Minggu, 26 Oktober
Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong, ning Dhèwèké apikan banget karo wong sing rendah hati.—Yak. 4:6.
Ing Alkitab ana akèh conto wong wédok sing sayang lan nglayani Yéhuwah. Wong-wong wédok kuwi ”isa ngendhalèni kebiasaané” lan ”setya marang Gusti Allah wektu nindakké apa waé”. (1 Tim. 3:11) Terus, ing jemaat ya ana akèh contoné sedulur-sedulur wédok sing wis terbukti bener-bener sayang karo Yéhuwah. Cah-cah wédok, ana ora sedulur wédok sing mbok kenal sing péngin mbok tiru teladané? Gatèkna sifat-sifat apiké, terus pikirna carané niru. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kudu rendah hati. Nèk wong wédok rendah hati, dhèwèké ora mung bakal nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah, tapi ya karo wong liya. Wong wédok sing rendah hati lan sayang Yéhuwah bakal gelem manut petunjuk ing 1 Korintus 11:3. Ing kono, Yéhuwah wis nentokké sapa sing dadi kepala ing jemaat lan ing keluarga. w23.12 18-19 ¶3-5
Senèn, 27 Oktober
Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé.—Éf. 5:28.
Yéhuwah ngongkon wong lanang bèn sayang karo bojoné, nyukupi kebutuhané, dadi sahabaté, lan mbantu bojoné tetep akrab karo Yéhuwah. Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, ngajèni wong wédok, lan isa diendelké, kowé bakal luwih siap dadi suami. Bar kowé nikah, mungkin kowé isa waé nduwé anak. Bèn isa dadi bapak sing apik, kowé isa niru contoné Yéhuwah. (Éf. 6:4) Misalé, ing ngarepé wong akèh Yéhuwah ngomong nèk sayang lan bangga karo Yésus. (Mat. 3:17) Nèk kowé dadi bapak, kerep-kerepa ngomong karo anakmu nèk kowé sayang karo meréka. Terus, ya kerep-kerepa muji. Nèk kowé niru contoné Yéhuwah, mengko anak-anakmu ya isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Kowé isa siap dadi bapak sing apik nèk kèt saiki kowé belajar perduli lan menyayangi keluargamu lan sedulur-sedulur ing jemaat. Ngomonga nèk meréka kuwi berharga lan kowé sayang karo meréka.—Yoh. 15:9. w23.12 28-29 ¶17-18
Selasa, 28 Oktober
[Yéhuwah] sing nggawé kowé aman.—Yés. 33:6.
Meskipun wis dadi umaté Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa ngalami kesulitan-kesulitan kaya wong-wong umumé. Mungkin awaké dhéwé ya ditentang utawa dianiaya wong-wong sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Meskipun Yéhuwah ora nyegah umaté ngalami kaya ngono, Dhèwèké janji nèk bakal nulungi. (Yés. 41:10) Merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep bahagia, nggawé keputusan sing bener, lan tetep setya meskipun ana kesulitan. Ing Alkitab, Yéhuwah janji nèk ”bakal mènèhi [awaké dhéwé] rasa ayem”. (Flp. 4:6, 7) Rasa ayem iki maksudé perasaan tenang ing ati lan pikiran merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Rasa ayem iki ”ora isa dipahami manungsa” soalé pengaruhé luar biasa banget. Apa njenengan tau ndonga tenanan karo Yéhuwah, terus bar kuwi ngerti-ngerti langsung ngrasa tenang? Nah, kuwi sing jenengé ’rasa ayem saka Gusti Allah’. w24.01 20 ¶2; 21 ¶4