PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Kowé Bakal Urip Manèh”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • ”Balung-balungku Wis Garing” lan ”Aku Wis Ora Nduwé Harapan Manèh”

      6. Yéhuwah ngomong apa bèn Yèhèzkièl isa ngerti artiné wahyu kuwi?

      6 Terus, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl artiné wahyu kuwi. Yéhuwah ngomong, ”Balung-balung iki maksudé kabèh wong Israèl.” Wektu ngerti nèk Yérusalèm wis dihancurké, wong-wong sing ditawan ing Babilon sedhih banget nganti rasané kaya mèh mati. Wong-wong kuwi ngomong, ”Balung-balungku wis garing. Aku wis ora nduwé harapan manèh. Aku bener-bener wis dihancurké.” (Yèh. 37:11; Yér. 34:20) Tapi, liwat wahyu sing didelok Yèhèzkièl, Yéhuwah sakjané arep ngandhani nèk wong Israèl isih nduwé harapan.

  • ”Kowé Bakal Urip Manèh”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 8. (a) Apa maksudé keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya balung-balung sing garing banget? (b) Menurut Yèhèzkièl 37:9, ngapa kok keadaané wong Israèl kaya wong mati? (Deloken cathetan ngisor 1.)

      8 Piyé wong Israèl ndelok dhéwé nèk ramalan ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl kelakon? Taun 740 SM, kerajaan Israèl sepuluh suku dihancurké lan penduduké ditawan. Wektu kuwi, hubungané wong Israèl karo Yéhuwah wis mèh rusak. Kira-kira 130 taun bar kuwi, wong Yéhuda ya ditawan. Dadi, ”kabèh wong Israèl” ditawan. (Yèh. 37:11) Kuwi berarti hubungané kabèh wong sing ditawan kuwi karo Yéhuwah wis bener-bener rusak. Kuwi digambarké kaya balung-balung ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl.a Balung-balung sing didelok Yèhèzkièl kuwi ”garing banget”. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak nganti suwé banget. Kuwi pancèn bener. Wong Yéhuda lan wong Israèl wis adoh saka Yéhuwah nganti luwih saka 200 taun.b—Yér. 50:33.

  • ”Kowé Bakal Urip Manèh”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • a Sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu balung-balungé wong sing mati merga lara utawa wis tuwa, tapi kuwi balung-balungé ”wong-wong sing dipatèni”. (Yèh. 37:9) Keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya wong sing dipatèni merga kerajaan Israèl sepuluh suku lan kerajaan Yéhuda loro suku dikalahké, terus penduduké ditawan ing Asiria lan Babilon. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim