Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Soal Gitit.* Lagu sing digawé Daud.
8 Oh Yéhuwah Gustiku, jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa ing bumi.
Njenengan nggawé kemuliaan-Mu luwih dhuwur timbang langit.*+
2 Njenengan nduduhké kekuwatan-Mu liwat omongané bocah cilik lan bayi,+
Bèn mungsuh-Mu sing kejem lan sing nglawan Njenengan
Dadi ora isa ngomong apa-apa manèh.
3 Wektu aku ndelok langit sing mbok gawé,*
Bulan lan bintang sing mbok gawé,+
4 Aku mikir, ’Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké?
Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?’+
5 Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendhah sithik timbang malaékat,*
Lan Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati.
6 Njenengan nggawé dhèwèké nguwasani sing wis mbok gawé.*+
Njenengan nggawé dhèwèké nguwasani kabèh iki:
7 Domba, kambing, sapi,
8 Manuk ing langit, iwak ing laut,
Lan kabèh sing urip ing laut.
9 Oh Yéhuwah Gustiku, jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa ing bumi.