PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 19 hlm. 50-hlm. 51 par. 2
  • Bencana sing Pertama Nganti Ketelu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bencana sing Pertama Nganti Ketelu
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ana Enem Bencana Manèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Musa Milih Nyembah Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bencana sing Kesepuluh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 19 hlm. 50-hlm. 51 par. 2
Musa lan Harun nemoni Firaun

PELAJARAN 19

Bencana sing Pertama Nganti Ketelu

Bangsa Israèl dikon dadi budhak. Yéhuwah ngongkon Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Bébasna umat-Ku bèn isa ngibadah ing padhang belantara.’ Firaun njawab, ’Aku ora perduli omongané Yéhuwah. Bangsa Israèl ora bakal tak bébaské.’ Firaun malah nambahi gawéané bangsa Israèl. Yéhuwah akhiré ngukum Firaun. Apa kowé ngerti piyé carané? Yéhuwah ngekèki Sepuluh Bencana. Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Firaun ora gelem manut Aku. Sésuk ésuk, Firaun bakal lunga ing Kali Nil. Kowé kudu ngandhani dhèwèké nèk banyuné Kali Nil bakal dadi getih merga dhèwèké ora gelem mbébaské umat-Ku.’ Terus, Musa nemoni Firaun. Firaun ndélok Harun nggebug Kali Nil nganggo tongkaté. Bar kuwi, banyuné Kali Nil berubah dadi getih. Akibaté, iwaké padha mati, lan kaliné dadi mambu. Banyuné Kali Nil dadi ora isa diombé. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.

Seminggu bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh kodhok ing Mesir.’ Harun ngethungké tongkaté. Bar kuwi, Mesir dadi kebak kodhok. Kodhoké ing endi-endi. Ana sing ing njero omah, ing tempat tidur, lan ing mangkok. Firaun ngongkon Musa ngomong karo Yéhuwah bèn nyingkirké kodhok-kodhok kuwi. Firaun janji nèk bakal mbébaské bangsa Israèl. Bencana kuwi akhiré mandheg. Wong Mesir padha ngumpulké kodhok-kodhok sing wis mati. Mesir dadi mambu banget. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.

Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kongkonen Harun nggebug tanah nganggo tongkaté. Mengko debu-debuné bakal berubah dadi nyamuk.’ Bar kuwi, ana akèh nyamuk ing endi-endi. Pelayané Firaun ngomong, ’Iki bencana saka Gusti Allah.’ Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.

Bencana sing pertama nganti ketelu ing Mesir: banyuné Kali Nil dadi getih, ana akèh kodhok, lan ana akèh nyamuk

”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti kuwasa-Ku lan kekuwatan-Ku, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jeneng-Ku kuwi Yéhuwah.”​—Yérémia 16:21

Pertanyaan: Bencana sing pertama nganti ketelu kuwi apa waé? Kenapa Yéhuwah ngekèki bencana kaya ngono?

Pangentasan 5:1-18; 7:8–8:19; Néhémia 9:9, 10

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim