PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésus Dadi Mésias
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Sakwisé Yésus dibaptis karo Yohanes, ana roh suci sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus

      PELAJARAN 74

      Yésus Dadi Mésias

      Yohanes terus ngumumké, ’Wong sing luwih kuwasa timbang aku bakal teka.’ Pas umuré kira-kira 30 taun, Yésus lunga saka Galiléa ing Kali Yordan. Ing kono, Yohanes biasané mbaptis wong-wong. Yésus njaluk dibaptis Yohanes. Tapi, Yohanes ngomong, ’Kuduné njenengan sing mbaptis aku, dudu aku sing mbaptis njenengan.’ Yésus ngomong, ’Yéhuwah péngin kowé sing mbaptis aku.’ Mula, Yésus lan Yohanes lunga ing Kali Yordan. Terus, Yohanes mbaptis Yésus nganggo cara nglelebké Yésus ing banyu.

      Sakwisé dibaptis, Yésus ndonga. Wektu kuwi, langit kebukak, terus roh suci sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. Bar kuwi, Yéhuwah ngomong saka swarga, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”

      Yésus dadi Kristus, utawa Mésias, wektu roh suci mudhun ing ndhuwuré Yésus. Mulai wektu kuwi, Yésus bakal nindakké tugas sing diwènèhké Yéhuwah kanggo ditindakké ing bumi.

      Terus, Yésus lunga ing padhang belantara. Yésus ing kono nganti 40 dina. Bar kuwi, Yésus nemoni Yohanes. Wektu Yésus teka, Yohanes ngandhani wong-wong nèk Yésus kuwi Mésias. Yohanes ngomong, ’Iki Anak Dombané Gusti Allah sing bakal ngilangké dosané manungsa.’ Apa kowé ngerti apa sing kelakon wektu Yésus ing padhang belantara? Ayo diteruské critané.

      ”Ana swara saka langit, ’Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.’”​—Markus 1:11

      Pertanyaan: Kenapa Yésus dibaptis? Kenapa Yohanes ngomong nèk Yésus kuwi Anak Dombané Gusti Allah?

      Matius 3:13-17; Markus 1:9-11; Lukas 3:21-23; Yohanes 1:29-34; Yésaya 42:1; Ibrani 10:7-9

  • Sétan Nggodha Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ora gelem anjlog saka témbok sing paling dhuwur ing bait

      PELAJARAN 75

      Sétan Nggodha Yésus

      Yésus ora gelem ngubah watu dadi roti

      Bar dibaptis, Yésus dituntun roh suci lunga ing padhang belantara. Yésus ora mangan apa-apa nganti 40 dina. Mula, mesthi Yésus ngrasa ngelih. Bar kuwi, Sétan teka kanggo nggodha Yésus. Dhèwèké ngomong, ’Nèk kowé bener-bener Anaké Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.’ Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora mung butuh panganan bèn isa urip. Awaké dhéwé ya kudu manut Yéhuwah.’

      Bar kuwi, Sétan ngomong karo Yésus, ’Nèk kowé bener-bener Anaké Gusti Allah, anjloga saka témbok sing paling dhuwur ing bait. Ana ayat sing ngomong nèk Gusti Allah bakal ngongkon para malaékaté nulungi kowé.’ Tapi, Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk nguji Yéhuwah.’

      Yésus nolak kabèh pamréntahané manungsa ing ndonya sing asalé saka Sétan

      Terus, Sétan nduduhké kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané. Sétan ngomong, ’Kabèh pamréntahan lan kemuliaané iki bakal tak wènèhké kowé. Tapi, kowé kudu nyembah aku sepisan waé.’ Yésus njawab, ’Lungaa, Sétan! Kitab Suci ngomong nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah.’

      Sétan akhiré lunga. Terus, para malaékat teka lan mènèhi Yésus panganan. Bar kuwi, Yésus martakké kabar apik soal Kerajaané Allah. Kuwi tugasé Yésus ing bumi. Wong-wong seneng karo ajarané Yésus lan ngetutké Yésus ing ngendi waé.

      ”Nèk [Sétan] ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.”​—Yohanes 8:44

      Pertanyaan: Wektu nggodha Yésus, Sétan ngongkon Yésus ngapa waé? Apa jawabané Yésus?

      Matius 4:1-11; Markus 1:12, 13; Lukas 4:1-15; Pangandharing Torèt 6:13, 16; 8:3; Yakobus 4:7

  • Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ngusir kéwan saka bait nganggo pecut lan njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit

      PELAJARAN 76

      Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait

      Kira-kira sasi April taun 30 M, Yésus lunga ing Yérusalèm. Akèh wong sing teka ing kono kanggo ngrayakké Paskah. Wong-wong kuwi ngorbanké kéwan ing bait. Ana sing nggawa kéwané saka omah, tapi ya ana sing tuku ing Yérusalèm.

      Wektu tekan bait, Yésus ndelok wong-wong sing dodolan kéwan ing kono. Yésus dadi nesu banget merga wong-wong kuwi nggolèk dhuwit ing baité Yéhuwah. Yésus nggawé pecut saka tali, terus ngusir domba lan sapi saka bait. Yésus ya njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan mbuwang dhuwit rècèhé wong-wong kuwi. Bar kuwi, Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ’Singkirna iki kabèh saka kéné. Omahé Bapakku ora éntuk dienggo dodolan!’

      Wektu ndelok kuwi kabèh, wong-wong sing ana ing bait padha kagum karo Yésus. Para muridé dadi kèlingan salah siji ramalan soal Mésias yaiku, ’Aku bakal semangat kanggo ngabdi ing omahé Yéhuwah.’

      Pas taun 33 M, Yésus ngusir manèh wong-wong sing dodolan ing bait. Yésus péngin wong-wong ya sayang karo omahé Yéhuwah.

      ”Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.”​—Lukas 16:13

      Pertanyaan: Yésus piyé wektu ndelok wong-wong sing dodolan kéwan ing bait? Kenapa Yésus kaya ngono?

      Matius 21:12, 13; Markus 11:15-17; Lukas 19:45, 46; Yohanes 2:13-17; Mazmur 69:9

  • Wong Wédok ing Sumur
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ngomong karo wong wédok Samaria ing sumuré Yakub

      PELAJARAN 77

      Wong Wédok ing Sumur

      Sakwisé Paskah, Yésus lan murid-muridé bali ing Galiléa liwat Samaria. Ing cedhak kutha Sikhar, Yésus mandheg ing sumuré Yakub. Dhèwèké istirahat ing kono, lan murid-muridé tuku panganan ing kutha.

      Ana wong wédok sing teka ing sumur kuwi arep njupuk banyu. Yésus ngomong, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” Wong wédok kuwi ngomong, ’Kenapa njenengan ngomong karo aku? Aku iki wong Samaria. Wong Yahudi kan ora gelem omongan karo wong Samaria.’ Yésus ngomong, ’Nèk kowé ngerti aku iki sapa, kowé mesthi bakal njaluk ombé saka aku. Terus, aku bakal mènèhi kowé banyu sing isa nggawé kowé urip.’ Wong wédok kuwi takon, ’Maksudé njenengan apa? Njenengan kan ora nduwé timba.’ Yésus njawab, ’Wong sing ngombé banyu sing tak wènèhké ora bakal ngelak manèh.’ Wong wédok kuwi ngomong, ”Pak, mbok aku diwènèhi banyu kuwi.”

      Terus, Yésus ngomong, ’Ajaken bojomu mréné.’ Dhèwèké njawab, ’Aku ora nduwé bojo.’ Yésus ngomong, ’Kowé bener. Kowé wis nikah ping lima. Saiki kowé manggon karo wong lanang sing dudu bojomu.’ Wong wédok kuwi ngomong, ’Njenengan mesthi nabi. Wong Samaria percaya nèk kabèh wong isa ngibadah ing gunung iki. Tapi, wong Yahudi ngomong nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm. Aku yakin nèk pas Mésias teka, dhèwèké bakal mulang carané ngibadah.’ Terus, Yésus ngomong, ’Aku iki Mésias.’ Yésus durung tau ngomong kaya ngono karo wong liya.

      Yésus ngomong karo wong Samaria

      Wong wédok kuwi cepet-cepet mulih ing kuthané. Dhèwèké ngandhani wong Samaria, ’Kétoké aku wis ketemu karo Mésias. Dhèwèké ngerti banget soal aku. Ayo mrana!’ Wong-wong kuwi ngetutké wong wédok mau ing sumur, terus ngrungokké apa sing diwulangké Yésus.

      Wong-wong Samaria mau ngejak Yésus ing kuthané. Dhèwèké mulang ing kono nganti rong dina. Akhiré, akèh wong percaya karo Yésus. Wong-wong kuwi ngomong karo wong wédok Samaria mau, ’Sakwisé ngrungokké wong iki, aku yakin nèk dhèwèké kuwi wong sing nylametké donya.’

      ”’Ayo mréné.’ Sapa waé sing ngelak éntuk teka, lan sapa waé sing gelem éntuk njupuk banyu sing marakké urip. Wong-wong kuwi ora perlu mbayar.”​—Wahyu 22:17

      Pertanyaan: Kenapa wong wédok Samaria kuwi kagèt wektu dijak omong karo Yésus? Yésus ngomong apa karo dhèwèké?

      Yohanes 4:1-42

  • Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus nginjil karo salah siji muridé

      PELAJARAN 78

      Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah

      Bar dibaptis, Yésus mulai martakké kabar apik nèk Kerajaané Allah wis cedhak. Murid-murid ngetutké Yésus lunga ing Galiléa lan Yudéa. Wektu bali ing kutha asalé yaiku Nazarèt, Yésus lunga ing sinagogé. Ing kono, Yésus mbukak gulungan Yésaya, terus macakké kuwi nganggo swara sing banter, ’Yéhuwah wis mènèhi aku roh suci bèn aku isa nyritakké soal kabar apik.’ Apa maksudé ayat kuwi? Senajan wong-wong péngin ndelok Yésus gawé mukjijat, tapi alesan utamané Yésus éntuk roh suci yaiku bèn isa ngandhani wong-wong soal kabar apik. Terus, Yésus ngomong karo wong-wong ing kono, ’Dina iki, ayat iki wis kelakon.’

      Bar kuwi, Yésus lunga ing Laut Galiléa. Ing kono, Yésus ketemu karo papat nelayan sing akhiré dadi muridé. Yésus ngomong, ’Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.’ Wong papat kuwi jenengé Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Wong papat kuwi langsung ninggalké gawéané lan dadi muridé Yésus. Yésus lan wong-wong kuwi nginjil ing kabèh dhaérah ing Galiléa. Wong-wong kuwi nginjil ing sinagogé, ing pasar, lan ing dalan. Akèh wong ngetutké Yésus lan murid-muridé ing ngendi waé. Berita soal Yésus nyebar ing ngendi-endi, malah nganti tekan Siria.

      Ana murid-muridé Yésus sing diwènèhi kuwasa karo Yésus kanggo marèkké wong lara lan ngusir roh jahat. Sing liyané mèlu Yésus nginjil ing saben kutha lan désa. Terus, ya ana wong-wong wédok sing nglayani Yésus lan para pengikuté, contoné Maria Magdaléna, Yohana, Susana, lan liyané.

      Sakwisé nglatih murid-muridé, Yésus ngongkon wong-wong kuwi nginjil. Wong-wong kuwi lunga ing Galiléa. Hasilé, akèh wong sing dadi muridé Yésus lan dibaptis. Yésus nggambarké wong-wong kuwi kaya ladhang sing siap dipanèn. Yésus ngomong, ’Ndongaa bèn Yéhuwah mènèhi luwih akèh pekerja kanggo ngumpulké panènané.’ Bar kuwi, Yésus milih 70 murid, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro kanggo nginjil ing kabèh dhaérah ing Yudéa. Wong-wong kuwi mulang kabèh wong soal Kerajaané Allah. Wektu ketemu Yésus manèh, murid-murid kuwi semangat banget nyritakké pengalamané. Kuwi nduduhké nèk Sétan ora isa ngalang-alangi gawéan nginjil.

      Yésus ngongkon murid-muridé terus nginjil senajan Yésus wis bali ing swarga. Yésus ngomong, ’Nginjila ing kabèh dhaérah ing bumi. Wulangen wong-wong soal Kitab Suci, terus baptisen wong-wong kuwi.’

      ”Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu tak umumké ing kutha-kutha liya. Kuwi tujuané Gusti Allah ngutus aku.”​—Lukas 4:43

      Pertanyaan: Murid-muridé Yésus diwènèhi tugas apa? Piyé tanggepané murid-muridé Yésus soal tugas kuwi?

      Matius 4:17-25; 9:35-38; 28:19, 20; Markus 1:14-20; Lukas 4:14-21; 8:1-3; 10:1-22

  • Yésus Nggawé Akèh Mukjijat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong-wong sing lara njaluk dimarèkké Yésus

      PELAJARAN 79

      Yésus Nggawé Akèh Mukjijat

      Yésus teka ing bumi kanggo martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Yéhuwah mènèhi Yésus roh suci kanggo nindakké mukjijat. Yéhuwah péngin nduduhké apa sing bakal ditindakké Yésus pas dadi Raja. Yésus isa marèkké akèh penyakit. Ing ngendi waé Yésus lunga, akèh wong lara sing marani dhèwèké, lan Yésus gelem marèkké wong-wong kuwi. Sing wuta isa ndelok, sing budheg isa krungu, sing lumpuh isa mlaku, lan sing kesurupan isa dibébaské saka roh jahat. Malah, wong-wong kuwi isa mari mung merga ndemèk ujung klambiné Yésus. Akèh wong padha ngetutké Yésus ing ngendi waé. Senajan lagi péngin dhèwèkan, Yésus ora tau nolak nèk ana wong sing butuh bantuané.

      Ana wong-wong sing nggawa wong lanang lumpuh ing penginepané Yésus. Tapi, wong-wong kuwi ora isa mlebu merga ana akèh banget wong. Mula, wong-wong mau mbobol atap omah kuwi. Terus, wong lumpuh kuwi diedhunké nganggo tandhu. Bar kuwi, Yésus ngomong, ’Tangia, terus mlakua.’ Wektu ndelok wong lumpuh kuwi isa mlaku, wong-wong sing ana ing kono dadi kagum.

      Wektu Yésus tekan ing salah siji désa, ana wong sepuluh sing lara kusta mbengok saka kadohan, ’Yésus, tulungi aku.’ Pas jaman kuwi, wong sing lara kusta ora éntuk nyedhaki wong liya. Nurut Hukumé Yéhuwah, wong sing lara kusta kudu lunga ing bait sakwisé dimarèkké. Mula, Yésus ngongkon wong-wong kuwi mrana. Pas perjalanan, wong-wong kuwi mari. Salah sijiné bali nemoni Yésus lan ngucapké maturnuwun wektu ngerti nèk dhèwèké wis mari. Wong kuwi ya muji Yéhuwah. Saka wong sepuluh, mung siji sing ngucapké maturnuwun karo Yésus.

      Ana wong wédok sing wis 12 taun lara. Dhèwèké péngin banget dimarèkké. Wektu kuwi, Yésus lagi ana ing tengah-tengahé wong akèh. Wong wédok kuwi nyedhak, terus ndemèk ujung klambi njabané Yésus. Wong wédok kuwi langsung mari. Bar kuwi, Yésus ngomong, ’Sapa sing ndemèk aku?’ Wong wédok kuwi dadi wedi. Tapi, dhèwèké maju, terus nyritakké keadaané. Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ’Ndhuk, aja wedi. Kowé wis mari.’

      Ana ketua sinagogé sing jenengé Yairus. Dhèwèké ngomong karo Yésus, ’Tekaa ing omahku. Anakku wédok lagi lara parah.’ Tapi, sakdurungé Yésus tekan omahé Yairus, anak kuwi wis mati. Pas tekan kono, Yésus ndelok ana akèh wong sing lagi nangis. Yésus ngomong, ’Aja nangis. Bocah iki mung lagi turu.’ Terus, Yésus nyekel tangané bocah kuwi lan ngomong, ’Tangia, Ndhuk!’ Bocah kuwi langsung tangi. Terus, Yésus ngongkon wong tuwané mènèhi bocah kuwi mangan. Wong tuwané mesthi seneng banget.

      Yésus nguripké anak wédoké Yairus

      ”Gusti Allah wis nglantik dhèwèké nganggo roh suci lan mènèhi dhèwèké kuwasa. Merga Gusti Allah ndhukung dhèwèké, dhèwèké lunga ing kabèh dhaérah kuwi karo nindakké apa sing apik lan marèkké kabèh wong sing dikuwasani Iblis.”​—Kisah 10:38

      Pertanyaan: Kenapa Yésus isa marèkké wong lara? Apa sing dialami anaké Yairus?

      Matius 9:18-26; 14:36; Markus 2:1-12; 5:21-43; 6:55, 56; Lukas 6:19; 8:41-56; 17:11-19

  • Yésus Milih 12 Rasul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus lan 12 rasulé

      PELAJARAN 80

      Yésus Milih 12 Rasul

      Yésus wis nginjil kira-kira siji setengah taun. Saiki Yésus kudu nggawé keputusan penting. Yésus kudu milih wong-wong sing bakal kerjasama karo dhèwèké, yaiku wong-wong sing bakal dilatih bèn isa dadi pengawas ing jemaat Kristen. Mula, Yésus butuh tuntunané Yéhuwah. Yésus lunga dhèwèkan ing gunung. Terus, dhèwèké ndonga suwé banget. Ésuké, Yésus milih 12 wong saka antarané murid-muridé kanggo dadi rasulé. Apa kowé kèlingan jenengé rasul-rasulé Yésus? Para rasulé Yésus yaiku Pétrus, Andréas, Yakobus, Yohanes, Filipus, Bartoloméus, Tomas, Matius, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon, lan Yudas Iskariot.

      Andréas, Pétrus, Filipus, Yakobus

      Andréas, Pétrus, Filipus, Yakobus

      Rolas rasul kuwi bakal ngancani Yésus. Sakwisé dilatih, wong-wong kuwi dikon nginjil. Yéhuwah mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh jahat lan marèkké wong lara.

      Yohanes, Matius, Bartoloméus, Tomas

      Yohanes, Matius, Bartoloméus, Tomas

      Yésus nganggep 12 rasul kuwi sahabaté. Yésus percaya karo wong-wong kuwi. Wong Farisi nganggep nèk para rasul kuwi wong biasa sing sekolahé ora dhuwur. Tapi, Yésus nglatih para rasulé bèn isa nindakké tugasé. Rolas rasul bakal ngancani Yésus wektu Yésus ngalami peristiwa-peristiwa sing penting. Contoné yaiku sakdurungé Yésus mati lan sakwisé dhèwèké diuripké manèh. Kaya Yésus, para rasul akèh-akèhé saka Galiléa. Para rasulé Yésus ya ana sing wis nikah.

      Yakobus anaké Alféus, Yudas Iskariot, Tadéus, Simon

      Yakobus anaké Alféus, Yudas Iskariot, Tadéus, Simon

      Para rasul kuwi ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Kadhang, para rasul ngomong tanpa dipikir, nggawé keputusan sing salah, lan ora sabaran. Para rasul ya tau padu merga péngin dadi wong sing paling penting. Tapi, wong-wong kuwi tetep sayang Yéhuwah. Akhiré, para rasul bakal dadi anggota pertama jemaat Kristen sing nduwé tugas penting.

      ”Aku nyebut kowé sahabat, merga kowé wis tak kandhani kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.”​—Yohanes 15:15

      Pertanyaan: Sapa waé sing dipilih Yésus dadi 12 rasulé? Yésus ngongkon para rasulé ngapa?

      Matius 10:1-10; Markus 3:13-19; 10:35-40; Lukas 6:12-16; Yohanes 15:15; 20:24, 25; Kisah 2:7; 4:13; 1 Korintus 9:5; Éfésus 2:20-22

  • Ceramah ing Gunung
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus lagi mènèhi Ceramah ing Gunung ing ngarepé wong akèh

      PELAJARAN 81

      Ceramah ing Gunung

      Bar milih 12 rasul, Yésus mudhun saka gunung. Terus, Yésus ketemu karo akèh wong sing wis padha ngumpul. Wong-wong kuwi asalé saka Galiléa, Yudéa, Tirus, Sidon, Siria, lan saka dhaérah sabrangé Kali Yordan. Wong lara lan wong sing kesurupan digawa ing ngarepé Yésus. Yésus marèkké wong-wong kuwi. Terus, Yésus lungguh lan mulai mulang. Dhèwèké njelaské carané bèn isa dadi sahabaté Gusti Allah. Carané yaiku kudu éling nèk awaké dhéwé butuh tuntunané Yéhuwah lan kudu sayang Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ora isa sayang karo Yéhuwah nèk ora sayang karo wong liya. Awaké dhéwé ya kudu adil lan apikan karo kabèh wong, termasuk karo sing njahati awaké dhéwé.

      Yésus ngomong, ’Aja mung sayang karo kancamu. Kowé ya kudu sayang lan seneng ngapura wong sing njahati kowé. Nèk ana sing nesu karo kowé, temonana wong kuwi, terus njaluka ngapura. Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya karo kowé, kuwi tindakna dhisik.’

      Yésus lagi mènèhi Ceramah ing Gunung ing ngarepé wong akèh

      Yésus ya mènèhi naséhat sing apik soal harta. Dhèwèké ngomong, ’Dadi sahabaté Yéhuwah kuwi luwih penting ketimbang nduwé dhuwit akèh. Maling isa nyolong dhuwitmu. Tapi, berkah merga dadi sahabaté Yéhuwah ora isa dicolong. Aja terus nguwatirké soal apa sing bakal mbok pangan, apa sing bakal mbok ombé, utawa apa sing bakal mbok enggo. Deloken manuk-manuk. Kuwi waé dicukupi kebutuhané karo Gusti Allah. Rasa kuwatir ora isa nggawé kowé urip luwih suwé. Élinga nèk Yéhuwah ngerti apa sing mbok butuhké.’

      Wong-wong kuwi durung tau krungu wong liya ngomong kaya Yésus. Para pemimpin agama, yaiku wong Farisi lan para ahli Taurat, ora mulangké soal kuwi. Apa sebabé Yésus isa dadi guru sing hébat? Merga kabèh ajarané Yésus asalé saka Yéhuwah.

      ”Ayo mréné lan kerja bareng karo aku. Sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku rendah hati. Kowé bakal seger manèh.”​—Matius 11:29

      Pertanyaan: Bèn dadi sahabaté Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé? Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé karo wong liya?

      Matius 4:24–5:48; 6:19-34; 7:28, 29; Lukas 6:17-31

  • Yésus Mulang Carané Ndonga
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong Farisi sing lagi ndonga ing panggonan umum, lan wong-wong nggatèkké dhèwèké

      PELAJARAN 82

      Yésus Mulang Carané Ndonga

      Wong Farisi tumindak apik merga péngin digatèkké wong liya. Wong-wong kuwi péngin wong liya ngerti wektu wong-wong kuwi nindakké sing apik. Wong Farisi ndonga ing panggonan umum bèn isa didelok wong liya. Wong Farisi ngapalké donga sing dawa-dawa lan mbolan-mbalèni dongané ing sinagogé lan ing dalan-dalan bèn wong liya ya krungu. Mula, wong-wong kagèt pas Yésus ngomong, ’Aja ndonga kaya wong Farisi. Wong-wong kuwi mikir nèk Gusti Allah bakal seneng karo donga sing dawa, padahal ora. Ndonga kuwi dudu bèn didelok wong, tapi kuwi wektuné kowé omong-omongan karo Yéhuwah. Aja mbolan-mbalèni kata-kata sing padha. Yéhuwah péngin kowé ngomongké kabèh sing mbok rasakké.’

      Bocah lanang lagi ndonga karo berlutut

      ’Ndongaa kaya ngéné, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.”’ Yésus ya ngongkon para muridé ndongakké soal kebutuhan kanggo dina kuwi, njaluk bèn dosané wong-wong kuwi diapura, lan soal liyané.

      Yésus ngomong, ’Terusa ndonga. Terusa njaluk karo Yéhuwah apa waé sing apik. Kabèh wong tuwa mesthi péngin mènèhi sing apik kanggo anaké. Nèk anakmu njaluk roti, apa kowé bakal mènèhi watu? Nèk anakmu njaluk iwak, apa kowé bakal mènèhi ula?’

      Terus, Yésus njelaské, ’Nèk kowé waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anakmu, apa manèh Bapakmu, yaiku Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal mènèhi kowé roh suciné. Kowé mung kudu njaluk waé.’ Apa kowé manut karo omongané Yésus iki? Apa waé sing isa mbok dongakké?

      ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.”​—Matius 7:7

      Pertanyaan: Apa waé sing diwulangké Yésus kanggo murid-muridé soal donga? Apa waé sing arep mbok dongakké?

      Matius 6:2-18; 7:7-11; Lukas 11:13

  • Yésus Mènèhi Mangan Wong Akèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Para rasul mbagèkké panganan kanggo wong akèh

      PELAJARAN 83

      Yésus Mènèhi Mangan Wong Akèh

      Sakdurungé Paskah taun 32 M, para rasul bali sakwisé nginjil ing akèh dhaérah. Para rasul wis kesel. Mula, Yésus ngejak para rasulé lunga ing Bètsaida kanggo istirahat. Wektu prauné wis arep tekan pinggir pantai, Yésus ndelok wis ana wong akèh ing kono. Senajan péngin istirahat karo murid-muridé, Yésus tetep ramah karo wong-wong kuwi. Yésus marèkké sing lara lan mulang wong-wong kuwi. Kèt ésuk nganti bengi, Yésus mulang soal Kerajaané Allah. Pas wis mulai bengi, para rasulé ngomong, ’Wong-wong kuwi mesthi péngin mangan. Kongkonen wong-wong kuwi mulih bèn isa nggolèk mangan.’

      Bocah lanang mènèhi Yésus kranjang sing isiné roti lan iwak

      Yésus ngomong, ’Ora usah. Wènèhana wong-wong kuwi mangan ing kéné.’ Para rasul takon, ’Apa aku kudu tuku roti kanggo wong-wong kuwi?’ Salah siji rasul sing jenengé Filipus ngomong, ’Senajan awaké dhéwé nduwé dhuwit akèh, awaké dhéwé tetep ora isa nukokké roti kanggo kabèh wong kuwi.’

      Yésus takon, ’Apa ana sing nduwé panganan?’ Andréas njawab, ’Iki ana roti lima lan iwak cilik loro. Tapi, mesthi kuwi ora cukup.’ Yésus ngomong, ’Gawanen mréné.’ Yésus ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing suket sak kelompok-sak kelompok. Sak kelompok ana sing isiné 50, ana sing 100. Yésus njupuk roti lan iwak, ndhangak ndelok langit, terus ndonga. Bar kuwi, panganané diwènèhké para rasul. Terus, para rasul mbagi panganan kuwi kanggo wong lanang sing jumlahé 5.000, wong-wong wédok, lan bocah-bocah. Wong-wong kuwi mangan nganti wareg. Bar kuwi, para rasul ngumpulké sisané bèn ora ana sing kebuwang. Sisané ana 12 kranjang. Kuwi mukjijat sing luar biasa, ta?

      Wong-wong kuwi kagum banget. Mula, wong-wong kuwi péngin Yésus dadi raja. Tapi, Yésus ngerti nèk iki durung wektuné. Mula, Yésus ngongkon wong-wong kuwi lunga. Terus, Yésus ngongkon para rasulé numpak prau kanggo nyabrang Laut Galiléa. Tapi, Yésus munggah ing gunung dhèwèkan. Kenapa? Yésus péngin ndonga karo Bapaké. Senajan sibuk, Yésus tetep nyedhiakké wektu kanggo ndonga.

      ”Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok, ning nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan isa mènèhi urip saklawasé. Anaké Manungsa bakal mènèhi kuwi marang kowé.”​—Yohanes 6:27

      Pertanyaan: Apa buktiné Yésus perduli karo wong liya? Saka contoné Yésus, apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah?

      Matius 14:14-22; Markus 6:30-44; Lukas 9:10-17; Yohanes 6:1-15

  • Yésus Mlaku ing Ndhuwur Laut
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan ngongkon Pétrus marani dhèwèké

      PELAJARAN 84

      Yésus Mlaku ing Ndhuwur Laut

      Yésus ora mung isa marèkké wong lara lan nguripké wong mati. Yésus ya isa ngendhalèni angin lan udan. Sakwisé ndonga ing gunung, Yésus ndelok ana badai ing Laut Galiléa. Para rasulé lagi numpak prau lan ngupaya nerjang badai. Yésus mudhun saka gunung. Bar kuwi, Yésus mulai mlaku ing laut, terus marani prauné para rasul. Wektu ndelok ana sing mlaku ing laut, para rasul dadi wedi. Tapi, Yésus ngomong, ’Aja wedi. Iki aku.’

      Yésus mlaku ing ndhuwur laut lan ngongkon Pétrus marani dhèwèké

      Pétrus njawab, ’Gusti, nèk kuwi bener-bener njenengan, kongkonen aku marani njenengan.’ Yésus ngomong, ’Mrénéa.’ Ing tengah badai, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing laut marani Yésus. Tapi wektu wis arep tekan, Pétrus ndeloki badainé, terus dadi wedi. Akibaté, Pétrus mulai kleleb. Pétrus mbengok, ’Gusti, tulungana aku!’ Yésus nyekel tangané Pétrus, terus ngomong, ’Kenapa kowé dadi ragu-ragu? Ing endi imanmu?’

      Yésus lan Pétrus munggah ing prau. Bar kuwi, badainé langsung mandheg. Apa kowé isa mbayangké perasaané para rasul? Para rasul ngomong, ”Njenengan kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”

      Ana peristiwa liya sing mbuktèkké nèk Yésus isa ngendhalèni cuaca. Pas kuwi, Yésus lan para muridé lagi numpak prau kanggo lunga ing sabrang laut. Yésus turu ing bagéan mburi prau. Pas Yésus turu, ana badai. Ombaké gedhé banget nganti banyuné mlebu prau. Para rasul nggugah Yésus lan mbengok, ’Guru, awaké dhéwé bakal mati! Tulung!’ Yésus tangi, terus nggetak badai kuwi, ”Mandhega!” Badainé mandheg, lan lauté dadi tenang banget. Yésus takon karo para rasulé, ’Ing endi imanmu?’ Para rasul padha ngomong. ”Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.” Saka peristiwa kuwi, para rasul sinau nèk bener-bener percaya karo Yésus, para rasul kuwi ora perlu wedi karo apa waé.

      ”Misalé aku ora nduwé iman nèk Yéhuwah bakal apikan karo aku sakjegé uripku, aku ora ngerti uripku bakal piyé”—Mazmur 27:13

      Pertanyaan: Kenapa Pétrus mulai kleleb? Apa sing isa dipelajari para rasul saka Yésus?

      Matius 8:23-27; 14:23-34; Markus 4:35-41; 6:45-52; Lukas 8:22-25; Yohanes 6:16-21

  • Yésus Marèkké Wong ing Dina Sabat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong Farisi nakoni wong lanang sing mauné wuta

      PELAJARAN 85

      Yésus Marèkké Wong ing Dina Sabat

      Wong Farisi sengit karo Yésus lan nggolèk cara kanggo nangkep dhèwèké. Wong-wong kuwi ngomong nèk Yésus ora éntuk marèkké wong lara ing dina Sabat. Nah, pas kuwi dina Sabat. Yésus ndelok ana wong lanang wuta lagi ngemis ing dalan. Yésus ngandhani murid-muridé, ’Deloken piyé kuwasané Gusti Allah mbantu wong iki.’ Yésus nyampur iduné karo tanah, terus ngolèské kuwi ing mripaté wong lanang mau. Yésus ngomong, ’Raupa ing kolam Siloam.’ Wong lanang kuwi raup, lan hasilé dhèwèké dadi isa ndelok kanggo pertama kaliné.

      Wong-wong padha kagèt, terus ngomong, ’Wong iki kan sing biasané ngemis kaé, ta? Apa mung mirip thok?’ Wong lanang mau ngomong, ’Iya, aku iki wongé.’ Wong-wong kuwi takon, ’Kok saiki kowé isa ndelok?’ Sakwisé wong lanang mau nyritakké apa sing dialami, wong-wong kuwi nggawa dhèwèké nemoni wong Farisi.

      Wong lanang kuwi ngomong karo wong Farisi, ’Yésus nggawé campuran, terus ngolèské kuwi ing mripatku. Bar kuwi, aku dikon raup. Bar raup, aku isa ndelok.’ Wong Farisi ngomong, ’Nèk Yésus marèkké wong lara ing dina Sabat, kuwi berarti kuwasané dudu saka Gusti Allah.’ Tapi, wong liyané ngomong, ’Nèk kuwasané dudu saka Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa marèkké wong.’

      Bar kuwi, wong Farisi ngundang wong tuwané wong lanang mau. Wong Farisi takon, ’Anakmu saiki kok isa ndelok? Piyé carané?’ Wong tuwané wong lanang mau wedi merga wong Farisi tau ngomong nèk bakal ngusir wong sing nduwé iman karo Yésus saka sinagogé. Mula, wong tuwané ngomong, ’Aku ora ngerti. Takon waé karo dhèwèké.’ Wong Farisi takon manèh karo wong lanang kuwi. Dhèwèké njawab, ’Aku kan wis ngandhani kowé kabèh. Ngapa kok kowé takon manèh?’ Wong Farisi dadi nesu banget, terus ngusir wong lanang kuwi.

      Yésus nemoni wong lanang kuwi, terus takon, ’Apa kowé nduwé iman karo Mésias?’ Wong lanang kuwi ngomong, ’Nèk aku ngerti sapa dhèwèké kuwi, aku bakal nduwé iman karo dhèwèké.’ Yésus ngomong, ’Aku iki Mésias.’ Yésus ora mung marèkké wong lanang kuwi, tapi ya mbantu dhèwèké bèn isa nduwé iman karo Yésus. Yésus kuwi apikan, ta?

      ”Kowé kuwi klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah.”​—Matius 22:29

      Pertanyaan: Piyé carané Yésus mbantu wong wuta kuwi? Kenapa wong Farisi sengit karo Yésus?

      Yohanes 9:1-41

  • Yésus Nguripké Lazarus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Lazarus, Maria, lan Marta

      PELAJARAN 86

      Yésus Nguripké Lazarus

      Yésus nduwé sahabat sing jenengé Lazarus, Maria, lan Marta. Maria lan Marta kuwi sedulur kandhungé Lazarus. Wong telu kuwi manggon ing Bétani. Wektu lagi ing Péréa, Yésus éntuk kabar saka Maria lan Marta, ’Lazarus lara parah. Cepet, mrénéa.’ Yésus ora langsung lunga, tapi ngentèni nganti rong dina. Lazarus akhiré mati. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ’Ayo lunga ing Bétani. Lazarus lagi turu. Aku bakal nggugah dhèwèké.’ Para rasul ngomong, ’Nèk Lazarus turu, dhèwèké bakal cepet mari.’ Mula, Yésus ngandhani para rasul, ’Lazarus wis mati.’

      Pas Yésus tekan ing Bétani, Lazarus wis dikubur patang dina. Ana wong akèh sing teka nemoni Marta lan Maria kanggo mènèhi penghiburan. Pas krungu nèk Yésus teka, Marta cepet-cepet lunga nemoni Yésus. Marta ngomong, ”Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” Yésus ngomong, ’Lazarus bakal urip manèh. Apa kowé percaya kuwi, Marta?’ Marta ngomong, ’Aku percaya nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati padha diuripké manèh.’ Yésus ngomong, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.”

      Terus, Marta nemoni Maria. Marta ngomong, ’Yésus ana ing kéné.’ Maria mlayu nemoni Yésus, lan ana wong akèh sing ngetutké Maria. Maria sujud ing sikilé Yésus karo nangis terus. Maria ngomong, ’Gusti, nèk njenengan ana ing kéné, Lazarus mesthi ora bakal mati.’ Merga ndelok Maria sedhih banget, Yésus akhiré ya mèlu nangis. Pas ndelok Yésus nangis, wong-wong padha ngomong, ’Yésus mesthi sayang banget karo Lazarus.’ Tapi, ana sing mikir, ’Kenapa dhèwèké ora nulungi sahabaté?’ Apa sing bakal ditindakké Yésus?

      Yésus lunga ing kuburané Lazarus. Kuburané kuwi ditutup nganggo watu gedhé. Yésus ngongkon, ’Glundhungna watuné.’ Marta ngomong, ’Iki wis patang dina. Dhèwèké mesthi wis mambu.’ Tapi, watuné tetep disingkirké. Bar kuwi, Yésus ndonga, ’Bapak, maturnuwun merga Bapak gelem ngrungokké aku. Aku ngerti nèk Bapak mesthi ngrungokké aku. Tapi, aku ngomong banter kaya ngéné merga péngin bèn wong-wong iki ngerti nèk Bapak sing ngongkon aku mréné.’ Terus, Yésus mbengok, ”Lazarus, metua!” Bar kuwi, Lazarus metu saka kuburan. Kuwi bener-bener luar biasa. Lazarus isih diblebed kain. Mula, Yésus ngomong, ”Uculana blebedé bèn dhèwèké isa mlaku.”

      Akèh wong sing ndelok peristiwa kuwi dadi percaya karo Yésus. Tapi, ana wong-wong sing ngandhani wong Farisi soal peristiwa kuwi. Bar krungu soal kuwi, wong Farisi péngin matèni Lazarus lan Yésus. Salah siji rasul sing jenengé Yudas Iskariot meneng-meneng nemoni wong Farisi. Dhèwèké takon, ’Nèk aku isa masrahké Yésus, kowé wani mbayar aku pira?’ Wong Farisi gelem mbayar Yudas nganggo 30 dhuwit pérak. Mulai wektu kuwi, Yudas nggolèk kesempatan kanggo masrahké Yésus ing wong Farisi.

      ”Gusti Allah sing bener kuwi Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé. Yéhuwah Gusti Allah sing Mahakuwasa nylametké awaké dhéwé bèn ora mati.”​—Mazmur 68:20

      Pertanyaan: Critakna wektu Lazarus diuripké manèh. Bar krungu soal Lazarus, apa sing péngin ditindakké wong Farisi?

      Matius 26:14-16; Yohanes 11:1-53; 12:10

  • Paskah Terakhiré Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ngrayakké Perjamuan Dalu Gusti karo sewelas rasulé

      PELAJARAN 87

      Paskah Terakhiré Yésus

      Saben tanggal 14 Nisan, wong Yahudi ngrayakké Paskah. Perayaan kuwi ngélingké wong Yahudi nèk Yéhuwah mbébaské wong-wong kuwi saka perbudhakan ing Mesir lan nuntun ing Tanah Perjanjian. Ing taun 33 M, Yésus lan para rasulé ngrayakké Paskah ing ruangan ndhuwur salah siji omah ing Yérusalèm. Bar mangan, Yésus ngomong, ’Salah siji wong ing antaramu bakal ngianati aku.’ Para rasul kagèt, terus takon, ’Sapa?’ Yésus njawab, ’Wong sing tak wènèhi roti iki.’ Terus, Yésus mènèhi Yudas Iskariot roti. Yudas langsung ngadeg, terus lunga saka kono.

      Bar kuwi, Yésus ndonga, nyuwil-nyuwil roti, terus mènèhké kuwi kanggo para rasul sing isih ana ing kono. Yésus ngomong, ’Jupuken lan panganen. Iki nglambangké badanku.’ Bar kuwi, Yésus ndonga kanggo minuman anggur, terus mènèhké kuwi kanggo para rasul. Yésus ngomong, ’Ombénen iki. Iki nglambangké getihku sing bakal tak wènèhké bèn dosané manungsa isa diapura. Aku janji nèk kowé bakal dadi raja ing swarga bareng aku. Terus tindakna iki saben taun kanggo ngéling-éling aku.’ Nganti saiki, para pengikuté Yésus terus ngrayakké acara kuwi saben taun. Saiki, acara kuwi disebut Peringatan Kematiané Yésus.

      Bar kuwi, para rasul ribut soal sapa sing paling penting. Tapi, Yésus ngomong, ’Wong sing paling penting kuwi wong sing nganggep dhèwèké ora penting.’

      ’Kowé kabèh kuwi sahabatku. Aku bakal ngandhani kowé kabèh apa waé sing diomongké Bapakku. Ora suwé manèh, aku bakal nemoni Bapakku ing swarga. Kowé kabèh bakal tetep ana ing kéné, lan kabèh wong bakal ngerti kowé kuwi murid-muridku nèk kowé padha-padha nresnani. Kowé kudu padha-padha nresnani kaya aku nresnani kowé.’

      Bar kuwi, Yésus ndonga bèn Yéhuwah nglindhungi murid-muridé. Yésus njaluk bèn Yéhuwah mbantu murid-muridé isa rukun. Yésus ya ndonga bèn jenengé Yéhuwah disucèkké. Terus, Yésus lan para rasul nyanyi muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi akhiré metu saka omah kuwi. Ora suwé manèh, Yésus bakal ditangkep.

      ”Hé kelompok cilik, kowé aja wedi, merga Bapakmu wis gelem mènèhi kowé Kerajaan kuwi.”​—Lukas 12:32

      Pertanyaan: Yésus janji apa karo para rasulé? Pas Paskah terakhiré Yésus, pelajaran penting apa waé sing diwulangké Yésus kanggo para rasulé?

      Matius 26:20-30; Lukas 22:14-26; Yohanes 13:1, 2, 26, 30, 34, 35; 15:12-19; 17:3-26

  • Yésus Ditangkep
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ditangkep ing Taman Gètsemani

      PELAJARAN 88

      Yésus Ditangkep

      Yésus lan para rasulé lunga ing Gunung Zaitun liwat Lembah Kidron. Pas kuwi wis liwat tengah wengi lan lagi bulan purnama. Wektu tekan Taman Gètsemani, Yésus ngomong, ”Kowé ing kéné waé. Aja turu.” Yésus maju ngedohi murid-muridé, terus berlutut. Yésus sedhih banget. Dhèwèké ndonga, ”Muga-muga karepé Njenengan sing kelakon.” Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon malaékaté nguwatké Yésus. Wektu bali, Yésus ndelok murid-muridé lagi turu. Yésus ngomong, ’Tangia. Aja turu manèh. Saiki para mungsuhku bakal nangkep aku.’

      Yudas nampa dhuwit

      Yudas akhiré teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Yudas ngerti nèk Yésus ana ing taman kuwi merga kerep dijak Yésus mrono. Yudas wis ngomong karo wong-wong kuwi nèk bakal nduduhké Yésus kuwi sing endi. Yudas marani Yésus, terus ngomong, ’Salam, Guru.’ Bar kuwi, Yudas ngambung Yésus. Yésus ngomong, ’Yudas, apa kowé ngambung aku bèn aku ditangkep?’

      Yésus marani grombolan wong kuwi, terus takon, ”Sapa sing mbok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Terus, Yésus ngomong, ”Aku iki wongé.” Wong-wong kuwi mundur nganti tiba ing lemah. Yésus takon manèh karo wong-wong kuwi, ”Sapa sing mbok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus ngomong, ’Kowé kan wis tak kandhani ta nèk aku iki wongé. Bèn waé murid-muridku lunga.’

      Pas ngerti nèk Yésus arep ditangkep, Pétrus ngetokké pedhang. Terus, dhèwèké motong kupingé salah siji budhaké imam agung. Budhak kuwi jenengé Malkhus. Tapi, Yésus marèkké kupingé budhak kuwi. Yésus ngandhani Pétrus, ’Lebokna pedhangmu. Nèk kowé nggunakké pedhang, kowé bakal mati merga pedhang.’ Para prajurit akhiré nangkep lan nalèni tangané Yésus. Tapi, para rasul padha mlayu. Bar kuwi, Yésus digawa ing ngarepé imam kepala sing jenengé Hanas. Hanas nakon-nakoni Yésus, terus ngongkon bèn Yésus digawa ing omahé Imam Agung Kayafas. Tapi, apa sing dialami para rasul?

      ”Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, ning aja wedi. Aku wis ngalahké donya.”​—Yohanes 16:33

      Pertanyaan: Ana peristiwa apa ing Taman Gètsemani? Apa sing isa dipelajari saka tumindaké Yésus bengi kuwi?

      Matius 26:36-57; Markus 14:32-50; Lukas 22:39-54; Yohanes 18:1-14, 19-24

  • Pétrus Ora Ngakoni Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Ing halaman omahé Kayafas, Pétrus ora ngakoni Yésus

      PELAJARAN 89

      Pétrus Ora Ngakoni Yésus

      Wektu lagi ngumpul ing ruangan ndhuwur salah siji omah, Yésus ngomong karo para rasulé, ’Kowé kabèh bakal ninggalké aku bengi iki.’ Pétrus ngomong, ’Senajan kabèh padha ninggalké njenengan, aku ora bakal ninggalké njenengan.’ Tapi, Yésus ngomong, ’Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.’

      Para rasul padha ninggalké Yésus wektu Yésus digawa ing omahé Kayafas. Tapi, ana rasul loro sing ngetutké grombolan kuwi. Salah sijiné yaiku Pétrus. Pétrus mlebu ing halaman omahé Kayafas lan ngadeg ing cedhak geni bèn ora kadhemen. Salah siji pembantu wédok ndelok wajahé Pétrus, terus ngomong, ’Kowé kan kancané Yésus, ta?’

      Pétrus ngomong, ’Dudu. Kowé kuwi ngawur!’ Pétrus lunga ing arah gerbang. Tapi, ana pembantu wédok liyané sing ndelok dhèwèké. Pembantu kuwi ngandhani wong-wong, ’Wong kuwi kancané Yésus!’ Pétrus njawab, ’Aku ora kenal karo wong kuwi!’ Terus, ana wong lanang sing ngomong, ’Kowé mesthi kancané! Saka caramu ngomong, kétok nèk kowé wong Galiléa, kaya Yésus.’ Tapi, Pétrus sumpah, ’Aku ora kenal karo wong kuwi!’

      Pas kuwi, ana pitik jago sing kluruk. Yésus nolèh ndeloki Pétrus. Pétrus ngerti kuwi, terus kèlingan karo omongané Yésus. Mula, dhèwèké langsung metu lan nangis.

      Wektu kuwi, para anggotané Sanhèdrin padha ngumpul ing omahé Kayafas kanggo ngadili Yésus. Sanhèdrin kuwi pengadilan Yahudi. Wong-wong kuwi wis nduwé rencana kanggo matèni Yésus lan lagi nggolèk alesan bèn isa nindakké kuwi. Tapi, wong-wong kuwi ora isa nemokké kesalahané Yésus. Akhiré, Kayafas takon karo Yésus, ’Apa kowé Anaké Gusti Allah?’ Yésus ngomong, ’Iya.’ Kayafas ngomong, ’Awaké dhéwé ora perlu bukti manèh. Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah!’ Wong-wong kuwi setuju. Wong-wong kuwi ngomong, ’Wong iki kudu mati.’ Yésus dikamplengi, diidoni, ditutupi mripaté, lan dijotos. Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Nèk kowé nabi, coba sebutna sapa sing njotos kowé!’

      Pas wis ésuk, Yésus digawa ing ruang Sanhèdrin, terus ditakoni, ’Apa kowé Anaké Gusti Allah?’ Yésus njawab, ’Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku Anaké Gusti Allah.’ Wong-wong kuwi nganggep nèk Yésus wis ngrèmèhké Gusti Allah. Terus, Yésus digawa ing omahé gubernur Roma sing jenengé Pontius Pilatus. Apa sing bakal kelakon? Ayo diteruské critané.

      ”Wektuné, . . . yaiku saiki, kowé bakal ninggalké aku lan mlayu menyang omahmu dhéwé-dhéwé. Ning, aku ora dhèwèkan merga Bapak ngancani aku.”​—Yohanes 16:32

      Pertanyaan: Peristiwa apa sing kelakon ing halaman omahé Kayafas? Kenapa para anggota Sanhèdrin mutuské kanggo matèni Yésus?

      Matius 26:31-35, 57–27:2; Markus 14:27-31, 53–15:1; Lukas 22:55-71; Yohanes 13:36-38; 18:15-18, 25-28

  • Yésus Mati ing Golgota
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Perwira lan murid-muridé Yésus, termasuk Maria lan Yohanes, ngadeg ing cedhak cagak wektu Yésus dihukum mati

      PELAJARAN 90

      Yésus Mati ing Golgota

      Para imam kepala nggawa Yésus ing omahé gubernur. Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ’Kejahatan apa sing wis ditindakké wong iki?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Dhèwèké ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi raja!’ Terus, Pilatus takon karo Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”

      Bar kuwi, Pilatus masrahké Yésus ing Hérodès. Hérodès kuwi penguasa dhaérah Galiléa. Pilatus péngin bèn Hérodès isa nemokké kesalahané Yésus. Tapi, Hérodès ya ora isa. Mula, Yésus dipasrahké manèh ing Pilatus. Pilatus ngomong, ’Aku karo Hérodès ora nemokké kesalahané wong iki. Wong iki bakal tak bébaské.’ Wong-wong kuwi mbengok, ’Patèni waé! Patèni waé!’ Bar kuwi, Yésus dipecuti, diidoni, lan dijotosi karo para prajurit. Wong-wong kuwi ya masang mahkota saka tanduran eri ing sirahé Yésus, terus ngécé, ’Salam, Rajané Wong Yahudi.’ Pilatus ngomong manèh, ’Wong iki ora salah.’ Tapi, wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana dhèwèké ing cagak!” Mula, Pilatus masrahké Yésus kanggo dihukum mati.

      Para prajurit nggawa Yésus ing Golgota. Yésus dipaku ing cagak, terus cagaké didegké. Yésus ndonga, ’Bapak, tulung apurana wong-wong iki. Wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.’ Wong-wong padha ngécé Yésus. Wong-wong kuwi ngomong, ’Nèk kowé Anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak kuwi! Slametna awakmu dhéwé!’

      Salah siji penjahat sing dipaku ing jèjèré Yésus ngomong, ”Wektu kowé wis dadi raja, tulung aja lali karo aku.” Yésus janji, ”Kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.” Pas wis awan, kabèh dhaérah kuwi dadi peteng nganti telung jam. Ana murid-murid sing ngadeg ing cedhak cagaké Yésus. Ibuné Yésus, yaiku Maria, ya ana ing kono. Yésus ngongkon Yohanes ngrawat Maria kaya ngrawat ibuné dhéwé.

      Akhiré, Yésus ngomong, ”Tugasku wis rampung.” Yésus ndhingkluk, terus mati. Pas kuwi, ana gempa bumi. Ing bait, kordhèn sing misahké Ruang Suci lan Ruang Mahasuci suwèk dadi loro. Salah siji perwira ngomong, ’Dhèwèké kuwi bener-bener Anaké Gusti Allah.’

      ”Kabèh janjiné Gusti Allah dadi ’ya’ liwat Yésus.”​—2 Korintus 1:20

      Pertanyaan: Kenapa Pilatus ngejarké Yésus dipatèni? Apa buktiné nèk Yésus luwih perduli karo wong liya timbang karo dhèwèké dhéwé?

      Matius 27:11-14, 22-31, 38-56; Markus 15:2-5, 12-18, 25, 29-33, 37-39; Lukas 23:1-25, 32-49; Yohanes 18:28–19:30

  • Yésus Diuripké Manèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong-wong wédok sing kagèt wektu ndelok kuburané Yésus kosong

      PELAJARAN 91

      Yésus Diuripké Manèh

      Bar Yésus mati, ana wong lanang sugih sing jenengé Yusuf njaluk ijin Pilatus kanggo ngedhunké mayaté Yésus saka cagak. Yusuf mbungkus mayaté Yésus nganggo kain linèn alus lan rempah-rempah. Terus, mayaté Yésus dilebokké ing kuburan anyar. Bar kuwi, Yusuf nutup kuburan kuwi nganggo watu gedhé. Para imam kepala ngandhani Pilatus, ’Aku wedi nèk murid-muridé Yésus padha njupuk mayaté, terus ngomong nèk Yésus wis urip manèh.’ Mula, Pilatus ngomong, ’Tutupen rapet kuburané, terus jaganen.’

      Telung dina bar kuwi, pas isih ésuk banget, ana wong-wong wédok sing lunga ing kuburan kuwi. Wong-wong wédok kuwi ndelok nèk watuné wis digulingké. Ing njero kuburan kuwi, ana malaékat sing ngomong, ’Aja wedi. Yésus wis diuripké manèh. Kandhanana murid-muridé bèn nemoni Yésus ing Galiléa.’

      Maria Magdaléna cepet-cepet nemoni Pétrus lan Yohanes. Dhèwèké ngomong, ’Ana sing njupuk mayaté Yésus!’ Pétrus lan Yohanes mlayu ing kuburan. Pas ndelok nèk kuburan kuwi kosong, Pétrus lan Yohanes bali ing omahé.

      Wektu bali ing kuburan, Maria ndelok ana malaékat loro ing kono. Maria ngomong, ’Aku ora ngerti mayaté Gustiku digawa ing ngendi.’ Terus, Maria ndelok ana wong ing kono. Dhèwèké ngira nèk wong kuwi tukang kebon. Maria ngomong, ’Pak, tulung kandhani aku ing ngendi njenengan mindhahké mayaté Yésus.’ Tapi, wong kuwi ngomong, ”Maria!” Maria langsung ngerti nèk kuwi Yésus. Maria mbengok, ”Guru!” Maria langsung meluk Yésus. Yésus ngomong, ’Kandhanana sedulur-sedulurku nèk kowé wis ndelok aku.’ Maria langsung nemoni murid-muridé Yésus kanggo ngandhani nèk dhèwèké wis ndelok Yésus.

      Dina kuwi, ana muridé Yésus loro sing lagi mlaku saka Yérusalèm ing Émaus. Ana wong lanang sing mèlu mlaku bareng, terus takon apa sing lagi diomongké karo wong loro kuwi. Wong loro kuwi njawab, ’Lho, kowé durung krungu, ta? Telung dina wingi, imam-imam kepala matèni Yésus. Tapi, saiki ana wong-wong wédok sing ngomong nèk Yésus wis urip manèh!’ Wong lanang mau ngomong, ’Apa kowé ora percaya karo para nabi? Para nabi ngomong nèk Kristus bakal mati terus diuripké manèh.’ Bar kuwi, dhèwèké njelaské ayat-ayat ing Kitab Suci kanggo wong loro kuwi. Wektu wis tekan Émaus, murid loro kuwi ngejak wong lanang mau mangan bareng. Bar ndonga, wong loro kuwi lagi ngerti nèk wong lanang mau Yésus. Bar kuwi, Yésus ngilang.

      Wong loro kuwi cepet-cepet lunga ing Yérusalèm. Ing kono, para rasul lagi ngumpul ing salah siji omah. Murid loro kuwi nyritakké apa sing kelakon. Bar kuwi, Yésus muncul ing kono. Mauné, para rasul ora percaya nèk kuwi Yésus. Yésus ngomong, ’Deloken tanganku. Coba demèken. Ana ayat sing ngomong nèk Kristus bakal diuripké manèh.’

      ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.”​—Yohanes 14:6

      Pertanyaan: Apa sing kelakon pas ana wong-wong wédok sing lunga ing kuburané Yésus? Apa sing kelakon pas muridé Yésus loro lunga ing Émaus?

      Matius 27:57–28:10; Markus 15:42–16:8; Lukas 23:50–24:43; Yohanes 19:38–20:23

  • Yésus Nemoni Murid-muridé Manèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus ngomong karo murid-muridé wektu dhèwèké lagi mbakar iwak

      PELAJARAN 92

      Yésus Nemoni Murid-muridé Manèh

      Ora suwé bar Yésus nemoni para rasul, Pétrus nggolèk iwak ing Laut Galiléa karo Tomas, Yakobus, lan Yohanes. Terus, ya ana murid-murid liyané sing padha mèlu. Wis sewengi wong-wong kuwi nggolèk iwak, tapi ora éntuk apa-apa.

      Ésuké, murid-murid ndelok ana wong lanang sing ngadeg ing pantai. Wong lanang kuwi mbengok, ’Apa kowé éntuk iwak?’ Wong-wong kuwi ngomong, ”Ora.” Wong lanang mau ngomong, ”Tebarna jalamu ing sisih tengené prau.” Mula, murid-murid nebarké jalané. Murid-murid akhiré éntuk iwak akèh banget nganti ora isa narik jalané ing prau. Yohanes langsung ngerti nèk wong lanang kuwi Yésus. Yohanes ngomong, ”Kuwi Gusti.” Bar kuwi, Pétrus langsung njegur ing laut lan renang tekan pantai. Murid-murid liyané ngetutké numpak prau.

      Wektu tekan pantai, murid-murid ndelok ana iwak sing lagi dibakar lan roti. Yésus ngongkon murid-muridé nggawa iwak manèh kanggo dipangan. Terus, Yésus ngomong, ’Ayo padha sarapan sik.’

      Pétrus marani Yésus ing pantai, lan murid-murid liyané ngetutké numpak prau

      Bar mangan, Yésus takon karo Pétrus, ’Kowé luwih sayang karo aku utawa gawéanmu?’ Pétrus njawab, ’Gusti kan ngerti nèk aku sayang njenengan.’ Yésus ngomong, ’Wènèhana mangan anak-anak dombaku.’ Yésus takon manèh, ’Pétrus, apa kowé sayang karo aku?’ Pétrus njawab, ’Gusti, njenengan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.’ Yésus ngomong, ”Engonen anak-anak dombaku.” Bar kuwi, Yésus takon manèh ping teluné. Pétrus dadi sedhih banget. Pétrus ngomong, ’Gusti, njenengan ngerti kabèh. Njenengan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.’ Yésus ngomong, ”Wènèhana mangan anak-anak dombaku.” Terus, Yésus ngomong manèh, ”Kowé kudu terus mèlu aku.”

      ”Yésus kandha, ’Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa’ Wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané lan mèlu Yésus.”​—Matius 4:19, 20

      Pertanyaan: Mukjijat apa sing ditindakké Yésus ing Laut Galiléa? Nurutmu, kenapa Yésus ping telu nakoni Pétrus, ”Apa kowé sayang karo aku?”

      Yohanes 21:1-19, 25; Kisah 1:1-3

  • Yésus Bali ing Swarga
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Para rasul ndeloki Yésus munggah ing langit

      PELAJARAN 93

      Yésus Bali ing Swarga

      Yésus nemoni para pengikuté ing Galiléa. Yésus mènèhi préntah sing penting banget, ’Lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Wulangen wong-wong kuwi soal apa waé sing wis tak wulangké karo kowé, terus baptisen wong-wong kuwi.’ Yésus ya janji, ’Élinga, aku bakal terus ngancani kowé.’

      Saksuwéné 40 dina bar diuripké manèh, Yésus nemoni atusan muridé ing Galiléa lan Yérusalèm. Dhèwèké mulang murid-muridé akèh pelajaran penting lan nindakké akèh mukjijat. Akhiré, Yésus nemoni para rasul ing Gunung Zaitun. Kuwi kesempatan terakhiré Yésus ketemu karo para rasulé.

      Ing Yérusalèm, Yésus tau ngandhani para rasulé, ’Aja lunga saka kéné. Terusa ngentèni apa sing wis dijanjèkké Bapak.’ Tapi, para rasul kuwi ora ngerti maksudé Yésus. Mula, para rasul takon, ’Apa saiki njenengan bakal dadi Raja Israèl?’ Yésus njawab, ’Durung wektuné Yéhuwah ndadèkké aku Raja. Sedhéla manèh, kowé bakal éntuk kuwasa saka roh suci, lan kowé kabèh bakal dadi seksiku. Nginjila ing Yérusalèm, Yudéa, Samaria, lan ing dhaérah sing paling adoh ing bumi.’

      Bar kuwi, Yésus keangkat ing langit lan ketutupan méga. Para muridé terus ndeloki, tapi Yésus wis ilang.

      Murid-murid akhiré lunga saka Gunung Zaitun, terus lunga ing Yérusalèm. Para murid kerep ngumpul ing ruangan ndhuwur salah siji omah kanggo ndonga. Wong-wong kuwi ngentèni Yésus mènèhi petunjuk manèh.

      ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”​—Matius 24:14

      Pertanyaan: Yésus mènèhi préntah apa kanggo murid-muridé? Apa sing kelakon ing Gunung Zaitun?

      Matius 28:16-20; Lukas 24:49-53; Yohanes 20:30, 31; Kisah 1:2-14; 1 Korintus 15:3-6

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim