PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Gubernur Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus ngrungokké kabar apik saka Rasul Paulus lan Barnabas

      PELAJARAN 98

      Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen

      Para rasul manut préntahé Yésus kanggo nginjil nganti sak donya. Taun 47 M, wong Kristen ing Antiokhia ngongkon Paulus lan Barnabas lunga kanggo perjalanan utusan injil. Wong loro sing semangat kuwi nginjil ing dhaérah-dhaérah ing Asia Kecil (saiki Turki), misalé ing kutha Dèrbé, Listra, lan Ikonium.

      Paulus lan Barnabas nyampèkké kabar apik karo kabèh wong, ora masalah wongé sugih apa miskin, enom apa tuwa. Akèh wong akhiré percaya karo Kristus. Wektu gubernur Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus lagi diwènèhi kesaksian karo Paulus lan Barnabas, ana ahli ilmu gaib sing péngin ngendhegké Paulus lan Barnabas. Paulus ngomong karo ahli ilmu gaib kuwi, ’Yéhuwah bakal ngukum kowé.’ Ahli ilmu gaib kuwi langsung dadi wuta. Bar ndelok peristiwa kuwi, Gubernur Paulus dadi percaya.

      Paulus lan Barnabas nginjil ing omah-omah, ing pasar, ing dalan, lan ing sinagogé. Bar marèkké wong sing lumpuh ing Listra, wong-wong ngira nèk Paulus lan Barnabas kuwi déwa. Wong-wong kuwi péngin nyembah Paulus lan Barnabas. Tapi, Paulus lan Barnabas ngomong, ’Mung Gusti Allah sing kudu mbok sembah. Aku iki mung manungsa.’ Terus, ana wong-wong Yahudi sing teka lan ngojok-ojoki wong-wong ing kono bèn nentang Paulus lan Barnabas. Paulus dibalangi watu karo wong-wong kuwi, terus disèrèt metu saka kutha. Tapi, Paulus isih urip. Sedulur-sedulur langsung nylametké Paulus. Paulus digawa mlebu manèh ing kutha. Ora suwé bar kuwi, Paulus bali manèh ing Antiokhia.

      Taun 49 M, Paulus lunga manèh kanggo perjalanan utusan injilé sing keloro. Paulus nemoni sedulur-sedulur ing Asia Kecil manèh. Terus, dhèwèké nginjil ing dhaérah sing luwih adoh yaiku ing Eropa. Dhèwèké lunga ing kutha Athéna, Éfésus, Filipi, Tésalonika, lan panggonan liyané. Paulus lunga bareng Silas, Lukas, lan cah enom sing jenengé Timotius. Wong-wong kuwi kerjasama mbentuk jemaat lan nguwatké para sedulur. Paulus manggon ing Korintus nganti siji setengah taun lan nguwatké wong Kristen ing kono. Paulus nginjil, mulang, lan nulis surat kanggo jemaat-jemaat. Dhèwèké ya kerja nggawé téndha. Terus, Paulus bali manèh ing Antiokhia.

      Rasul Paulus nginjil ing pasar

      Taun 52 M, Paulus lunga manèh kanggo perjalanan utusan injilé sing ketelu. Pertama, dhèwèké lunga ing Asia Kecil. Terus, dhèwèké lunga ing kutha Filipi lan Korintus. Bar kuwi, Paulus lunga ing kutha Éfésus lan manggon ing kono rada suwé. Ing kono, dhèwèké mulang, marèkké wong, lan mbantu jemaat ing kono. Saben dina Paulus ya ceramah ing ruang pertemuan sekolahan. Akèh wong sing ngrungokké, terus bertobat. Akhiré, sakwisé nginjil ing akèh dhaérah, Paulus lunga ing Yérusalèm.

      ”Mula lungaa, lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.”​—Matius 28:19

      Pertanyaan: Apa kowé isa nduduhké perjalanan utusan injilé Paulus ing péta sing ana ing Alkitab? (Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar, Lampiran B13)

      Kisah 13:1–23:35

  • Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Penjaga penjara ing Filipi ndelok nèk pintu-pintu penjara kebukak, tapi para tahanan isih ana ing kono

      PELAJARAN 99

      Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen

      Ing Filipi, ana pembantu wédok sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké dadi isa ngramal, lan para majikané dadi éntuk dhuwit akèh. Wektu teka ing Filipi, Paulus lan Silas dietutké karo pembantu wédok kuwi nganti pirang-pirang dina. Merga kesurupan, budhak kuwi mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur.” Paulus akhiré ngomong, ’Nganggo jenengé Yésus, metua saka wong iki!’ Akhiré, roh jahaté metu saka pembantu kuwi.

      Pas ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu kuwi, para majikané dadi nesu banget. Mula, Paulus lan Silas digawa karo wong-wong kuwi lunga nemoni para pejabat pengadilan. Para majikan kuwi ngomong, ’Wong-wong iki wis nglanggar hukum lan nggawé gègèr kutha.’ Para pejabat kuwi ngongkon bèn Paulus lan Silas digebugi, terus dilebokké penjara. Penjaga penjara nglebokké Paulus lan Silas ing penjara sing paling jero lan paling peteng. Terus, sikilé Paulus lan Silas ya dipasung.

      Paulus lan Silas nyanyi muji Yéhuwah, lan kuwi dirungokké karo para tahanan liyané. Pas tengah wengi, ngerti-ngerti ana gempa bumi ing penjara kuwi. Lawang-lawangé penjara padha kebukak. Ranté lan pasungé para tahanan ya padha ucul. Penjaga penjara cepet-cepet mlebu. Terus, dhèwèké ndelok nèk lawang-lawangé penjara wis kebukak. Penjaga penjara kuwi ngira nèk para tahanan wis padha mlayu. Mula, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh diri.

      Paulus langsung mbengok, ’Aja bunuh diri! Aku kabèh ana ing kéné!’ Penjaga penjara kuwi cepet-cepet mlebu, terus sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. Penjaga penjara kuwi takon, ”Aku kudu piyé bèn isa dislametké?” Paulus lan Silas ngomong, ’Kowé lan keluargamu kudu percaya karo Yésus.’ Terus, Paulus lan Silas mulang penjaga penjara kuwi soal Yéhuwah. Bar kuwi, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis.

      ”Kowé bakal ditangkep lan dianiaya. Kowé ya bakal diserahké ing sinagogé lan dilebokké penjara. Kowé bakal digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga dadi muridku. Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian.”​—Lukas 21:12, 13

      Pertanyaan: Kenapa Paulus lan Silas dipenjara? Piyé critané kok penjaga penjara kuwi isa dadi wong Kristen?

      Kisah 16:16-34

  • Paulus lan Timotius
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Paulus, Silas, lan Timotius

      PELAJARAN 100

      Paulus lan Timotius

      Éunike, Lois, lan Timotius

      Ana sedulur lanang sing isih enom ing jemaat Listra. Cah enom kuwi jenengé Timotius. Bapaké wong Yunani, lan ibuné wong Yahudi. Kèt cilik, Timotius diwulang soal Yéhuwah karo ibuné lan mbahé. Ibuné jenengé Éunike, lan mbahé jenengé Lois.

      Ing perjalanan utusan injilé sing keloro, Paulus teka ing kutha Listra. Paulus ndelok nèk Timotius sayang banget karo para sedulur lan seneng mbantu wong-wong kuwi. Paulus akhiré ngejak Timotius mèlu ing perjalanan utusan injilé. Paulus ya nglatih Timotius bèn isa luwih trampil nginjil lan mulangké kabar apik.

      Ing ngendi waé, Paulus lan Timotius dituntun roh suci. Pas bengi, Paulus tau éntuk wahyu. Ing wahyu kuwi, ana wong lanang sing njaluk bèn Paulus teka ing Makédonia kanggo mbantu wong-wong ing kono. Mula, Paulus, Timotius, Silas, lan Lukas lunga ing kono kanggo nginjil lan mbentuk jemaat.

      Ing kutha Tésalonika ing Makédonia, akèh wong lanang lan wong wédok sing dadi wong Kristen. Tapi, ana wong-wong Yahudi sing iri karo Paulus, Timotius, lan Silas. Wong-wong Yahudi kuwi ngumpulké wong-wong. Terus, Paulus lan kanca-kancané digawa karo rombongan kuwi ing ngarepé para penguasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ’Wong-wong iki mungsuhé pamréntah Romawi!’ Mula pas bengi, Paulus lan Timotius lunga ing Béréa bèn ora dipatèni.

      Wong-wong ing Béréa seneng sinau soal kabar apik. Wong Yunani lan Yahudi ing kono dadi wong Kristen. Wektu ana wong-wong Yahudi sing teka saka Tésalonika lan nggawé masalah, Paulus lunga ing Athéna. Tapi, Timotius lan Silas tetep tinggal ing Béréa bèn isa nguwatké para sedulur ing kono. Bar kuwi, Paulus ngongkon Timotius bali manèh ing Tésalonika kanggo nguwatké para sedulur sing dianiaya. Terus, Paulus ya ngongkon Timotius marani lan nguwatké para sedulur ing jemaat-jemaat liya.

      Wektu dadi tahanan rumah, Rasul Paulus sing diranté ing penjagané nggawé surat sing dituliské karo Timotius

      Paulus ngomong karo Timotius, ’Wong sing péngin nglayani Yéhuwah bakal dianiaya.’ Timotius dianiaya lan dipenjara merga imané. Tapi, Timotius seneng merga isa mbuktèkké nèk dhèwèké setya karo Yéhuwah.

      Paulus ngomong karo wong Filipi, ’Aku ngongkon Timotius nemoni kowé. Dhèwèké bakal mulang kowé kabèh bèn manut karo pathokané Yéhuwah lan nglatih kowé kanggo nginjil.’ Paulus ngerti nèk Timotius isa dipercaya. Wong loro kuwi dadi sahabat lan terus kerjasama nganti pirang-pirang taun.

      ”Ora ana wong liya sing isa tak utus sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal tulus nggatèkké kebutuhanmu. Kabèh wong liyané mung mikirké kepentingané dhéwé, dudu kepentingané Kristus Yésus.”​—Filipi 2:20, 21

      Pertanyaan: Timotius kuwi sapa? Kenapa Paulus lan Timotius isa dadi sahabat?

      Kisah 16:1-12; 17:1-15; Filipi 2:19-22; 2 Timotius 1:1-5; 3:12, 14, 15; Ibrani 13:23

  • Paulus Digawa ing Roma
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Paulus lan wong liyané renang utawa cekelan pecahan kapal sing wis kandhas ing cedhak Pulau Malta

      PELAJARAN 101

      Paulus Digawa ing Roma

      Kutha terakhir sing dikunjungi Paulus pas perjalanan utusan injilé sing ketelu yaiku Yérusalèm. Ing kono, dhèwèké ditangkep, terus dipenjara. Pas bengi, Yésus ngandhani Paulus liwat penglihatan, ’Kowé bakal lunga ing Roma lan nginjil ing kono.’ Paulus digawa saka Yérusalèm ing Kaisaréa, terus dipenjara nganti rong taun. Wektu diadili Gubernur Fèstus, Paulus ngomong, ’Aku péngin diadili Kaisar ing Roma.’ Fèstus ngomong, ’Merga kowé njaluk diadili Kaisar, kowé bakal diadili karo Kaisar.’ Paulus digawa ing Roma numpak kapal bareng sedulur loro yaiku Lukas lan Aristarkhus.

      Pas perjalanan, ana badai sing gedhé banget nganti pirang-pirang dina. Kabèh wong sing ana ing kapal kuwi mikir nèk bakal mati. Tapi, Paulus ngomong, ’Kanca-kanca, ana malaékat sing ngandhani aku liwat mimpi, ”Aja wedi, Paulus. Kowé bakal tekan ing Roma, lan kabèh wong ing kapal iki bakal slamet.” Mula, aja wedi! Awaké dhéwé bakal slamet.’

      Badainé terus ana nganti 14 dina. Akhiré, wong-wong kuwi ndelok ana daratan yaiku Pulau Malta. Kapalé kandhas, terus remuk. Tapi, 276 wong sing ana ing kapal kuwi slamet. Ana sing renang, lan ana sing cekelan pecahané kapal tekan daratan. Wong-wong ing Malta ngopèni wong-wong kuwi lan nggawé api unggun bèn ora padha kadhemen.

      Telung sasi bar kuwi, para prajurit nggawa Paulus lunga ing Roma nganggo kapal liyané. Pas wis tekan, para sedulur ing kono nemoni Paulus. Wektu ndelok para sedulur, Paulus maturnuwun karo Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké. Senajan dadi tahanan, Paulus éntuk manggon ing omah sing diséwa, tapi tetep dijaga siji prajurit. Paulus manggon ing omah kuwi nganti rong taun. Ana wong-wong sing teka nemoni Paulus. Paulus nginjil soal Kerajaané Gusti Allah lan mulang wong-wong kuwi soal Yésus. Paulus ya nulis surat kanggo jemaat ing Asia Kecil lan Yudéa. Yéhuwah bener-bener nggunakké Paulus bèn kabèh bangsa isa krungu kabar apik.

      ”Ing keadaan apa waé, aku nduduhké nèk aku iki abdiné Gusti Allah: Aku sabar wektu ngalami kesusahan, kekurangan, lan keadaan sing angèl.”​—2 Korintus 6:4

      Pertanyaan: Kenapa Fèstus ngirim Paulus ing Roma? Apa sing dialami Paulus pas perjalanan ing Roma?

      Kisah 21:30; 23:11; 25:8-12; 27:1–28:31; Roma 15:25, 26

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim