Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Soal Gitit.* Lagu sing digawé Asaf.+
81 Kowé kudu ngrasa seneng lan sorak-sorak marang Gusti Allah, kekuwatané awaké dhéwé.+
Kowé kudu sorak-sorak lan muji Gusti Allahé Yakub.
2 Kowé kudu main musik lan njupuk rebana.
Kowé kudu main alat musik bersenar lan main harpa sing swarané merdu.
4 Kuwi préntah kanggo wong Israèl,
Peraturan saka Gusti Allahé Yakub+
5 Sing diwènèhké kanggo ngélingké Yusuf+
Wektu Dhèwèké nglawan wong Mesir.+
Tangané wis ora nyekel kranjang* manèh.
7 Kowé njaluk tulung pas kowé susah, lan aku nylametké kowé.+
Aku njawab kowé saka njero badai.*+
Aku nguji kowé ing Mata Air Mériba.*+ (Sela)
8 Umat-Ku, rungokna, Aku bakal mènèhi naséhat marang kowé.
Oh Israèl, nèk kowé gelem ngrungokké Aku,+
9 Ora bakal ana allah sing ora dikenal ing antaramu,
Lan kowé ora bakal sujud marang allah liya.+
10 Aku Yéhuwah Gusti Allahmu,
Sing nggawa kowé metu saka Mesir.+
Aku bakal mènèhi kowé mangan nganti wareg.+
11 Tapi, umat-Ku ora gelem ngrungokké aku.
Israèl ora gelem manut karo Aku.+
12 Mula, Aku meneng waé wektu wong-wong kuwi ndableg.
Wong-wong kuwi nindakké apa sing dianggep bener nurut pikirané dhéwé.*+
13 Nèk umat-Ku gelem ngrungokké Aku,+
Nèk Israèl gelem manut préntah-Ku,+
14 Aku bakal langsung ngalahké
Lan ngukum mungsuh-mungsuhé.+
15 Wong sing sengit karo Yéhuwah bakal wedi banget ing ngarepé,
Lan wong kuwi bakal dihukum saklawasé.