PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 47
  • Piyé Carané Dadi Seksi Yéhuwah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Dadi Seksi Yéhuwah?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé carané isa ngerti nèk wis memenuhi syarat kanggo dibaptis?
  • Apa anaké Seksi Yéhuwah otomatis dadi Seksi Yéhuwah?
  • Dibaptis Kuwi Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Ana Akèh Berkah Nèk Njenengan Dibaptis
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Cah-Cah Enom—Apa Kowé Wis Siap Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 47
Loro Seksi Yéhuwah lagi salaman karo senyum

Piyé Carané Dadi Seksi Yéhuwah?

Yésus ngongkon murid-muridé mènèhi kesaksian soal Yéhuwah. Kuwi berarti Seksi Yéhuwah ya muridé Yésus, soalé tugasé ya nyritakké soal Yéhuwah. Makané bèn isa dadi Seksi Yéhuwah, isa nggatèkké omongané Yésus ing Matius 28:19, 20.

Cara 1: Sinau Alkitab. Yésus ngongkon murid-muridé ’ndadèkké murid lan mulang wong-wong kuwi’. (Matius 28:19, 20) Kata ”murid” ing ayat kuwi ya isa diterjemahké dadi ”wong sing sinau”. Iki berarti wong sing péngin dadi muridé Yésus kudu sinau Alkitab dhisik. Lha ngapa? Soalé ing Alkitab ana ajarané Yésus. Terus nèk sinau Alkitab ya isa ngerti carané bèn bahagia. (2 Timotius 3:​16, 17) Seksi Yéhuwah seneng mbantu njenengan sinau Alkitab, lan sinauné ora mbayar.​—Matius 10:​7, 8; 1 Tésalonika 2:​13.

Cara 2: Ngetrapké sing dipelajari. Yésus ngomong nèk wong-wong sing péngin dadi muridé ya kudu ”nindakké kabèh sing wis [Yésus] préntahké”. (Matius 28:20) Iki berarti apa sing dipelajari ya kudu ditrapké. Dadi, pikiran lan tingkah lakuné kudu sesuai karo ajarané Alkitab. (Kisah 10:42; Éfésus 4:​22-​29; Ibrani 10:24, 25) Terus, wong sing manut Yésus mesthi ya bakal mutuské kanggo nglayani Gusti Allah Yéhuwah.​—Matius 16:24.

Cara 3: Dibaptis. (Matius 28:19) Ing Alkitab, dibaptis kuwi dipadhakké kaya dikubur. (Bandhingna Roma 6:​2-4.) Kuwi maksudé tingkah laku sing ora bener seolah-olah wis mati lan ditinggalké. Wong sing wis dibaptis ya bakal terus ngupaya bèn pikiran lan tingkah lakuné sesuai karo karepé Gusti Allah. Nèk dibaptis, wong-wong isa ngerti nèk njenengan wis sinau Alkitab, ngetrapké kuwi, lan péngin dadi muridé Yésus. Njenengan ya bakal nduwé hati nurani sing resik.​—Ibrani 9:​14; 1 Pétrus 3:​21.

Piyé carané isa ngerti nèk wis memenuhi syarat kanggo dibaptis?

Isa ngomong karo para pinituwa ing jemaat nèk péngin dibaptis. Meréka bakal nemoni njenengan kanggo mastèkké nèk njenengan bener-bener paham ajarané Alkitab lan wis ngetrapké kuwi. Meréka ya bakal mastèkké njenengan wis janji karo Gusti Allah liwat donga nèk péngin nglayani Dhèwèké.​—Kisah 20:28; 1 Pétrus 5:​1-3.

Apa anaké Seksi Yéhuwah otomatis dadi Seksi Yéhuwah?

Ora. Bèn isa dibaptis, anaké Seksi Yéhuwah tetep kudu sinau Alkitab lan ngetrapké kuwi. (Roma 12:2) Mémang, Seksi Yéhuwah bakal ’ndhidhik anaké sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah’. (Éfésus 6:4) Tapi meréka ora isa meksa anaké kanggo dadi Seksi Yéhuwah, soalé saben wong kudu mutuské dhéwé arep nglayani Yéhuwah apa ora.​—Roma 14:12; Galatia 6:5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim