PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Minggu, 27 Juli

[Kudu] isa nguwatké . . . lan isa ngélikké.—Tit. 1:9.

Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé kudu belajar ketrampilan. Ketrampilan-ketrampilan kuwi bakal bermanfaat wektu kowé éntuk tugas ing jemaat, nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhanmu lan keluarga, lan wektu urusan karo wong liya. Misalé, kowé kudu ajar maca lan nulis. Ing Alkitab disebutké nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina kuwi isa marakké bahagia. (Mzm. 1: 1-3) Nèk maca Alkitab saben dina, kowé bakal ngerti sing dikarepké Yéhuwah. Hasilé, pas ngadhepi situasi tertentu, kowé bakal ngerti kudu piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 1: 3, 4) Sedulur-sedulur bakal éntuk akèh manfaat nèk ing jemaat ana sedulur-sedulur lanang sing isa mulang lan ngekèki naséhat saka Alkitab. Nèk isa maca lan nulis, kowé bakal isa nyiapké ceramah lan koméntar sing bermanfaat, sing marakké sedulur-sedulur tambah kuwat imané. Terus, kowé ya isa nggawé cathetan sing bermutu sing isa dienggo nguwatké imanmu lan imané wong liya. w23.12 26-27 ¶9-11

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Senèn, 28 Juli

Gusti Allah ndhukung kowé, lan Dhèwèké luwih kuwat timbang Iblis sing ndhukung donya iki.—1 Yoh. 4:4.

Pas ngrasa wedi, njenengan isa ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn pas Sétan wis disingkirké. Ing pertemuan gabungan wilayah 2014 ana pertunjukan sak keluarga sing lagi ngrenungké donya anyar. Bapaké njelaské nèk 2 Timotius 3:​1-5 mbahas soal donya anyar, kira-kira isiné mungkin ngéné: ”Ing donya anyar keadaané bakal nyenengké banget. Wong-wong bakal mikirké kepentingané wong liya, ngutamakké hubungané karo Yéhuwah, ora sombong, rendah hati, seneng muji Gusti Allah, manut karo wong tuwa, nduwé rasa maturnuwun, setya, sayang karo keluargané, ora ngèyèl, seneng ngomongké sing apik-apik soal wong liya, isa ngendhalèni dhiri, alus, seneng karo apa sing apik, isa dipercaya, seneng ngalah, ora rumangsa penting, luwih nresnani Gusti Allah timbang kesenengan, lan ora mung ngibadah tapi perbuatané ya nyenengké Gusti Allah. Kowé kudu terus akrab karo wong-wong kuwi.” Apa njenengan ya kerep mbahas karo keluarga utawa sedulur seiman soal keadaan ing donya anyar? w24.01 6 ¶13-14

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 29 Juli

Kowé . . . nggawé Aku seneng.—Luk. 3:22.

Ing Alkitab disebutké, ”Yéhuwah seneng karo umaté.” (Mzm. 149:4) Kuwi mesthi marakké kabèh umaté dadi ngrasa ayem. Tapi merga cilik ati, ana sing ragu-ragu terus mikir, ’Apa tenan Yéhuwah seneng karo aku?’ Jaman mbiyèn, ana umaté Yéhuwah sing setya, sing ya tau ngrasa kaya ngono. (1 Sam. 1:​6-10; Ayb. 29:​2, 4; Mzm. 51:11) Menurut Alkitab, manungsa sing ora sampurna isa disenengi Yéhuwah nèk meréka beriman karo Yésus lan dibaptis. (Yoh. 3:16) Dibaptis kuwi bukti nèk wis mertobat lan janji nèk bakal terus nglakoni karepé Gusti Allah. (Kis. 2:38; 3:19) Kuwi isa marakké Yéhuwah seneng, soalé kuwi berarti awaké dhéwé péngin akrab karo Dhèwèké. Nèk terus ngupayakké sing paling apik kanggo nepati janji ngabdi, Yéhuwah bakal seneng karo awaké dhéwé lan nganggep awaké dhéwé kanca akrabé.—Mzm. 25:14. w24.03 26 ¶1-2

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim