PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/10 hlm. 6-8
  • Donga—Gunané kanggo Panjenengan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Donga—Gunané kanggo Panjenengan
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pikirané ayem.
  • Tetep kuwat senajan ngadhepi masalah.
  • Éntuk kawicaksanan.
  • Manfaaté Donga kanggo Njenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Nèk Ndonga, Apa Kudu Nganggo Doa Bapa Kami?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/10 hlm. 6-8
Wong wédok ndongakké ibuné sing lara

SING UTAMA DIREMBUG | APA NDONGA KUWI ANA GUNANÉ?

Donga—Gunané kanggo Panjenengan

Sakdurungé mulai dodolan, mbokmenawa awaké dhéwé mikir, ’Apa aku éntuk bathi?’ Apa salah nèk mikir kaya ngono pas arep ndonga? Ora. Kuwi wis umumé dipikirké wong. Nabi Ayub tau takon, ”Saumpama aku nyenyebut, mangka Panjenengané paring wangsulan?”​—Ayub 9:16.

Ing artikel sakdurungé wis ana bukti nèk ndonga kuwi ora mung kebiyasaan kanggo ibadah, utawa kanggo nentremké pikiran waé. Yéhuwah mirengké dongané awaké dhéwé. Nèk ndonga nganggo cara sing bener lan isiné cocog karo kersané, Gusti Allah bakal nggatèkké. Gusti Allah péngin kekancan karo awaké dhéwé. (Yakobus 4:8) Dadi, apa éntuk-éntukané nèk awaké dhéwé ndonga?

Pikirané ayem.

Apa panjenengan rumangsa kewalahan wektu ngadhepi masalah? Nèk iya, Alkitab ngandhani bèn ”aja kendhat anggonmu ndedonga” lan ”lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah”. (1 Tésalonika 5:17; Filipi 4:6) Alkitab uga mènèhi jaminan nèk awaké dhéwé ndonga, ”Temahan tentrem-rahayu kang saka Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu.” (Filipi 4:7) Pikirané awaké dhéwé isa ayem nèk masalahé wis dipasrahké marang Gusti Allah. Jabur 55:23 kandha, ”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa!”

”Sumelangmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah kowé mesthi direksa!”​—Jabur 55:23

Ana akèh pengalaman saka wong-wong sing pikirané dadi ayem. Hiran saka Korea Selatan, kandha, ”Pas aku ngadhepi masalah abot, pikiranku tentrem lan aku isa tetep kuwat senajan lagi sepisan ndonga.” Liana, saka Filipina, ngomong, ”Wektu ngopèni ibuku sing wis pikun lan lumpuh sarta anakku, aku sok kuwatir. Ning, merga ndonga, aku dadi ora terlalu kuwatir mikir urip saben dina. Aku percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu ngopèni wong loro kuwi.”[2]

Tetep kuwat senajan ngadhepi masalah.

Apa panjenengan ngalami strès merga urip sengsara utawa ngalami musibah? Panjenengan isa tetep kuwat nèk ndonga marang ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur”. Alkitab kandha, ”Gusti Allah kang nglipur . . . ing sajroning kasusahan.” (2 Korinta 1:3, 4) Mbiyèn, Yésus wis tau strès banget. Yésus ”jèngkèng ndedonga”. Terus piyé? Yésus ”dikatingali malaékat saka ing langit kang nyantosakaké Panjenengané”. (Lukas 22:41, 43) Néhémya iya wis tau dijahati wong-wong sing ora péngin dhèwèké nindakké kersané Yéhuwah. Dhèwèké ndonga, ”Dhuh Allah, mugi kersaa nyantosakaken kawula!” Kedadéan bar kuwi nduduhké nèk Gusti Allah mbantu dhèwèké tetep kendel wektu nindakké kersané. (Néhémya 6:9-16, Basa Jawi Padintenan) Robby saka Ghana, nyritakké pengalamané, ”Wektu kewalahan ngadhepi masalah, aku ndonga. Rasané kaya omong-omongan karo wong sing isa nulungi aku, lan isa nyingkirké kabèh rasa kuwatirku.” Dadi, Gusti Allah pancèn isa nguwatké awaké dhéwé wektu ndonga.

Éntuk kawicaksanan.

Keputusan sing digawé, isa nggawé uripé awaké dhéwé lan wong-wong liya dadi luwih apik apa ora. Dadi, piyé carané bèn isa nggawé keputusan sing bener? Alkitab kandha, ”Déné manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabèhing wong kanthi éklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingaké marang dhèwèké.” (Yakobus 1:5) Nèk awaké dhéwé ndonga njaluk kawicaksanan, Gusti Allah bakal maringi roh suciné bèn isa nggawé keputusan sing bener. Awaké dhéwé uga isa langsung njaluk roh suciné, merga Yésus njamin nèk ”Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun”.​—Lukas 11:13.

Wong lanang lagi ndonga

”Aku ajeg ndonga marang Yéhuwah, njaluk tuntunané bèn isa nggawé keputusan sing bener.”​—Kwabena, Ghana

Yésus waé rumangsa butuh bantuané Bapaké wektu nggawé keputusan penting. Alkitab kandha wektu Yésus milih 12 rasulé, Yésus ”nganti sawengi natas anggoné ndedonga”.​—Lukas 6:12.

Kaya Yésus, akèh wong sing wis mbuktèkké dhéwé bantuané Gusti Allah wektu nggawé keputusan. Régina, saka Filipina, nyritakké masalahé. Sakwisé bojoné mati lan dhèwèké di-PHK, Régina kudu nguripi keluargané. Dhèwèké rumangsa rekasa nggedhèkké anak. Apa sing mbantu dhèwèké isa nggawé keputusan sing bener? Régina kandha, ”Wektu ndonga aku ngendelké bantuané Yéhuwah.” Kwabena, saka Ghana, nyritakké nèk dhèwèké butuh bantuané Gusti Allah. Dhèwèké kandha, ”Aku kélangan gawéan sing wis mapan.” Pas nggawé keputusan, dhèwèké kandha, ”Aku ajeg ndonga marang Yéhuwah, njaluk tuntunan bèn isa nggawé keputusan sing bener. Aku yakin nèk Yéhuwah mbantu aku, bèn isa milih gawéan sing ora ganggu hubunganku karo Yéhuwah, ning ya isa nyukupi kebutuhan.” Panjenengan uga isa ngrasakké tuntunané Gusti Allah, wektu ndonga bab kabèh sing isa nggawé hubungan panjenengan karo Yéhuwah tetep akrab.

Ing kéné mung disebutké sithik thok gunané donga kanggo panjenengan. (Conto liyané, deloken kothak ”Gunané Ndonga.”) Bèn isa ngrasakké gunané, panjenengan kudu ngerti dhisik bab Gusti Allah lan kersané. Nèk gelem, panjenengan isa njaluk bantuané Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa sinau Alkitab.a Iki cara kanggo mulai nyedhaki Gusti Allah ”ingkang midhangetaken pandonga”.​—Jabur 65:3.

a Kanggo katrangan luwih akèh, panjenengan isa ngubungi Seksi-Seksi Yéhuwah ing dhaérah panjenengan, utawa deloken www.jw.org/jv.

Gunané Ndonga

Pikirané ayem ”Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging padha lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur. Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.”​—Filipi 4:6, 7.

Éntuk panglipur ”Pinujia Gusti Allah, kang Ramané Gusti kita Yésus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.”​—2 Korinta 1:3, 4.

Tuntunan bèn isa nggawé keputusan sing bener ”Déné manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabèhing wong kanthi éklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingaké marang dhèwèké.”​—Yakobus 1:5.

Éntuk bantuan wektu ngadhepi masalah ”Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”​—Lukas 22:40.

Diapura salahé ”Mangka umatingSun kang sesebutané kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesoraké awaké, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakuné kang ala, Ingsun bakal miyarsakaké saka ing swarga lan ngapura marang dosané.”​—2 Babad 7:14.

Isa mbantu wong liya ”Pandongané wong mursid . . . gedhé banget dayané.”​—Yakobus 5:16.

Éntuk jaminan nèk dongané dirungokké ”Pangandikané Sang Yéhuwah marang panjenengané [Salomo] mangkéné: ’Ingsun wis midhangetaké pandonga lan panyuwunira kang sira unjukaké marang Ingsun.’”​—1 Para Raja 9:3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim