PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 46
  • Pira Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pira Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sapa waé sing termasuk dadi Seksi Yéhuwah?
  • Bèn isa dadi Seksi Yéhuwah, apa kudu nyumbang sik?
  • Piyé carané ngétung jumlahé Seksi Yéhuwah?
  • Apa kabèh sing mèlu ibadahé Seksi Yéhuwah kuwi dianggep dadi Seksi Yéhuwah?
  • Ngapa jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing data sènsus pamréntah luwih akèh timbang sing diétung Seksi-Seksi Yéhuwah dhéwé?
  • Njenengan Isa Tetep Bahagia ing Taun 2024
    Topik Liyané
  • Apa Bakal Ana Perang Donya Manèh?
    Topik Liyané
  • Jumlah Total Taun 2021
    Laporan Taun Dinas 2021 saka Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya
  • Jumlah Total Taun 2023
    Laporan Taun Dinas 2023 saka Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 46
Seksi Yéhuwah nginjil karo ibu-ibu

Pira Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya?

Laporan Taun 2024

Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya

9.043.460

Jemaat

118.767

Negara lan dhaérah sing ana Seksi Yéhuwah

240

Jumlah Total Taun 2024

Laporan saka Negara lan Dhaérah Taun 2024

Sapa waé sing termasuk dadi Seksi Yéhuwah?

Wong dianggep dadi Seksi Yéhuwah nèk saben sasi mèlu nginjil soal Kerajaané Gusti Allah. (Matius 24:14) Kuwi termasuk sing wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah lan sing durung dibaptis tapi wis memenuhi syarat kanggo mèlu nginjil.

Bèn isa dadi Seksi Yéhuwah, apa kudu nyumbang sik?

Ora. Biasané, kami ya ora ngerti sapa waé sing nyumbang. Makané, wong isa dadi Seksi Yéhuwah utawa bahkan éntuk tugas ing jemaat kuwi ora bergantung karo sumbangané. (Kisah 8:​18-​20) Tapi mémang, kabèh Seksi Yéhuwah seneng nyumbangké dhuwit, wektu, lan tenagané kanggo ndhukung organisasi, lan kuwi sesuai karo kesanggupané dhéwé-dhéwé.​—2 Korintus 9:7.

Piyé carané ngétung jumlahé Seksi Yéhuwah?

Kaya sing disebutké mau, sing dianggep Seksi Yéhuwah kuwi mung wong sing mèlu nginjil. Terus, piyé bèn isa ngerti jumlahé sing nginjil? Saben sasi, Seksi Yéhuwah bakal secara sukaréla ngekèki laporan soal kegiatan nginjilé. Laporan kuwi dikumpulké ing jemaat.

Saka jemaat, laporan kuwi dikirimké ing kantor cabang. Kantor cabang bakal njumlahké laporan saka kabèh jemaat lan ngirimké kuwi ing kantor pusaté Seksi Yéhuwah. Tapi nèk kantor cabangé ora mung ngawasi siji negara, laporané bakal dikelompokké lan dijumlahké sik berdasarkan negara utawa dhaérah sing diawasi cabang kuwi, terus lagi dikirimké ing kantor pusat.

Ing akhir taun dinas,a kantor pusat bakal nentokké jumlahé Seksi Yéhuwah ing saben negara utawa dhaérah. Carané piyé? Saka laporan selama setaun, sing dipilih kuwi jumlah sing paling akèh saka saben negara utawa dhaérah. Terus, angka-angka kuwi dijumlahké bèn isa ngerti jumlahé Seksi Yéhuwah sak donya. Laporan sing terperinci kanggo saben negara ana ing situs wèb jw.org ing bagian ”Sak Donya”. Kaya wong Kristen jaman mbiyèn, Seksi Yéhuwah ngrasa dikuwatké pas ndelok laporan-laporan kuwi.​—Kisah 2:​41; 4:4; 15:3.

Apa kabèh sing mèlu ibadahé Seksi Yéhuwah kuwi dianggep dadi Seksi Yéhuwah?

Ora. Tapi Seksi Yéhuwah seneng ngundang wong-wong bèn teka ing pertemuan ibadahé. Makané jumlahé sing teka ing pertemuan ibadah isa luwih akèh timbang jumlahé Seksi Yéhuwah. Misalé ing acara Peringatan Kematiané Yésus taun 2024, sing mèlu acara Peringatan ana 21.119.442, padahal jumlahé Seksi Yéhuwah mung sekitar 9 juta.

Sakliyané ing pertemuan ibadah, wong-wong ya isa éntuk manfaat nèk sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Nèk dirata-rata, selama taun 2024, Seksi Yéhuwah mandhu 7.480.146 pelajaran Alkitab saben sasi. Tapi jumlahé wong sing sinau isa luwih saka kuwi merga ana sing sinauné bareng-bareng.

Ngapa jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing data sènsus pamréntah luwih akèh timbang sing diétung Seksi-Seksi Yéhuwah dhéwé?

Lembaga sènsus pamréntah biasané takon karo wong-wong agamané apa. Nah kuwi sing didadèkké data. Misalé, Biro Sensus Amerika Serikat ngakoni nèk datané kuwi berdasarkan jawabané wong-wong. Dadi nèk ana sing ngaku-ngaku thok ya bakal mlebu ing data kuwi. Tapi carané Seksi Yéhuwah béda. Sing dianggep Seksi Yéhuwah kuwi mung sing nginjil lan nglaporké kuwi.

a Taun dinas dimulai saka 1 September tekan 31 Agustus. Contoné, taun dinas 2015 kuwi saka 1 September 2014 tekan 31 Agustus 2015.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim