Anton Petrus/Moment via Getty Images
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Apa Bakal Ana Perang Donya Manèh?
Selama 30 taun iki, akèh wong mikir nèk negara-negara ing sak donya hubungané apik lan ora ana masalah. Tapi kenyataané ora kaya ngono.
”Wong-wong kuwatir nèk perang ing Gaza bakal nggawé dhaérah-dhaérah liya ya mulai perang, kaya Israel karo Hizbullah sing lagi perang ing perbatasan Lebanon.”—Reuters, 6 Januari 2024.
”Kelompok-kelompok sing diatur Iran nyerang berbagai dhaérah. Terus, Iran ya mulai nggawé senjata nuklir manèh. Sakliyané kuwi, Rusia karo Cina kerja sama karo Iran. Kuwi dadi ancaman kanggo negara-negara ing Amerika lan Eropa.”—The New York Times, 7 Januari 2024.
”Serangané Rusia nggawé keadaan ing Ukraina tambah parah.”—UN News, 11 Januari 2024.
”Cina memperkuat perékonomian lan militèré. Taiwan ya nggawé bèn rakyaté tambah semangat mbéla negara. Keadaané isa tambah susah lan dadi akèh masalah merga Cina karo Amerika Serikat mungsuhan.”—The Japan Times, 9 Januari 2024.
Apa ing Alkitab ana keterangan soal keadaan saiki? Apa peristiwa-peristiwa kuwi nduduhké nèk bakal ana perang donya manèh?
Ramalan ing Alkitab
Mémang ing Alkitab ora disebutké langsung soal perang sing kelakon saiki. Tapi, ing Alkitab diramalké nèk jaman saiki bakal ana akèh perang lan kuwi ”ngrampas perdamaian saka bumi”.—Wahyu 6:4.
Ing buku Danièl diramalké nèk ”ing akhir jaman”, negara-negara sing kuwat bakal ”perang” utawa saingan bèn dadi negara sing paling kuwat. Meréka ngentèkké akèh ”harta” utawa dhuwit kanggo memperkuat militèr.—Danièl 11:40, 42, 43.
Perang sing bakal kelakon
Ing Alkitab disebutké nèk keadaan saiki bakal tambah parah. Yésus ngomong nèk ”bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kelakon kèt permulaan donya”. (Matius 24:21) Sakwisé ”sengsara gedhé”, bakal ana perang Armagédon. Kuwi ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”.—Wahyu 16:14, 16.
Pas perang kuwi, Gusti Allah bakal nylametké manungsa. Pas kuwi, Gusti Allah ya bakal nyingkirké pamréntahané manungsa sing marakké akèh perang. Saka endi awaké dhéwé ngerti nèk sakwisé Armagédon keadaané bakal ayem? Wacanen artikel: