Kidung Pangadhuh
5 Oh Yéhuwah, élinga karo apa sing wis tak alami.
Deloken lan gatèkna keadaanku sing dirèmèhké.*+
2 Warisanku wis diserahké marang wong sing ora dikenal lan omahku diserahké marang wong asing.+
3 Aku dadi yatim, ora nduwé bapak. Ibuku kaya randha.+
4 Aku kepeksa kudu mbayar bèn isa ngombé+ lan nduwé kayu bakar.
5 Aku dioyak* nganti arep kecekel.
Aku wis kekeselen, ning ora isa istirahat.+
6 Aku ngendelké Mesir+ lan Asiria+ bèn isa nduwé cukup roti kanggo dipangan.
7 Nènèk moyangku sing nindakké dosa wis ora ana manèh, ning aku kudu nanggung kesalahané.
8 Saiki aku dipréntah karo pelayan-pelayan. Ora ana sing nylametké aku saka tangané wong-wong kuwi.
9 Aku kudu toh nyawa bèn isa éntuk roti,+ merga ana wong-wong sing nggawa pedhang ing padhang belantara.
10 Merga kelaparan,+ aku dadi demam, mula kulitku dadi panas banget kaya tungku.
11 Wong-wong wédok sing wis nikah sing manggon ing Zion lan para prawan ing kutha-kutha Yéhuda+ padha diperkosa.
12 Tangané para pejabat ditalèni, terus para pejabat kuwi digantung.+ Para pemimpin* ora diajèni.+
13 Wong-wong lanang sing isih enom padha nggawa watu gilingan, lan bocah-bocah lanang padha kesandhung merga nggawa kayu bakar sing abot.
14 Para pemimpin* wis ora ana manèh ing gerbang kutha.+ Wong-wong lanang sing isih enom ora main musik manèh.+
15 Atiku wis ora bahagia manèh. Tarianku berubah dadi rasa sedhih.+
16 Mahkota wis tiba saka sirahku. Cilaka tenan aku, merga aku wis dosa.
18 Merga Gunung Zion wis telantar,+ saiki panggonan kuwi dienggoni akèh rubah.
19 Ning Njenengan, oh Yéhuwah, Njenengan bakal lungguh ing takhta kanggo saklawasé.
Takhtané Njenengan ana nganti turun-temurun.+
20 Ngapa kok Njenengan nglalèkké aku lan ninggalké aku nganti suwé banget?+
21 Oh Yéhuwah, tulung gawanen aku bali marang Njenengan, lan aku bakal ndang bali.+
Muga-muga kabèh dadi kaya sing mbiyèn manèh.+
22 Ning, Njenengan wis bener-bener nolak aku.
Njenengan isih nesu banget karo aku.+