Kemis, 4 September
Bakal ana dalan gedhé ing kono sing disebut Dalan Suci.—Yés. 35:8.
Wong Yahudi sing bali ing Israèl bakal dadi ”bangsa sing suci” kanggo Yéhuwah. (PT. 7:6) Tapi wong-wong kuwi kudu tetep berubah bèn isa nyenengké Yéhuwah. Akèh-akèhé wong Yahudi lair ing Babilon. Dadi mesthiné wong-wong kuwi wis terpengaruh pandhangané wong Babilon. Bertaun-taun sakwisé wong Yahudi bali ing Israèl, Gubernur Néhémia kagèt wektu ngerti nèk anak-anaké wong Israèl ora isa ngomong nganggo basa Ibrani. (PT. 6:6, 7; Néh. 13:23, 24) Terus piyé bocah-bocah kuwi isa sayang Yéhuwah nèk ora mudheng isiné Kitab Suci sing wektu kuwi ditulis nganggo basa Ibrani? (Ézr. 10:3, 44) Dadi, wong Yahudi kudu berubah. Kuwi isa luwih gampang nèk wong Yahudi bali ing Israèl. Soalé ing kono, ibadah sing murni dipulihké.—Néh. 8:8, 9. w23.05 15 ¶6-7
Jumat, 5 September
Yéhuwah ndhukung kabèh wong sing ilang kekuwatané lan nyemangati kabèh wong sing susah.—Mzm. 145:14.
Meskipun nduwé motivasi lan wis berjuang tenanan, awaké dhéwé tetep isa gagal. Misalé, awaké dhéwé ora nduwé wektu merga ngalami ”kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pkh. 9:11) Awaké dhéwé ya isa dadi ora semangat merga ngalami masalah. (WB. 24:10) Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing klèru. (Rm. 7:23) Utawa awaké dhéwé kesel. (Mat. 26:43) Nèk ngono piyé? Nèk gagal, aja nyerah. Menurut Alkitab, awaké dhéwé isa waé gagal merga ngalami masalah. Tapi, awaké dhéwé sanggup ngatasi kuwi. Nèk terus berjuang, kuwi bukti nèk njenengan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah mesthi bangga karo njenengan. w23.05 30 ¶14-15
Setu, 6 September
[Kudu] dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah.—1 Ptr. 5:3.
Nèk merintis, cah-cah enom isa belajar carané kerja sama karo akèh wong sing sifaté béda-béda. Merga kudu urip sederhana, dhèwèké ya bakal belajar ngatur keuangané. (Flp. 4:11-13) Nah, bèn isa dadi pelayan sepenuh waktu, kowé isa nyoba merintis èkstra sik bèn akhiré luwih siap dadi perintis biasa. Nèk wis dadi perintis biasa, kowé isa diundang kanggo dadi rélawan pembangunan utawa anggota Bètel. Kabèh cah lanang kudu berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dhèwèké memenuhi syarat dadi pinituwa. Menurut Alkitab nèk dhèwèké ngupayakké kuwi, berarti dhèwèké ”péngin nindakké gawéan sing apik”. (1 Tim. 3:1) Pertama, kudu memenuhi syarat sik dadi abdiné jemaat. Abdiné jemaat tugasé mbantu para pinituwa nglayani para sedulur ing jemaat. Embuh pinituwa utawa abdiné jemaat kabèh kuwi rendah hati nglayani para sedulur lan ya semangat nginjil. w23.12 28 ¶14-16