus. (Mrk. 14:50) Akhiré, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. Dhèwèké bahkan sumpah nèk ora kenal Yésus. Kuwi dosa sing gedhé. (Mrk. 14:66-71) Bar sadhar nèk wis nggawé dosa gedhé, Pétrus dadi putus asa, sedhih banget, lan hancur. (Mrk. 14:72) Tapi, Yésus ya ora nyalahké Pétrus, tapi Pétrus malah dipercaya tanggung jawab sing gedhé. (Yoh. 21:15-17) Pétrus ngerti nèk wis nggawé dosa sing gedhé, tapi dhèwèké ora terus-terusan putus asa. Soalé, Yésus terus nyemangati dhèwèké. Apa sing isa dipelajari? Yéhuwah péngin umaté yakin nèk Dhèwèké sayang lan siap ngampuni.—Rm. 8:38, 39. w24.03 18-19 ¶13-15
Kemis, 13 Februari
Sing dipatèni akèh banget.—WB. 7:26.
Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes isa waé isin, ora nduwé harga diri, hamil di luar nikah, lan cerai. Kuwi sebabé wong sing wicaksana ora bakal teka ing ”omahé” wong wédok sing bodho. Terus, wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes isa kena penyakit sèks menular lan mati. (WB. 7:23) Kuwi cocog karo Wulang Bebasan 9:18, ”Tamu-tamuné ana ing Kuburan sing jero.” Lha tapi kok akèh sing nampa undangané? (WB. 9:13-18) Akèh sing mikir nonton pornografi kuwi ora apa-apa. Nyatané kuwi bahaya banget. Wong sing nonton pornografi ora nduwé harga diri, kecanduan, lan isa mikir saru soal wong liya. Sepisan nonton, bakal kèlingan terus. Nonton pornografi ora matèni kepénginan sing salah, tapi malah nggawé kepénginan kuwi saya kuwat. (Kol. 3:5; Yak. 1:14, 15) Akèh sing nonton pornografi akhiré nindakké hubungan sèks sing ora pantes. w23.06 23 ¶10-11
Jumat, 14 Februari
Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau. Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé.—Dan. 2:44.
Meskipun ana pamréntahan-pamréntahan sing nyerang Inggris Amerika, tapi Inggris Amerika tetep kuwat. Awaké dhéwé yakin soal kuwi, merga ”watu” sing nggambarké Kerajaané Gusti Allah bakal ngancurké sikil bagéan ngisor kuwi, yaiku pamréntahan Inggris Amerika. (Dan. 2:34, 35, 44, 45) Apa njenengan yakin nèk ramalan soal sikil wesi campur tanah liat kuwi bener? Nèk iya, apa pengaruhé kanggo njenengan? Njenengan ora bakal ngutamakké harta merga ngerti nèk sedhéla manèh donya iki bakal dihancurké. (Luk. 12:16-21; 1 Yoh. 2:15-17) Njenengan dadi ngerti pentingé nginjil lan mulang. (Mat. 6:33; 28:18-20) Sakwisé sinau ramalan kuwi coba pikirna, ’Saka keputusanku, apa kétok nèk aku yakin nèk Kerajaané Gusti Allah bakal ngancurké kabèh pamréntahan?’ w23.08 11 ¶13-14
Setu, 15 Februari
Saben wong ing antarané awaké dhéwé bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.—Rm. 14:12.
Mungkin ana beberapa sing ora isa dilakoni merga umur, keséhatan, utawa keadaané njenengan saiki. Tirunen Barzilai sing réla nolak tugas merga keadaan fisiké ora memungkinkan. (2 Sam. 19:35, 36) Tirunen Musa sing gelem dibantu lan masrahké tugasé karo wong liya. (Pa. 18:21, 22) Nèk rendah hati kaya ngono, njenengan ora bakal kentèkan tenaga kanggo tetep mlayu. Awaké dhéwé ya aja ngrasa bertanggung jawab wektu wong liya nggawé keputusan sing salah. Awaké dhéwé ora isa nggawé keputusan kanggo wong liya utawa selalu nglindhungi wong kuwi saka akibat perbuatané. Wong tuwa mesthi sedhih banget wektu anaké ninggalké Yéhuwah. Tapi wong tuwa sing nyalahké diri sendiri merga keputusané anaké, nanggung beban sing abot. Yéhuwah ora péngin wong tuwa nanggung beban kuwi. w23.08 29 ¶11-12
Minggu, 16 Februari
Simson kepéncut karo wong wédok . . . Jenengé Délila.—PH. 16:4.
Simson kuwi ya manungsa sing ora sampurna, dadi dhèwèké tau nggawé keputusan sing salah. Sakdurungé, Yéhuwah ”nggolèk kesempatan arep nglawan wong Filistin”. Dadi Simson dikon nikah karo wong wédok Filistin. Terus, Simson ya tau manggon ing omahé pelacur ing kutha Gaza ing Filistin. Pas ing kono, Yéhuwah ngekèki Simson kekuwatan bèn isa nyopot gerbangé kutha kuwi. Akhiré, kutha kuwi isa dikalahké. (PH. 14:1-4; 16:1-3) Tapi bar kuwi, dhèwèké malah ”kepéncut karo wong wédok saka Lembah Sorèk. Jenengé Délila”. Kuwi dudu karepé Yéhuwah, soalé Délila dudu wong Filistin. Délila dibayar wong Filistin bèn mengkhianati Simson. w23.09 5 ¶12-13
Senèn, 17 Februari
Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu.—WB. 19:11.
Bèn ora gampang nesu, awaké dhéwé kudu nduwé pemahaman. Pas ditakon-takoni soal kepercayaané, wong sing nduwé pemahaman ora langsung njawab tapi mikir sik. Soalé, awaké dhéwé ora ngerti alesané wong kuwi takon kaya ngono. (WB. 16:23) Gambarané kaya gunung ès. Mungkin bagéan gunung sing ana ing ndhuwur laut mung kétok cilik, tapi sakjané sing ana ing njero laut kuwi gedhé banget. Gatèkna carané Gidéon nanggepi wong Éfraim. Wektu kuwi, wong Éfraim nesu merga ora dijak perang nglawan mungsuhé wong Israèl. Nah, meréka nesu kuwi sakjané merga apa? Isa waé merga meréka tersinggung. Gidéon berupaya memahami ngapa kok wong Éfraim nesu-nesu. Makané, Gidéon isa ngekèki jawaban sing alus. Hasilé, wong Éfraim ”dadi tenang”.—PH. 8:1-3. w23.09 16 ¶8-9
Selasa, 18 Februari
Aku nggawé Dhèwèké seneng saben dina.—WB. 8:30.
Yéhuwah karo Yésus kuwi akrab banget. Ora ana bapak karo anak sing hubungané luwih akrab timbang meréka. Makané, Yéhuwah mesthi sedhih banget ndelok anaké menderita merga disiksa lan dianiaya. Wong tuwa sing anaké mati mesthi ngerti banget piyé sedhihé pas kélangan wong sing disayangi. Meskipun yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh, awaké dhéwé mesthi tetep ngrasa sedhih banget pas ana keluarga utawa kanca sing mati. Ya kaya ngono sing dirasakké Yéhuwah pas 14 Nisan taun 33 M. (Mat. 3:17) Kèt saiki, njenengan isa mempelajari luwih akèh soal tebusan pas pelajaran pribadi utawa pas Ibadah Keluarga. Terus pas dina Peringatan, aja lali nonton Ibadah Ésuk sing khusus kanggo acara Peringatan. Nèk awaké dhéwé wis ’nyiapké ati’ bèn luwih menghargai acara Peringatan, awaké dhéwé ya dadi isa mbantu wong liya bèn éntuk manfaat saka acara kuwi.—Ézr. 7:10. w24.01 11 ¶10-12
Rebo, 19 Februari
Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat.—1 Ptr. 5:10.
Salah siji cara bèn éntuk kekuwatan saka Yéhuwah kuwi nèk ndonga. Nèk awaké dhéwé ndonga, Yéhuwah isa ngekèki ”kekuwatan sing luar biasa”. (2 Kor. 4:7) Cara liyané bèn isa éntuk kekuwatan kuwi nèk maca Alkitab lan ngrenungké isiné. (Mzm. 86:11) Kata-katané Yéhuwah ing Alkitab kuwi ”nduwé kuwasa sing gedhé banget”. (Ibr. 4:12) Nèk ndonga lan maca Alkitab, awaké dhéwé isa éntuk kekuwatan bèn tetep setya, tetep bahagia meskipun ana masalah, lan isa ngrampungké tugas sing abot. Ayo nggatèkké piyé Yéhuwah nguwatké Nabi Yunus. Nabi Yunus tau dikèki tugas karo Yéhuwah tapi dhèwèké wedi. Akhiré, dhèwèké lunga numpak kapal. Bar kuwi, Yunus karo wong-wong sing sak kapal karo dhèwèké mèh mati merga ana badai. Bar diuncalké ing laut, Yunus dicaplok iwak gedhé. Ing njero wetengé iwak sing peteng kuwi, Yunus ndonga karo Yéhuwah.—Yun. 2:1, 2, 7. w23.10 13 ¶4-6
Kemis, 20 Februari
Kabèh wis arep diakhiri.—1 Ptr. 4:7.
Mémang, surat-suraté Rasul Pétrus kuwi kanggo wong-wong pas jamané. Tapi merga wis dadi bagéan saka Alkitab, awaké dhéwé saiki ya isa éntuk manfaat. (Rm. 15:4) Saiki, akèh wong ora percaya keterangan ing Alkitab soal apa sing bakal kelakon. Seksi-Seksi Yéhuwah wis bertaun-taun ngandhani wong-wong soal akhir donya iki. Tapi, wong-wong padha ngécé merga akhir kuwi ora ndang kelakon-kelakon. Malah, ana sing ngomong nèk kuwi ora bakal kelakon. (2 Ptr. 3:3, 4) Nèk anggota keluarga, kanca kerja, utawa pas nginjil ana sing ngomong kaya ngono, kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi ragu-ragu. Ing suraté Pétrus, ana naséhat apa soal kuwi? Kanggoné wong-wong, Yéhuwah kuwi kesuwèn, ora ndang ngukum wong jahat. Tapi saka kata-katané Pétrus, awaké dhéwé diélingké nèk pandhangané Yéhuwah soal wektu kuwi béda karo manungsa. (2 Ptr. 3:8, 9) Kanggoné Yéhuwah, sèwu taun kuwi padha karo sedina. Yéhuwah kuwi sabar, ora péngin ana sing mati. Tapi nèk wis wektuné, Yéhuwah bakal nyingkirké wong jahat. w23.09 26-27 ¶2-5
Jumat, 21 Februari
Nggatèkké luwih tenanan manèh timbang biasané wektu awaké dhéwé ngrungokké, supaya awaké dhéwé ora keblasuk.—Ibr. 2:1.
Ngapa Rasul Paulus nulis surat kanggo wong Kristen Ibrani ing Yudéa? Alesané ana loro. Sing pertama, kanggo nguwatké meréka. Sakdurungé dadi Kristen, meréka akèh-akèhé agamané Yahudi. Para pemimpin agama Yahudi padha ngécé. Soalé wong Kristen ora nduwé bait sing megah kanggo ngibadah, mézbah kanggo nggawé persembahan, lan imam sing nglayani. Kuwi isa marakké wong-wong Kristen wektu kuwi dadi cilik ati. (Ibr. 3:12, 14) Malah mungkin ana sing dadi péngin bali ing agama Yahudi. Sing keloro, Paulus péngin ngandhani wong Kristen Ibrani kuwi merga meréka ora berupaya mempelajari ajaran-ajaran ing Alkitab sing dipadhakké kaya ”panganan sing atos”. (Ibr. 5:11-14) Kétoké, ana sing isih manut karo Hukum Musa. w23.10 24-25 ¶3-4
Setu, 22 Februari
Karo wong wédok sing luwih enom, kowé ya kudu apikan kaya nèk . . . karo adhimu, lan niatmu kudu murni.—1 Tim. 5:2.
Ana wong-wong wédok sing milih ora nikah. (Mat. 19:10-12) Kanggoné Yéhuwah lan Yésus, wong sing ora nikah kuwi ya tetep dianggep berharga. Ing sak donya, ana akèh sedulur wédok sing ora nikah, sing dadi teladan lan berkah kanggo sedulur-sedulur. Merga meréka sayang lan nggatèkké liyané, meréka dadi kaya mbakyu, adhi wédok, utawa ibu kanggo sedulur-sedulur liyané. (Mrk. 10:29, 30) Ana sing dadi pelayan sepenuh waktu. Ing sak donya, ana akèh sedulur wédok sing semangat banget ing kegiatan nginjil. (Mzm. 68:11) Apa saiki kowé isa nggawé rencana kanggo dadi pelayan sepenuh waktu? Misalé dadi perintis, rélawan pembangunan, utawa kerja ing Bètel. Nèk mémang nduwé rencana kuwi, dongakna. Terus, takona karo sedulur-sedulur sing wis dadi pelayan sepenuh waktu apa waé syarat-syaraté. Bar kuwi, nggawéa rencana sing sesuai karo keadaanmu. Nèk kowé dadi pelayan sepenuh waktu, ana akèh banget kesempatan menarik sing isa mbok rasakké. w23.12 22 ¶16-17
Minggu, 23 Februari
Kabar apik kudu diumumké dhisik.—Mrk. 13:10.
Merga ora suwé manèh sengsara gedhé, awaké dhéwé kudu luwih ngutamakké kegiatan nginjil. Tapi, kuwi isa waé ora gampang nèk lagi ngadhepi masalah ékonomi utawa ditentang. Nah, piyé bèn isa ngutamakké karepé Yéhuwah? Kudu percaya nèk ”Yéhuwah pemimpiné pasukan” bakal ndhukung awaké dhéwé. Nèk terus ngutamakké karepé Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu wedi. (Hag. 2:4) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus ngutamakké gawéan ndadèkké murid. Hagai nyemangati umaté Yéhuwah bèn mulai mbangun bait manèh. Nèk meréka manut, Yéhuwah bakal ”mènèhi berkah”. (Hag. 2:18, 19) Nèk ngutamakké tugas saka Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. w23.11 16 ¶8; 17 ¶11
Senèn, 24 Februari
Kabèh wong wis dosa.—Rm. 3:23.
Ing suraté kanggo wong Roma, Rasul Paulus nyebutké nèk kabèh wong wis dosa. Mula, apa isa wong dianggep bener utawa dianggep ora salah lan nggawé Yéhuwah seneng? Kanggo njawab pertanyaan kuwi, Paulus nyebutké contoné Abraham. Abraham disebut wong sing bener pas dhèwèké manggon ing Kanaan. Yéhuwah nyebut Abraham wong sing bener dudu merga dhèwèké manut Hukum Musa. Kok isa? (Rm. 4:13) Wektu kuwi, durung ana Hukum Musa. Hukum kuwi anané lagi 400 taun bar kuwi. Dadi, Yéhuwah nyebut Abraham wong sing bener merga imané Abraham lan merga Yéhuwah apikan banget.—Rm. 4:2-4. w23.12 3 ¶4-5
Selasa, 25 Februari
Tindakna apa waé sing dadi karepé njenengan.—1 Bb. 17:2.
Bengi-bengi Yéhuwah ngongkon Natan ngandhani Daud nèk dudu Daud sing bakal mbangun bait. (1 Bb. 17:3, 4, 11, 12) Piyé tanggepané Daud? Daud ngumpulké dhuwit lan bahan-bahan sing mengko dibutuhké anaké, yaiku Salomo, kanggo mbangun bait. (1 Bb. 29:1-5) Sakwisé ngandhani nèk Daud ora bakal mbangun bait, Yéhuwah nggawé perjanjian karo Daud. Yéhuwah janji nèk salah siji saka keturunané bakal mréntah dadi raja nganti saklawasé. (2 Sam. 7:16) Bayangna piyé perasaané Daud wektu sukmbèn ngerti nèk sing dadi raja ing Pamréntahan Sèwu Taun kuwi keturunané, yaiku Yésus. Apa pelajarané? Meskipun péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh, ora kabèh rencanané awaké dhéwé isa kelakon. Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhi berkah liyané sing ora disangka-sangka. w23.04 16 ¶8-10
Rebo, 26 Februari
Yéhuwah ora bakal nglalèkké . . . umaté.—Mzm. 94:14.
Isa waé ana ayat-ayat tertentu sing marakké njenengan dadi ora wedi manèh. Misalé, kata-kata ing buku Ayub, Mazmur, lan Wulang Bebasan utawa kata-katané Yésus ing Matius bab 6. Nèk njenengan ndonga lan maca Alkitab, Yéhuwah bakal nggawé njenengan luwih tenang lan ayem. Nèk pas ngadhepi masalah sing abot banget, awaké dhéwé yakin nèk ora bakal dhèwèkan merga Yéhuwah bakal selalu ngancani lan nulungi awaké dhéwé. (Mzm. 23:4) Yéhuwah wis janji nèk bakal njaga, ndhukung, lan nggawé awaké dhéwé tetep tenang lan stabil. Ing Yésaya 26:3 disebutké, ’Yéhuwah bakal nglindhungi wong sing ngendelké Dhèwèké. Dhèwèké bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasa ayem, merga wong-wong kuwi percaya marang Dhèwèké.’ Dadi, pas lagi ngadhepi masalah sing abot banget, njenengan isa tetep kuwat nèk percaya karo Yéhuwah lan manfaatké kabèh bantuan saka Yéhuwah. w24.01 25 ¶16-17
Kemis, 27 Februari
Senjata apa waé sing dienggo nglawan kowé ora bakal mempan.—Yés. 54:17.
Kata-kata kuwi saiki lagi kelakon. Kata-kata ing ayat sakdurungé ya awaké dhéwé rasakké saiki: ”Kabèh anakmu bakal diwulang Yéhuwah lan bakal terus ngrasa ayem banget. Kowé bakal dadi kuwat merga tumindakmu sing bener. . . . Kowé ora bakal wedi karo apa waé, lan ora ana sing bakal nggawé kowé wedi. Kowé ora bakal dadi wedi.” (Yés. 54:13, 14) Bahkan Sétan, ”allahé donya iki”, ora isa ngalang-alangi upayané umaté Yéhuwah kanggo martakké kabar apik. (2 Kor. 4:4) Ibadah murni wis dipulihké lan ora bakal dadi najis nganti saklawasé. Senjata apa waé sing dienggo nglawan awaké dhéwé ora bakal mempan. w24.02 4 ¶10
Jumat, 28 Februari
Sapa waé sing luwih sayang karo bapaké utawa ibuné timbang karo aku ora pantes dadi muridku.—Mat. 10:37.
Awaké dhéwé wis janji nèk uripé bakal dienggo nglayani Yéhuwah. Kuwi bakal mempengaruhi keputusané awaké dhéwé soal keluarga. Mémang, kaya préntah ing Alkitab, awaké dhéwé ngupaya tenanan nyukupi kebutuhan keluarga. Tapi, aja nganti luwih ngutamakké keluarga timbang Yéhuwah. (Mat. 10:35-36; 1 Tim. 5:8) Malah, merga péngin nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé mungkin kudu nggawé keputusan sing nggawé keluarga ora seneng. Yéhuwah, sing nggawé keluarga, péngin bèn kabèh keluarga bahagia. (Éf. 3:14, 15) Dadi, nèk péngin bener-bener bahagia, kudu manut karepé Yéhuwah. Njenengan mungkin kudu berkorban bèn isa nglayani Yéhuwah karo tetep ngopèni lan apikan karo keluarga. Tapi, kabèh upayané njenengan mesthi bakal diberkahi Yéhuwah.—Rm. 12:10. w24.02 18 ¶11, 13