Setu, 4 Oktober
Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik, bèn aku isa martakké kuwi marang wong liya.—1 Kor. 9:23.
Awaké dhéwé aja lali nèk mbantu wong liya kuwi penting, utamané nginjil. Pas nginjil, awaké dhéwé ora éntuk kaku. Awaké dhéwé ketemu karo wong sing agama, sikap, lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé isa niru Rasul Paulus sing ora kaku. Yésus milih Paulus dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. (Rm. 11:13) Paulus nginjil karo wong Yahudi, Yunani, wong sing pendidikané dhuwur, wong sing ora sekolah, pejabat, lan raja. Paulus ngupaya sak isa-isané kanggo ”mbantu kabèh wong”. (1 Kor. 9:19-22) Dhèwèké nggatèkké tenanan budaya, latar belakang, lan agamané wong-wong sing dikabari. Paulus dadi ngerti piyé carané mbantu wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa berhasil nginjil nèk mikirké wong-wong sing dikabari lan gelem nyesuaikké apa sing diomongké. w23.07 23 ¶11-12
Minggu, 5 Oktober
Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong.—2 Tim. 2:24.
Ing Alkitab, istilah ”watak sing alus” kuwi diterjemahké saka kata Yunani sing biasané dienggo nggambarké kuda liar sing wis dijinakké. Meskipun wis jinak, ora berarti kuda kuwi dadi lemah. Tapi, kuda kuwi tetep kuwat. Nah, wong sing wataké alus kuwi ora berarti wong sing lemah. Malah, dhèwèké kuwi wong sing kuwat. Soalé, bèn isa tetep tenang pas ana sing isa waé marakké nesu kuwi ora gampang. Wong isa nduwé watak sing alus nèk dhèwèké ”dituntun roh suci”. (Gal. 5:22, 23) Makané, kudu ndonga njaluk roh suciné Gusti Allah bèn isa nduwé watak sing alus. Ana akèh sing wis berhasil nduwé watak sing alus. Misalé, ana akèh Seksi Yéhuwah sing tetep tenang meskipun dikasari. Kuwi marahi wong-wong dadi nduwé kesan sing apik karo Seksi Yéhuwah.—2 Tim. 2:24, 25. w23.09 15 ¶3
Senèn, 6 Oktober
Aku ndonga . . . [lan] Yéhuwah wis mènèhi sing tak jaluk.—1 Sam. 1:27.
Liwat wahyu sing ditampa, Yohanes tau ndelok pinituwa 24 sujud nyembah Yéhuwah ing swarga. Wong-wong kuwi ngomong nèk Yéhuwah ”pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa”. (Why. 4:10, 11) Para malaékat sing bareng-bareng karo Yéhuwah ing swarga ya isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Merga ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, para malaékat muji Yéhuwah. (Ayb. 38:4-7) Awaké dhéwé ya péngin muji Yéhuwah pas ndonga. Critakna ngapa kok njenengan sayang karo Yéhuwah. Pas maca Alkitab, gatèkna sifat-sifaté Yéhuwah sing berkesan kanggoné njenengan. (Ayb. 37:23; Rm. 11:33) Terus pas ndonga, critakna piyé perasaané njenengan soal sifat-sifaté Yéhuwah. Njenengan ya isa muji Yéhuwah merga wis mbantu njenengan lan sedulur-sedulur sak donya.—1 Sam. 2:1, 2. w23.05 3-4 ¶6-7