PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 36
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yèhèzkièl

      • Ramalan soal gunung-gunung Israèl (1-15)

      • Israèl bakal diklumpukké (16-38)

        • ”Aku mesthi bakal nggawé jeneng-Ku sing luhur dadi suci” (23)

        • ”Kaya Taman Èden” (35)

Yèhèzkièl 36:2

Réferènsi Silang

  • +Yér 49:1; Yèh 35:10

Yèhèzkièl 36:3

Réferènsi Silang

  • +PT 28:37; 1Raj 9:7; KP 2:15; Dan 9:16

Yèhèzkièl 36:4

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:9
  • +Mzm 79:4; Yèh 34:28

Yèhèzkièl 36:5

Réferènsi Silang

  • +Zéf 3:8
  • +Ob 12
  • +Yèh 25:12, 13; 35:10, 11; Am 1:11

Yèhèzkièl 36:6

Réferènsi Silang

  • +Mzm 74:10; 123:4

Yèhèzkièl 36:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”ngangkat tangan-Ku”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:9; 49:17

Yèhèzkièl 36:8

Réferènsi Silang

  • +Yés 44:23; 51:3; Yèh 36:30

Yèhèzkièl 36:10

Réferènsi Silang

  • +Za 8:4
  • +Yés 51:3; Yér 30:18, 19; Am 9:14

Yèhèzkièl 36:11

Réferènsi Silang

  • +Yér 31:27
  • +Yés 54:7; Yér 30:18
  • +Hag 2:9
  • +Hos 2:20; Yl 3:17

Yèhèzkièl 36:12

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:44; Ob 17
  • +Yés 65:23

Yèhèzkièl 36:15

Réferènsi Silang

  • +Yés 54:4; 60:14; Mi 7:8; Zéf 2:8; 3:19

Yèhèzkièl 36:17

Réferènsi Silang

  • +Mzm 106:38; Yés 24:5; Yér 2:7; 16:18
  • +Km 12:2; Yés 64:6

Yèhèzkièl 36:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.

Réferènsi Silang

  • +Yés 42:24, 25
  • +Yèh 23:37

Yèhèzkièl 36:19

Réferènsi Silang

  • +Km 26:38; Yèh 22:15

Yèhèzkièl 36:20

Réferènsi Silang

  • +Yés 52:5; Rm 2:24

Yèhèzkièl 36:21

Réferènsi Silang

  • +Mzm 74:18; Yés 48:9; Yèh 20:9

Yèhèzkièl 36:22

Réferènsi Silang

  • +Mzm 106:7, 8

Yèhèzkièl 36:23

Réferènsi Silang

  • +Yés 5:16; Yèh 20:41
  • +Mzm 102:13-15

Yèhèzkièl 36:24

Réferènsi Silang

  • +PT 30:3; Yés 43:5; Yér 23:3; Yèh 34:13; Hos 1:11

Yèhèzkièl 36:25

Réferènsi Silang

  • +Wi 19:13; Mzm 51:7
  • +Yés 4:4; Yér 33:8
  • +Yèh 6:4

Yèhèzkièl 36:26

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, ati sing péngin ngerti tuntunané Gusti Allah.

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:39
  • +Mzm 51:10; Yèh 11:19, 20
  • +Za 7:12

Yèhèzkièl 36:27

Réferènsi Silang

  • +Yér 31:33

Yèhèzkièl 36:28

Réferènsi Silang

  • +Yér 30:22; Yèh 37:25, 27

Yèhèzkièl 36:29

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:29

Yèhèzkièl 36:30

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:27

Yèhèzkièl 36:31

Réferènsi Silang

  • +Ézr 9:6; Néh 9:26; Yér 31:18; Yèh 6:9

Yèhèzkièl 36:32

Réferènsi Silang

  • +PT 9:5; Dan 9:19

Yèhèzkièl 36:33

Réferènsi Silang

  • +Za 8:8
  • +Yés 58:12; Yér 33:10, 11; Am 9:14

Yèhèzkièl 36:35

Réferènsi Silang

  • +PD 2:8
  • +Yés 51:3

Yèhèzkièl 36:36

Réferènsi Silang

  • +Yèh 28:26; 37:14

Yèhèzkièl 36:38

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin, ”kaya domba-domba sing arep dienggo korban”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 30:18, 19
  • +Pa 23:17

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yèh. 36:2Yér 49:1; Yèh 35:10
Yèh. 36:3PT 28:37; 1Raj 9:7; KP 2:15; Dan 9:16
Yèh. 36:4Yér 25:9
Yèh. 36:4Mzm 79:4; Yèh 34:28
Yèh. 36:5Zéf 3:8
Yèh. 36:5Ob 12
Yèh. 36:5Yèh 25:12, 13; 35:10, 11; Am 1:11
Yèh. 36:6Mzm 74:10; 123:4
Yèh. 36:7Yér 25:9; 49:17
Yèh. 36:8Yés 44:23; 51:3; Yèh 36:30
Yèh. 36:10Za 8:4
Yèh. 36:10Yés 51:3; Yér 30:18, 19; Am 9:14
Yèh. 36:11Yér 31:27
Yèh. 36:11Yés 54:7; Yér 30:18
Yèh. 36:11Hag 2:9
Yèh. 36:11Hos 2:20; Yl 3:17
Yèh. 36:12Yér 32:44; Ob 17
Yèh. 36:12Yés 65:23
Yèh. 36:15Yés 54:4; 60:14; Mi 7:8; Zéf 2:8; 3:19
Yèh. 36:17Mzm 106:38; Yés 24:5; Yér 2:7; 16:18
Yèh. 36:17Km 12:2; Yés 64:6
Yèh. 36:18Yés 42:24, 25
Yèh. 36:18Yèh 23:37
Yèh. 36:19Km 26:38; Yèh 22:15
Yèh. 36:20Yés 52:5; Rm 2:24
Yèh. 36:21Mzm 74:18; Yés 48:9; Yèh 20:9
Yèh. 36:22Mzm 106:7, 8
Yèh. 36:23Yés 5:16; Yèh 20:41
Yèh. 36:23Mzm 102:13-15
Yèh. 36:24PT 30:3; Yés 43:5; Yér 23:3; Yèh 34:13; Hos 1:11
Yèh. 36:25Wi 19:13; Mzm 51:7
Yèh. 36:25Yés 4:4; Yér 33:8
Yèh. 36:25Yèh 6:4
Yèh. 36:26Yér 32:39
Yèh. 36:26Mzm 51:10; Yèh 11:19, 20
Yèh. 36:26Za 7:12
Yèh. 36:27Yér 31:33
Yèh. 36:28Yér 30:22; Yèh 37:25, 27
Yèh. 36:29Yèh 34:29
Yèh. 36:30Yèh 34:27
Yèh. 36:31Ézr 9:6; Néh 9:26; Yér 31:18; Yèh 6:9
Yèh. 36:32PT 9:5; Dan 9:19
Yèh. 36:33Za 8:8
Yèh. 36:33Yés 58:12; Yér 33:10, 11; Am 9:14
Yèh. 36:35PD 2:8
Yèh. 36:35Yés 51:3
Yèh. 36:36Yèh 28:26; 37:14
Yèh. 36:38Yér 30:18, 19
Yèh. 36:38Pa 23:17
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yèhèzkièl 36:1-38

Yèhèzkièl

36 ”Hé anaké manungsa, sampèkna ramalan soal gunung-gunung Israèl, lan ngomonga, ’Hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Yéhuwah. 2 Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Mungsuhmu kandha soal kowé, ’Horé! Panggonan-panggonan dhuwur sing wis ana kèt mbiyèn wis dadi duwèké awaké dhéwé.’”’+

3 ”Mula sampèkna ramalan, lan ngomonga, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Wong-wong kuwi wis nggawé kowé ditelantarké lan nyerang kowé saka ngendi-endi, nganti akhiré kowé direbut karo bangsa-bangsa sing isih ana ing sekitarmu, lan wong-wong padha terus ngrasani lan mitnah kowé.+ 4 Mula hé gunung-gunung Israèl, rungokna omongané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah marang gunung, bukit, kali, lembah, panggonan sing telantar lan hancur,+ lan kutha-kutha sing telantar sing wis dijarah lan direndhahké bangsa-bangsa sing ana ing ana sekitaré.+ 5 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha marang kuwi kabèh, ’Nesu-Ku bakal kaya geni sing ngobong.+ Pas nesu, Aku bakal ngutuk bangsa-bangsa kuwi lan kabèh wilayah Édom, yaiku wong-wong sing padha seneng-seneng lan ngécé+ wektu ngrampas tanah-Ku bèn isa nguwasani lan njarah padhang rumputé.’”’+

6 ”Mula sampèkna ramalan soal Israèl, lan ngomonga marang gunung, bukit, kali, lan lembah, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa wis ngrendhahké kowé. Kuwi sebabé karo nesu banget, Aku bakal ngandhani apa sing bakal dialami bangsa-bangsa kuwi.”’+

7 ”Mula iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku sumpah* nèk bangsa-bangsa ing sekitarmu ya bakal kisinan.+ 8 Ning kowé, hé gunung-gunung Israèl, kowé bakal nduwé wit-wit sing ngetokké cabang lan buah kanggo umat-Ku Israèl,+ merga sedhéla manèh umat-Ku bakal bali. 9 Aku ndhukung kowé, lan Aku bakal nggatèkké kowé. Kowé bakal digarap lan disebari benih. 10 Aku bakal nggawé rakyatmu, yaiku kabèh wong Israèl, dadi saya akèh. Kutha-kuthané bakal dienggoni,+ lan reruntuhané bakal dibangun manèh.+ 11 Aku bakal nggawé rakyat lan ternakmu dadi saya akèh.+ Jumlahé bakal dadi saya akèh lan terus nambah. Kowé bakal dienggoni manèh kaya mbiyèn+ lan dadi luwih makmur timbang mbiyèn.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.+ 12 Kowé bakal dienggoni wong-wong manèh, yaiku umat-Ku Israèl, lan kowé bakal dadi duwèké.+ Kowé bakal dadi tanah warisané, lan kowé ora bakal nggawé anak-anaké padha mati manèh.’”+

13 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Wong-wong kandha marang kowé, ”Kowé kuwi tanah sing mangan manungsa lan sing nggawé bangsamu kélangan anak.”’ 14 ’Kuwi sebabé kowé ora bakal mangan manungsa utawa nggawé bangsamu kélangan anak manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 15 ’Bangsa-bangsa ora bakal ngrèmèhké kowé manèh, lan wong-wong ora bakal ngécé kowé manèh.+ Kowé ora bakal nggawé bangsamu kena bencana manèh,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

16 Terus Yéhuwah kandha manèh marang aku, 17 ”Hé anaké manungsa, pas wong Israèl manggon ing tanahé, wong-wong kuwi nggawé tanah kuwi dadi najis merga kelakuan lan tumindaké.+ Kanggo-Ku, tumindaké wong-wong kuwi najis kaya wong wédok sing lagi mènstruasi.+ 18 Kuwi nggawé Aku nesu banget. Mula, Aku bakal mbales wong-wong kuwi merga wis padha matèni+ lan nggawé tanah kuwi dadi najis nganggo brahala-brahalané sing njijiki.*+ 19 Aku ya nggawé wong-wong kuwi kesebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mencar nganti negara liya.+ Aku ngadili wong-wong kuwi sesuai karo kelakuan lan tumindaké. 20 Ning, pas manggon ing antarané bangsa-bangsa kuwi, wong-wong padha nggawé jeneng-Ku dadi najis.+ Wong-wong kuwi kandha, ’Kuwi umaté Yéhuwah, ning padha kepeksa ninggalké tanahé.’ 21 Mula, Aku bakal nduduhké nèk Aku perduli karo jeneng-Ku sing suci, sing wis digawé najis wong Israèl ing antarané bangsa-bangsa sing ditekani wong-wong kuwi.”+

22 ”Kuwi sebabé ngomonga marang bangsa Israèl, ’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Hé wong Israèl, Aku nindakké kuwi dudu kanggo kowé, ning kanggo jeneng-Ku sing suci sing wis mbok gawé najis ing antarané bangsa-bangsa sing mbok tekani.”’+ 23 ’Jeneng-Ku wis mbok gawé najis ing antarané bangsa-bangsa.+ Ning, Aku mesthi bakal nggawé jeneng-Ku sing luhur dadi suci. Pas Aku nduduhké ing ngarepé bangsa-bangsa kuwi nèk Aku iki Gusti Allah sing suci,+ bangsa-bangsa bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. 24 ’Kowé bakal Tak gawa bali saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka kabèh negara, terus Tak gawa menyang negaramu.+ 25 Kowé bakal Tak ciprati banyu sing resik, lan kowé bakal dadi resik.+ Kowé bakal Tak gawé bèn ora najis manèh,+ lan brahalamu sing njijiki bakal Tak singkirké.+ 26 Kowé bakal Tak wènèhi ati sing anyar+ lan sifat-sifat sing anyar.+ Atimu sing atos kaya watu+ bakal Tak buwang, terus Tak ganti nganggo ati sing alus.* 27 Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngubah pikiranmu lan nggawé kowé manut peraturan-Ku.+ Kowé bakal manut lan nindakké keputusan hukum-Ku. 28 Terus, kowé bakal manggon ing tanah sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu. Kowé bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu.’+

29 ”’Aku bakal mbébaské kowé saka kabèh sing najis. Aku bakal nukulké biji-bijian lan nggawé kuwi dadi saya akèh. Aku ora bakal nggawé kowé kelaparan.+ 30 Aku bakal nggawé wit lan ladhang ngetokké hasil sing akèh banget bèn kowé ora digawé isin ing antarané bangsa-bangsa merga kelaparan.+ 31 Terus, kowé bakal kèlingan karo kelakuanmu sing jahat lan tumindakmu sing ora apik. Kowé bakal jijik karo awakmu dhéwé merga kesalahanmu lan kebiasaanmu sing njijiki.+ 32 Ning ngertia nèk Aku nindakké iki ora kanggo kowé,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. ’Hé wong Israèl, kuduné kowé isin lan ngrasa direndhahké merga tumindakmu.’

33 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas Aku nggawé kowé bébas saka kesalahanmu, Aku bakal nggawé kutha-kutha dienggoni manèh+ lan reruntuhan dibangun manèh.+ 34 Mauné wong-wong sing liwat kono padha ndelok nèk tanah kuwi telantar, ning tanah kuwi bakal ditanduri. 35 Wong-wong bakal kandha, ”Tanah sing telantar kuwi saiki dadi kaya Taman Èden.+ Kutha-kutha sing mauné remuk, telantar, lan hancur kuwi saiki ana bèntèngé lan dienggoni.”+ 36 Bangsa-bangsa sing isih ana ing sekitarmu bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, wis mbangun manèh kutha-kutha sing wis hancur. Tanah sing telantar ya Tak tanduri wit manèh. Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi lan wis nindakké kuwi.’+

37 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Pas wong Israèl njaluk bèn jumlah penduduké dadi saya akèh kaya domba-domba, Aku bakal ngrungokké lan nuruti karepé wong-wong kuwi. 38 Kutha-kutha sing mauné dadi reruntuhan bakal kebak wong,+ kaya kumpulan wong-wong suci lan kaya domba-domba* ing Yérusalèm pas perayaan.+ Wong Israèl bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim