PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 5 hlm. 15-17
  • Carané Tetep Rukun karo Maratuwa

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Tetep Rukun karo Maratuwa
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 AJÈNANA MARATUWAMU
  • 2 KUDU BLAKA KARO MARATUWA
  • Kudu Setya karo Bojoné
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Nyuwuna Tuntunané Gusti Allah Bèn Ayem Tentrem
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Wulangan saka Alkitab ora ”Nggawa Pirukun Nanging Pedhang”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Delok Kabèh
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 5 hlm. 15-17
Ibu maratuwa ora seneng cara mantuné masak

BAGÉAN 5

Carané Tetep Rukun karo Maratuwa

”Padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebudèn lan sabar.”​—Kolosé 3:12

Wektu nduwé bojo, panjenengan nduwé keluarga anyar. Panjenengan mesthi tetep nresnani lan ngajèni wong tuwa, ning saiki bojo dadi sing paling penting. Wong tuwa isa waé ora trima nèk anaké saiki luwih mentingké bojoné. Pathokané Alkitab isa mbantu bèn nduwé keluarga anyar sing apik, rukun karo maratuwa, ipé, lan kabèh sedulur liyané.

1 AJÈNANA MARATUWAMU

Wong bebojoan srawung karo wong tuwané

ALKITAB KANDHA: ”Sira ngajènana bapa-biyungira.” (Éfesus 6:2) Senajan wis urip bebojoan, kudu tetep ngajèni wong tuwa. Bojomu iya nduwé wong tuwa sing kudu digatèkké. Nèk nduwé katresnan, kuduné ora éntuk mèri, nèk bojomu nggatèkké wong tuwané.​—1 Korinta 13:4; Galati 5:26.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Aja nganti ngomong, ”Keluargamu mesthi ora ngajèni aku” utawa ”Mbokmu ora tau seneng karo aku”

  • Pikiren piyé perasaané bojomu marang wong tuwané

2 KUDU BLAKA KARO MARATUWA

ALKITAB KANDHA: ”Mulané wong lanang bakal ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang bojoné sarta sakaroné iku bakal dadi daging siji.” (Purwaning Dumadi 2:24) Wong tuwa mbokmenawa isih péngin ngopèni anaké senajan anaké wis nduwé bojo. Wong tuwa isa waé péngin mèlu-mèlu urusan keluargané anaké.

Panjenengan kudu nemtokké batesané sepira wong tuwa isa mèlu-mèlu urusan keluarga. Gunakna cara sing apik pas ngandhani wong tuwa lan ora éntuk kasar. (Wulang Bebasan 15:1) Kudu sing sabar, andhap asor, lan alus bèn isa akrab karo maratuwa. Panjenengan iya kudu ’ngétokké katresnan’.—Éfesus 4:2.

Wong bebojoan rembugan, ngekèki wong tuwané hadiah

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk wong tuwa wis kakèhan mèlu-mèlu urusan keluarga, coba dirembug bareng karo bojomu pas kahanané cocog

  • Kudu nggawé keputusan piyé carané ngadhepi masalah kuwi

NGUPAYA PANGERTÈN KARO MARATUWA

Mikirké omongan lan perasaané wong tuwa kuwi penting. Wong tuwa sing mèlu-mèlu urusan keluarga mbokmenawa ora nduwé tujuan ala, ning merga perduli karo anaké sing wis urip bebojoan. Wong tuwa mungkin durung isa nrima nèk anaké wis nduwé keluarga dhéwé. Wong tuwa isa waé krasa ora digatèkké manèh. Nèk pathokané Alkitab ditrapké ing urip bebojoan, lan rembugan sing jujur, panjenengan isa rukun karo maratuwa tanpa ngurbanké keluarga.

COBA DIPIKIR . . .

  • Ngapa kok lumrah nèk maratuwa péngin mèlu-mèlu urusan keluargaku?

  • Piyé carané aku isa mentingké bojoku, ning iya ngajèni wong tuwaku?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim