Januari
Rebo, 1 Januari
Ana jenazahé cah lanang sing diusung metu arep dikubur. Sing mati kuwi anak tunggal, lan ibuné wis randha.—Luk. 7:12.
Yésus ”ndelok” randha kuwi, terus Yésus ”ngrasa mesakké”. (Luk. 7:13) Yésus ora mung sekedar ngrasa mesakké, tapi ya mbuktèkké kuwi. Yésus ngomong, ”Bu, aja nangis manèh.” Tapi ora mung kuwi, Yésus nguripké manèh terus ”masrahké cah lanang kuwi marang ibuné”. (Luk. 7:14, 15) Apa sing isa dipelajari saka mukjijaté Yésus nguripké manèh anaké randha? Awaké dhéwé isa niru Yésus nèk nggatèkké wong-wong sing berduka. Buktèkna nèk awaké dhéwé bener-bener ngrasa mesakké. Kuwi kétok saka omongan lan sikapé awaké dhéwé. (WB. 17:17; 2 Kor. 1:3, 4; 1 Ptr. 3:8) Bahkan kata-kata utawa perbuatan sing kétoké sepélé isa nguwatké. w23.04 5-6 ¶13-15
Kemis, 2 Januari
Hasil akhir saka penyakit iki dudu nyebabké kematian, ning supaya Gusti Allah dimulyakké.—Yoh. 11:4.
Meskipun sakjané Yésus wis ngerti nèk Lazarus wis mati, dhèwèké sengaja ora langsung mangkat lan nginep manèh rong dina. Dadi pas Yésus tekan Bétani, Lazarus wis mati patang dina. Yésus mèh nggawé mukjijat sing luar biasa sing isa ngluhurké Yéhuwah. (Yoh. 11:6, 11, 17) Apa sing isa dipelajari? Coba dipikirké, Maria karo Marta ora ngongkon Yésus teka ing Bétani. Wong loro kuwi mung ngabari nèk Lazarus lara. (Yoh. 11:3) Sakjané Yésus ya isa nguripké Lazarus saka adoh. Tapi dhèwèké lunga ing Bétani bèn isa ngancani Maria karo Marta. Apa njenengan ya nduwé kanca kaya ngono, sing siap mbantu njenengan meskipun ora dijaluki tulung? Kanca kaya ngono isa diendelké ”wektu ana kesusahan”. (WB. 17:17) Kaya Yésus, njenengan ya isa dadi kanca kaya ngono kanggo wong liya. w23.04 10 ¶10-11
Jumat, 3 Januari
Gusti Allah sing njanjèkké harapan kuwi setya.—Ibr. 10:23.
Pas akèh masalah, awaké dhéwé mungkin mikir nèk donya anyar ora bakal teka. Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé wis ora percaya manèh karo janjiné Yéhuwah? Ya durung tentu. Misalé ngéné. Pas udan deres, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Kok udané ora terang-terang ya?’ Tapi, awaké dhéwé mesthi ngerti nèk mengko udané bakal mandheg lan langité cerah manèh. Padha kaya ngono, merga saking akèhé masalah sing diadhepi, awaké dhéwé isa ora yakin nèk donya anyar bakal teka. Tapi nèk percaya karo janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ngerti nèk donya anyar bakal teka tenan. (Mzm. 94:3, 14, 15; Ibr. 6:17-19) Merga yakin, awaké dhéwé bakal ngutamakké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu nduwé iman sing kuwat pas nginjil, soalé akèh sing ora percaya karo ”kabar apik” soal harapan ing masa depan. (Mat. 24:14; Yèh. 33:32) Aja nganti awaké dhéwé terpengaruh karo pandhangan kaya ngono. Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat. w23.04 27 ¶6-7; 28 ¶14
Setu, 4 Januari
Awaké dhéwé isa yakin nèk bakal nampa apa sing dijaluk awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis njaluk marang Dhèwèké.—1 Yoh. 5:15.
Apa njenengan tau mikir, ’Apa Yéhuwah njawab dongaku?’ Kuwi wajar. Sedulur-sedulur liyané ya tau mikir kaya ngono, apamanèh nèk ana masalah. Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa waé ora sadhar nèk Yéhuwah wis njawab donga. Kenapa awaké dhéwé isa yakin Yéhuwah njawab dongané umaté? Yéhuwah sayang banget lan nganggep awaké dhéwé berharga. (Hag. 2:7; 1 Yoh. 4:10) Kuwi sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga njaluk bantuané. (1 Ptr. 5:6, 7) Yéhuwah péngin mbantu awaké dhéwé bèn tetep cedhak karo Dhèwèké lan tetep kuwat pas ana masalah. Ing Alkitab, kerep disebutké nèk Yéhuwah njawab dongané umaté. Sapa waé contoné? w23.05 8 ¶1-4
Minggu, 5 Januari
Maria kandha, ”Aku ngluhurké Yéhuwah.”—Luk. 1:46.
Maria akrab karo Yéhuwah. Dhèwèké ora bergantung karo Yusuf. Maria ngerti tenan isiné Kitab Suci. Dhèwèké ya ngrenungké kuwi. (Luk. 2:19, 51) Kuwi sebabé Maria dadi istri sing apik. Saiki ana akèh istri sing niru Maria, misalé Emiko. Dhèwèké crita, ”Sakdurungé nikah, aku rajin sinau Alkitab. Tapi sakwisé nikah, sing ndonga kan bojoku, sing mandhu ibadah keluarga ya bojoku. Aku dadi bergantung karo dhèwèké. Tapi aku sadhar nèk hubunganku karo Yéhuwah kuwi tanggung jawabku dhéwé. Mula aku nyisihké wektu kanggo ndonga, maca Alkitab, lan ngrenungké kuwi.” (Gal. 6:5) Para istri, nèk njenengan saya akrab karo Yéhuwah, bojoné njenengan mesthi saya bangga lan sayang karo njenengan.—WB. 31:30. w23.05 21 ¶6
Senèn, 6 Januari
Aku bakal ngajari kowé bèn wedi marang Yéhuwah.—Mzm. 34:11.
Wedi karo Yéhuwah dudu gawan bayi. Kuwi kudu diupayakké. Salah siji carané, ngamati ciptaan. Wektu nggatèkké ”kabèh ciptaané”, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Gusti Allah wicaksana, nduwé kuwasa, lan sayang karo awaké dhéwé. (Rm. 1:20) Awaké dhéwé bakal saya sayang lan ngajèni Yéhuwah. Cara liyané bèn isa wedi karo Gusti Allah kuwi kerep ndonga. Saya kerep ndonga, saya ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Wektu ndonga njaluk kekuwatan, awaké dhéwé kèlingan nèk Yéhuwah mahakuwasa. Wektu ndonga maturnuwun merga wis diwènèhi tebusan, awaké dhéwé kèlingan nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Wektu ndonga njaluk tulung kanggo ngatasi masalah, awaké dhéwé kèlingan nèk Yéhuwah wicaksana. Merga ndonga, awaké dhéwé semakin ngajèni Yéhuwah. Tékadé awaké dhéwé kanggo nyenengké Yéhuwah ya saya gedhé. w23.06 15 ¶6-7
Selasa, 7 Januari
Yéhuwah kuwi Sing Mènèhi Hukum.—Yés. 33:22.
Yéhuwah selalu mènèhi hukum sing jelas kanggo umaté. Misalé liwat pengurus pusat jaman mbiyèn, Yéhuwah mènèhi hukum soal (1) ora nyembah brahala, mung nyembah Yéhuwah, (2) nyingkir saka getih, lan (3) hubungan sèks sing ora pantes. (Kis. 15:28, 29) Piyé bèn tetep kuwat lan ora nyerah wektu digodha kanggo nglanggar hukum kuwi? Kudu nyembah lan manut Yéhuwah. Yéhuwah ngongkon wong Israèl mung nyembah Dhèwèké. (PT. 5:6-10) Pas digodha Sétan, Yésus ya ngomong nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah. (Mat. 4:8-10) Dadi awaké dhéwé ora nyembah brahala. Awaké ya ora nganggep pemimpin agama, pemimpin politik, artis, lan atlét dadi idola. Awaké dhéwé péngin terus nyembah Yéhuwah ”sing nyiptakké kabèh”.—Why. 4:11. w23.07 14-15 ¶3-4
Rebo, 8 Januari
Wong sing wedi marang Yéhuwah ngedohi apa sing jahat.—WB. 16:6.
Donyané Sétan dikebaki pornografi lan wong-wong sing mung mikirké sèks. (Éf. 4:19) Kuwi sebabé, wedi karo Yéhuwah lan ngedohi sing jahat kuwi penting banget. Ing Wulang Bebasan bab 9, ana gambaran soal wong wédok loro. Sing siji wicaksana, sing siji bodho. Wong wédok loro kuwi ngundang ”wong sing kurang pertimbangan”, kaya-kayané ngomong, ’Mrénéa, mangana karo aku.’ (WB. 9:1, 4-6) Meskipun undangané padha, hasilé béda. Gatèkna undangané ”wong wédok sing bodho”. (WB. 9:13-18) Dhèwèké ngundang wong sing ora nduwé pengalaman, ”Ayo mréné” lan mangan bareng. Apa akibaté? ”Omahé wong wédok kuwi kebak mayat.” Awaké dhéwé dikon ngati-ati karo ”wong wédok sing bejat” lan ”ora nggenah”. ”Nèk kowé mara ing omahé, kuwi padha waé karo golèk mati.” (WB. 2:11-19) Terus ing Wulang Bebasan 5:3-10, awaké dhéwé diélingké soal ”wong wédok sing bejat” sing ”sikilé mudhun ing kematian”. w23.06 21-22 ¶6-7
Kemis, 9 Januari
Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.—Flp. 4:5.
Para pinituwa sing ora kaku isa dadi conto sing apik kanggo jemaat. (1 Tim. 3:2, 3) Dhèwèké ora bakal ngrasa sing paling bener mung merga dhèwèké sing paling tuwa timbang pinituwa liyané. Liwat roh suciné, Yéhuwah bakal nuntun saben wong ing badan pinituwa bèn ora ragu nyampèkké pendapaté. Wektu arep nggawé keputusan mungkin ora kabèh pinituwa setuju. Tapi nèk ora ana pathokan ing Alkitab sing dilanggar, meréka gelem ngalah lan ndhukung keputusan kuwi. Awaké dhéwé isa nampa akèh berkah nèk dadi wong sing ora kaku. Kok isa? Awaké dhéwé isa akrab karo sedulur-sedulur. Jemaat ya isa rukun. Awaké dhéwé isa ketemu karo umaté Yéhuwah sing kepribadian lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé ya isa niru Yéhuwah, Gusti Allah sing ora kaku. w23.07 25 ¶16-17
Jumat, 10 Januari
Wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.—Dan. 12:10.
Tujuané Danièl sinau ramalan kuwi bener, yaiku péngin ngerti sing bener. Danièl rendah hati, njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 2:18) Danièl ngerti nèk Yéhuwah mung mbantu wong-wong sing dadi kancané lan sing manut pathokané. (Dan. 2:27, 28) Danièl ya tliti. Dhèwèké sinau Kitab-Kitab Suci sing wis ana. (Yér. 25:11, 12; Dan. 9:2) Piyé carané niru Danièl? Pikirna tujuané njenengan sinau. Apa merga péngin ngerti sing bener? Nèk iya, Yéhuwah bakal mbantu. (Yoh. 4:23, 24; 14:16, 17) Ana sing mung nggolèk-nggolèk bukti nèk Alkitab dudu saka Gusti Allah. Wong-wong kuwi mikir nèk meréka isa nentokké dhéwé endi sing bener lan sing salah. Tapi awaké dhéwé kudu nduwé tujuan sing bener. w23.08 9 ¶7-8
Setu, 11 Januari
Nèk kowé ora nduwé semangat . . . , kekuwatanmu bakal entèk.—WB. 24:10.
Nèk mbandhingké karo wong liya, kuwi isa dadi beban. Awaké dhéwé dadi ngrasa nèk kudu mènèhi luwih akèh. (Gal. 6:4) Awaké dhéwé ya isa dadi iri lan saingan. (Gal. 5:26) Merga meksa péngin padha karo liyané, awaké dhéwé isa waé berupaya mati-matian nganti ngluwihi kesanggupan. Nèk ”harapan sing ora ndang kelakon [waé isa] nggawé lara ati”, apamanèh sing ora isa kelakon. (WB. 13:12) Kuwi isa nggawé ora semangat lan ora nduwé tenaga kanggo terus mlayu. Yéhuwah ora tau nuntut njenengan mènèhi sing ngluwihi kesanggupan. (2 Kor. 8:12) Yéhuwah ora mbandhingké njenengan karo wong liya. (Mat. 25:20-23) Yéhuwah sayang njenengan merga njenengan nglayani saktulusé ati, njenengan tetep setya, lan njenengan tetep sabar meskipun ana masalah. w23.08 29 ¶10-11
Minggu, 12 Januari
Apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku mati merga ngelak?—PH. 15:18.
Yéhuwah njawab dongané Simson. Yéhuwah nggawé lubang, terus ana banyu mili saka kono. Pas Simson ngombé, ”tenagané dadi pulih, lan dhèwèké dadi seger manèh”. (PH. 15:19) Kétoké, sumber banyu kuwi isih ana pas Nabi Samuèl nulis buku Para Hakim. Wektu ndelok sumber banyu kuwi, wong Israèl dadi éling nèk Yéhuwah bakal nulungi umaté sing ngendelké Dhèwèké. Ora soal bakat, ketrampilan, utawa pengalaman apa sing diduwèni, awaké dhéwé kudu selalu njaluk bantuané Yéhuwah. Kudu rendah hati ngakoni nèk isa berhasil kuwi mung nèk ngendelké Yéhuwah. Tenagané Simson isa pulih manèh merga ngombé banyu saka Yéhuwah. Awaké dhéwé isa terus semangat nglayani Yéhuwah nèk gelem nampa kabèh persediaané Yéhuwah liwat organisasiné.—Mat. 11:28. w23.09 4 ¶8-10
Senèn, 13 Januari
Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh, ning omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.—WB. 15:1.
Piyé nèk ana sing ngèlèk-èlèk jeneng Yéhuwah lan Alkitab? Kudu ndonga njaluk roh suci bèn wicaksana lan tetep alus wektu nanggepi. Tapi, piyé nèk isih ngrasa tanggepané awaké dhéwé kurang alus? Kudu ndonga manèh lan mikirké apa manèh sing perlu diupayakké bèn dadi luwih alus. Yéhuwah bakal ngekèki roh suciné kanggo mbantu awaké dhéwé tetep tenang lan ora kepancing. Pas dipancing bèn nesu, awaké dhéwé isa tetep tenang nèk kèlingan ayat-ayat ing Alkitab. Yéhuwah isa ngélingké liwat roh suciné. (Yoh. 14:26) Misalé, naséhat sing ana ing buku Wulang Bebasan. (WB. 15:18) Ing ayat-ayat liyané ya disebutké apa waé manfaaté nèk ora gampang kepancing.—WB. 10:19; 17:27; 21:23; 25:15. w23.09 15 ¶6-7
Selasa, 14 Januari
Aku péngin terus ngélingké kowé soal iki.—2 Ptr. 1:12.
Rasul Pétrus wis setya nglayani Yéhuwah puluhan taun. Dhèwèké ngancani Yésus nginjil ing endi-endi. Dhèwèké ya sing mulai nginjil ing wong-wong sing dudu Yahudi. Terus, dhèwèké ya dadi anggota pengurus pusat. Nah pas arep mati, Yéhuwah ngekèki dhèwèké tugas manèh. Kira-kira taun 62-64 M, dhèwèké dikon nulis surat 1 Pétrus lan 2 Pétrus. (2 Ptr. 1:13-15) Wektu Pétrus nulis loro surat iki, sedulur-sedulur lagi padha ’sengsara merga ngalami akèh cobaan’. (1 Ptr. 1:6) Ana wong-wong sing kelakuané bejat lan nyebarké ajaran palsu ing jemaat. (2 Ptr. 2:1, 2, 14) Wong Kristen ing Yérusalèm ngerti nèk ”kabèh wis arep diakhiri”. Yérusalèm karo baité sedhéla manèh bakal dihancurké tentara Romawi. (1 Ptr. 4:7) Nèk mempelajari loro suraté Pétrus kuwi, wong-wong Kristen isa tetep setya meskipun lagi ngadhepi tantangan, lan ngerti kudu piyé pas sukmbèn ana tantangan manèh. w23.09 26 ¶1-2
Rebo, 15 Januari
[Kristus] gelem sinau bèn manut wektu ngalami akèh kesusahan.—Ibr. 5:8.
Kaya Yésus, biasané awaké dhéwé ya sinau bèn manut wektu keadaané angèl. Misalé, pas awal pandemi COVID-19, organisasi ngongkon nèk ora ngibadah ing Balai lan ora nginjil ing omah-omah manèh. Apa wektu kuwi njenengan ngrasa angèl kanggo manut? Merga tetep manut, hasilé njenengan terlindungi, jemaat isa tetep bersatu, lan nggawé Yéhuwah seneng. Mengko selama sengsara gedhé bakal ana akèh arahan saka organisasi. Slamet apa ora kuwi tergantung karo awaké dhéwé manut apa ora. Makané, nèk saka saiki kulina manut, mengko ya bakal luwih siap kanggo manut. (Ayb. 36:11) Awaké dhéwé manut karo Yéhuwah kuwi terutama merga sayang lan péngin Dhèwèké seneng. (1 Yoh. 5:3) Mémang, awaké dhéwé ora isa mbales Yéhuwah sing wis ngekèki akèh berkah. (Mzm. 116:12) Tapi, awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng. Carané, kudu wicaksana. Nèk wicaksana, awaké dhéwé manut karo Yéhuwah lan manut karo wong-wong sing wis dikèki Yéhuwah wewenang.—WB. 27:11. w23.10 11 ¶18-19
Kemis, 16 Januari
Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit [lan] bumi.—Why. 14:7.
Ana malaékat sing ngomong ”marang kabèh wong ing bumi, kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. Dhèwèké ngomong, ”Kowé kudu wedi marang Gusti Allah lan ngluhurké Dhèwèké . . . Kowé kudu nyembah Gusti Allah sing nyiptakké langit [lan] bumi.” (Why. 14:6, 7) Mung Yéhuwah Gusti Allah sing kudu disembah. Kuwi berarti awaké dhéwé éntuk kesempatan sing istiméwa merga isa nyembah Yéhuwah ing bait rohaniné. Bait rohani kuwi apa? Bait rohani kuwi dudu bangunan tenan. Kuwi pengaturané Yéhuwah soal ngibadah sing dhasaré korban tebusané Yésus. Bèn isa ngerti luwih akèh soal perinciané, isa ndelok saka suraté Paulus kanggo wong Kristen Ibrani sing manggon ing Yudéa. w23.10 24 ¶1-2
Jumat, 17 Januari
Yéhuwah . . . kandha, ”Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa, ning nganggo kuwasa-Ku.”—Za. 4:6.
Taun 522 SM pembangunan bait mandheg, soalé mungsuh-mungsuh ngojok-ojoki pamréntah Pèrsia bèn nglarang pembangunan kuwi. Tapi, Zakharia ngomong nèk wong Yahudi kudu percaya Yéhuwah, soalé Yéhuwah isa nyingkirké kabèh halangan. Taun 520 SM pembangunan bait akhiré éntuk dilanjutké manèh. Malah, Raja Darius ya ngekèki sumbangan lan ngongkon para gubernur bèn mèlu ndhukung proyèk kuwi. (Ézr. 6:1, 6-10) Liwat Hagai lan Zakharia, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ndhukung umaté nèk meréka ngutamakké gawéan mbangun bait. (Hag. 1:8, 13, 14; Za. 1:3, 16) Merga disemangati, taun 520 SM wong Yahudi akhiré nglanjutké manèh pembangunan bait. Malah, ora nganti limang taun, bait kuwi wis rampung dibangun. Meskipun ngadhepi akèh masalah, wong Yahudi tetep ngutamakké karepé Yéhuwah. Makané, Yéhuwah terus ndhukung meréka. Hasilé, meréka isa bahagia nyembah Yéhuwah.—Ézr. 6:14-16, 22. w23.11 15 ¶6-7
Setu, 18 Januari
Niru . . . iman sing diduwèni Abraham.—Rm. 4:12.
Ora kaya wong-wong umumé, awaké dhéwé ora mung tau krungu soal Abraham, tapi ya ngerti tenan soal dhèwèké. Misalé, awaké dhéwé ngerti nèk ing Alkitab Abraham disebut ”bapaké kabèh wong sing nduwé iman”. (Rm. 4:11) Tapi mungkin bar kuwi njenengan dadi mikir, ’Apa aku isa nduwé iman sing kuwat kaya Abraham?’ Ya, isa. Bèn isa nduwé iman kaya Abraham, salah siji carané kudu mempelajari contoné Abraham. Pas dikongkon Yéhuwah pindhah ing panggonan sing adoh, manggon ing kémah selama puluhan taun, lan ngorbanké anaké, Abraham manut. Perbuatané kuwi bukti nèk dhèwèké nduwé iman sing kuwat. Merga Abraham nduwé iman lan kuwi kétok saka perbuatané, Gusti Allah seneng lan gelem dadi kancané. (Yak. 2:22, 23) Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé, termasuk njenengan, nggawé Dhèwèké seneng lan dadi kancané. Makané, Yéhuwah ngongkon Paulus lan Yakobus nulis soal Abraham. w23.12 2 ¶1-2
Minggu, 19 Januari
Saben wong kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong.—Yak. 1:19.
Sedulur-sedulur wédok ya kudu belajar bèn isa komunikasi sing apik. Wong Kristen kudu ngerti cara sing apik kanggo ngomong lan ngrungokké. Yakobus ngekèki naséhat soal kuwi ing ayat dina iki. Nèk pas ana sing ngomong, ya kudu dirungokké tenanan bèn ”isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya”. (1 Ptr. 3:8) Nèk ana sing lagi crita tapi awaké dhéwé ora mudheng, kudu takon tapi sing sopan. Terus, sakdurungé ngomong, kudu dipikir sik. (WB. 15:28, cathetan ngisor) Pikirna, ’Sing arep tak omongké iki bener lan nguwatké ora ya? Terus, apa caraku ngomong wis apik lan sopan?’ Gatèkna lan tirunen contoné sedulur-sedulur wédok sing seneng ngrungokké lan ngomongé ya alus. (WB. 31:26) Nèk ngetrapké kuwi kabèh, hubunganmu karo wong liya dadi luwih apik, lan kowé ya bakal luwih gampang nggolèk kanca. w23.12 21 ¶12
Senèn, 20 Januari
Wong sing senengé mung dhèwèkan . . . ora gelem nampa kabèh naséhat sing apik.—WB. 18:1.
Saiki, Yéhuwah ya isa ndhukung awaké dhéwé liwat keluarga, kanca, utawa para pinituwa. Mémang nèk lagi nglokro, wajar nèk pénginé dhèwèkan, ora diganggu sapa-sapa. Tapi bèn isa éntuk dhukungané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé? Kudu berusaha bèn aja nganti menyendiri. Nèk menyendiri, mengko mung dadi mikirké diri sendiri utawa masalah sing lagi diadhepi. Akibaté, dadi ora isa nggawé keputusan sing bener. Mémang, nèk pas lagi ngadhepi masalah sing abot kadhang-kadhang pénginé dhèwèkan. Tapi, nèk menyendiri terus, awaké dhéwé dadi ora isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah liwat wong liya. Dadi pas keluarga, kanca, utawa para pinituwa ngekèki bantuan, ya kudu ditampa. Anggepen nèk kuwi carané Yéhuwah ndhukung njenengan.—WB. 17:17; Yés. 32:1, 2. w24.01 24 ¶12-13
Selasa, 21 Januari
Wong kuwi ora éntuk nyukur rambuté.—Wi. 6:5.
Wong Nazir wis janji ora nyukur rambuté. Kuwi bukti nèk meréka manut karo Yéhuwah. Tapi, ana wong-wong sing ora menghargai lan ndhukung meréka. Mulané, wong Nazir kudu kendel. (Am. 2:12) Merga milih manut Yéhuwah, wong liya isa waé nganggep nèk awaké dhéwé béda karo wong-wong umumé. Ing sekolah utawa panggonan kerja, kudu kendel ngandhani nèk awaké dhéwé Seksi-Seksi Yéhuwah. Tingkah lakuné wong-wong sing semakin bejat ya isa marakké awaké dhéwé dadi angèl ngetrapké pathokan ing Alkitab lan nyritakké kabar apik. (2 Tim. 1:8; 3:13) Tapi, nèk kendel lan wani kétok béda timbang wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah, awaké dhéwé ”nggawé atiné [Yéhuwah] seneng”.—WB. 27:11; Mal. 3:18. w24.02 16 ¶7; 17 ¶9
Rebo, 22 Januari
Kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya.—Rm. 15:7.
Wong Kristen jaman mbiyèn saling nresnani. Tapi apa kuwi gampang? Sedulur-sedulur ing Roma kuwi béda-béda. Ana wong Yahudi sing kèt cilik manut karo hukum Musa. Sing liyané saka bangsa-bangsa sing budayané béda. Ana sing dadi budhak. Malah, ya ana sing nduwé budhak. Piyé sedulur-sedulur kuwi isa terus nresnani? Rasul Paulus ngandhani nèk ”kudu ramah lan apikan”. Kata Yunani ”ramah lan apikan” maksudé seneng nampa tamu lan gelem kekancan. Misalé, Paulus ngandhani Filémon bèn ”ramah lan apikan” karo budhak sing melarikan diri, jenengé Onésimus. (Flm. 17) Priskila karo Akuila ”ngundang” Apolos dadi kancané, meskipun dhèwèké durung ngerti akèh soal Yésus. (Kis. 18:26) Perbédaan kuwi ora dadi masalah. Wong Kristen saling nresnani lan nampa sedulur-sedulur apa anané. w23.07 6 ¶13
Kemis, 23 Januari
Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah.—Mzm. 116:14.
Alesan utama gelem nggawé janji ngabdi kuwi merga sayang karo Yéhuwah. Rasa sayangé kuwi dhasaré merga wis nduwé ”pengetahuan sing bener” soal Yéhuwah lan sing Dhèwèké karepké. (Kol. 1:9) Merga wis sinau Alkitab, njenengan yakin nèk (1) Yéhuwah kuwi ana tenan, (2) Alkitab kuwi omongané Gusti Allah, lan (3) Yéhuwah nggunakké organisasiné bèn sing Dhèwèké karepké kelakon. Sakdurungé nggawé janji ngabdi, kudu wis ngerti ajaran dhasar ing Alkitab lan tingkah lakuné sesuai karo pathokan ing Alkitab. Terus ya kudu berupaya ngandhani wong-wong soal Yéhuwah lan Alkitab. (Mat. 28:19, 20) Merga semakin menyayangi Yéhuwah, akhiré dadi péngin mung nglayani Yéhuwah thok. w24.03 4-5 ¶6-8
Jumat, 24 Januari
Loro-loroné bakal dadi siji.—PD. 2:24.
Abigail nikah karo Nabal. Menurut Alkitab, Nabal kuwi wongé kasar lan jahat. (1 Sam. 25:3) Nduwé bojo kaya Nabal mesthi marakké uripé Abigail dadi susah banget. Nah, sakjané Abigail nduwé kesempatan kanggo bébas saka bojoné. Wektu kuwi, Nabal ngrèmèhké Daud lan anak buahé, padahal Daud kuwi calon raja ing Israèl. Akhiré, Daud péngin matèni Nabal. (1 Sam. 25:9-13) Abigail isa waé mlayu bèn Daud sida matèni Nabal. Tapi, dhèwèké malah njaluk bèn Nabal aja dipatèni. (1 Sam. 25:23-27) Apa sing marakké Abigail njaluk kaya ngono? Abigail sayang karo Yéhuwah lan manut pathokané Yéhuwah soal perkawinan. Abigail ngerti nèk kanggoné Yéhuwah, perkawinan kuwi suci. Dhèwèké péngin nggawé Yéhuwah seneng. Makané, dhèwèké berupaya tenanan bèn isa nylametké keluargané, termasuk bojoné. Dhèwèké langsung nyegah Daud bèn ora matèni Nabal. w24.03 16-17 ¶9-10
Setu, 25 Januari
Aku bakal nguwatké kowé nganggo omonganku.—Ayb. 16:5.
Ing jemaaté njenengan, apa ana sing lagi berupaya isa urip sederhana bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah? Apa ana cah-cah enom sing wani kétok béda ing sekolahan meskipun akèh sing ora seneng? Apa ana sing ditentang keluargané? Ayo terus nyemangati meréka lan muji merga meréka kendel gelem nggawé pengorbanan. (Flm. 4, 5, 7) Yéhuwah percaya nèk umaté péngin nyenengké Dhèwèké lan gelem nggawé pengorbanan bèn isa nepati janji ngabdiné. Yéhuwah ya ngekèki umaté kesempatan istiméwa kanggo mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo Dhèwèké. (WB. 23:15, 16) Mulané, ayo terus nglayani Yéhuwah lan ngekèki Yéhuwah sing paling apik. w24.02 18 ¶14; 19 ¶16
Minggu, 26 Januari
Dhèwèké lunga ing kabèh dhaérah kuwi karo nindakké apa sing apik lan marèkké kabèh wong.—Kis. 10:38.
Bayangna situasiné. Yésus karo Maria diundang teka ing pésta mantènan ing kutha Kana. Kétoké Maria dipasrahi kanggo ngurusi tamu-tamu. Ndilalah angguré entèk. Maria langsung ngomong karo Yésus, ”Wong-wong kuwi kentèkan anggur.” (Yoh. 2:1-3) Terus Yésus piyé? Yésus nggawé mukjijat. Dhèwèké ngubah banyu dadi ”anggur sing apik”. (Yoh. 2:9, 10) Sakwisé kuwi, isih ana akèh mukjijat sing digawé Yésus. Yésus nggawé mukjijat merga péngin mbantu akèh wong. Misalé, Yésus ngekèki mangan 5.000 wong lan 4.000 wong. Nèk diétung karo wong wédok lan cah-cah cilik mungkin jumlahé kabèh 27.000. (Mat. 14:15-21; 15:32-38) Yésus ya marèkké akèh wong lara.—Mat. 14:14; 15:30, 31. w23.04 2 ¶1-2
Senèn, 27 Januari
Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen lan ngomong karo kowé, ”Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.”—Yés. 41:13.
Bar ngadhepi masalah sing abot banget, mungkin awaké dhéwé dadi nglokro lan males ngapa-ngapa. Kaya Èlia, awaké dhéwé mungkin dadi péngin turu terus. (1 Raj. 19:5-7) Mungkin awaké dhéwé ya butuh dhukungané Yéhuwah bèn isa terus semangat nglayani Dhèwèké. Kaya sing disebutké ing ayat dina iki, Yéhuwah wis janji bakal ndhukung awaké dhéwé. Raja Daud tau ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Pas ngalami kesulitan lan ngadhepi mungsuhé, dhèwèké ngomong karo Yéhuwah, ”Tangan-Mu sing kuwat ndhukung aku.” (Mzm. 18:35) Yéhuwah kerep-kerepé ndhukung awaké dhéwé liwat wong liya. Misalé, pas Daud lagi nglokro, Yonatan marani lan nyemangati dhèwèké. (1 Sam. 23:16, 17) Yéhuwah ya ngongkon Èlisa kanggo mbantu Èlia.—1 Raj. 19:16, 21; 2 Raj. 2:2. w24.01 23-24 ¶10-12
Selasa, 28 Januari
Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan. Pengetahuan lan pertimbangan asalé saka Dhèwèké.—WB. 2:6.
”Kawicaksanan” sing disebutké ing Wulang Bebasan bab 9 digambarké kaya wong wédok. Saka perumpamaan kuwi awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah murah hati. Wong wédok ing perumpamaan kuwi wis nyiapké daging, nyampur anggur, lan nata méja. (WB. 9:2) Ing ayat 4 karo 5 disebutké, ”Dhèwèké [nggambarké kawicaksanan] ngomong karo wong sing kurang pertimbangan, ’Ayo mréné lan mangan rotiku.’” Kenapa kok kudu teka ing omahé lan mangan panganané? Yéhuwah péngin awaké dhéwé wicaksana lan bahagia. Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé nggawé kesalahan, ngrasakké akibaté, lagi ngerti sing bener. Kuwi sebabé kawicaksanané Yéhuwah ”diwènèhké marang wong sing bener”. (WB. 2:7) Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi péngin nyenengké Dhèwèké. Awaké dhéwé ngrungokké naséhaté lan péngin ngetrapké.—Yak. 1:25. w23.06 23 ¶14-15
Rebo, 29 Januari
Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké.—Ibr. 6:10.
Meskipun ora isa ngekèki akèh kanggo Yéhuwah, Yéhuwah menghargai upayané awaké dhéwé kanggo nggawé Dhèwèké seneng. Apa buktiné? Yéhuwah ngongkon Zakharia nggawé mahkota saka emas lan pérak sumbangané wong Yahudi ing Babilon. (Za. 6:11) Mahkota kuwi dienggo ngéling-éling nèk meréka wis murah hati ngekèki sumbangan. (Za. 6:14) Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal lali karo upayané awaké dhéwé nglayani Dhèwèké meskipun ana akèh masalah. Ing akhir jaman iki awaké dhéwé bakal ngadhepi akèh masalah. Malah, sukmbèn bakal luwih parah manèh. (2 Tim. 3:1, 13) Tapi, ora perlu terlalu kuwatir. Pas jamané Hagai, Yéhuwah tau ngomong, ”Aku ndhukung kowé . . . Aja wedi.” (Hag. 2:4, 5) Selama awaké dhéwé ngutamakké karepé Yéhuwah, Yéhuwah bakal ndhukung awaké dhéwé. w23.11 19 ¶20-21
Kemis, 30 Januari
Aku wong sing dosa.—Luk. 5:8.
Sakjané, isa waé kesalahané Rasul Pétrus kuwi ora ditulis ing Alkitab. Tapi, kuwi ditulis merga ana manfaaté kanggo awaké dhéwé. (2 Tim. 3:16, 17) Saka perjuangané Pétrus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ora nuntut kesempurnaan saka awaké dhéwé. Yéhuwah pénginé awaké dhéwé terus berjuang bèn tetep setya meskipun nduwé kelemahan. Ngapa kok ora éntuk putus asa, tapi kudu terus berjuang? Mungkin awaké dhéwé wis berhasil ngatasi kelemahan tertentu. Tapi ya isa waé gagal manèh. Nah, awaké dhéwé kudu terus berjuang. Nèk ora putus asa, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé dadi wong sing luwih apik. (1 Ptr. 5:10) Awaké dhéwé isa terus berjuang bèn tetep setya nèk ndelok piyé Pétrus berjuang ngatasi kelemahané lan piyé Yésus selalu mbantu dhèwèké. w23.09 20-21 ¶2-3
Jumat, 31 Januari
Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.—Yoh. 11:21.
Mémang Yésus isa marèkké Lazarus sakdurungé dhèwèké mati, kaya sing diomongké Marta ing ayat dina iki. Tapi, Yésus mèh nggawé mukjijat sing luar biasa. Yésus janji, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” Yésus ya ngandhani Marta alesané Marta isa percaya karo janji kuwi. Yésus ngomong, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.” (Yoh. 11:23, 25) Yéhuwah wis mènèhi Yésus kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati. Sakdurungé, Yésus wis tau nguripké manèh cah wédok lan cah lanang sing matiné durung suwé. (Luk. 7:11-15; 8:49-55) Tapi, apa isa Yésus nguripké manèh wong sing matiné wis suwé lan badané mulai bosok? Maria nemoni Yésus. Dhèwèké ngomong persis kaya Marta, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” (Yoh. 11:32) Maria karo wong-wong ing kana nangis. Merga ngrasa mesakké, Yésus ya mèlu nangis. Yésus ngerti ditinggal mati karo wong sing disayangi kuwi rasané sedhih banget. Yésus mesthi péngin banget nyingkirké rasa sedhihé wong-wong kuwi. w23.04 10-11 ¶12-13