BAB 12
Kaya Apa Wong Mati Kuwi?
Kaya apa wong mati kuwi? Wong mati kuwi kaya wong sing lagi turu angler. (Yokanan 11:11-14) Wong mati ora isa ngrungokké, ndelok, ngomong, lan mikir. (Kohèlèt 9:5, 10) Ibadah sing ora bener mulang, nèk wong mati kuwi sukmané pisah karo ragané. Kuwi dudu wulangané Alkitab.
Wong mati ora isa mbantu utawa nggawé cilakané manungsa. Wong-wong biasa nggawé slametan telung dina, patang puluh dina, satus dina, sèwu dina, lan nggawé sajèn merga dianggep isa nyenengké wong sing wis mati. Gusti Allah ora seneng merga kuwi kabèh asalé saka Iblis. Wong mati wis ora isa disenengké manèh, merga wis ora ana nyawané. Awaké dhéwé ora perlu wedi utawa nyembah wong mati. Sing kudu disembah mung Gusti Allah.—Matéus 4:10.
Wong mati bakal urip manèh. Ing bumi Pirdus mbésuk, Yéhuwah ngutus Yésus kanggo nguripké manèh wong-wong sing wis mati. (Yokanan 5:28, 29; Para Rasul 24:15) Gusti Allah isa nguripké manèh wong mati kaya nangèkké wong sing lagi turu. Mbiyèn Yéhuwah ya wis tau ngutus Yésus nguripké wong mati.—Markus 5:22, 23, 41, 42.
Percaya nèk manungsa mati ning sukmané isih urip kuwi jan-jané ora bener, merga wulangan kuwi asalé saka Iblis. Iblis lan para dhemité nggawé wong percaya nèk wong mati kuwi sukmané isih urip, lan isa nggawé cilaka sing isih urip. Cara liyané Iblis ngapusi, yaiku sok mrimpèni lan meruhi wong-wong. Yéhuwah sengit banget karo wong sing ngupaya omongan karo wong mati.—Pangandharing Torèt 18:10-12.