Mazmur
Lagu sedhih sing dinyanyèkké Daud kanggo Yéhuwah soal Kus wong Bènyamin kuwi.
7 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku nggolèk perlindungan marang Njenengan.+
Tulung slametna aku saka kabèh wong sing nganiaya aku, lan bébasna aku.+
2 Nèk ora mbok slametké, aku bakal dicabik-cabik wong-wong kuwi, kaya dicabik-cabik singa,+
Wong-wong kuwi nyèrèt aku, lan ora ana sing nulungi aku.
3 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, nèk pancèn aku salah,
Nèk pancèn aku ora adil,
4 Nèk pancèn aku njahati wong sing wis apikan karo aku+
Utawa njarah mungsuhku tanpa sebab,*
5 Bèn waé mungsuhku ngoyak* lan nyekel aku.
Bèn waé mungsuhku ngidak-idak aku nganti aku mati
Lan nggawé kemuliaanku ilang. (Sela)
6 Oh Yéhuwah, tulung duduhna nèk Njenengan nesu. Tulung Njenengan tumindak.
Tulung Njenengan nglawan mungsuh-mungsuhku sing nesu marang aku.+
Tulung bantu aku, lan tulung tumindak adil marang aku.+
7 Bèn waé bangsa-bangsa nglawan Njenengan.
Saka swarga, Njenengan bakal nglawan bangsa-bangsa kuwi.
8 Yéhuwah bakal ngadili bangsa-bangsa.+
Oh Yéhuwah, tulung aku diadili sesuai karo tumindakku sing bener
Lan sesuai karo kesetiaanku.+
9 Muga-muga Njenengan nggawé wong sing jahat ora tumindak jahat manèh
Lan mbéla wong sing bener,+
Merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing adil,+ sing nyelidiki ati+ lan perasaané manungsa.*+
10 Gusti Allah kuwi tamèngku,+ sing nylametké wong sing tulus atiné.+
11 Gusti Allah kuwi Hakim sing adil+
Lan ngukum wong sing jahat saben dina.
12 Nèk ana sing ora mertobat,+ Dhèwèké bakal ngasah pedhangé.+
Dhèwèké bakal nyiapké* busuré kanggo manah.+
13 Dhèwèké siap nggunakké senjatané sing ampuh.
Dhèwèké siap nggunakké panah sing ana geniné.+
14 Deloken wong sing nggawé* rencana jahat.
Wong kuwi omongané ngapusi+ lan nyebabké kesusahan.*
15 Wong kuwi nggali lubang sing jero,
Ning wong kuwi dhéwé sing tiba ing lubang kuwi.+
16 Dhèwèké nggawé masalah, tapi masalah kuwi mbalik ing dhèwèké dhéwé.+
Dhèwèké bakal cilaka merga kejahatané dhéwé.
17 Aku bakal muji Yéhuwah merga Dhèwèké adil.+
Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo jenengé Yéhuwah+ Sing Mahaluhur.+