PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 36
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Wilangan

      • Hukum soal pernikahané wong wédok sing nampa warisan (1-13)

Wilangan 36:1

Réferènsi Silang

  • +Wi 26:29

Wilangan 36:2

Réferènsi Silang

  • +Wi 26:55; 33:54
  • +Wi 27:1-7

Wilangan 36:4

Réferènsi Silang

  • +Km 25:10

Wilangan 36:8

Réferènsi Silang

  • +1Bb 23:22

Wilangan 36:10

Réferènsi Silang

  • +Wi 36:6

Wilangan 36:11

Réferènsi Silang

  • +Wi 27:1

Wilangan 36:13

Réferènsi Silang

  • +Wi 26:3; 33:50; 35:1

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Wi. 36:1Wi 26:29
Wi. 36:2Wi 26:55; 33:54
Wi. 36:2Wi 27:1-7
Wi. 36:4Km 25:10
Wi. 36:81Bb 23:22
Wi. 36:10Wi 36:6
Wi. 36:11Wi 27:1
Wi. 36:13Wi 26:3; 33:50; 35:1
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Wilangan 36:1-13

Wilangan

36 Terus, para kepala keluarga keturunané Giléad anaké Makhir+ anaké Manasyé, saka keluarga keturunané Yusuf, nemoni Musa lan para pemimpin, yaiku para kepala saka keluargané wong Israèl. 2 Wong-wong kuwi kandha, ”Yéhuwah ngongkon njenengan mbagi-mbagi tanah iki dadi warisan kanggo wong Israèl nganggo cara diundhi.+ Njenengan ya dikongkon Yéhuwah mènèhké warisané Zéloféhad, sedulurku, marang anak-anaké wédok.+ 3 Nèk wong-wong wédok kuwi nikah karo wong lanang saka suku liya, warisané wong-wong wédok kuwi ya bakal dijupuk saka warisané nènèk moyangku lan ditambahké ing warisan sukuné wong lanang sing dinikahi. Dadi, sebagéan warisanku sing wis dibagi nganggo undhi bakal ilang. 4 Pas taun Yobèl,+ warisané wong-wong wédok kuwi ya bakal ditambahké ing warisan sukuné wong lanang sing dinikahi. Mula, sebagéan warisan saka sukuné nènèk moyangku bakal ilang.”

5 Terus, nurut préntahé Yéhuwah, Musa ngongkon wong Israèl, ”Sing diomongké suku keturunané Yusuf kuwi pancèn bener. 6 Iki préntahé Yéhuwah kanggo anak-anaké wédok Zéloféhad: ’Wong-wong wédok kuwi éntuk nikah karo sapa waé sing disenengi. Ning, wong-wong kuwi kudu nikah karo wong lanang saka sukuné bapaké. 7 Warisané wong Israèl kudu tetep ana ing sukuné dhéwé-dhéwé, merga wong Israèl kudu njaga warisan sukuné nènèk moyangé. 8 Saben wong wédok sing nampa warisan ing antarané suku-suku Israèl kudu nikah karo wong lanang saka sukuné bapaké,+ supaya wong Israèl isa tetep njaga warisané nènèk moyangé. 9 Tanah warisan kudu tetep ana ing sukuné dhéwé-dhéwé, merga suku-suku Israèl kudu njaga warisané dhéwé-dhéwé.’”

10 Anak-anaké wédok Zéloféhad nindakké persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 11 Mula, anak-anaké wédok Zéloféhad+ yaiku Mahla, Tirza, Hogla, Milka, lan Noa nikah karo wong-wong lanang saka keluargané bapaké. 12 Wong-wong wédok kuwi dadi bojoné wong-wong lanang saka keluargané Manasyé anaké Yusuf, supaya warisané tetep dadi duwèké sukuné bapaké.

13 Kuwi kabèh préntah lan hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl liwat Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim