Cara Nggunakké Buku Iki
Ing buku iki, njenengan bakal nemokké ayat Alkitab lan keterangané kanggo saben dina. Ayat Alkitab lan keterangané isa diwaca kapan waé. Ning, manfaaté bakal luwih akèh nèk njenengan nindakké kuwi ing wayah ésuk, supaya isa dipikirké ing sedina kuwi. Luwih apik manèh nèk dirembug bareng-bareng sak keluarga. Keluarga Bètel sak donya ya nindakké sing padha ing wayah ésuk.
Keterangané dijupuk saka majalah Warta Penting (w) sasi April 2022 nganti Maret 2023. Angka sakwisé taun terbitan Warta Penting kuwi maksudé halaman artikelé, terus paragrafé sing ana ayat lan katrangané. (Deloken gambar ing ngisor.) Kanggo keterangan sing luwih akèh, njenengan isa maca artikel wulangan kuwi.