Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu sing digawé Daud.
61 Oh Gusti Allah, rungokna aku wektu aku njaluk tulung.
Gatèkna dongaku.+
2 Saka ujung bumi, aku bakal njaluk tulung marang Njenengan
Wektu atiku susah.+
Tulung tuntun aku menyang gunung watu sing dhuwur.+
3 Njenengan kuwi panggonanku berlindung,
Menara sing kuwat sing nglindhungi aku saka mungsuh.+
4 Aku bakal dadi tamu ing kémah-Mu saklawasé.+
Aku bakal berlindung ing ngisoré sayap-Mu.+ (Sela)
5 Oh Gusti Allah, Njenengan wis krungu janjiku.
Njenengan mènèhi aku warisan sing wis disiapké kanggo wong sing wedi marang* Njenengan.+
6 Njenengan bakal nggawé umuré raja tambah dawa.+
Dhèwèké bakal dawa umuré.
7 Dhèwèké bakal saklawasé dadi raja* ing ngarepé Gusti Allah.+
Muga-muga Njenengan sayang* lan setya karo dhèwèké bèn dhèwèké isa mbok lindhungi.+
8 Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo jeneng-Mu.+
Saben dina, aku bakal terus nepati janjiku.+