PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Kowé Bakal Urip Manèh”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 12 Terus, ”ana otot lan daging ing balung-balung kuwi”. Kuwi kelakon wektu Charles T. Russell karo kanca-kancané mulai nggolèk keterangan sing bener saka Alkitab. Wong-wong kuwi ya mbantu wong liyané ngerti keterangan sing bener saka Alkitab liwat majalah ”Menara Pengawal Zion” (Zion’s Watch Tower) lan wacan-wacan liyané. Hasilé, akèh wong dadi umaté Gusti Allah lan nglayani bareng karo wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Awal 1900-an, ana ”Drama-Foto Penciptaan” lan buku ”Rahasia sing Kelakon” (The Finished Mystery). Kuwi nguwatké imané wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. Ora let suwé, Gusti Allah nggawé umaté ”ngadeg”. (Yèh. 37:10) Kapan lan piyé kuwi kelakon? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké apa sing kelakon ing Babilon jaman mbiyèn.

      ’Wong-Wong sing Dipatèni Kuwi Urip Manèh lan Ngadeg’

      13. (a) Critakna piyé wahyu sing dicathet ing Yèhèzkièl 37:10, 14 kelakon mulai taun 537 SM. (b) Ayat endi waé sing nduduhké nèk ana wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku sing bali ing Israèl?

      13 Mulai 537 SM, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kelakon tenan. Yéhuwah nggawé wong Yahudi sing ditawan ing Babilon ”urip manèh lan ngadeg”. Kuwi kelakon wektu wong-wong kuwi dibébaské lan bali ing Israèl. Wektu kuwi, sing lunga saka Babilon ana 42.360 wong Yahudi lan kira-kira 7.000 wong sing dudu wong Yahudi. Wong-wong kuwi mbangun manèh bait Yérusalèm lan manggon ing Israèl. (Ézr. 1:1-4; 2:64, 65; Yèh. 37:14) Terus, kira-kira 70 taun bar kuwi, sekitar 1.750 tawanan bali ing Yérusalèm bareng karo Ézra. (Ézr. 8:1-20) Dadi, jumlahé wong Yahudi sing bali ing Israèl ana luwih saka 44.000. Wong-wong kuwi kaya ”pasukan sing akèh banget”. (Yèh. 37:10) Sakliyané kuwi, Alkitab ngomong nèk wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku, sing nènèk moyangé ditawan ing Asiria taun 740 SM, ya bali ing Israèl lan mèlu mbangun manèh bait Yérusalèm.​—1 Bb. 9:3; Ézr. 6:17; Yér. 33:7; Yèh. 36:10.

      Wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga sakwisé 100 M nganti 1919 M.

      KOTHAK INFORMASI 10B: Apa Hubungané ”Balung-Balung sing Garing” karo ”Seksi Loro”?

      14. (a) Piyé Yèhèzkièl 37:24 nduduhké kapan ramalané Yèhèzkièl kelakon manèh? (b) Apa sing kelakon taun 1919? (Deloken kothak ”Apa Hubungané ’Balung-Balung sing Garing’ karo ’Seksi Loro’?”)

      14 Piyé ramalané Yèhèzkièl kelakon manèh? Kaya ramalan liyané sing disampèkké Yéhuwah marang Yèhèzkièl, ramalan iki ya bakal kelakon manèh sakwisé Yésus Kristus, keturunané Daud, mréntah dadi Raja.c (Yèh. 37:24) Taun 1919, Yéhuwah mberkahi umaté nganggo roh suciné. Hasilé, umaté ”urip manèh” lan dibébaské saka agama palsu. (Yés. 66:8) Terus, Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi manggon ing ’tanahé’ wong-wong kuwi, maksudé firdaus rohani. Tapi, piyé critané kok umaté Yéhuwah saiki isa dadi ”pasukan sing akèh banget”?

      Sedulur lanang lagi mikir tenanan sakwisé maca buku Yèhèzkièl.

      KOTHAK INFORMASI 10C: Yéhuwah Isa Nggawé Awaké Dhéwé Kuwat Manèh

      15, 16. (a) Kok isa umaté Yéhuwah saiki dadi ”pasukan sing akèh banget”? (b) Pas lagi ngadhepi masalah, ngapa kok awaké dhéwé isa dikuwatké nèk maca ramalané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Yéhuwah Isa Nggawé Awaké Dhéwé Kuwat Manèh”.)

      15 Sakwisé Kristus nglantik budhak sing setya taun 1919, umaté Gusti Allah ndelok dhéwé nèk ramalané Zakharia kelakon. Nabi Zakharia sing manggon bareng para tawanan sing bali ing Yérusalèm ngomong, ’Akèh wong lan bangsa sing kuwat bakal teka nglayani Yéhuwah.’ Zakharia nggambarké wong-wong kuwi kaya ”wong lanang sepuluh saka kabèh bangsa”. Wong-wong kuwi nyekel kenceng jubahé ”wong Yahudi siji”, yaiku ”Israèl duwèké Gusti Allah”. Wong-wong kuwi ngomong, ”Aku bakal mèlu karo kowé, merga aku krungu nèk Gusti Allah ndhukung kowé.”​—Za. 8:20-23; Gal. 6:16.

      16 Saiki, ”pasukan sing akèh banget” kuwi jumlahé jutaan, lan jumlahé bakal tambah akèh. (Yèh. 37:10) Sing dadi pasukan kuwi yaiku ”Israèl duwèké Gusti Allah” (wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi) lan ”wong lanang sepuluh” (domba-domba liyané). Merga dadi prajurité Yésus, awaké dhéwé péngin manut karo Yésus, Rajané awaké dhéwé sing bakal mènèhi akèh berkah.​—Mzm. 37:29; Yèh. 37:24; Flp. 2:25; 1 Tés. 4:16, 17.

  • Ibadah marang Yéhuwah Suwé-Suwé Dadi Murni Manèh
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
      • Nathan H. Knorr, Joseph F. Rutherford, lan Hayden C. Covington.

        ’Wong-wong sing dipatèni kuwi urip manèh lan ngadeg’

        Sakwisé ”urip manèh” taun 1919, umaté Yéhuwah tambah semangat nginjil

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim